SOAL ING INGISOR IKI CAMPURAN.. SING PENTING DI SINAU WAE...
LAN .. DIGOLEKI WAE..
JADWALE BASA JAWA DHISIK DHEWE, DINA KEMIS...
LATIHA SOAL
ULANGAN MID SEMESTER
SMK KARYA NUGRAHA BOYOLALI
Bidang Studi Keahlian : Semua Bidang Studi Keahlian
Mata Pelajaran :
Bahasa Jawa
Tingkat / Semester : XI / Genap
Hari / Tanggal :
Waktu :
I.
PILIHAN GANDA
Wangsulana
pitakon-pitakon ngisor iki kanthi milih salah siji wangsulan kang wis sumadya !
Musyawarah ing ngisor
iki, kanggo mangsuli pitakonan nomer 1 lan 2!
Reboisasi
Sawijining dina ing
Kampung GenengKarang nganakake rapat RW
sing mbahas bab penghijauan utawa reboasasi.
Ketua RW : “Assalamu’alaikum
Warrahmatullahi Wabarakatuh”
Warga : “Wa’alaikum
salam”
Ketua RW : “Matur
nuwun kula aturaken dhumateng para bapak warga RW 4 ingkang sampun kersa
angrawuhi musyawarah rutin bulanan punika. Wonten ing wekdal punika, kula badhe
medharaken bab ingkang saged dipun wastani wigati. Jlentrehipun kados makaten.
Sapunika lak mangsa rendheng kamangka kahanan RW 4 punika ing pinggir radosan
taksih kosong dereng wonten tanemanipun. Kados pundi menawi dipun anakaken
penghijauan ?”
Pak Andi : “Wah,sajakipun
kok sae punika, kula inggih setuju kemawon. Sanesipun kados pundi ?”
Pak Narno : “Babagan ingkang sae kados makaten menawi
kula nggih monat-manut mawon”
Pak Jaka : “Monat-manut
nggih pareng, Pak. Ning niku lho, dananipun kados pundi ?”
Pak RW : “Lha….punika
ingkang kedah dipun rembug sesarengan. Mangga kula aturaken panjenengan ingkang
ngrembug. O …..inggih, Pak Narno rak bendhahara, ta. Kados pundit, Pak ?
kahanan kas RW ?”
Pak Narno :
“Mekaten Bapak-bapak, kas RW kita taksih
wetah, tegesipun dereng dipun angge kegiyatan ingkang mbetahake arta kathah.
Wingi halal bihalal rak sederma kempalan sarasan. Gunggunge arta wonten Rp. 500-an ewu. Sumangga
panjenengan kemawon”
Ketua RW : “Wah, kaleresan menawi makaten. Kados pundit
Bapak-bapak bab
penghijauan
punika ?”
Warga : “Sarujuuuuuukkkkk………………”
Miturut
katrangan ing dhuwur wacana kang ora mlebu musawarah ing dhuwur yaiku…..
1.
Ana ing musawarah iku, babagan kang ora dirembug yaiku ….
A. nganakake
kegiyatan reboisasi D. nemtokake
rincian bea
B. nemtokakae jenis
taneman E. nemtokake
pimpinan kegiayatan
C. nemtokake papan
lan wanci kegiyatan
2.
Manawa didadekake bagan, apa kang ora ana ing sakjroning
musawarah ing dhuwur iku ….
A. tema D. simpulan
B. paraga
musawarah E. Topik
C. hiburan ana ing
jero musyawaraH
3.
Tembang Macapat ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no. 3 lan 4!
Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang ora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Tembang Macapat iku duweni guru lan
guru wilangan….
A.
7u, 9u, 12i, 7u,8o D.
7u,
8o, 12u, 8u,8i
B.
7u, 8u, 12u, 8u,8i E.
7u,
9u, 12i, 8u, 8o
C.
7u, 8u, 12a, 8u,8o
4.
Kang dadi isine tembang ing dhuwur yaiku ....
A.
ajaran budi pekerti D.
ajaran
mandhiri
B.
ajaran jujur E.
ajaran
tata krama
C.
ajaran sopan lan santun
5.
Ing tembang macapat ana tembung Guru wilangan. Kang diarani guru wilangan yaiku ….
