Soal, Kunci Semesteran Bahasa Jawa Kelas X SMA/Gasal

 ULANGAN SEMESTER GASAL

I.Pilihen salah siji wangsulan kang kok anggep paling bener kanthi menehi tandha ping (X) a, b, c, d, utawa e, ana ing lembar jawaban!

1. Wacan ing ngisor iki kanggo nomer 1 lan 2!
Kagem mengeti ambal warsanipun dhusun, kadang kaneman badhe ngawontenaken sawetawis acara. Dhumateng para warga ingkang sampun kadhapuk dados panitia, dipunaturi rawuhipun mangke dalu wonten ing aula dhusun. Awit kawigatosanipun kula ngaturaken panuwun.
Apa isine pratelan ukara ing dhuwur?
A. Mengeti ulang taun pemuda
B. Kadang kanoman dadi panitia         
C. Urunan kanggo paniti
D.  Rembugan dhusun
E.  Nglumpukake panitia ambal warsa

2. Pratelan ukara ing dhuwur katujokake marang sinten?
A. Kadang kanoman
B. Panitia ambal warsa          
C. Panitia lomba
D.  Kadang sutresna
E.  Masyarakat umum

3. Menawa OSIS bakal nganakake kegiyatan lomba mengeti dina Sumpah Pemuda iku migunakake wara-wara kang jinise....
A. Organisasi
B. Ora resmi
C. Resmi
D.  Pribadhi
E.  Umum

4. Sajroning anggone crita pengalaman iku kudu nggatekkake bab ing ngisor iki, kajaba....
A. Nemtokake sapa sing dicritani
B. Kudu lucu
C. Nemtokake basa kang digunakake
D.  Milih tembung kang gampang dimangerteni
E.  Nyawang kahanan kang trep

5. Sajroning cerita Timun Mas, sang buta diuncali buntelan sing cacahe papat, pungkasane buta kuwi mau banjur nemoni pati ana ing....
A. Segara banyu
B. Kebon timun
C. Alas pring
D.  Segara lendhut
E.  Segara kidul

6. Pepiling (amanat) kang bisa kajupuk saka cerita Timun Mas yaiku....
A. Menawa kepengin duwe anak kudu nandur timun
B. Yen nemoni pepalang banjur nglokro
C. Supaya dongane kabul kudu menyang alas
D.  Donga supaya dirungokake buta
E.  Yen duwe pangajab kudu sabar

7. Sawijining dhaerah ana crita, ing pungkasane ana bocah sing jenenge Baruklinthing ndudut saweneh biting sing ora bisa didudut dening wong akeh iku nyeritakake bab apa?
A. Kedadeyane Rawa Pening
B. Madege Kutha Ambarawa
C. Dumadine Waduk Kedhung Amba
D. Ki Ageng Pandanaran tindak menyang Semarang
E. Joko Tingkir lan widadari saka khayangan

8. Unen-unen kang isine martakake saweneh kegiyatan marang bebrayan agung diarani....
A. Parikan
B. Wara-wara
C. Geguritan
D.  Cerita pengalaman
E.  Pengumuman

9. Bacutna wangsalan ing ngisor iki kanthi trep!
Godhong mlinjo, adhem-adhem penake mangan....
A. Sate klinci
B. Hamburger
C. Steak
D.  Bakso
E.  Mie ayam

10. Gatekna!
Lunga menyang Kutha Sala, golek selop ra ketemu
Aku bisa Basa Jawa, merga sregep sing sinau
Parikan ing ndhuwur kalebu jinise parikan....
A. (2 wanda, 2 wanda) x 2
B. (2 wanda, 4 wanda) x 2
C. (4 wanda, 4 wanda) x 2
D.  (4 wanda, 8 wanda) x 2
E.  (8 wanda, 8 wanda) x 2

11. Sajroning sesrawungan iku tansah migunakake basa kang werna-werna. Dene anggone guneman gumantung saka umur, derajat, pangkat, lan liyane. Bab mangkono iku diarani....
A. Undha-undhi basa
B. Solah bawa
C. Bebasan
D.  Unggah-ungguh basa
E.  Tata krama

