Bidang Studi Keahlian : Semua Bidang Studi Keahlian
Mata Pelajaran :
Bahasa Jawa
Tingkat / Semester : X / Genap
Hari / Tanggal :
Waktu :
I.
PILIHAN GANDA
Wangsulana
pitakon-pitakon ngisor iki kanthi milih salah siji wangsulan kang wis sumadya !
Pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 1-2!
Kesenian
tradhisional wektu iki wis langka, embuh iku ing acara TV lan padinane.
Kesenian tradhisional sithik mbaka sithik kadheseg budaya pop. Kahanan kang
mrihatinake tumrap rasa handarbeni marang lestarine.
SD
Tempak 1 Candimulyo, Magelang, pimpinan Komsyatun, S.Pd., salah sijine
sekolah kang melu nguri-uri lan peduli tumrap kabudayan tradhisi Jawa. Carane
kanthi kagiyatan ekstrakurikuler kesenian. Ing SD Tempak 1 Candimulyo,
Magelang, ana pilihan ekstrakurikuler tumrap 170 siswane, yaiku olahraga lan
kesenian. Wondene kang melu ekstra kesenian ana 36 siswa. Ekstra kesenian
kang diadani ing sekolah kasebut, yaiku kesenian “Topeng Ireng Krido
Gumelar”. Jogedan lan tabuhane memper Kubra Siswa. Kesenian Topeng Ireng
kanthi obahing tarian kang dinamis katon wus mbalung sumsum tumrap para siswa
kang melu kelompok kesenian iki. Ubarampe tetabuhan kang digunakake, yaiku
kenong, kendhang, dram, uga simbal kairing lelagon kanthi syair nuansa
Islami.
(Kepethik saka: Djaka Lodang, No. 07/19 Juli 2008)
|
1.
Pawarta ing dhuwur iku ngenani ….
A.
Kesenian
|
D. social
|
B.
Olahraga
|
E. ekonomi
|
C.
Pendidikan
|
2.
Djaka Lodang kang dadi sumbering pawarta ing dhuwur iku
kalebu ….
A.
Ariwarti
|
D. televise
|
B.
Kalawarti
|
E. radhio
|
C.
Tabloid
|
3.
Bobot isi lan ragam basa kang digawe utawa ditulis kudu
dipahami dening masyarakat luas, amarga isine pawarta pancen katuju kanggo
bebrayan akeh, klebu ciri-ciri pawarta / informasi ... .
A.
Publitas
|
D. Menarik
|
B.
Aktual
|
E.
Alami
|
C.
Obyektif
|
4.
Pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kang bisa didadekake
pedhoman nalika gawe/nyemak pawarta, yaiku ….
D.
Prastawa iku ngenani bab apa?
|
D. Kena ngapa prastawa iku bisa kedaden?
|
E.
Apa wae sing ana gegayutane prastawa
iku?
|
E. Wangsulan a, b, c, d, leres
|
F.
Neng papan ngendi prastawa iku kedaden?
|
5.
Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake ater-ater anuswara
yaiku ...
A.
Pak Tarna arep macul mengko sore.
|
D. Intan sinau ing kamar mburi.
|
B.
Ngomong iku sejatine uga angel.
|
E. Pak Darajatun ngasta ing SMK Persada.
|
C.
Mangan soto enak banget rasane.
|
6.
Mbak Soimah lagi mlayu ngidul ngoyak taksi merga kondene keri. Tembung ngidul menawa dirimbag manut asale dadi ....
A.
n- + gidul
|
D. ngi- + kidul
|
B.
ngi- + dul
|
E. ng- + kidul
|
C.
ng- + idul
|
7.
Pacelathon ing ngisor iki satitekna!
Bu Marsi : ….
Fatin : “Kula bidhal saking griya tabuh
06.00, Bu.”
Pitakenan Bu Marsi kang leres
yaiku ….
A.
Dhik Fatin arep
mangkat jam pira?
|
D. Dhik Fatin badhe
tindak jam pinten?
|
B.
Bu Marsi kalawau tindak jam pinten?
|
E. Dhik Fatin mau mulih
jam pira?
|
C.
Dhik Fatin kalawau
kondur jam pinten?
|
8.
