Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa SMA Kelas XII-TERLENGKAP

Wulangan 1
Pawiyatan

A. Ngrungoke
     Sesorah
Sesorah utawa tanggap wacana iki mujudake salah sawijining kegiayatan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang ditujokake marang wong akeh. Tujuane sesorah ing antarane:
1. kanggo menehi pangerten utawa informasi marang wong liya/wong kang ngrungokake.
2. aweh panglipur.
3. suka pangrimuk (mbujuk) supaya melu apa kang diandharake pamicara.

Rungokna kancamu arep maca! Rungokna kanthi premati! Sawise kowe ngrunokake pamacane teks sesorah ing ndhuwur, kanggo ngukur sepira tajeming pangrungonmu lan pamahammanmu, catheten tembung-tembung kang kowe ora ngerti tembung padinane, banjur golekana tembung padinane!

Nuwun,
Bapak kepala sekolah ingkang kinabekten, bapak sah aibu guru ingkang pantes sinudarsana, bapak tuwin ibu karyawan ingkang kinurmatan. Para kadang wredha mudha siswa SMA Sukolilo ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin mangga sesarengan ngonjukaken puja puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Inggih awit sih nugrahanipun panjenengan lan kula saged anjenengi sarta angestreni pepanggihan ing dinten menika.

Salajengipun, kula minangka pangarsan ing ketua OSIS SMA Sukaolila, ngaturaken gunging panuwun dhumateng bapak kepala sekolah sarta bapak ibu  guru ingkang sampun paring sesuluh lan pitedah satemah tatacara lomba seni punika seged kaleksanan. Mugi mugi pagelaran ingkang kabuki sesarengan punika mangke sageda lumampah jumbuh kaliyan rantaman sekawit.

Bapak kepala sekolah, bapak ibu guru ingkang dahat kinurmatan saha para kanca ingkang kula tresnani. Sampun dangu OSIS SMA Sukolila nggadhahi rantaman saperlu kangge ngawontenaken kagiyatan kados punika. 

Wondene tujuanipun inggih punika kangge mekaraken bakatipun para siswa. Para siswa ingkang nggadhahi bakat seni lukis saged daftar tumut lomba lan ngembangaken karemenanipun ingkan tumuju dhumateng kasaenan hoby lan bakatipun, mekaten ugi ingkang remen dhumateng macapat, geguritan, karawitan ugi sandiwara. Salebeting pagelaran loba punika badhe dipunwontenaken pilihan bibit-bibit seniman ingkang nggadhahi bobot.

Nglenggana taksih ngrumaosi cubluk cupeting nalar kirang ing samukawis kula lan kadang pengurus OSIS tansah nyuwun panyengkuyung, pitedah saha parayoga saking bapak ibu guru amrih rancaging tatacara menika.

Ing wasana, cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Mbok manawi wonten klintuning patrap saha solah bawa ingkang kirang mranani kula nyuwun lubering sih pangaksami. Dhumateng sadaya jago ingkang badhe tumut lomba kula ngaturaken sugeng ngayahi tetandhingan.
Nuwun.
Kapethik saking Arum Kuncaraning Basa Jawi, kaca 5-6

Gladhen 1
Tembung krama ing ngisor iki Golekana tembung padinane!

1. kinabekten
2. saha
3. Sinudarsana
4. Tuwin
5. Kinurmatan
6. Wredha
7. Kadang
8. dhumateng
9. ngarsanipun
10. Pangarsan
11. ngaturaken
12. Sesuluh
13. Pitedah
14. Satemah
15. Rantaman
16. Dahat
17. ngawontenaken
18. Nggadhahi
19. Karemenanipun
20. Nglenggana
21. Taksih
22. Ngrumaosi
23. Cubluk
24. Cupeting
25. Nalar
26. Panyengkuyung
27. Solah bawa
28. Pangaksami
29. Ngayahi
30. Tansah


B. Micara
Nulis teks Sesorah utawa tanggap wacana

Sadurunge nulis teks seorah, prayogane mangerteni rantaman sesorah luwih dhisik. Rantaman sesorah yaiku:
1. salam pambuka (miturut kapitayan lan swasanane)
2. purwaka, yaiku puji sukur marang Gusti lan atur panuwun marang para tamu sarta sing mbiyantu lumakune tatacara.
3. surasa basa utawa wosing rembung, yaiku underaning bab kang bakal diwedharake
4. wasana basa (panutup), yaiku atur panuwun lan pangapura.
5. salam panutup

Gatekna tuladha sesorah ing ngisor iki!

