Nulis geguritan jawa dapat honor

Geguritan pernah dimuat di solopos
dan mendapat honor 100.000
maaf , geguritan hanya untuk berbagi bukan untuk menyombongkan diri..
kirim geguritanmu ke redaksi@solopos.co.id


Lawang Gedhek
Lawang gedhek iki bisa nutup wengi
Nanging ora bisa nutup babad
Crita kang wus nglegendha
Ing antarane aku lan sliramu
Biyen nalika ragamu teka
Nyawang kahanan kang ora ngira
Katon parasmu ngandhut sewu ukara
lawang gedhek banjur kok tutup
Kairing tresnamu kang sansaya angslup
                                             

Janji
Diajeng,
kangmas njaluk pangapura
Ora kuwawa netepi janji
Janji kang biyen tansah kok ugemi
Janji kang nate mecaki lurung
Dhusun pinggir gunung         
Merga kangmas isih dadi joko kluntrung
Durung bisa dadi juragan kang misuwur

Seragam Keki
Beninge pedhut ing wayah subuh
Isih bening tresna kang dak rengkuh
Campuh nyawiji ing ati
Kaya-kayaa wus ketalen pati
Tan bisa diudhari
Nanging,
Tresnamu malah sansaya luntur
Kesaput angin wengi
Bebarengan karo gludhuke guntur
Nalika netraku mangerteni
Sliramu kepengin priyayi
Sing nduweni seragam keki


Geguritan
Bisri Nuryadi
Alumnus Univet Bantara Sukoharjo



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Nulis geguritan jawa dapat honor"

Back To Top