A.
cacahing bait saben tembang D. cacahing
tembang
B.
cacahing wanda saben sak larik E. cacahing huruf
saben sak gatra
C.
cacahing huruf
6.
Guru lagu ing tembang macapat uga bisa diarani ….
A. guru
swara D. dhong dhing
B. swaraning
tembang E. guru wilangan
C. swaraning
guru
Tembung gambuh ing
ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1 lan 2 !
Semengko ingsu
tutur
sembah catur supaya
lumuntur
dhihin raga, cipta,
jiwa, rasa, kaki
ing kono lamun
tinemu
tandha nugrahaning
Manon
|
7.
Tembung
“lumuntur” iku asale saka tembung lingga apa lan kang dadi tegese yaiku ... .
A.
tutur, omong D. luntur,
cilik
B.
lamun, omong E. luntur,
ilang
C.
tutur, becik
8.
Ingkang
dipunwastani “semengko insun tutur” wonten
tembang ing nginggil, inggih menika ... .
A.
pituturku dadi kasunyatan D.
pitutur prasaja
B.
pituturku mbesuke E.
pitutur kang lamis
C.
pituturku saiki
9.
Kang diarani Guru wilangan sajroning tembang macapat yaiku ….
A. cacahing bait
saben tembang D. cacahing
tembang
B. cacahing wanda
saben sak gatra E. cacahing
huruf saben sak gatra
C. cacahing huruf
10.
Ing ngisor iki kalebu paugeran sajroning tembang macapat yaiku…
A.
Guru basa, guru sastra, guru wilangan. D. Guru lagu, guru larik, guru basa.
B.
Guru wilangan, guru gatra, guru lagu. E. Guru gatra, guru wanda, guru lagu.
C.
Guru sastra, guru lagu, guru gatra.
11.
Tembang Sinom iku nggambarake kahanan
sing kepriye ...
A.
Nggambarake manungsa nalika isih cilik. D. Nggambarake wong mati
banjur di pocong.
B.
Nggambarake nom-noman. E. Nggambarake nalika
omah-omah.
C.
Nggambarake wong tuwa.
12.
Cacahing baris wonten ing tembang Macapat diarani…..
A.
guru gatra D.
Guru wilangan
B.
guru wyanjana E.
guru swara
C.
guru vocal
13.
Tegese
tembang gambuh ing
basa Indonesia ngisor iki satitekna!
Melaksanakan
petuah itu
Harus
kokoh budipekertinya
Teguh
serta sabar
Tawakal
lapang dada
Menerima
dan ikhlas apa adanya sikapnya dapat dipercaya
Mengerti
“sangkan paraning dumadi”
Tembang ing ngisor
iki kang dadi tegese ing basa Indonesia dhuwur yaiku ... .
A.
Pamoting ujar laku
Kudu santosa ing
budi teguh
Sarta sabar tawakal
legaweng ati
Trima lila ambeg
sadu
Weruh wekasing
dumados
|
D.
Sabarang tindak tanduk
tumindake lan
sakadaripun
den ngaksama
kasisipaning sesami
sumimpanga ing laku
dur
hardaning budi kang
ngrodon
|
B.
Semengko ingsu tutur
sembah catur supaya
lumuntur
dhihin raga, cipta,
jiwa, rasa, kaki
ing kono lamun
tinemu
tandha nugrahaning
Manon
|
E.
Sucine tanpa banyu
mung nyunyuda mring
hardaning kalbu
pambukane tata titi
ngati-ngati
atetep telaten atul
tuladhan marang
waspaos
|
C.
Sekar gambuh ping catur
kang pitutur polah
kang kalantur
tanpa tutur
katula-tula katali
kadaluwarsa kapatuh
katutuh pan dadi awon
|
14.
Bebasan
“ngobak-ngobak banyu
bening” nduweni teges ... .
A.
duweni panjangka nanging ora nduwe
niat
B.
namakake panggawe ala sarana
nggunakake tangane wong liya
C.
gawe rerusuh ing panggonan sing wus
tentrem
D.
darbe panjangka nanging ora duwe
sarana
E.
gawe kabecikan ing panggonan sing wus
tentrem
15.
Guru wilangan lan guru lagu ing tembang Mijil yaiku….
A.
10u,6e, 10e, 10i, 6a, 6e D.