Nuwun,
Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang kinurmatan saha para kadang wredha mudha ingkang kula tersnani. Langkung rumiyin mangga sesarengan ngonjukaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ikngkang Maha Agung. Inggih awit sih mugrahanipun panjenengan lan kula taksih pinaringa  kasarasan saha kawilujengan satemah saged anjenengi satra angesyreni pepanggihan ing tiwanci punika.

Salajengipun, mbokmenawi panjenengan sedaya sampun mangertos karana punapa kula ngajak panjenengan sedaya makempal ing papan punika, krenteging sedya boten sanes inggih punika nglempakaken redana sumbangan kangge mbiyantu para sedherek panjenengan lan kula ingkang nembe katempuh lindhu ing wewengkon Klaten iring kidul.

Bapak-bapak, ibu-ibu lan para sedherek sedaya, cobi punika saged kagambarakaen kados punapa sedhihing penggalih sedherek-sedherek ingkang ketaman bencana punika. Griyanipun risak, bandhadonya lan raja kaya ical dereng malih asil tetanenipun sami ludhes telas. Ingkang damel prihatosing manah, kathah ingkang sami kecalan putra putranipun. Wekdal menika para sedherek ingkang nedheng ketaman bencana kasebat sanget angrantu pasumbang.

Awit saking punika mangga kanthi tuwuhing raos kamanungsan, mboten ketang sekedhik kasisihaken bandha utawi satunggaling barang ingkang taksih pantes dipunkentunaken dhumateng dhaerah ingkang nedheng katempuh bencana, punapa punika awujud arta, uwos utawi busana pangangkah kangge ngentheng-ngenthengaken panandhangipun para sedherek ingkang nembe pacoben punika.

Para bapak lan ibu sedherek sedaya, mbomenawi cekap semanten ingkang saged kula aturaken, ingkang asipat pawarta saha pangajak dhateng para warga bebrayan ing mriki. Sepisan malih kula ngajab pisumbang panjenengan sedaya enggal kakentunaken dhumateng dhaerah ingkang katempuh ing bencana.
Wasana, menawi wonten kekirangan tuwin kaladuking panampi kula nyuwun agunging pangaksami.

Gladhen
Adhedhasar pangreten lan tuladha ing dhuwur, mesthi kowe ngerti paugerane gawe pidato. Ing papan panggonanmu mesthi an apiyayi kanga sale saka sajabane dhaerahmu, coba kowe nyuwuna tulung dheweke supaya nindakake pidato nganggo basa dialeke, nganggoa paugeran kang wis dijlentrehake mau. Umpamane kowe manggon ing tlatah dialek Surakarta tanggamu kuwi mau asale saka tegal, mula dheweke aturana pidato nggunakake basa Tegal! Utawa kosok baline! Banjur asiling pidato kang kokrungokake mau tulisen in ngisor iki!

Pidato nganggo basa Jawa dialek ……………………………………………………………….............
................................................................................................................................................
................................................................................................................................................
................................................................................................................................................

C. Maca
1. Paragraf Deduktif
Paragraph deduktif mujudake paragraph kang ukara bakune manggon ing wiwitane paragraph. Ukara baku utawa pkok masalah dinyatakake ana ing ukara wiwitan. Banjur diganepi kanthi andharan kang nyawiji tumrap ukara baku kasebut.

