Soal UTS Basa Jawa Kelas 3/2


A.   Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing antarane a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!

1.    Ulem kuwi gunane ....
a.    menehi kabar kulawarga                    c. menehi kabar temanten
b.    menehi kabar sedhih              d. menehi kabar dinas
Wangsulan: b. 

2.    Simbahku dadi pekathik Kraton Solo.
       Tembung kang kacithak kandel pagaweane ....
a.    utusaning ratu
b.    ngopeni jaran
c.    tukang golek emas
d.    tukang nggolekake jodho
Wangsulan: b. 

3.    Semarang-ing-mapane-Kutha-ngendi-?
       Ukara kang runtut kanggo tembung-tembung ing dhuwur yaiku ....
a.    Ing ngendi mapane Kutha Semarang?
b.    Ing Kutha mapane Semarang ing endi?
c.    Mapane ing ngendi Kutha Semarang?
d.    Ing mapane Kutha Semarang ngendi?
Wangsulan: c. 

4.    rf syh aw[k
       Ukara iku latine ....
a.    aku sayah awake
b.    rudi sayah awake
c.    rada sayah awake
d.    rada sayah sithik
Wangsulan: c. 

5.    Padha-padha anak dibedak-bedakake pangrengkuhe.
Ukara ing dhuwur bebasane ....
a.    Nabok nyilih rangan.
b.    Madu balung tanpa isi.
c.    Mban cindhe mban siladan.
d.    Ngobak-obak banyu bening.
Wangsulan: c. 

6.    bubrah sanalika, yen ditulis Jawa dadi ....
a.    bub]h snlik
b.    bub]h snlk
c.    bubh snlik
d.   bub] snlik
Wangsulan: a. 

7.    Kang kalebu tembang dolanan yaiku ....
a.    Jamuran             c.    Gambuh
b.    Pocung               d.   Kinanthi
Wangsulan: a. 

8.    Pak Guru rambute ana sing putih.
       Ukara ing dhuwur yen dikramakake dadi ....
a.    Pak Guru rikmane wonten ingkang putih.
b.    Pak Guru rikmane wonten ingkang pethak.
c.    Pak Guru rikmanipun wonten ingkang putih.
d.    Pak Guru rikmanipun wonten ingkang pethak.
Wangsulan: d. 

9.    Pacelathon umume ditindakake wong cacahe ....
a.    siji                      c.    akeh
b.    loro                    d.   sithik
Wangsulan: b. 

10.  Sing gawe kripik tempe Bu Parno.
       Ukara pitakon kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku ....
a.    Piye gawe kripik tempe?
b.    Genea gawe kripik tempe?
c.    Sapa sing gawe kripik tempe?
d.    Apa sing digawe kripik tempe?
Wangsulan: c. 

11.  tuku [dok/
       Aksara Jawa ing dhuwur diwaca ....
a.    nuku dhokar      c.    turu mlumah
b.    tukua dhokar     d.   tuku dhokar
Wangsulan: d. 

12.  Ing wewengkon Jawa Tengah ana gunung kang arane ....
a.    Merapi               c.    Semeru
b.    Talang                d.   Lawu
Wangsulan: a. 

13.  Ing Candhi Prambanan, saben purnama dipentasake sendratari Ramayana. Sendratari kuwi dadi sarana kanggo ngenalake budaya Jawa lan nglestarekake budaya daerah.
       Wacan ing dhuwur mratelakake budaya ....
a.    kethoprak           c.    beksan
b.    karawitan           d.   reog
Wangsulan: c. 

14.  Golekna blarak kanggo gawe kupat.
       Tembung kang kacithak kandel iku godhong ....
a.    gedhang             c.    tela
b.    klapa                  d.   jati
Wangsulan: b. 

15.  Yen dipituturi bu guru kudu mbangun miturut, ora kena ....
a.    mbalela              c.    manut
b.    mituhu               d.   sendika
Wangsulan: a. 

16.  Sari wis setaun, mula wis bisa mlaku ....
a.    rindhik-rindhik 
b.    thimik-thimik    
c.    alon-alon
d.    sithik-sithik
Wangsulan: b. 