10a,
6o, 10e, 10i, 6i, 6u
B.
10u,6a, 10e, 10i, 6a, 6e E.
10i,
6o, 10e, 10i, 6i, 6u
C.
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6a
16.
Padha gulangen ing kalbu
Ing samita amrih lantip
Aja pijer mangan néndra
Kaprawiran dèn kaèsthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling
Tembang ing dhuwur iku guru lagu lan
guru wilangane yaiku …
A.
8u, 8a, 8a, 8i, 8o, 8i D. 8i, 8i, 8o
,8a, 8a, 8i
B.
8u, 8i, 8i, 8a, 8o, 8a E. 8u, 8i, 8a,
8i, 8a, 8i
C.
8a, 8i, 8i, 8a, 8o, 8a
17.
Tembang Macapat kang nggambarakae marang omah-omahan lan golek sandhang pangan yaiku ….
A.
Kinanthi D.
Gambuh
B.
Sinom E.
Pocung
C.
Dhandhanggula
18.
Maskumambang nduweni
gegambaraning manungsa kang ... .
A.
Bayi kang wiwit lair ing donya.
B.
Yen wis rumaja duwe rasa tresna utawa aweh katresnan
marang wong liya
C.
Sing lagi nandhang tresna swasanane katon endah lan manis
D.
Tambah tuwa saya mundur mungkur ing kadonyan ngadhepi akherat mula gentur ngibadah
E.
Sedaya wangsulan kliru
19.
Ngandharake gagasan kanthi Lisan ing sangarepe wong akeh, ing
sawijining adicara tartamtu supaya wong akeh mangerteni isine kanthi ancas
(tujuan) ngajak, nakenake, menehi katrangan lan nyenengake wong liya, yaiku
diarani .....
A.
Sesorah D.
musyawarah
B.
Kuliah E.
pambyawara
C.
Pepindhan
20. Pethikan
crita ing ngisor
iki satitekna!
Balakan
Nalika semana keraton Majapahit lagi
ketaman rubeda. Sang Prabu antuk Sasmita menawa sing bisa ngluwari rubeda
sajroning nagaraya rnung KyaiAgeng Balak. Sang Prabu banjur utusan Tumenggung
Simbarja lan Simbarjaya nggoleki Kyai Ageng Balak. Ing wusana ketemu ana
sacedhake kali Ranjing sing mapan ing Desa Mertan kecamatan Bendosari.
Kacarita Majapahit bati tentrem sawise Kyai Ageng Balak nyenyuwun marang Gusti kang murbengdumadi.
Nanging Ki Ageng tetep dedunung ana ing kono nganti sasedane. Malah tekan
seprene papan mau katelah dukuh/desa Balakan.
|
Crita Balakan
mangkono mau kagolongake....
A.
legendha D. mite
B.
fable E. dongeng
C.
sage
21.
Wong
jaman biyen duwe
cara kang mandi kanggo nuturi anan putune, yaiku gawe pesen kang sinandhi ing
sajrone crita minangka tandha wong Jawa kang tansah nggatekake tlatah sakiwa
tengene. Tuladha yen awake dhewe arep nguyuh ora kena saparan-paran yaiku
jalaran ... .
A.
supaya panggonane resik kabeh D. jalaran ana panggonan kang
luwih trep
B.
supaya manungsa bisa ngurmati alam E. jalaran bisa cilaka
C.
supaya duwe tata krama
22.
Nalika
ibune ngruruhi anakke, Malin Kundang ora
nggagas. Ibune malah ditepang nganti ambruk. Ngenani kahanan kayo mangkono, ora
nyana ibune nyumpahi Malin Kundang. Pungkasane dhewekke dadi watu.
Pepiling kang bisa
kajupuk saka pethikan crita rakyat ing dhuwur yaiku ... .
A.
Gatekna pepinginane wong tuwa D. Aja nglarani atine
wong tuwa
B.
Suwarga iku ana ing tlapak sukune ibu E. Ngati-ati
yen wong tuwane duka
C.
Dadi anak kudu bekti marang wong tuwa
23.
Papan
padunungan kang diandharake sajroning crita Rawa Pening yaiku ... .
A.
Gunung Kendhalisada, Redi Telamaya, Sendhang ari wulana
B.
