Cerkak Teroris. Prenjak Ing Ngarep Omah


Prenjak Ing Ngarep Omah

Dening : Bisri Nuryadi

Senajan srengenge wis angslup, nanging lampu omahe Rukmini durung murub. Ragane isih mengkurep alum ing kasur. Awake obah nalika anakke lanang, Lintang, nggoyak-nggoyak gegere.
“Mak. Make. Wis arep bengi, Mak.”
Luh kang tumetes saka mripate Rukmini sansaya deres. Ngerti mangkono, Lintang uga melu nangis. Rukmini banjur mlumah, ngekep anakke.
Dumadakan lampu murub dhewe. Kanyata Simbokke kang manggon ing sisih omah marani.
“Uwis ta, Nduk, mesakna anakmu.” Tangane banjur mijeti lengen lan githoke. Sing dipijeti ngulaki luh.
“Kowe iki aja percaya karo gugon tuhon kaya ngono kuwi. Percaya kok karo manuk prenjak.”
“Enn..nang..nanging, Mbok. Kena ngapa Mas Giman wis rong taun ora menehi kabar. Hemm…. Hemmm….” Suarane rukmini isih mingseg-mingseg.
“Banjur kowe percaya yen prenjak saben esuk ngganter ing mburi omah kuwi nggawa pawarta ala?”
Rukmini menyat saka panggonane, sila. Lintang isih disikep menyang dhadhane, diambungi.
“Ora kok ndhisiki kersane Gusti, Mbok. Nanging prenjak kuwi rak ya dutane Kang Akarya Jagad. Mesthi nggawa pratandha.”
“Banjur kowe mikir yen pratandha iku ala, merga ngocehe ing mburi omah, ngono?”
“Jare Mas Giman biyen, yen unine ing mburi utawa kiwa omah….”
Simboke nyela, “Masya Allah. Istigfar, Nduk. Istigfar,,, Aja percaya karo bangsa ngono kuwi, syirik. Simbok kang tuwa wae wis ninggalke mangkono.”
“Wis gek wudhu kana, kae wis adzan.  Mesakna anakmu lanang iki.”
Esukke, ana prenjak ngoceh ing mburi omah maneh. Rukmini nyoba nggusah prenjak mau. krikil sak gegem disawatake. Malah mung gentian mencok ing pang sisih dhuwur. Unine sansaya ngganter wae.
Omahe kang dikupengi wit jati ndadekake akeh maneka warna manuk kang mencok, ngoceh. Nanging kena ngapa wis seminggunan mung ana ocehe prenjak sisih mburi lan kiwa omah? Rak iki pratandha kang ora becik? Pikirane Rukmini sansaya goreh.
Dheweke ora kepengin yen bojone nemahi apa-apa. Tumrap Giman, pawongan kang wis nekuk atine, tansah gawe tentrem lan bisa ngayomi uripe. Wiwit nalika jaman nedheng-nedhenge kembang tresna mekrok sajroning kalbu.
Giman pancen wong pinter. Kasenengane marang ngilmu Jawa, ndadekake yen ngejak dolan mesthi milih panggonan kang kebak sejarahe. Kayata nonton pagelaran ketoprak ing Balekambang, wayang kulit ing gedhung RRI. Utawa wayang wong ing Sriwedari. Semana uga ngejak mlaku-mlaku ing alun-alun Surakarta. Isih gamblang ing pikiran nalika iku.
“Dhik Ni, Sliramu ngerti ora, yen ing kene nalika jaman semana akeh pagelaran kang dadi tontonane wong cilik lho?”
“Pagelaran apa ta, Mas. Dhik Ni mbok dicritani”
Sinambi mlaku mangidul tumuju ringin kembar satengahe alun-alun, Giman nutugake critane.
“Ana pagelaran kang nggegirisi, yaiku rampog*.”
“Kok jenenge medeni, Mas.” Lengene rukmini rada ditemplekke Giman.
“Ing alun-alun iki dikupengi para prajurit tombak. Satengahe kana diculke macan loreng utawa macan kumbang. Dipateni bareng-bareng Dhik.”