Urut-urutan kang bener nalika arep nindakake dhiskusi yaiku ....
a. Nemtokake prakara dhiskusi; nemtokake ancase dhiskusi;
nemtokake para panyarta dhiskusi; nindakaken dhiskusi kanggo ngrampungake
sawijining masalah kang wis ditemtokake; ngrumusake dudutan; nggawe laporan
dhiskusi.
b. Nemtokake ancase dhiskusi; nemtokake prakara dhiskusi;
nemtokake para panyarta dhiskusi; nindakaken dhiskusi kanggo ngrampungake
sawijining masalah kang wis ditemtokake; ngrumusake dudutan; nggawe laporan
dhiskusi.
c. Nemtokake prakara dhiskusi; nemtokake ancase dhiskusi;
nemtokake para panyarta dhiskusi; nindakaken dhiskusi kanggo ngrampungake
sawijining masalah kang wis ditemtokake; ngrumusake dudutan; nggawe laporan
dhiskusi.
d. Nemtokake para panyarta dhiskusi; nemtokake prakara dhiskusi;
nemtokake ancase dhiskusi; nindakaken dhiskusi kanggo ngrampungake sawijining
masalah kang wis ditemtokake; ngrumusake dudutan; nggawe laporan dhiskusi.
e. Nindakaken dhiskusi kanggo ngrampungake sawijining masalah kang
wis ditemtokake; nemtokake prakara dhiskusi; nemtokake ancase dhiskusi;
nemtokake para panyarta dhiskusi; ngrumusake dudutan; nggawe laporan dhiskusi.
9.
Ukara ing ngisor iki satitekna!
i. Sidane
nganti parak esuk mripate ora bisa turu.
ii. Alon-alon tangane nyandhak koran sing ditinggal kancane rikala
bengine mertamu saengga marai dadi regejegan.
iii. Kang ana kabar kacilakan montor mabur mawa tulisan
gedhe-gedhe.
iv. Ora dirasa mripate Jatmiko ngetutake siji mbaka siji tulisan
kang kapacak ana koran kuwi, tekan jenenge para korban.
v. Koran weton wulan kang wis kepungkur.
Urut-urutane
ukara ing dhuwur supaya dadi paragaf sing becik yaiku ….
A.
i-ii-v-iii-iv
|
D. v-ii-iii-iv-i
|
B.
i-ii-iii-iv-v
|
E. v-iii-iv-ii-i
|
C.
ii-i-iii-iv-v
|
10.
Pethikan cerkak ing ngisor iki wacanen
kanthi pratitis!
Wengi
katon atis, ndilalah entuk jatah rondha kampung. Ana pos rondha sing dirembug
bab blanjane pegawe negri sing bakal mundhak maneh. Ana sing kandha kalamun
pegawe negri kuwi ngentek-enteki dhuwit negara. Nyambut gawe mung leca-lece,
sakpenake dhewe, nanging saben sasi ajeg nampa blanja. Aku nyoba nengahi,
menawa ora kabeh pegawe negri kaya mangkono, akeh sing iya tenanan anggone
nyambut gawe, dadi aja digebyah uyah. Kabeh padha sarujuk marang panemuku kuwi,
sanadyan batinku krasa lara, awit aku dhewe nyambut gawe sakepenakku, sanadyan
wong-wong kuwi ora ngerti.
Unsur intrinsik kang digambarake ana ing sajroning pethilan cerkak ing dhuwur yaiku ….
D.
Alur
|
D. basa
|
E.
Amanat
|
E. latar
|
F.
Watak
|
II.
Pitakonan-pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi pratitis!
1.
Sebutna napa mawon Medhia kang asring/lumrah diginakaken kangge nggiyarake pawarta!(gangsal mawon)
2.
Prathelan crita ing ngisor iki satitekna!
1.
Wektu iku aku isih kelas 2 SD, aku tau kecebur ing kali cilik sing ana ing
mburi omahku.
2. Ya, rasa wediku
iku kegawa nganti saiki.
3. Menawa ora ana kang weruh lan nulung aku, mbok menawa aku
wis ora ambegan meneh.
4. Aku ngeri yen mbayangke kedadeyan iku.
5. Sanadyan kali iku cilik, nanging banyune banter.
6. Kanggone kanca-kancaku kedadeyan iku nyenengake kepara
lucu. Nanging kanggoku nuwuhake rasa sing beda.
7. Wiwit cilik aku wis wedi karo banyu. Bab iku ana gandheng
cenenge karo pengalamanku.
|
Prathelan-prathelan
ing dhuwur supaya dadi crita kang sae kudu disusun kanthi bener. Coba urutna supaya dadi crita kang kepenak diwaca!
(tulisen angkane mawon)
3.
Ukara-ukara ing ngisor
iki wacanen kanthi tliti!
A.