Gunung Kalisada, sendhang kalitan, Redi Telamaya
C.
Sendhang ari wulana, Gunung Kendhalisada, Redi Telamaya
D.
Redi Telamaya, sendhang kalitan, Gunung Kendhalisada
E.
sendhang kalitan, gunung kutawinangun, Redi Telamaya
24. Pethikan
crita ing ngisor iki
satitekna!
Balakan
Nalika semana keraton Majapahit lagi
ketaman rubeda. Sang Prabu antuk Sasmita menawa sing bisa ngluwari rubeda
sajroning nagaraya rnung KyaiAgeng Balak. Sang Prabu banjur utusan Tumenggung
Simbarja lan Simbarjaya nggoleki Kyai Ageng Balak. Ing wusana ketemu ana
sacedhake kali Ranjing sing mapan ing Desa Mertan kecamatan Bendosari.
Kacarita Majapahit bati tentrem sawise Kyai Ageng Balak nyenyuwun marang Gusti kang murbengdumadi.
Nanging Ki Ageng tetep dedunung ana ing kono nganti sasedane. Malah tekan
seprene papan mau katelah dukuh/desa Balakan.
|
Crita Balakan
mangkono mau kagolongake....
D.
legendha D. mite
E.
fable E. dongeng
F.
sage
25.
Wong
jaman biyen duwe
cara kang mandi kanggo nuturi anan putune, yaiku gawe pesen kang sinandhi ing
sajrone crita minangka tandha wong Jawa kang tansah nggatekake tlatah sakiwa
tengene. Tuladha yen awake dhewe arep nguyuh ora kena saparan-paran yaiku
jalaran ... .
D.
supaya panggonane resik kabeh D. jalaran ana panggonan kang
luwih trep
E.
supaya manungsa bisa ngurmati alam E. jalaran bisa cilaka
F.
supaya duwe tata krama
26.
Nalika
ibune ngruruhi anakke,
Malin Kundang ora nggagas. Ibune malah ditepang nganti ambruk. Ngenani kahanan
kayo mangkono, ora nyana ibune nyumpahi Malin Kundang. Pungkasane dhewekke dadi
watu.
Pepiling kang bisa
kajupuk saka pethikan crita rakyat ing dhuwur yaiku ... .
D.
Gatekna pepinginane wong tuwa D. Aja nglarani atine
wong tuwa
E.
Suwarga iku ana ing tlapak sukune ibu E. Ngati-ati
yen wong tuwane duka
F.
Dadi anak kudu bekti marang wong tuwa
27.
Papan
padunungan kang
diandharake sajroning crita Rawa Pening yaiku ... .
F.
Gunung Kendhalisada, Redi Telamaya, Sendhang ari wulana
G.
Gunung Kalisada, sendhang kalitan, Redi Telamaya
H.
Sendhang ari wulana, Gunung Kendhalisada, Redi Telamaya
I.
Redi Telamaya, sendhang kalitan, Gunung Kendhalisada
J.
sendhang kalitan, gunung kutawinangun, Redi Telamaya
28.
Pidhato kang ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune
cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh, lan pengalaman kagiyatan
micara bisa katindakake kanthi lancar diarani
pidhato ....
A.
cara impromptu D.
cara
naskah
B.
cara ekstemporan E. cara langsung
C.
cara apalan
29.
” Bapak Lurah Tanjungsari ingkang kula kurmati, para kadang
karang taruna kalurahan Tanjungsari
ingkang kula tresnani. Sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun
Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat dhumateng sedaya ingkang
sami ngrawuhi ing adicara ing siyang punika. Pedhotan pidhato ing dhuwur iku
kalebu bageyan, ....
A.
surasa basa D.
salam
pambuka
B.
wasana basa E.
purwaka
basa
C.
adangiyah
30.
Langkung rumiyin sumangga kita
sesarengan ngaturaken raos puji dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos,
ingkang sampun paring kasarasan saha
kawilujengan dhumateng kita sedaya . . . .
Ukara
ing dhuwur kalebu perangan sesorah bab . . .
A. Salam D.
Wasana basa
B. Purwaka basa E. Pangarep-arep
C. Surasa basa
31.
Pacelathon ing ngisor iki satitekna!