Tuladha Paragraf Deduktif
Pagelaran sekaten minganka pestane rakyat. Pagelaran iki mung diadani ana ing Yogyakarta lan Surakarta kanthi diwiti tabuhe gamelan nganti tekan gonge, kang diarak saka Kraton tumuju mesji Agung. Tradhisi sekaten iki akeh diantu-antu dening masyarakat. Saengga saben taun masyarakat kang teka ing pagelaran sekaten iki jejel riyel.

2. Paragraf Induktif
Paragraph induktif yaiku paragraph kang ukara bakune manggon an aing pungkasaning paragraph. Wiwitane diandharake bab kanyatan-kanyatan (fakta) utawa andharan liyane. Sabanjure saka kanyatan-kanyatan iku npenulis nyawijekake ana ing sawijining ukara.

Tuladha Paragraf Induktif
Para sutresna tosan aji, keris, nduweni istilah menawa pawongan kang nggawe ukiran iku karan tukang ukir. Jeneng iki cetha kurang klop (pas), amarga akeh pawongan kang panggaweane gawe ukiran iku ora saderma tukang, ananging bisa kagolong seniman. Malah ana sawenehing pawongan sing satemene bisa kagolong empu ing babagan gawe ukiran. 

Contone, kayata almarhum Bapak Imandiharjo saka Surakarta (seda 1980-an). Senajan peparaban mranggi iku akeh digunakake minangka ahli gawe warangka, dakkira pawongan kang wis ahli gawe ukiran luwih utama karan mranggi ukiran.

Gladhen 1
1. gawea paragraph deduktif lan induktif! Temtokno ukara kang dadi gagasan baku (pokok) paragraph kasebut!
Paragraf Ukara Baku
Deduktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..

Induktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..

2. Gawea paragraph deduktif lan induktif! Temtokna ukara penjelase paragraph kasebut!
Paragraf Ukara Baku
Deduktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..

Induktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..

3. Njlentrehake bedane paragraph deduktif lan induktif!
Paragraf Ukara Baku
Deduktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..

Induktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..


3. Teks Rumpang
Teks rumpang yaiku wacan utawa teks kang during rampung ditulis. Kanthi tembung liya, isi lan pesen kan gkamot ing kono during manunggal (cetha). Sebab sawijining teks iku duweni panunggalan teges utawa arti.

Gladhen 2
Pepakana panulisane teks rumpang ing ngisor iki!
Teks 1
Trinil, Pendhekar Kaum Wanita

Jeneng Kartini mono wis akeh kita prangguli. Nanging Kartini sing siji iki, sing katelah “pendhekar” kaum wanita Indonesia, nduweni kaluwihan dibandhingake karo Kartini-Kartini liyane. Lha geneya saben pendhak tanggal 21 April, kabeh bangsa Indpnesia padha mengeti Hari Kartini. Ing kalodhangan iki ora ana alane, sawetara waktu ngungak satleraman perjuangan RA. Kartini. Kaya ngapa anggone mbudidaya njurung harkat lan martabat kaum wanita, ing wusana nganti saprene kanyatan kaum wanita bisa asung tuladha. Bebarengan kaum priya ora gelem keri, sengkut mbangun negara.
“Dadi kaum wanita kuwi sarwa repot. Yen mlaku alon-alon kaya keong. Yen mlaku cepet den arani jaran mbedhal.” …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..luwih-luwih sawise wanita ndungkap diwasa, tansaya luwih ati-ati solah bawa lan tindak-tanduke. Aja nganti nerak pranatan adapt tradhisi wanita Jawa sin wis njarem, mbalung sungsum.


