Soal, Kunci Semesteran Bahasa Jawa Kelas XI SMA/Gasal

            ULANGAN SEMESTER GASAL

Mata Pelajaran         :  Bahasa Jawa
Tingkat / Semester :  XI / Gasal

A. Pilihen salah siji wangsulan kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing antarane a, b, c, d utawa e marang wangsulan kang bener!

1. Simaken tembang Pocung ing ngisor iki!
Pocung
Siswa iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
Surasaning tembang pocung ing ndhuwur ngandhut bab ing ngisor iki, kajaba …..
A. unggah- ungguh
B. moral
C. budi pekerti
D. Watake drengki
E. tumindak becik

2. tembang pocung “Agama” dening Zaharzah E/XI TKR 2 ing ngisor iki durung bener. Kang bener miturut guru lagu lan guru wilangan yaiku … .

3. Tembang Pocung “Bekti Ibu” dening Siti Munjayanah/XI TSM 2 ing ngisor iki satitekna!

Jangkepan Tembang Pocung kang trep yaiku … .
A. Mergane ibu ngopeni/mula siswa kudu bekti ro wong tuwa
B. Mergane ibu ngopeni/mula bocah kudu bekti karo wong tuwa
C. Mergane ibu ngrawat/mula siswa kudu bekti ro wong tuwa
D. Mergane ibu ngopeni/mula bocah kudu bekti bapak ibu
E. Mergane ibu ngopeni/mula siswa kudu manut marang wong tuwane

4. Tembang-tembang ing ngandhap menika satitekna!


5. “Lila lamun kelangan nora gegetun”.
Pethikan tembang pocung ing serat wedhatama ing dhuwur tegese … .
A. Lila yen kelangan lan getun
B. Lila yen kelangan lan getun baget
C. Getun yen kelangan lan ora lila
D. Lega yen kelangan lan ora getun
E. Lila yen kelangan lan ora getun

6. “Trilegawa nalangsa srahing Batara”.
Pethikan tembang pocung ing serat wedhatama ing dhuwur tegese … .
A. Legawa pasrah marang manungsa
B. Legawa pasrah marang Gusti
C. Legawa nelangsa marang Gusti
D. Trima pasrah marang Gusti
E. Trima mundur lan pasrah marang Gusti

7. Serat Wedhatama iku satunggaling serat kang kaserat dening ... .
A. KGPAA Mangkunegara I
B. KGPAA Mangkunegara II
C. KGPAA Mangkunegara III
D. KGPAA Mangkunegara IV
E. KGPAA Mangkunegara V

8. Maca novel iku migunani lan akeh paedahe. Ing ngisor iki dadi paedahe maca novel kang bener lan pener yaiku … .
A. Bisa minangka panglipur, kanggo nambah wawasan bab basa dan sastra, uga ndhudhah piwulang-piwulang luhur.

B. Bisa minangka panglipur, kanggo nambah wawasan bab Negara lan bangsa, uga ndhudhah piwulang-piwulang luhur.

C. Bisa minangka panglipur, kanggo nambah wawasan bab basa dan sastra, uga ndhudhah piwulang-piwulang kang ala.

D. Bisa minangka kasenengan, kanggo nambah biji ing sekolah, uga ndhudhah piwulang-piwulang becik.

E. Bisa minangka kasenengan, kanggo nambah wawasan pelajaran, uga ndhudhah piwulang-piwulang becik.

9. Urutane crita saka kedadeyan saiki mundhur ing kedadeyan kang wis kepungkur banjur mbaleni kedadeyan saiki maneh diarani alur ... .
A. Maju
B. Mundhur
C. Campuran
D. Mundhur-maju-mundhur
E. Novel Jawa

10. Ing ngisor iki kang klebu ciri-cirine novel Jawa yaiku ... .
A. Critane sakeplasan (dirungokake sepisan langsung tamat)
B. Isine padhet
C. Isine crita dawa sarta ngrembug pitutur, piweling lan panyaruwe
D. Basane pantes lan duweni crita ringkes
E. Mung duwe alur siji

11. Ing ngisor iki kang dadi titikane karangan novel, kajaba … .
A. Duweni alur kang kompleks
B. Tema sajroning alur ora siji
C. Paraga ing crita cacahe bisa akeh
D. Dumadi saka 40 ewu tembung
E. Ukarane nggunakake unggah-ungguh

12. Dudutan, pangarep-arep lan ngaturaken luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ... .
A. Salam pambuka
B. Purwaka
C. Surasa
D. panutup
E. Salam Panutup

13. Urutan sesorah/pidhato ing ngisor iki satitekna!
1) Pambuka
2) Salam pambuka
3) Salam panutup
4) Panutup
5) surasa
Urutan sesorah ing dhuwur durung trep. Kang dadi urutane perangan sesorah ing dhuwur yaiku … .
A. 2,1,5,4,3
B. 1,2,5,4,3
C. 2,1,5,3,4
D. 2,1,4,5,3
E. 1,2,3,4,5

14. Ing desaku bapak kulina kadhapuk dadi sesulih priyayi kang duwe gawe, pakaryan iku atur pambagyaharja. Nalika pasamuan ing kutha, bapak ngagem jas nasional lan ing desa ngagem kejawen jangkep jumbuh kalih panjalukane ingkang kagungan kersa. Perangan iki bab-bab wigati amrih prayogane wedharan kang diarani ... .
A. Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana
B. Ngreteni wektu sesorah kang diwenehake
C. Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara
D. Nyepakake bab-bab lan piranthi kang dibutuhake nalika tanggap wacana
E. Busana kang jumbuh karo swasana

Wacan sesorah ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 15 lan 16!