A: “Halo …”
B : “Halo, sugeng sonten, Pak!”
A : “Inggih, sugeng sonten “
B : “menapa punika Pak Karjo? “
A : “Inggih leres….”
Ganepan
kang bener saka tuladha pacelathon ing telpon ana ing dhuwur yaiku …
A.
Punapa kula saged kepanggih kaliyan Pak
Karjo.
B.
Benjing kapan?
C.
Punika sinten?
D.
Punapa leres punika dalemipun
Pak Karjo.
E.
Kula piyambak.
32.
Rembugan sawijining babagan utawa perkara kanggo nggoleki solusi
perkara iku.Tujuane kanggo nggolek tembung sepakat lan mupakat, kasebut ….
A.
Sesorah D.
dhiskusi
B.
tutur pambagya harja E.
sabdhapalon
C.
musawarah
33. Tomas kuwi sawijining siswa kelas 11 ing SMK Karanganyar.
Sawijining dina, ana pertandingan persahabatan futsal. Sing ngenekake yaiku SMK
Karya Nugraha Boyolali. Dadi, minggu ngarep bakal ana pertandingan ing antarane
SMK Karanganyar lan SMK Karya Nugraha Boyolali. Ing wektu-wektu sadurunge
pertandingan kuwi Tomas latian kanthi sregep lan dhisiplin. Kamangka sadurunge Tomas ora tau melu latian. Nanging wektu pertandingan ndilalah gawang
SMK Karanganyar bisa dijebol oleh SMK Karya Nugraha Boyolali. Dadi pertandingan
dimenangake SMK Karya Nugraha Boyolali kanthi skor 6-0. Sawise pertandingan
kuwi, Tomas wis ora tau melu latian kanca-kancane maneh.
Paribasan kang trep kanggo crita ing dhuwur yaiku ... .
A.
Obor blarak D.
Ana catur mungkur
B.
Obor oncor E.
Nguthik-nguthik macan
C.
Kebo kabotan sungu
34.
Pantun jawa uga bisa diarani ....
A. saloka D.
bebasan
B. paribasan E.
sanepan
C. parikan
Pethikan
rakyat ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 9 lan 10!
Salah
siji murid kinasihe Sunan Kalijaga yaiku Sunan Geseng. Minangka murid, Sunan
Geseng iku banget anggone patuh lan setya marang kabeh prentahe Sunan
Kalijaga. Sadurunge Ki Cakrajaya iku amung tukang nderes legen saka wit
siwalan utawa wong mbiyen ngarani nderes kawung. Nalika Sunan Kalijaga liwat
ing panggonan nderese Ki Cakrajaya. Sunan Kalijaga krungu tembange Ki
Cakrajaya kang unine digatekake Sunan Kalijaga mung dibolan-baleni
“Taklila-lila, taklila-lila”.
Bareng
ditakoni Kanjeng Sunan Kalijaga, “Kok
mung lila-lila wae ki jane iku tembang apa Ki Sanak?”
Ki
Cakrajaya mangsuli apa anane, “Alah wong saben dina niku urip kula nggih mung
kados ngeten niki, munggah-mudhun nderes legen. Supados urip kula sing susah
niki mboten kraos susah nggih taklila-lila
(takrilak-rilakake/taksabar-sabarke)”
Sunan
Kalijaga kang nalika nyawang praupane Ki Cakrajaya weruh ana cahya kang
nandhani dheweke iku calon waliullah takon maneh, “Upamane diganti ngono
kepiye Ki Sanak? Supaya luwih apik...”
Ki
Cakrajaya kanthi mesem mbalik takon, “Lha diganti napa?”
Sunan
Kalijaga, “Laa Illaha Ilallah”
Nalika
Ki Cakrajaya menek maneh kanggo nderes lan tetembangan maneh kanthi apa kang
mentas diucapake kanjeng Sunan Kalijaga, deresan legene ora metu banyune
maneh nanging ngetokake emas. Ki Cakrajaya mudhun lan mlayu ngoyak Kanjeng
Sunan Kalijaga saperlu meguru. Wiwit saka iku ki Cakrajaya dadi muride
Kanjeng Sunan Kalijaga. Sawijining dina Sunan Kalijaga pengin nguji kasetyane
Sunan Geseng kanthi ujian kang abot. Sunan Geseng kang wektu iku isih diceluk
Ki Cakrajaya, kang isih buyute Nyai Ageng Bagelen, diutus kanggo sujud
nggegem teken kang ditancepake ing sawijining gunung ing tlatah Bagelen.