Teks 2

Ketéla pohung

Ketéla pohung utawa Singkong, utawa jroning Basa Indonésia: ubi kayu, iku tetanduran taunan tropika lan subtropika saka kulawarga Euphorbiaceae. Uwiné dikenal minangka panganan pokok sing ngasilaké karbohidrat lan godhongé minangka janganan. Téla pohong ing tlatah Surabaya karan menyok, ing tlatah Banyumasan diarani bodin yaiku jenis tethan kang biasa ditandur ana ing tegalan ing mangsa rendheng.Tela kang ditandur ing tahun tropika lan subtropika asalé saka kaluwarga Euphorbiaceae.
Umbi, godhong lan batange nduwe mupangat akeh banget. Umbine bisa kanggo ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
Umbi téla kang ana ing lemah (siti) mertandhakake, tetanduran iki kagolong ing suku palakepedhem, nduweni oyod kang dadi pohung utawa umbi. Kanthi nduweni ciri-ciri wujudé rata-rata gilig lan lonjong. Ing pohong nduweni garis tengah kurang luweh 2-3 cm lan dowoné kira-kira 50-80cm.Dowo lan gdhené téla bisa dipengaruhi saka jenisé kang ditamdhur ana ing tegalan. Wernine tela ana loro putih lan kuning.

Teks 3
Basa Jawa
Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Anyar.
Basa Jawa ya dadi salah sijiné panyumbang sing gedhé dhéwé kanggo panuwuhané basa Indonesia.………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………


D. Nulis
Layang Pribadi

Laying minagka sara komunikasi tinulis antarane pawongan utawa lembaga marang wong utawa lembaga liyane. Miturut gunane, laying iku kaperang dadi laying dinas, laying niyaga, lan laying kulawarga. Kang bakal dirembug ing bab iki yaiku jinis laying kulawarga utawa pribadi.

Laying pribadi uga sinebut laying iber-iber, yaiku laying kang isine awujud kabar pribadi (bisa bab apa wae). Lumrahe, laying jinis iki asipat ora resmi ing babagan ragam basa apadene carane nglantarake. Dadi ing laying pribadi iki basa kang digunakake mardika, ora nggunakake basa kang baku. Malah kepara ing laying pribadi iki kerep diseseli kanthi guyonan.

Perangane laying pribadi yaiku:
1. titimangsa, yaiku peragane laying kang ngandharake papan, tanggal, sasi, lan taun nalika laying ditulis.
2. satata basa, yaiku alamat kang dituju
3. adangiyah, yaiku salam pambukaning laying
4. purwaka, yaiku ngandharake bab kabar keslametan
5. surasa basa, yaiku wosing laying utawa isi intine laying
6. wasana basa, yaiku panutuping laying.
7. paprenah, mujudake sesambungan antarane kang ngirim lan sing dikirimi.
8. teken, mratelakake tandha tangane kang ngirim.
9. asma terang, mratelakake jenenge sing ngirim.

Tuladha layang pribadhi

Bantul , 26 Juli 2010
Ingkang kinurmatan
Bapak saha Ibu
Wonten ing dalem

Assalamualaikum Wr… Wb..

Bapak saha Ibu wonten ing dalem, ngaturi kawuningan bilih ngantos ing dinten punika ingkang putra pun Setya wonten ing Bantul tansah pinaringan kanugrahaning Gusti ingkang Murbèng Dumadi. Pangajab kula inggih mekaten, mugi Bapak saha Ibu wonten ing dalem tansah jinangkung déning Gusti ingkang Maha Agung.

Bapak, saha Ibu, ngaturi priksa bilih minggu ngajeng ingkang putra badhé ndhèrèk Ujian Tengah Semester. Awit saking punika, amrih lancar saha gancar anggèn kula ndhèrèk ujian punika, kula nyuwun donga pangèstu ingkang linangkung. Awit kula pitados bilih boten wonten ingkang saget nandhingi donganipun tiyang sepuh.

Bapak saha Ibu, ndadosaken kawuningan bilih syarat kanggé ndhèrèk Ujian Tengah Semester punika kedah sampun mbayar SPP ngantos wulan September, lan ugi kedah nbayar pendaftaran ingkang agengipun Rp. 10.000,-. Kamangka kula ngantos samangké nembé mbayar SPP ngantos wulan Juli, punika ateges bilih kula kedah mbayar SPP kalih wulan, lan saben wulan agengipun Rp. 75.000,-.

