Soal, Kunci Semesteran Bahasa Jawa Kelas XII SMA/Gasal

            ULANGAN SEMESTER GASAL SMA/SMK/MA

Mata Pelajaran         :  Bahasa Jawa
Tingkat / Semester :  XII / Gasal

A. Pilihen salah siji wangsulan kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing antarane a, b, c, d utawa e marang wangsulan kang bener!

1. Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku ….
A. Kula boten sarujuk menawi tiyang dhahar punika kaliyan jumeneng lan ngendikan.
B. Pak, punapa kula pikantuk nderek panjenengan?
C. Le, tulung, coba golekana layang ulem nggone Pak Rejo.
D. Menawi saged kula nyuwun wekdale sekedhap kangge ngendikan kaliyan panjenengan.
E. Bu, nyuwun pangapunten menawi atur kula kalawau lepat.

2. Guneman ing ngisor iki satitekna kanthi premati!
Mukidi       :  Menapa kepareng, Kula badhe nyuwun priksa?
Bambang  :  Ya, kena bae arep takon apa?
Mukidi    :  Jenisipun ukara  menika miturut isinipun wonten gangsal. Kula namung ngertos tiga inggih menika ukara pawarta, ukara pitakon, ukara pakon. Lajeng ingkang kalih menapa nggih.
Bambang  :  O… ngono ta, sing loro yaiku ukara pamenggak kang isine menggak supaya ora nglakoni kang dikarepke dene ukara pangajap yaiku ukara kang isine ngarep-arep.
Mukidi     :  Nggih…sakniki Kula sampun mangertos, matur nuwun.

Paraga kang luwih enom yaiku ... .
A. Mukidi, katitik matur nganggo basa ngoko      
B. Mukidi, katitik matur nganggo basa krama
C. Mukidi, katitik matur nganggo madya
D. Bambang, katitik matur nganggo basa ngoko
E. Bambang, katitik matur nganggo basa ngoko

3. tibaning swara ing pungkasaning gatra sajroning tembang macapat diarani … .
A. guru wilangan
B. watak tembang
C. guru lagu
D. guru gatra
E. guru tembang

4. saben tembang macapat mesthi duweni watak kang digambarake, semana uga tembang kinanthi. Ing ngisor iki kang klebu watake tembang kinanthi yaiku ... .
A. rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan
B. rasa sedhih, katresnan, lan kawicaksanan
C. sumanak, katresnan, lan kawicaksanan
D. katresnan, lan kawicaksanan
E. rasa galak, katresnan, lan kawicaksanan

5. Tembang-tembang ing ngandhap menika satitekna!
1. Mijil 7. Dhandanggula
2. Maskumambang 8. Durma
3. Wirangrong 9. Sekar
4. Sinom 10. Megatruh
5. Asmarandana 11. Ilir-ilir
6. Gambuh

Ingkang mlebet tembang macapat manggen wonten angka ...
A. 1,2,4,5,6,7,8,10
B. 1,2,3,5,6,7,8,10
C. 1,2,4,5,6,7
D. 1,2,4,5,6,7,9,10
E. Sedaya tembang macapat

6. Sing dudu paugerane nggawe tembang ing ngisor iki, kajaba …..
A. guru wilangan
B. watak tembang
C. guru lagu
D. guru gatra
E. guru tembang

7. Ing ngisor iki carane nulis geguritan, kajaba ... .
A. Milih tema utama underane rembug, umpamane ;religius, katresnan lsp.
B. Ngetokake rasa pangrasa
C. Wiwit nulis saukara mbaka saukara
D. Ngentekake rasa pangrasa kang lagi dilakoni
E. Menehi tema kang jumbuh karo isi/temane geguritan

8. Ing ngisor iki kang migunakake guru lagu lan guru wilangan (6-i) yaiku ... .
A. Dedalane guna lawan sekti
B. Kudu andhap asor
C. Wani ngalah dhuwur wekasane
D. Tumungkula yen dipun dukani
E. Bapang den simpangi

9. Geguritan “Sawah“ dening : M. Yusup/XII TKR 4 ing ngisor iki satitekna!
Sawah wetan desa/pancen marai gela/pari bacut tandur/rendheng malah mungkur/
Saben dina tak pacul gen gembur/tambah rabuk supaya subur/banyu udan dadi panguripan/supaya nambahi kasuburan/
Oh sawahe Bapakku/ muga udan iki dadi rendhengan/dongaku dadi panjalukku/Marang Gusti pangeran//
Kang dadi isine geguritan ing dhuwur yaiku … .
A. Nyuwun pandonga marang Gusti muga-muga udan bisa deres.
B. Nyuwun pandonga marang Gusti muga-muga udan bisa deres lan diwenehi sawahe Bapak.
C. Nyuwun pandonga marang Gusti muga-muga udan bisa nyuburake sawah.
D. Gela amarga sawah wetan desa wis kebacut ditanduri pari nanging malah ora udan.
E. Gela banget amarga ngenteni mangsa rendheng ora teka-teka.