Aku titip motor balapku sedhela ya, Le?
|
D. Jo, Sandhalmu disilih Mbak Agnes Monika sedhela.
|
B.
Mangan stik campur krupuk
enak rasane.
|
E. Reza Rahardian ndhudhuk lemah nganti sore.
|
C.
Sing gawe sambel lotes ora pedhes.
|
F. Ahmad Dhani, mobilmu dak silih dhisik ya!
|
Ukara-ukara ing dhuwur kang migunakake ater-ater
tripurusa, manggon ana aksara ….
4.
Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi tliti!
Dina
iku simbah ngendika menawa ana bocah telu sing lagi mulih sekolah ngepek
rambutan sing ana pekarangane simbah, nanging ora matur dhisik. Sing loro menek
ana dhuwur, dene sing siji ngumpulake ana ngisor. Pirsa ana bocah telu iku lagi
gayeng milihi pelem mau, simbah nyedhak alon-alon. Sing ana ngisor dijawil karo
dikandhani alon-alon, yen padha luwe ayo padha menyang omah wae, simbah wis
mateng anggone gawe sayur loncom karo nggoreng gereh. Bocah mau karo keweden
mlayu nggeblas tanpa pamit.
Watake
simbah ana ing pethikan crita kasebut yaiku….
5.
Piwelinge simbah dadi wong iku sanadyan wong ora duwe prayogane … .
6.
Jlentrehna apa kang diarani 5 W + 1 H ing sajrone pawarta!
7.
Pacelathon ing ngisor iki wangsulana!
Mbah
Nardi kuwi wis sepuh. Dadi akeh laline. Sanajan wis nate diwenehi ngertos yen
Rendra kuwi omahe cedhak Pak Lurah, nanging isih tetep nyuwun priksa wae.
Mbah Nardi : “Nak
Rendra, omahmu ki ngendi?”
Rendra :
….
Wangsulane
Rendra ingkang leres yaiku ….
8.
Pawarta kuwi nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki! Coba
jlentrehna apa tegese!
- Publitas
- Aktual
- Obyektif
9.
Sebutna unsur-unsur intrinsik sajrone cerkak
lan jletrehna tegese!
10.
Sawise kosebutake unsur-unsur intrinsik cerkak, coba cerkak kanthi irah-irahan “Sepisan lan pungkasan” ing ngisor iki
wacanen banjur golekana unsur-unsur intrinsike mau !
Sepisan lan Pungkasan
Dening:
Geraldine Manauh Banurea
Wektu
kuwi aku lagi muggah kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing
teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat
awak. Sikile cilik siji sing
tengen. Pokoke mesakake banget.
Ing
dina sepisan munggah kelas
kuwi, bu guru ndhawuhi bocah anyar mau ngenalke jenenge.
Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane. Bu Puji, wali
kelasku ndhawuhi murid-murid meneng.
“Je..jeneng…jenengku
Ad.. Adri,” jarene gagap. “A...aku sa…saka ess…SLB Harapan 1.”
Kanca-kanca
sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Adri ngomong
tetep diterusake. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.
Ing
sekolah, Adri ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang malah padha ngenyeki
awake Adri. Ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing ngenyek karo
niru-niru solah bawane Adri. Dene kanca-kanca sing wedok ora gelem
cedhak-cedhak karo Adri amarga pawakane Adri sing cacat mau. Wiwit prastawa
pas aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku
dadi kancane. Aku ya narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake
kanca. Aku ora ngerti nek Adri nganggep aku dudu kanca biyasa. Nganti ing
sawijining dina, pas aku lan kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul, Adri
teka banjur srawung marang aku lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan,
ya ditutake karo Adri. Pokoke ing endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutake. Wis
ngrasa ora kepenak, aku ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya
nyedhaki aku, aku sing lagi sensitif dadi nggetak Adri. Karo kaget, Adri mlayu
embuh menyang endi.
Udakara
patang wulan sabanjure kuwi, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Pikiranku
ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar
ngenani Adri.
Bali
sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe Adri kanggo mesthekake kabare Adri.
Aku lan kanca-kanca nyuwun alamat omahe Adri marang bu guru.
Aku
lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe Adri. Nganti tekan ing
perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedhung. Aku ndhodhog lawang omahe sing
gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibune Adri mbukakake
lawang. Ibune nduwe paras sing ayu, nanging mripate kethok bengkak kaya bubar
nangis. lbune Adri manggakake aku sakanca mlebu. Aku sakanca-kanca isih mlengo
ndelok omahe Adri sing megahe kaya gedhung.