Wacan ing ngisor iki kanggo nomer 12-16!
Tembung kacithak miring ing ngisor iki gatekna. Banjur pilihen tembung endi sing panganggone paling bener!
Aku : Bu, Bapak sampun (I.mulih) dereng? 
Ibu : Durung, Le. Mau esuk bapak (II.mangkat) rada awan. Kok yahmene kowe wis (III.mulih)? Apa kowe ya wis (IV.ngerti) yen mengko arep sowan simbah?
Aku : Inggih, Bu. Bapak kalawingi sampun (V.kandha) bilih mangke sonten kita bidhal  sesarengan.

12. Tembung sing bener panganggone kanggo nomer I yaiku....
A. Mulih
B. Kondur
C. Tindak 
D.  Wangsul
E.  Kesah

13. Tembung sing bener panganggone kanggo nomer II yaiku....
A. Tindak
B. Mangkat
C. Wangsul 
D. Kondur
E. Kesah

14. Tembung sing bener panganggone kanggo nomer III yaiku....
A. Bali D.  kondur
B. Mulih E.  kesah
C. Wangsul 

15. Tembung sing bener panganggone kanggo nomer IVyaiku....
A. Ngerti
B. Ngertos
C. Pirsa 
D.  kesah
E.  mireng

16. Tembung sing bener panganggone kanggo nomer V yaiku....
A. Kandha
B. Ngendika
C. Sanjang 
D.  matur
E.  pirsa

17. Ibu mau ... marang aku, menawa kuncine omah ... bapak wae.
A. kandha, wenehke
B. matur, disukakke
C. ngendika, disukakke
D.  matur, diparingake
E.  ngendika, diaturake

18. Saben dinten kula ... saking ... dhateng sekolah tabuh 06.00 enjaig.
A. bidhal, griya
B. wangsul, griya
C. tindak, dalem
D.  mlampah, dalem
E.  tindak, griya

19. Yen sowan menyang ... pakdhe, mesthi aku ... dhuwit.
A. griyane, diparingi
B. daleme, diparingi
C. griyane, diaturi
D.  omahe, diparingi
E.  daleme, diaturi

Gatekna wacan ing ngisor iki!
Sapa sing wektu saiki ora tepang sing jenengane facebook. Situs jejaring sosial kang sepisanan alamate ana ing www.thefacebook.com digawe dening Mark Zuckerberg ana ing kampus Harvard, Cambridge, Amerika Serikat. Nom-noman sing isih umur telu likur taun iku mung iseng gawe jejaring sosial ana kampuse dhewe, nanging ora disengaja kanca-kancane nggawa situs iki metu saka kampus saengga dadi situs jejaring sosial kang gedhe lan iso ndadekake Mark Zuckerberg dadi milyader enom.
Situs jejaring sosial kang duweni jeneng facebook iki pancen lagi dadi rembug lan dadi caturan ana ing madyaning bebrayan. Kanthi kahanan kang kaya mangkono, wis perlu anane pangerten kang katujokake marang para rumaja babagan panggunaane teknologi supaya migunani tumprap manungsa. Kenangapa bocah enom kang dadi kawigaten, amarga sing cepet anggone nyerap teknologi iku lumrahe bocah kang isih enom. Wong tuwa kang luwih dewasa bisa manggonake pribadine dadi filter pinangka kontrol pangunaane piranti teknologi informasi sing saya dina saya maju iki 

20. Kenangapa bocah enom kang dadi kawigaten,..
Tegese kawigaten yaiku...
A. kapentingan
B. rembugan         
C. sing nganggo facebook
D.  perkara
E.  perhatian

21. Pitakonan ing ngisor iki sing ora jumbuh karo wacan ing dhuwur yaiku....
A. Apa jenenge media sosial sing dadi rembug ing madyaning bebrayan?
B. Kenangapa Mark Zuckerberg bisa dadi milyarder?
C. Sapa sing kudu tanggung jawab marang majuning teknologi?
D. Kepriye carane nggawe facebook?
E. Jalanan saka apa facebook bisa dadi situs jejaring sosial kang gedhe?