“Iihhh,,, Mas Giman. Dhik Ni wedi.” Awake Rukmini rada mrinding banjur ngekep Giman. Sing dikekep meneng wae.
Nanging wiwit Giman ngumbara ing Kuala Lumpur, kaya-kaya tumindake owah gingsir. Setaun wiwitan pancen ngabari liwat sms utawa ngebel. Nanging sabanjure kuwi ora ana kabar tekan telung taun iki. Kadya ilang sakeclapan lir diuntal bumi.
Rukmini nyoba nglipur kanthi maneka warna lelakon. Ngaji, ndikir, yasinan lan melu pengajian dadi pagaweyan ajeg saben dinane. Bethek-betheke kanggo ngayem-ayemi ati. Nyoba kuat tan gigrig ngadepi ombake segara kahuripan.
Sawijining dina, sawise Rukmini bali saka Subuhan, swara prenjak bali nunjlem ing jagad pikirane. Wiwite ora digape. Nanging sawise dirungokke, unine prenjak mau rada beda.  Tipakke ora sida dilebokke ngomah, muter menyang mburi.
Disawang pang-pang wit jati mau. Manuk prenjak ora katon. Ganti ing sisih kiwa omah, uga ora ana. Pungkasane dheweke mandheg ing latar omah. Disawang prenjak mangkring ngoceh ing pang cendhek. Sikile mlumpat-mlumpat. Ora suwe saka kuwi kanca sijine teka. Kaloron prenjak padha saut-sautan ngocehe. Rukmini mung bisa ndomblong nyawang kahanan mangkono. Kaloron prenjak padha njoged bareng, nembang bareng. Kaya-kaya padha suntak-suntakan kangen. Apa merga suwe ora ketemu?
 “Oalahh, Nduk. Esuk-esuk kok wis neng ngarep omah.” Swarane simbok medhot lamunane.
Rukmini kaget, “Ngarep omah? Prenjake ngoceh ing ngarep omah.. “ Rukmini grememeng dhewe.
“Simbok.. Prenjake ngoceh ing ngarep omah.. Mbok…. Mas Giman arep mulih, Mbok. “ Rukmini mlayu, lengene simbok dihoyag-hoyag.
“Le..tholee.. Bapak arep kondur Leee.. Bapak arep kondur..” Rukmini bengak-bengok mlebu omah. Lintang dijak metu.
“Kondur kapan, Mak?”
“Sedhela engkas, Le. Kuwi lho sawangen prenjak wis ngganter ing ngarep omah. Nandhakake ora suwe maneh Bapakmu kondur, Le.” Karo ngambung Lintang. Simbokke amung ngelus dhadha. Praupane sansaya melas lan trenyuh.
Nanging kaya dina wingi-wingi, sing dikarepake Rukmini ora uga kelakon.
“Mbok menawa sesuk, Le.” Rukmini ngelus-ngelus sirah anake kang wiwit mapan turu. Rukmini teklak-tekluk ing sisihe.
Mbuh jam pira, saka mburi omah krungu swara ndhodhoki lawang, “Dhok-dhok.. Dhik, dhik Ni. Dhik Ni.”
Krungu mangkono Rukmini alon-alon tangi lan ora banjur bukakke lawang. Wedi yen ana apa-apa. Saya- suwe ngerti swarane sapa kang nyeluki jenenge. Dheweke banjur gregah tumuju mburi omah.”
“Bojomu mulih, Dhik. Lawange bukaken.”
“Mas. Giman?”
“Iya, Dhik. Iki bojomu mulih.”
Krungu mangkono mak jranthal kunci lawang digeret. Lawang dibukak, Byak.
Disawang. Pawongan mau malah plingak-plinguk.
“Masss Gimaaannn…” Saknalika Rukmini nubruk bojone. Nangis sak kejere.
“Uwis Dhik. Ora sah nangis.”
Rukmini isih wae nangis nggejejer.
“Kok nganti suwemen ta, Mas ora ngabari.. aaaaaa…”
“Kapan-kapan tak critakke, Dhik. Saiki aku mung arep titip barang dhisik.”
Omongan ora diparelu, Rukmini isih ngekep Giman lan gereng-gereng. Giman nggiring mlebu omah, nuju kamar.
Disawang anakke turu nglipus, banjur diambung. Tas ing gendhongan diudhunake. Jupuk barang kothak werna ireng.