Pramila menawi dipungunggung sedaya
- SPP kalih wulan : Rp. 150.000,-
-Pendaftaran : Rp. 10.000,-
Gunggung : Rp. 160.000,-

Sepisan malih Bapak Ibu, kula tansah ngrantos donga lan kintunan arta saking bapak kaliyan Ibu.
Kula kinten cekap semanten atur saking kula, awit kiranging trapsila anggèn kula matur, kula tansah nyadhong rumentahing sih samudra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr… Wb…
Ingkang putra

Setya Amrih Prasaja

Gladhen
Setitekna tuladhane layang ing dhuwur, banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Salam panutup : Salam panutup
2. Asma terang : Jeneng kang nulis layang
3. Titi mangsa          : Papan lan tanggal nulis layang
4. Adawiyah             : Salam
5. Surasa basa : Surasane layang
6. Wasana basa         :  Panutup
7. Purwaka basa : Pambuka
8. Satata basa           : Alamate layang kang dituju
9. Peprenahan          : Nerangake kang nulis layang

Evaluasi Wulangan
I. Wenehna tandha ping (x) ana aksara a, b, c, d, utawa e ing sangarape wangsulan kang bener!
1. dasanama layang, yaiku ….
a. kintaka
b. kantaka
c. pustaka
d. caraka
e. cecala
wangsulan:

2. ing ngisor iki kang ora kalebu peranganing layang, yaiku …..
a. tapak asma
b. titimangsa
c. adangiyah
d. paprenah
e. cecala
wangsulan: e

3. sedhahan utawa layang ulem padatan katulis nganggo basa ….
a. ngoko andhap
b. krama alus
c. kawi
d. karma madya
e. kedhaton
wangsulan:b

4. perangane layang kang ngadharake papan, tanggal, sasi lan taun, diarani ….
a. titimangsa
b. satata basa
c. adangiyah
d. purwaka
e. surasa basa
wangsulan: a

5. layang pribadi bias uga diarani ….
a. layang brayat
b. layang iber-iber
c. layang niyaga
d. layang parentah
e. layang lelayu
wangsulan: b

6. adat bersih desa ngemot piwulang luhur kanggone bebrayan agung. Ing ngisor perlune piwulang luhur saka bersih desa, kajaba ….
a. kanggo sarana njaga kerukunan warga
b. ngugemi tepa selira antarane warga
c. negluri budaya gotong royong
d. gawe sesaji kanggo nyembah leluhur
e. njaga tata tentrem kerta raharja antarane warga
wangsulan: d

7. paragraph kang pikiran pokok utawa intining paragraph katulis luwih dhisik, banjur ing pungkasaning paragraph katulis rincian-rincian kang luwih cetha, yaiku cirri-cirine …..
a. naratif
b. deduktif-induktif
c. deduktif
d. induktif
e. ineratif
wangsulan: c

8. budaya menika minangka woh pangulahing budi. Wondene pangulahing budi nggadhahi teges makarti lair lan batin sesarengan. Kanthi mekaten budaya saged kawastanan woh pangulahing budi ingkang jumbuh lair lan batosipun. Paragraph ing dhuwur kalebu paragraph ….
a. naratif
b. deduktif-induktif
c. deduktif
d. induktif
e. ineratif
wangsulan: d

9. maca teks wacan nganti bias mahami sakebehing isine wacan kanthi wektu sing singkat, diarani …..
a. maca pemahaman
b. maca lancer
c. maca batin
d. maca intensif
e. maca ekstensif
wangsulan: d

10. ing ngisor iki sesebutan kanggo juru sesorah, kajaba …..
a. pambiwara
b. pranatacara
c. biwara
d. pambyawara
e. panata adicara
wangsulan: c

11. basa lan sastra sing digunakake ing tanggap wacana prayogane, yaiku kudu ….
a. miturut tuntutaning sastra kang bener
b. trep, luwes, lan apik dirungokake
c. trep karo kahanan lan swasana
d. trep lan jumbuh karo paramasastrane
e. wangsulan a, b, c, lan d bener
wangsulan: e