22. Isine paragraf loro wacan ing ndhuwur yaiku....
A. Kabeh wong tepang sing jenengane facebook.
B. Bab kang kudu digatekake awit majuning teknologi.
C. Wong tuwa kudu ngancani anake dolanan facebook.
D. Situs jejaring sosial twitter lagi dadi rembug ana ing madyaning bebrayan. 
E. Mark Zuckerberg dadi milyader enom.

23. Gatekna geguritan ing ngisor iki!

Lelabuhaning Mardika
(dening: Tri Prihatin)
Abad mangabad
Bangsa kula puniki
Kajajah dening negara liya
Awit lelabuhan para pahlawan
Kanthi greget tan nora gampil tinundhuk
kalawan Walanda
Panggesange pun tiniklaske
Lila methuk pepati
Dadya bangsa Indonesia sapuniki
Kang mardika tentrem kerta raharja
Indonesia sapunika wus mardika
Mardika saka jajahan negara liya?

Apa underan (tema) geguritan ing ndhuwur?
A. Pahlawan nemoni pepati
B. Sumpah Pemuda
C. Dina Kamardikan
D.  Pangangen-angening bangsa
E.  Indonesia kajajah negara liya

24. Tegese tembung lelabuhan sajroning geguritan ing dhuwur yaiku....
A. Mati
B. Urip
C. Semangat 
D.  perjuangan
E.  nyawa

25. Tegese tembung panggesang sajroning geguritan ing dhuwur yaiku....
A. Mati
B. Perjuangan
C. Semangat
D.  nyawa
E.  urip

26. Gatekna titikane geguritan ing ngisor iki!
i. cacahing gatra ora ditemtokake iv.  tetembungane pilihan
ii. cacahe gatra ana papat v.  nganggo basa kang endah
iii. migunakake purwakanthi

Sing ora kalebu titikane geguritan yaiku....
A. i
B. ii
C. iii
D.  iv
E.  v


B. Pitakon-piakon ing ngisor iki wangsulana kanthi premati!

1. Apa kang diarani wangsalan iku? Wenehana tuladhane 2 wae!

2. apa kang diarani parikan kuwi? Wenehana tuladhane 2 wae!

3. coba gaweya crita pengalaman pribadhi kanthi tema bebas nganggo basa krama sing bener lan pener!

4. Apa kang diarani crita rakyat ing ngisor iki! Sebutna tuladhane 2 wae!
a. legendha 
b. sage 
c. mitos

5. tembung-tembung ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
a. lala tuku sapu
b. bayu maca buku
c. diparingi sarung
d. rina mangan hamburger


Kunci Jawaban

1. E 16. B
2. B 17. E
3. C 18. A
4. B 19. B
5. D 20. E
6. E 21. D
7. A 22. B
8. B 23. D
9. D 24. D
10. E 25. E
11. D 26. B
12. B 27. B
13. A 28. A
14. B 29. A
15. A 30. E


Romawi 2
1. unen-unen kang ngemu teges bedhekan, kaya dene cangkriman utawa tebakan.  contone:
a. Jenang gula, kowe aja lali. (jenang gula : glali)
b. Ngembang garut, nggremeng ora karuan. (kembang garut : grameng) 
2. Kreativitas siswa
3. Kreativitas siswa
4. Legendha yaiku cria kang ngandharake dumadine papan utawa panggonan.
Tuladha : dumadine salatiga, Boyolali
Mithe yaiku crita kang ngandharake kapercayan kuna awujud roh lan kekuatan gaib.
Tuladha : Nyi roro kidul, nyi blorong
Sage : crita kang ngandharake kapercayan anane barang kang nduweni kekuatan gaib.
Tuladha : keris empu gandring, panah pasopati.
5. tembung-tembung ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal, Kunci Semesteran Bahasa Jawa Kelas X SMA/Gasal"

Back To Top