Soal-soal ULANGAN MID SEMESTER basa Jawa lengkap dengan kuncinya




ULANGAN MID SEMESTER
SMK KARYA NUGRAHA BOYOLALI

Bidang Studi Keahlian         :  Semua Bidang Studi Keahlian
Mata Pelajaran                      :  Bahasa Jawa
Tingkat / Semester               :  XI / Genap
Hari / Tanggal                        :                                     
Waktu                                     : 

 

I.         PILIHAN GANDA
Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi milih salah siji wangsulan kang wis sumadya !
1.          Tembang Macapat ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no. 1 lan 2!
Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang ora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
          Tembang Macapat iku duweni guru lan guru wilangan ….
A.          7u, 9u, 12i, 7u,8o                                                D. 7u, 8o, 12u, 8u,8i
B.          7u, 8u, 12u, 8u,8i                                                E. 7u, 9u, 12i, 8u, 8o
C.          7u, 8u, 12a, 8u,8o

2.          Kang dadi isine tembang ing dhuwur yaiku ....
A.          ajaran budi pekerti                                               D. ajaran mandhiri
B.          ajaran jujur                                                          E. ajaran tata krama
C.          ajaran sopan lan santun

3.          Ngandharake gagasan kanthi Lisan ing sangarepe wong akeh, ing sawijining adicara tartamtu supaya wong akeh mangerteni isine kanthi ancas (tujuan) ngajak, nakenake, menehi katrangan lan nyenengake wong liya, yaiku diarani .....
A.          Sesorah                                                               D. musyawarah
B.          Kuliah                                                                  E. pambyawara
C.          Pepindhan

4.          Pidhato kang ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh, lan pengalaman kagiyatan micara bisa katindakake kanthi lancar diarani pidhato ....
A.          cara impromptu                                                   D. cara naskah
B.          cara ekstemporan                                               E. cara langsung
C.          cara apalan

5.          ” Bapak Lurah Tanjungsari ingkang kula kurmati, para kadang karang  taruna kalurahan Tanjungsari ingkang kula tresnani. Sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken  ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat dhumateng sedaya ingkang sami ngrawuhi ing adicara ing siyang punika. Pedhotan pidhato ing dhuwur iku kalebu bageyan, ....
A.          surasa basa                                                         D. salam pambuka
B.          wasana basa                                                       E. purwaka basa
C.          adangiyah

6.          Ing tembang macapat ana tembung Guru wilangan. Kang diarani guru wilangan yaiku ….
A.          cacahing bait saben tembang                              D. cacahing tembang
B.          cacahing wanda saben sak larik                          E. cacahing huruf saben sak gatra
C.          cacahing huruf

7.          Pacelathon ing ngisor iki satitekna!
A: “Halo …”
B : “Halo, sugeng sonten, Pak!”
A : “Inggih, sugeng sonten “
B : “menapa punika Pak Karjo? “
A : “Inggih leres…………………………….”

          Ganepan kang bener saka tuladha pacelathon ing telpon ana ing dhuwur yaiku …
A.          Punapa kula saged kepanggih kaliyan Pak Karjo.    
B.          Benjing kapan?
C.          Punika sinten?
D.          Punapa leres punika dalemipun  Pak Karjo.
E.          Kula piyambak.

8.          Rembugan sawijining babagan utawa perkara kanggo nggoleki solusi perkara iku.Tujuane kanggo nggolek tembung sepakat lan mupakat, kasebut ….
A.          Sesorah                                                                               D. dhiskusi
B.          tutur pambagya harja                                                          E. sabdhapalon
C.          musawarah

9.          Maskumambang  nduweni gegambaraning manungsa kang kepriye?
A.          Bayi kang wiwit lair ing donya.
B.          Yen wis rumaja duwe rasa tresna utawa aweh katresnan marang wong liya
C.          Sing lagi nandhang tresna swasanane katon endah lan manis
D.          Tambah tuwa saya mundur  mungkur ing kadonyan  ngadhepi akherat mula gentur ngibadah
E.          Sedaya wangsulan kliru

10.       Tomas kuwi sawijining siswa kelas 11 ing SMK Karanganyar. Sawijining dina, ana pertandingan persahabatan futsal. Sing ngenekake yaiku SMK Karya Nugraha Boyolali. Dadi, minggu ngarep bakal ana pertandingan ing antarane SMK Karanganyar lan SMK Karya Nugraha Boyolali. Ing wektu-wektu sadurunge pertandingan kuwi Tomas latian kanthi sregep lan dhisiplin. Kamangka  sadurunge Tomas ora tau melu latian.  Nanging wektu pertandingan ndilalah gawang SMK Karanganyar bisa dijebol oleh SMK Karya Nugraha Boyolali. Dadi pertandingan dimenangake SMK Karya Nugraha Boyolali kanthi skor 6-0. Sawise pertandingan kuwi, Tomas wis ora tau melu latian kanca-kancane maneh.
Paribasan kang trep kanggo crita ing dhuwur yaiku ... .
A.          Obor blarak                                                                         D. Ana catur mungkur
B.          Obor oncor                                                                          E. Nguthik-nguthik macan
C.          Kebo kabotan sungu