12. Ing ngandhap punika ingkang sanès kalebet adangiyah serat pundi ?
a. Salam
b. Pandonga
c. Pakurmatan
d. Dluwang ingkang saé
e. Pamuji
wangsulan: d

13. Asung pakurmatan dhumateng sedaya para tamu, punika kalebet ing pérangan …?
a. Salam pambuka
b. Isi
c. Wasana
d. Purwaka
e. Uluk salam
wangsulan: a

14. Sesorah ingkang ancas utawi tujuanipun minangka nanggapi atur pambagyaharja punika dipunwastani…?
a. Wursitawara
b. Tanggap Wacana
c. Pambagyaharjo
d. Bawa
e. Pambiwara
wangsulan: b

15. Wigatosaken cengkorongan sesorah ngandhap punika …!!!
Pambuka
Purwaka
Wedharan ;
Ngaturaken sugeng rawuhipun para tamu.
Ngaturaken gunging panuwun awit rawuhipun para tamu.
Nyuwunaken pangaksama tumraping kawontenan, papan, lan pasugatan.
Hananggapi punapa ingkang dados aturipun pambagyaharja.
Panutup
Cengkorongan punika kalebet cengkorongan …..?
a. Atur Pambagyaharja
b. Wursitawara
c. Pariwara
d. Tanggap Wacana
e. Pambiwara
wangsulan: a

16. Surakarta, 15 Pebruari 2011. pratelan iku tuladhane perangane layang kang diarani ….
a. mbagekake
b. adangiyah
c. titimangsa
d. peprenahan
e. tapak asta
wangsulan: c

17. serat saking putra, nuwun ingkang putra, masmu sing koktresnani dhewe, iku tuladhane perangane layang kang diarani ….
a. satata basa
b. purwaka basa
c. surasa basa
d. wasana basa
e. peprenahan
wangsulan: e

18. pratelan ing ngisor iki tuladha perangane layang kang diarani adangiyah yaiku ….
a. sungkem kagem bapak saha ibu
b. pamuji rahayu
c. boyolali, 11 Januari 2011
d. saking putra
e. eyang kakung saha putrid ingkang kula bekteni
wangsulan: a

19. layang kang surasane kesripahan (bela sungkawa) yaiku ….
a. layang paturan
b. layang iber-iber
c. layang lelayu
d. layang kitir
e. layang ulem
wangsulan: c

20. layang kang surasane nduwe gawe yaiku ….
a. layang paturan
b. layang iber-iber
c. layang lelayu
d. layang kitir
e. layang ulem
wangsulan: e

II. wan gsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati!
1. apa kang dimaksud paragraph deduktif?
paragraph kang ukara bakune manggon ing wiwitane paragraph. Ukara baku utawa pkok masalah dinyatakake ana ing ukara wiwitan. Banjur diganepi kanthi andharan kang nyawiji tumrap ukara baku kasebut.

2. Njlentrehna apa kang dimaksud paragraph induktif!
paragraph kang ukara bakune manggon an aing pungkasaning paragraph. Wiwitane diandharake bab kanyatan-kanyatan (fakta) utawa andharan liyane. Sabanjure saka kanyatan-kanyatan iku npenulis nyawijekake ana ing sawijining ukara.

3. gawea tuladhane layang ulem!
Kawicaksanan guru

4. kepriye perangan-perangane layang pribadi?
titimangsa, yaiku peragane laying kang ngandharake papan, tanggal, sasi, lan taun nalika laying ditulis.
satata basa, yaiku alamat kang dituju
adangiyah, yaiku salam pambukaning laying
purwaka, yaiku ngandharake bab kabar keslametan
surasa basa, yaiku wosing laying utawa isi intine laying
wasana basa, yaiku panutuping laying.
paprenah, mujudake sesambungan antarane kang ngirim lan sing dikirimi.
teken, mratelakake tandha tangane kang ngirim.
asma terang, mratelakake jenenge sing ngirim.

5. apa kang dimaksud adangiyah?
salam pambukaning laying



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa SMA Kelas XII-TERLENGKAP"

Back To Top