Sunan Kalijaga mesen supaya Ki Cakrajaya ora ninggal panggonan nganti
penjenengane wangsul.
Ki
Cakrajaya sujud nggegem lan njaga teken kang ditinggal dening Sunan Kalijaga.
Udan, panas, adhem, atis lan ananing kewan galak Sasuwening nunggu tekene
gurune ora sethithika Ki Cakrajaya nggeser lungguhe. Dheweke tetep meneng ing
panggonan lungguhe. Dina ganti dina, sasi terus ganti, tahun menyang tahun
ora karasa Ki Cakrajaya wis sujud nggegem teken suwene 7 tahun.
...
|
35.
Pethikan
crita rakyat ing dhuwur klebu jinise ... .
A.
Legendha D.
Fabel
B.
Sage E.
Dongeng
C.
Mite
36.
Irah-irahan
kang trep kanggo Pethikan crita rakyat
ing dhuwur yaiku ... .
A.
Sunan Kalijaga D.
Sujud pitung taun
B.
Sunan Cakrajaya E.
Tongkate sunan Kalijaga
C.
Sunan Geseng
37.
Jangan kacang winor kara,
Kaduk uyah
kurang gula
Piwelingku mring pra siswa,
Aja wedi ing rekasa.
Parikan ing dhuwur kalebu parikan
wanda …
A. parikan (2 wanda
+ 4 wanda) D.
parikan (4 wanda - 8 wanda)
B. parikan (4 wanda
+ 4 wanda) E.
parikan
(8 wanda + 8 wanda)
C. parikan (4 wanda
+ 8 wanda)
38. Parikan
anggitan/ciptaane Aditya Nur:XI TKR 2 ing ngisor iki satitekna!
Mbak lastri dodol kupat, kupate isine tela.
Dadi wong kudu sholat, eling marang kang kuwasa.
Parikan nginggil menika
nggunakaken paugeran...
A.
(4 wanda + 4 wanda) x 2 D. (7 wanda + 8
wanda) x 2
B.
(4 wanda + 6 wanda) x 2 E. (8 wanda + 10 wanda) x2
C.
(4 wanda + 8 wanda) x 2
Parikan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no. 25-27!
Parikan 1
Boyolali kutha susu, Indonesia negara maju,
Aduh...wong ayu, sliramu nggawe ademe atiku. |
Parikan 3
(Dening : Eko wahyu nurcahyati :XI TBO)
Tawon madu, ngisep sekar,
Dadi guru, kudu sabar.
|
Parikan 2
(Dening : Farid A:XI TKR 2)
Real
Madrid, Klub KesenenganKu .
Dadi Murid, Sing Sregep Sinau . |
Parikan 4
(Dening : Fitri Astuti :XI TSM2)
Ngasah
arit, nganti landep ...
Dadi murid, kudu sregep ... |
39. Parikan ing
dhuwur kang nggunakake paugeran (4 wanda + 6 wanda) x 2, manggon ana ing ... .
- parikan 1 D. parikan 4
- parikan 2 E. sedaya parikan leres
- parikan 3
40. parikan ing
dhuwur kang nggunakake paugeran (4 wanda + 4 wanda) x 2, manggon ana ing ... .
- parikan 1 lan 2 D. parikan 4 lan 1
- parikan 2 lan 3 E. sedaya parikan leres
- parikan 3 lan 4
41. parikan ing
dhuwur kang mujudake wong kang lagi nandhang katresnan, manggon ana ing ... .
- parikan 1 D. parikan 4
- parikan 2 E. sedaya parikan leres
- parikan 3
42.
Ning stasiun balapan
Kutha Sala sing dadi kenangan
Kowe karo aku
Nalika ngetreke lungamu
Ning stasiun
Balapan
Rasane kaya
wong kelangan
Kowe ninggal
aku
Ra krasa netes
eluh ning pipiku
Pethikan tembang ing dhuwur iku panggonane ana ing ….