17.  Kang kalebu panggonan umum ing ngisor iki yaiku ....
a.    stasiun, bank, terminal
b.    sekolahan, museum, pawon
c.    loteng, museum, halte
d.    losmen, bandhara, pendhapa
Wangsulan: a. 

18.  Kembang lombok iku arane ....
a.    menik                 c.    maya
b.    dangu                 d.   dlongop
Wangsulan: a. 

19.  Ukara ing ngisor kang ora trep cak-cakaning basa, yaoku ....
a.    Bapak sampun kondur.
b.    Eyang badhe kondur.
c.    Ibu kondur saking peken.
d.    Kula kondur saking sekolahan.
Wangsulan: d.

20.  Gambar wayang ing sisih tengen raja ing ....
a.    Amarta
b.    Dwarawati
c.    Astina
d.    Mandura
Wangsulan: a. 

21. Gambar wayang ing sisih kiwa ratu ing ....


a.    Mandura           
b.    Amarta
c.    Astina  
d.   Dwarawati
Wangsulan: b

22.  Banyu laut yen dipanasake bisa dadi ....
a.    dhendheng         c.    trasi
b.    uyah                   d.   krupuk urang
Wangsulan: b. 

23.  Saben Minggu esuk aku ... supaya awakku waras.
       Tembung kang mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    nyanyi-nyanyi    c.    nyapu-nyapu
b.    resik-resik          d.   mlaku-mlaku
Wangsulan: d. 

24.  Bu Darmi lenggah.
       Ukara ing dhuwur yen ditulis Jawa ....
a.    bufrmi legh
b.    bufrmi l_gh
c.    buf/mi legh
d.   buf/mi l_gh
Wangsulan: d. 

25. ssikirn put][n w}kufr
       Tulisan Jawa ing dhuwur unine ....
a.    Sasikirana putrane wrekudara
b.    Sasikirana peputra wrekudara
c.    Sasikirana putra bratasena
d.    Sasikirana putrane baladewa
Wangsulan: a.

C.   Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1.    Dhaerah ing Sumatra lagi akeh sing ngalami bencana.
       Tembung kang kacithak kandel kalebu arane ....
Wangsulan:  Pulo   

2.    Aja seneng dolan.
       Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ....
Wangsulan:  
ajsene=[foln\ 


3.    bodho-munggah-amarga-ora-Bardi
       Tembung-tembung ing dhuwur didadekake ukara runtut yaiku ....
Wangsulan: 
Bardi ora munggah amarga bodho. 

4.    Yen kepingin mulya, ya kudu gelem ragat, bebasane jer basuki ....
Wangsulan:  mawa beya  

5.    Gedhe cilik enom tuwa padha nonton wayang.
       Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama dadi ....
Wangsulan: 
Ageng alit enem sepuh sami mriksani wayang.


D.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.    Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a.    wayang kulit                   c.    lakon
b.    Janaka
Wangsulan:
a.      aku nonton wayang kulit karo simbah
b.      Janaka kuwi satriya sing luhur bebudene
c.      wayang kulit mengko bengi lakone anoman obong

2.    Aranana jenenge Pandhawa Lima!
Wangsulan:
Puntadewa, Janaka, wrekudara, Nakula, lan Sadewa.

3.    Tulisen nganggo aksara Jawa!
a.    iki wayah wengi
b.    Ruri seneng maca
Wangsulan:
a.      aikiwyhwezi
b.      rurisene+mc
4.    Critakna pengalaman sing ora kosenengi kanthi nggunakake basa kang runtut lan trep!
Wangsulan:      
Siswa nyritakake penglaman kang ora disenengi lan guru maringi panilaian.

5.    Ukara-ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Latin!
a.    phlwn\aikua[khcch [a
b.    aku sen_ wy= pu/w
Wangsulan:
a.      Pahlawan iku akeh cacahe.
b.      Aku seneng wayang purwa.

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal UTS Basa Jawa Kelas 3/2 "

Back To Top