geguritan ; marang srengenge , frase wengi

Marang Srengenge
Tembang mijil rame kapiyarsi
Ing wayah esuk kuwi
Nuntun lakumu kang sansaya gedhe
Pangajab ing donya luhuring budi
Saka pinggir cendhela kene
Dak sawang esemmu
Prasasat kembang kang wiwit megrok
Karubung pedhut suci
Ing wayah rina
Lakumu kairing crita
Crita endah
Kang nukulake rasa bungah
Nganggit sewu pangangkah
Nanging, Nalika surup teka
Cahyamu mbruwetake netra
Merga kabar angin anggandha
Nyebar tumindak nepsu sira

Boyolali, 5 Desember 2013



Frase Wengi
Apa merga swara ngorek
Lan ngengkrik
Wayah iki dasanamane wengi,
Kang biyen dadi wayah kang suci
Kanggo mbabar bab sucine ati
Beda karo wengi iki
Anane mung kacilakan suci*

Karanganyar, 7 Desember 2013

(*Irah-irahan kempalan cerpen Gunawan Tri Atmojo-Solo)




Dening : Bisri Nuryadi
Alumnus Univet Bantara Sukoharjo

Sinau Ing Bilik Literasi Solo 

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "geguritan ; marang srengenge , frase wengi "

Back To Top