- Ing Kutha Sala D. Stasiun Balapan
- Jero Stasiun Balapan E. Ing dalan Stasiun Balapan
- Peron Stasiun Balapan
43.
Tembang ing dhuwur iku dipopulerake dening ……
- Sony Joss D. Cak Diqin
- Didi Kempot E. Waljinah
- Basuki
44. Roning mlinjo, sampun
sayah nyuwun _______. Tembung kang bener
kanggo nggenepi wangsalan ing ngarep
yaiku ... .
- Ngaso D. Soto
- Mlinjo E. Tilem
- Bakso
II. Pitakonan-pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi
bener lan pener!
1.
Sebutna tembang-tembang sing kalebu Macapat kanthi urut ! banjur wenehana tegese!
2.
Coba
tulisen tembang mijil kanthi bener banjur
wenehana guru wilangan lan guru lagune!
3.
Coba gaweya parikan sak akeh-akehe
kanthi tema pendhidhikan, agama utawa politik! Gunakna basa kang sopan! (ampun
sami kaliyan soal)
4.
Tembang gambuh ing ngisor iki gancarna
nganggo basa Indonesia!
sabarang
tindak tanduk
tumindake
lan sakadaripun
den
ngaksama kasisipaning sesami
sumimpanga
ing laku dur
hardaning
budi kang ngrodon
|
5.
Tulisen guru wilangan lan guru lagune
tembang gambuh iku!
6.
Apa
kang diarani kawruh basa “Paribasan” iku?
Jlentrehna lan wenehana 3
tuladha!
7.
Apa
kang diarani kawruh basa “bebasan”
iku? Jlentrehna lan wenehana 3 tuladha!
8.
Ing
materi crita rakyat mesthine wis
padha mangerteni babagan crita ing dhaerahmu dhewe-dhewe. Coba saiki tulisen
kepriye critan legendha dumadine kutha Boyolali kuwi!
9.
Sawise
crita rakyat “dumadine kutha
Boyolali” wis ditulis, saiki wenehana
unsur instrinsike crita(underan, pepiling, paraga, padunungan, lan alur crita)!
10. Pethikan cerkak ing ngisor iki wacanen kanthi
pratitis banjur golekana unsur instrinsike!
- Tema d. Latar
- Irah-irahan e. Alur
- Paraga f. Amanat
Cerkak :
Ramene Bakda Ing Angenku
“Pak, kolakipun ingkang nangka utawi pisang?”.
Pitakonku marang Bapak kang numpak Sepedha motor abang. “sadhengah-dhengah ora
papa.” Wangsulane bapak karo menehake dhuwit sewu. Bebarengan menehake kolak,
saka mburiku ana sawijining Ibu kang njawil tanganku.”Dhek, kolake telu
diwadhahi plastik ya!”. ”nggih, nggih Bu, sekedhap nggih”. semaurku kaget. “maturnuwun, Bu”. Piwalesku seneng. swara klakson padha muni amerga
lampune wis ijo. Aku banjur minggir.
“Isih pira, Dar?”. Pitakon kancaku kang dodolan
krupuk urang sinambi nyedhaki aku. “Isih 4, Met, lha nggonamu isih pira?”.
Wangsulanku“. Ya isih akeh, nanging isih bisa tak dol sesuk maneh”. Semaure slamet.
“Ya sing sabar, Met. Wong dodolan kuwi rak ya ora mesthi payune ta?. O ya,
Ijolan gelem ora, Met? Barteran ngono, krupukmu seplastik tak ijoli kolak
loro!”. Panjalukku“. Wah, mathuk kuwi, Dar! Wis gorene, tak nggone mbatalke
pasaku engko”. Dumadakan krungu swara adzan pratandha wektune buka. Semono uga
aku lan slamet, banjur ngombe kolak bareng.
“Alqamdulillah, payu akeh tenan kolakku dina iki.
“esemku sinambi nggenjot pedhal kang wis wayahe njaluk ganti kuwi.
Sedela-sedela aku nglirik kanthongan ing sisih klambiku. ing kono sumeleh
dhuwet sing wis tak lempit sewunan cacah pitu, rongewuan loro lan limangewuan
siji minangka kasil anggonku dodolan kolak ing saksisihe terminal tertonadi.
Ora krasa, lelakon bakulan iki wis tak lakoni wiwit pasa rong minggu kepungkur.