10. Geguritan “Korupsi“ dening : Khoirul Utomo/XII TKJ 1 ing ngisor iki satitekna!
Kowe Gayus Tambunan/biyen duwe jabatan/napa kowe kliru dalan/duwit Negara dadi sasaran/
Apa alesane kowe korupsi/nganti digolekki polisi/pawartamu mlebu ing tipi/nganti isin kluwargamu iki/
Sipatmu bener-bener kotor/nganti ora duwe jabatan ing kantor/
ambakna tumpakanmu montor/saiki ngalor-ngidul kowe kasebut koruptor//
Kang dadi isine geguritan ing dhuwur yaiku … .
A. Sawijining koruptor kang kawentar
B. Gayus Tambunan sing gaweyane korupsi
C. Gayus Tambunan kliru dalan dadi koruptor
D. Nyritakake koruptor gayus Tambunan
E. Koruptor Gayus Tambunan ora oleh ditiru

11. Tembung kang digunakake penyair kanggo nyritakake sawijining bab kanthi cara mbandingake karo barang utawa tembung liyane diarani … .
A. Diksi
B. Lelewaning basa
C. Purwakanthi
D. Geguritan
E. imajinasi

12. Mbaleni swara (vokal), mbaleni tembung, mbaleni kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara sajroning geguritan diarani … .
A. Diksi
B. Lelewaning basa
C. Purwakanthi
D. Geguritan
E. imajinasi

13. titikan geguritan ing ngisor iki satitekna!
1) cacahing gatra ora ajeg, nanging sethithike papat
2) cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
3) tibaning swara kudu runtut
4) kawiwitan saka irah-irahan
Kang dadi titikane geguritan modern manggon ana ing angka … .
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. Sedaya leres

14. Busana adat ang dipasang ana ing bagian sikil yaiku ... .
A. Iket
B. Canela
C. Epek timang
D. Sabuk
E. Keris

Gambar ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 15-17!


15. Busana adat kang diarani dhuwung manggon ana ing aksara ... .
A. F
B. E
C. D
D. C
E. B


16. Perangan busana Jawa kang diarani epek timang manggon ana ing aksara ... .
A. E
B. D
C. C
D. B
E. A

17. Perangan busana Jawa ing dhuwur kang asale saka tembung “mudheng” manggon ana ing aksara ... .
A. F
B. E
C. D
D. B
E. A

18. Busana Jawa iki diarani … .


A. Kulambi
B. Atelah
C. Beskap
D.  jas
E. koko








19. Busana Jawa kang duweni teges “bilih titah manungsa kedah ngrasuk agami lan tansah manembah dhumateng Gusti ingkang Maha Agung”, yaiku … .
A. Iket
B. Canela
C. Rasukan
D. Sabuk
E. Keris

20. Bathik ing ngisor diarani motif ... .


A. Sekar jagad
B. Parang
C. Sidomukti
D. kawung
E. ciptoning



21. Ing ngisor iki kang dadi andharan saka teks eksposisi yaiku … .
A. Sawijining teks kang nyritakake analisa proses nganggo cara narasi kanthi ancas aweh informasi lan njembarake pangertenane wong sing maca.

B.  Sawijining teks kang nyritakake gegambaran utawa deskripsi kanthi ancas aweh informasi lan njembarake pangertenane wong sing maca.

C. Sawijining teks kang nyritakake cerita novel Jawa kanthi ancas aweh informasi lan njembarake pangertenane wong sing maca.

D. Sawijining teks kang nyritakake tata cara mantu ing bebrayan Jawa kanthi ancas aweh informasi lan njembarake pangertenane wong sing maca.

E. Sawijining teks kang nyritakake analisa proses nganggo cara narasi kanthi ancas aweh biji kanggo kapentingan sekolah para siswa.

22. Gamelan Jawa wiwit ditepungake marang masyarakat Jawa nalika ing jaman kerajaan … .

A. Mataram
B. Singasari
C. Majapahit
D. Sriwijaya
E. Demak

23. Ing ngisor iki struktur teks eksposisi kanthi urut yaiku … .
A. Argumentasi – penegasan ulang –tesis
B. tesis - Argumentasi – penegasan ulang
C. Argumentasi – penegasan ulang –tesis – panutup
D. penegasan ulang  - Argumentasi –tesis
E. pambuka - Argumentasi – penegasan ulang –tesis

gambar ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan 24 lan 25!









24. Gambar B diarani … .
A. Slenthem
B. Rebab
C. Bonang barung
D. Bonang panerus
E. gambang

25. Gambar kenong manggon ana aksara … .
A. F
B. E
C. D
D. C
E. A


B.  Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi premati!
1. Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang kinanthi kuwi!

2. Geguritan “Tawuran Pelajar” dening Nur Fauzan/XII TBO ing ngisor iki satitekna banjur golekana amanate 5 wae!
Kebak bocah playon ing dalan/ijek seragam sekolahan/gawa senjata tajam kang dadi gaman/ngungkuli jaman perjuangan/
Sak mesthine sinau ing sekolahan/nyekel buku kanggo melu pelajaran/golek ilmu kanggo masa depan/nanging malah urusan karo kepolisian/
Jare solidaritas antar teman/wis wayahe leren tawuran/amarga kebak korban pelajar/stop!tawuran pelajar//

3. Keris utawa wangkingan yaiku sawijining perangan ing busana Jawa. Coba jlentrehna apa kang dadi maknane keris kuwi!

4. Sebutna piranthi gamelan kang cara ngunekake saliyane dithuthuk! 4 wae lan wenehana katrangane!

5. Tulisen tembung nganggo aksara Jawa kang njerone ana aksara swarane 4 wae lan wenehana katrangane!


Kunci Jawaban
PG.



Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk " Soal, Kunci Semesteran Bahasa Jawa Kelas XII SMA/Gasal"

Back To Top