“Dhik, barang iki aja diowah-owah.”
Rukmini durung bisa nyauri omongan. Tangise isih gereng-gereng. Tangan kaloron durung uwal saka ngekep bojone.
Giman isih krusak-krusek nyimpen barang ing njero lemari ngisor dhewe. Karepe didelekake primpen. Isih ditumpuki lempitan klambi-klambi. Banjur lemari dikunci. Kunci dilebokake tas.
“Sek, Dhik. Kangmas ana prelu. Mengko tak bali maneh.” Karo ngambung bojone.
Tangane Rukmini disingkirke Giman. Nanging sing disingkirke malah sansaya kenceng. “Sam… Sampeyan iki jane ngapa ta, Mas?”
Giman nyoba ngeculake awak, nanging Rukmini ora gelem ditinggal. Giman meksa ragane uwal. Mlaku rikat nuju mburi. Rukmini ngetutke. Giman mlayu nggeblas.
“Mas.. Jane ana apa? Lagi wae teka lunga maneh?” Rukmini nyeluk.
Tekan lawang mburi, gegere Giman wis ora katon.
“Mas Gimaann....” Bengoke banter. Luh muncrat maneh. Tangise gereng-gereng ndeprok ing pinggir lawang.
Ora let suwe, mak pett… Lampu mati.
Awake Rukmini saknalika dikrekep. Lambene dibingkem. Dibopong peksa metu ngomah. Nusul Lintang uga dibopong. Mripate sethithik nyawang kahanan kang mung kaslorot rembulan. Disawang mak klebat ana wong mlayu mangulon. Nyangking bedhil dawa.
“Mas, Gimannn..” Swarane Rukmini rindhik kebingkem. Awake mberot-mberot. Ing pikirane tuwuh pitakonan. Kena ngapa mas Giman nggawa bedhil? Apa isine kotak ireng ing lemari mau? Lha banjur sing bopong aku iki sapa?
“Hemmm-hemmm…”Swarane Rukmini isih ana bopongan, digawa mlayu nuju mobil. Lawang ditutup. Mobil mlaku. Rukmini mbengok-mbengok sak kejere.
Saka kaca mobil dheweke mangerteni ana pirang-pirang wong kang nggrudug omahe. Kabeh padha gujengan bedhil dawa. Pucuk bedhil mau wis sumadya sakupenge omah. Persis kaya pucuk tombak kang sumadya nuncep ing badan macan nalika pagelaran rampog.
 Ibu tenanglah. Ibu diamankan.” Ngono pangucape petugas kang ana ing mobil.
“Mas, Giman badhe dipun kapakke, Pak?” luhe sansaya ndlewer karo ngeplaki petugas.
Krungu ibune nangis, Lintang tangi.
“Makk…makkeee.. iki ngapa Makkk…” Lintang wedi.
Tidak apa-apa, Nak. Adik dan Ibu sementara diamankan.” Wangsulane pawongan kang isih bopong Lintang.
Ora suwe saka iku, “Doorr…dor-dor. Door. Doorrr…” Krungu swara tembak-tembakan.
“Dhuh Gustiii.. Paringana slamet tumrap Mas Gimaaannn…” Rukmini gero-gero.
“Maakkk.. Lintang wediiii… Makkeeee..” Tangise Lintang uga sansaya ndadi.
Ing ngarep, wujud kaya radhio muni kemrusek. “Brik..brikk… Tersangka semakin nekat..”
Pitakon kang wis thukul sansaya ngrembuyung ing pikirane rukmini, “ Mas Giman tersangka apa?”

Krungu mangkono awake Rukmini sansaya mberot-mberot, krogel-krogel. Petugas uga sansaya kenceng anggone nggoceki lengene. Ing jero mobil tangise Rukmini lan Lintang tambah sora. Nanging ora bisa ngalahake swara sirine mobil. Kahanan sansaya nggegirisi, nalika keprungu swara bom kang prasasat ngantem blegere wengi.
Katrangan :
*  Pagelaran Rampog nate kedadeyan ing alun-alun Surakarta antawis taun 1885.




Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak Teroris. Prenjak Ing Ngarep Omah"

Back To Top