15. Prasetya Pamungkas nyuwun pangestu marang Kepala Sekolah lan bapak utawa ibu guru amarga ... .
A. Kareben bisa nglanjutake ing SMK kang favorit.
B. Kareben bisa nglanjutake ing pawiyatan ingkang inggil.
C. Kareben bisa nglanjutake ing pawiyatan ingkang inggil lan bisa kerja sampingan
D. Kareben bisa nglanjutake ing pawiyatan ingkang inggil utawa makarya jumbuh kaliyan katrampilan.
E. Kareben bisa dadi pengusaha sukses.

16. Pidhato iku ngaturaken panuwun marang Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu guru, alesane ... .
A. Amarga kang pidhato iku wis diweneni kesempatan kanggo maju pidhato.

B. Amarga kanthi kaiklasan saha katresnan anggone menehi piwulang kabeh bisa lulus oleh biji kang becik.

C. Amarga kanthi  kaiklasan saha katresnan anggone menehi piwulang kabeh bisa seneng anggone sinau.

D. Amarga wis diwenehi biji kang becik.

E. Amarga kanthi kaiklasan saha katresnan anggone menehi piwulang kabeh bisa lulus oleh pagaweyan kang becik.

17. Ing ngisor iki kang dadi andharan saka teks eksposisi yaiku … .
A. Sawijining teks kang nyritakake analisa proses nganggo cara narasi kanthi ancas aweh informasi lan njembarake pangertenane wong sing maca.

B.  Sawijining teks kang nyritakake gegambaran utawa deskripsi kanthi ancas aweh informasi lan njembarake pangertenane wong sing maca.

C. Sawijining teks kang nyritakake cerita novel Jawa kanthi ancas aweh informasi lan njembarake pangertenane wong sing maca.

D. Sawijining teks kang nyritakake tata cara mantu ing bebrayan Jawa kanthi ancas aweh informasi lan njembarake pangertenane wong sing maca.

E. Sawijining teks kang nyritakake analisa proses nganggo cara narasi kanthi ancas aweh biji kanggo kapentingan sekolah para siswa.

18. Pasemon mugi-mugi penganten saged resik saking sukerta saha manggih kesucen lair lan batos, diunsaranani kanthi tatacara ... .
A. Midodareni
B. Dodol dhawet
C. Kumbakarnan
D. Ngerik rambut
E. Siraman

19. Penganten kekalih nyuwun donga pangestu dhumateng rama ibunipun saha rama ibu marasepuh minangka piwucal bilih putra tansah ngabekti dhumateng tiyang sepuh kekalih.
Pratelan ing inggil menika katindakaken ing tatacara ... .
A. Sungkeman
B. Kacar-kucur
C. Bobot timbang
D. Dulangan
E. Wisudha

20. Tata cara mantu kang maknanipun supados calon temanten endahing warna kaya widadari saderenge upacara nikah diarani … .
A. Siraman
B. Midodareni
C. Ijab
D. Lamaran 
E. Pasang tarub

24. Akara rekan iku gunane kanggo nulis … .
A. aksara Jawa
B. Tembung Jawa
C. Wiwitane ukara
D. Pungkasane ukara
E. Tembung mancanegara

B.  Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi premati!
1. Tembang pocung”Sregep sinau” dening Rizky Hamdani/XI TKR 1 ing ngisor iki golekana amanate 5 wae!

Siswa iku kudune sregep sinau
Sregep nyang sekolah
Ora dolan pendhak bengi
Gen ra ngantuk pas wektu pelajaran

2. Sebut lan jlentrehna unsur intrinsik sajroning novel Jawa!

3. Tulisen tuladhane pambuka sesorah kang jangkep(salam pambuka, muqodimah, atur pakurmatan lan puji syukur) kanthi underan topik (tema) pahlawan utawa pendhidhikan! Migunakna ejaan basa Jawa kanthi bener lan pener!

4. Struktur karangan eksposisi iku kaperang dadi telung perangan. Sebutna lan wenehana katrangan isine!

5. Tulisen tembung nganggo aksara Jawa kang njerone ana aksara rekane 4 wae lan wenehana katrangane!



Kunci Jawaban

PG.

Uraian
1. Siswa iku kudune sregep sinau
Sregep nyang sekolah
Ora dolan pendhak bengi
Gen ra ngantuk pas wektu pelajaran
2. Unsur Intrinsik Novel
Tema, alur, watak paraga, latar, sudut pandang, amanat.
3. salam pambuka, muqodimah, atur pakurmatan lan puji syukur
4. tesis(Pambuka), isine panemu.
Argumentasi(surasa/isi) isine bukti, alesan, argumen.
Penegasan ulang(panutup) isine dudutan kang nguwatake argument adhedhasar bukti.
5. Pambuka : salam, atur pakurmatan, puji syukur

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk " Soal, Kunci Semesteran Bahasa Jawa Kelas XI SMA/Gasal"

Back To Top