Ulangan Bahasa Jawa SD kelas 1/ II (Kompetensi II)


Daftar Isi :
Materi Bahasa Jawa SD

I.   Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, utawa c ing sangarepe wangsulan kang bener!

1.      Rita  seneng kasti, nglangi, lan basket.
          Kasenengane Rita yaiku ....
          a.   maca
          b.   njoged
          c.   olahraga
          Wangsulan :c

2.      Olahraga lan dolanan iku bisa marakake ati ....
          a.   susah                   
          b.   sedhih
          c.   seneng
          Wangsulan : c

3.      Kasenengange Budi yaiku ....



          a. bal-balan
          b. nggambar
          c. mancing
          Wangsulan :  a

Gb. Saking : http://www.pulangkerja.com/generasi-90an-mari-bernostalgia-serunya-sepak-bola-kampung-masa-anak-anak/
 
4.      Bocah kaya gambar ing ngisor iki duweni kasenengan ....


a.   nyanyi
b.   nglangi
c.   nggambar
Wangsulan : a
Gb. Saking : http://www.cerpen.co.id/post_133571.html
 
5.      Eka paling anyel yen diakon nggambar.
          Ukara ing dhuwur medharake rasa .…
          a.   seneng
          b.   ora seneng
          c.   susah
          Wangsulan : b

6.      Crita ing ngisor iki kang ora klebu dongeng yaiku .…
          a.   Kancil Nyolong Timun
          b.   Timun Mas
          c.   Sejarah Proklamasi
          Wangsulan : c

7.      “Wah iki hobiku banget!”
          Ukara ing dhuwur nuduhake rasa…
          a.   ora seneng
          b.   sedhih
          c.   seneng
          Wangsulan : c

8.      Kasenengane Oni iku … iwak.
         a.   mangan
         b.   ngingu
         c.   mancing
          Wangsulan : c

9.      e – s – e – n – n – g
          Tembung ing dhuwur yen ditata bakal dadi tembung…
         a.   seneng
         b.   mesem
         c.   senen
         Wangsulan : a 

10. Tembang cublak-cublak suweng klebu jinis tembang….
         a.   macapat
         b.   dolanan
         c.   langgam
         Wangsulan : b


II. Wacanen kanthi premati banjur golekana wangsulane ing ngisore!
BADMINTON
Ayo  dolanan badminton.
Sing disiapne raket, kok lan net.
Yen badminton kudu tenanan.
Aja lali nganggo sepatu ket.

Supaya mlayune bregas lan ora lara sikile.
Badminton bisa loro-loro lan bisa ijen-ijen.
Seneng badminton marakake awak sehat.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1.  Badminton kuwi alate apa wae?
Wangsulan : .............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
(C)
2.  Badminton kuwi dolanan asli kene apa manca?
Wangsulan : .............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
(A)
3.  Apa irah irahane wacan ing dhuwur kuwi?
Wangsulan : .............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
(D)
4.  Wong pira yen arep badminton?
Wangsulan : .............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
(E)
5.  Yen badminton kuwi ana ngendhi?
Wangsulan : .............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
(B)

No.
wangsulan
Kode
1.
Manca
A
2.
lapangan badminton
B
3.
raket, kok lan net.
C
4.
BADMINTON   
D
5.
loro-loro utawa bisa ijen-ijen.
E

III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1.  Dito iki lagi ....  

Gb. Saking : https://pemanisbuatan.wordpress.com/2010/02/03/indahnya-menjadi-anak-kecil/
      Wangsulan :  ngguyu

2.  Roni senengane ... TV.
     Wangsulan : nonton 

3.  Ani seneng nyanyi.
     Cita-citane kepengin dadi ... .
     Wangsulan : penyanyi

4.  Dolanan layangan iku becike ana ... .           
     Wangsulan : lapangan

5.     Sandi seneng mangan buah ... . 
      Gb. Saking : https://www.merdeka.com/sehat/4-manfaat-kesehatan-buah-apel-yang-jarang-diketahui.html
       Wangsulan : apel

6.  Toni seneng ping pong, bal-balan, lan badminton.
      Kasenengane Toni ... . 
      Wangsulan :  olahraga

7.  Bapak seneng dhahar sate. Ukara iki medharake rasa ... . 
      Wangsulan : seneng

8.  Bu guru duka menawa muride gojeg wae.
     Ukara iki medharake rasa ... .
     Wangsulan :  ora seneng

9.    Piknik menyang ... pancen nyenengake.
     Gb. Saking : http://www.langkawi-info.com/pantai-kok/
Wangsulan :  pante/pantai
      
10.   Piknik ing ... nyenengake ati.
Gb. Saking :  http://www.mukiman.xyz/pemandangan-pegunungan/
         Wangsulan :  pegunungan

IV.      Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1.  Kepriye anggonmu matur menawa arep njaluk sangu marang bapakmu?
     Wangsulan : Pak, kula badhe nyuwun sangu.

2.  Apa kang ditindakake bocah ana gambar ing sisih?
  Gb. Saking :  http://harian.analisadaily.com/taman-riang/news/anak-anak-dibiasakan-peduli-lingkungan/126004/2015/04/19
     Wangsulan : nyapu

3.  Aranana tuladha tembang dolanan loro wae!         
     Wangsulan : jaranan, menthog-menthog lsp.

4.  Gawea ukara kang nuduhake kasenenganmu, loro wae!   
     Wangsulan :Bebas nanging sopan

5.  Tulisna tuladha crita dongeng kang kokngerteni!  
     Wangsulan :  kancil lan pak petani, kancil lan buaya, kancil lan singa lsp. 

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Ulangan Bahasa Jawa SD kelas 1/ II (Kompetensi II)"

Back To Top