Sadurunge wulan pasa iki, sawise mulih saka sekolah aku ngrewangi paklik
sakbisaku mbengkel mobil kang manggon sakulone kelurahan desaku. Kringet sing
kanthil ing bathuk, kesel sing nemplek ing awak, apa maneh isin, wis ora tak
gagas babar pisan, kabeh tak lakoni mung mburu cukup supaya bisa ngelongi
sakabehe. Wis luntur tenan jiwa kanomanku.
Kupat-kupat luar padha gumandhul ing sakdhuwure
lawang ngarep saben omah. Ngelingi menawa bakda ora suwe maneh. Mesthine
wong-wong padha mulih menyang desane dhewe-dhewe saprelu njaluk pangapura
marang wong tuwa utawa simbahe. sandhangan sarwa anyar, panganan komplit plit,
mesthi semadya ing ndhuwur meja. Durung maneh pitrah dhuwit dluwang biru sing
mesthi mudhun saka dhompete Bapak gawe sumringahe aku lan adhi-adhiku. Iku
gegambaraning bakdaku taun wingi. Ananging wektu iki rasane beda, beda banget,
sepi nyenyet. Ahhh ... Umpama wae Bapak isih bisa kumpul bareng kluwarga ing
bakda mbesuk. Mesthine bakda mbesuk tambah
nengsemake. Mesthine aku bisa sungkem marang kalorone wong tuwaku kanthi bekti.
Mesthine swara guyu lan brebesan iku keprungu maneh ing satengahe omah iki.
Kena ngapa mobil gundhul kang momot wedhi petang wulan kepungkur tega nyilakani
Bapak sing nembe kondur makarya. Kabeh kedadeyan kuwi isih bening kasimpen ing sajrone
pikiranku tekan yahmene. Grundelanku, ora
krasa mripatku teles kebak loh kang wis smadya netes.
11.
Sebutna paraga-paraga wayang kulit ing ngisor iki kanthi urut saka sing luwih
sepuh!
a.
Pandhawa 5
b.
Punakawan
c.
Ramayana (boten urut ; 5 mawon)
12. Ing
kelas XI mesthine
wis diajari pidhato basa
Jawa. saiki coba gaweya tuladha pambuka lan panutupe pidhato ing acara karang
taruna utawa pepisahan kelas XII! Pilihen salah siji!
13.
Aksara
Jawa ing ngisor iki
garapen kanthi tliti!
a.
(Gantinen dadi aksara Jawa) : Sapa jujur bakal makmur .
b.
(Gantinen dadi aksara latin) :
?ttk]myaikup]ntnHutwttnnK=[ghz[jnimr=[w=ok=pe/lufia[jni.
14. Ing
kelas XII mesthine wis
diajari babagan sandhiwara/drama Jawa. saiki coba gawenen naskah crita ringkes
drama Jawa kanthi tema crita rakyat (bebas)! Tulisen kanthi cetha lan bener!
(ampun sami kaliyan soal pilihan ganda).
15.
Paugeran tembang macapat iku cacahe ana
pira? Sebutna lan jlentrehna kang dadi tegese!
16.
Serat
wedhatama iku satunggaling serat yasan
Dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangkunegara IV ingkang
wujudipun tembang. Serat wedhatama ngandhut maneka warna tembang macapat kang
cacahe 5 pupuh. Sebutna tembang apa wae kang kakandhut sajroning Serat
Wedhatama mau!
17.
Apa bedhane tembung guna lan adiguna kuwi!
Jlentrehna lan wenehana tuladhane!
18.
Tulisen tembang campursari kang ditembangake dening Didi Kempot ! kalih mawon(ampun sami
kaliyan soal)
19.
Jinise
crita rakyat iku werna-werna. Coba
jlentrehna apa kang diarani crita rakyat ing ngisor iki lan wenehana tuladha
critane, saben crita rakyat 3 tuladha!
a. Legendha
b. sage
c. mite
d. fabel
20.
Crita
rakyat iku duweni titikan kang dadi ciri khas crita rakyat kanggo mbedakake
karo crita-crita liya. Coba sebutna titikane crita rakyat mau apa wae! (Sebutna
5)
0 Komentar untuk "latihan soal mid genap kelas XI 2015"