Ibune
Adri wis ngerti tekane aku sakanca arep nakoni Adri. Karo ngomong mripate
mbrambang. lbune crita nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius. Wis
bola-bali Adri nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dhokter utawa
obat-obatan tradhisional kayata jamu. lbune Adri nalika crita mandheg sedhela,
mripate nerawang ing langit-langit omah.
“Lha Bu, samenika Adri wonten pundi?”
pitakonku marang ibune Adri, Bu Neli.
Bu
Neli malah nunduk, “Adri wis ora ana,” wangsulane
Bu Neli. Kanthi rasa ora percaya, aku Ian kanca-kanca liyane nangis ing kana.
Aku wis ora bisa ngomong apa-apa. Dadi Adri wis ninggal? Ngapa cepet banget?
Aku durung bisa njaluk ngapura marang Adri.
Bu
Neli takon, “Iki ndak Dhik Olin?” Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi
lipetan kertas saka kantonge. Aku ndhredheg.
“Sadurunge
lunga, Adri pesen karo ibu kareben surat iki diaturake Olin. Adri pengin matur
nuwun amarga Dhik Olin gelem dadi kancane Adri. Dhik Olin pancen kanca sepisan
lan pungkasane Adri.”
Aku
mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggrukan maneh ing
kana. Nyatane Adri isih nganggep aku kancane, malah sahabate.
“Dri,
aku njaluk ngapura ya….”
(Kapethik saka:
http://kateilmu.coml2011lcontoh-cerpen-bahasa-jawa-sepisan-lan-pungkasan.
Kunci
Jawaban kelas x
Mid
Semester genap 2014
SMK
KARYA NUGRAHA BOYOLALI
I.
1. A
|
6. E
|
2. B
|
7. A
|
3. A
|
8. C
|
4. E
|
9. A
|
5. D
|
10. E
|
II.
1.
TV, radhio,
internet, ariwarti, kalawarti,
2.
7 – 6 – 1 – 5 – 4 – 2 – 3
3.
D lan F
4.
Sabar
5.
Ora
tumindak colong jupuk
6.
a. What : kedadeyan/prastawa apa kang diwartakake
utawa dikabarake.
b. Who :
sapa sing ana gegayutane karo kedadeyan/ prastawa iku.
c. When :
kapan prastawa/kedadeyan ing warta iku.
d. Where: papan kedadeyan.
e. Why :
genea bisa kedadeyan/panyebab prastawa iku kedaden.
f. How : kepiye kedadeane.
7.
Griya
kula caket griyanipun Pak Lurah.
8.
a.
Bobot isi lan ragam basa kang digawe utawa ditulis kudu dipahami dening
masyarakat luas, amarga isine pawarta pancen katuju kanggo bebrayan akeh.
b. Pawarta tansah nyuguhake informasi
kang anyar, amarga pancen pawarta anyar mau kang digoleki.
c. fakta kang dijupuk saka maneka
sumber kanthi seimbang.
9.
Unsur
intrinsik
a. Tema yaiku idhe/gagasan baku kang dadi
underane prakara crita.
b. Paraga yaiku pelaku kang mbangun crita
utawa wong kang dicritakake. Paraga ing crita nduweni watak dhewe-dhewe kanggo
mbedakake siji lan liyane.
c. Watak yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur,
lemu, pesek, cendhek, lsp.) lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga
(galak, sumeh, grapyak, pinter, bodho, lsp.)
d. Latar utawa setting yaiku papan, wektu,
lan swasana kedadeyane crita.
e. Amanat yaiku piweling utawa piwulang luhur
kang kakandhut ing sajroning crita, kang arep diwenehake pangripta marang
pamaca.
f. Alur yaiku urut-urutane kedadeyan ing
crita. Bakune crita saka wiwitan nganti teka pungkasan (perkenalan, konflik,
penyelesaian).
10. Unsur
intrinsik cerkak “Sepisan lan pungkasan”
a. Tema : kekancan
b. Paraga : Olin, Adri, Bu Neli, Bu
Puji, Kanca-kanca ing sekolah
c. Watak :
Olin : seneng kekancan
Adri: kepengin dhuwe kanca,
melas
Bu Neli, Bu
Puji: sabar
d. Latar : ing sekolahan, ing latar
sekolah, ing omahe Adri. Wektu jam pelajaran lan wayah ngaso.
f. Alur : Maju
0 Komentar untuk "kumpulan soal-soal pelajaran bahasa Jawa sekolah"