          II. Pitakonan-pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi bener lan pener!
1.          Gawea naskah pidhato ngenani bab Hari Pendhidhikan !
2.          Sebutna paugeran sekar Macapat lan jlentrehna tegese !
3.          Sebutna tembang-tembang sing kalebu Macapat kanthi urut !
4.          satitekna tembang Pocung ing ngisor iki !
Pocung
Siswa iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
          Tembang ing dhuwur ngemu bab-bab kang becik. Sebutna bab-bab apa kang kakandhut ing tembang pocung ndhuwur!
5.          Coba tulisen tembang mijil kanthi bener banjur wenehana guru wilangan lan guru lagune!
6.          Tembang kinanthi ing ngisor iki satitekna!
          Padha gulangen ing kalbu
          Ing samita amrih lantip
          Aja pijer mangan néndra
          Kaprawiran dèn kaèsthi
          Pesunen sariranira
          Sudanen dhahar lan guling
          Isi tembang ing dhuwur ngemu piwulang kang becik. Coba tulisen piwulang apa kang bisa kajupuk saka tembang ing dhuwur ... .
7.          Apa bedhane tembung guna lan adiguna kuwi! Jlentrehna lan wenehana tuladhane!
8.          Paribasan ing ngisor iki coba jlentrehna apa tegese!
a.        Ana catur mungkur
b.        Emban cindhe emban siladan
c.        Esuk dhele sore tempe
Pacelathon kang ngrembag musyawarah ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no.9-10!
 (Wancinipun sekolah sampun purna, Santy lan Rendra pengurus OSIS sowan Kepala Sekolahe, saperlu musyawarah babagan pergelaran Pentas Seni. Sasampunipun nothok konten, Santy lan Rendra lajeng uluk salam)

Santy                       : ”Sugeng siyang, Pak??”
Kepala sekolah   :    ”Sugeng siyang, ayo padha mlebua, Cah”
Santy lan Rendra    : ”Inggih Pak.”
Santy                       : “Nyuwun pangapunten sak derengipun Pak. Kula nyuwun priksa punapa mangke ingkang badhe dipun rembag, Pak?”
Kepala sekolah        : “Sesok sakwise semesteran, akeh jam pelajaran kang kosong amarga para Guru akeh sing padha sibuk ngrampungake biji-biji ne para siswa kanggo unggah-unggahan kelas. Banjur sing tak gagas, saumpama dianakake pentas seni kanggo ngisi wektu kepriye pendapatmu?”
Rendra               :    “Kados pundi menawi dipunwontenake gelaran budaya, Pak?”
Kepala sekolah  :     “Gelaran budaya…!!? Apa kuwi sing kok karepake? ”
Santy                 :     “Inggih punika kala wau, Pak, woten sambung rapetipun kaliyan Pentas Seni”
Rendra               :       “Dados para siswa nganakken pertujukan ingkang klebet pentas seni kados, nyanyi, karawitan, mbeksa tradisional menapa modern, band sekolah, lukis lan lomba kebersihan mangke dipunwontenaken juara antar kelas”
Kepala sekolah    :      “Ooowww………kaya ngono, ya ora papa yen kabeh padha sarujuk. Sak iki apa kang mbok butuhake saka aku?? ”
Rendra                    :  “Kula sak kanca mbetahake jadwal class meeting kaliyan mangke tapak asma pengesahan proposal menawi sampun dados, Pak”
Kepala sekolah        : “Iya, entenana sedhela, dak pundhutake sedhela anajero jadwale”
                                        (Boten dangu Kepala sekolah sampun ngasta print-printnan jadwal class meeting)
Kepala sekolah      :  “Nah, iki sing kok karepake. Wis peken kanggo arsipmu sak kanca ora sah kok balekake marang aku”
Santy lan Rendra : “Inggih Pak, kula mangestoakae dhawuh”
Kepala sekolah    :  “ja lali proposal pentas senine tak enteni watara telung dina ya cah trus gawanen mrene tak tanda tangani”
Santy lan Rendra    : “Inggih Pak matur nuwun. Sugeng siyang”
                                        (Santy lan Rendra nyuwun pamit)
Kepala sekolah    : “ Iya cah nyangoni slamet. Ati-ati ning dalan”

9.          Apa kang ditindakake Santi lan Rendra ing pacelathon dhuwur!
10.       Coba, wacan ing dhuwur ringkesen isine dadi sak paragraf wae supaya bisa dimangerteni kanthi gamblang!

















Kunci Jawaban kelas XI
Mid Semester genap 2014
SMK KARYA NUGRAHA BOYOLALI

I.
1.        E
6. B
2.        B
7. E
3.        A
8. C
4.        A
9. E
5.        E
10. A

II.
1.        kreativitas siswa
2.       a. Guru gatra yaiku gunggungipun larik ing saben pada
b. Guru wilangan yaiku gungungipun wanda saben larik/ gatra
c. Guru lagu yaiku dhawahing swanten vokal ing pungkasaning gatra

3.       mijil, Maskumambang, Sinom, Asmarandana, kinanthi, Dhandhanggula,, Durma, Pangkur, Gambuh, Megatruh, lan Pocung .
4.        Unggah-ungguh, Moral, Budi pekerti, Tatakrama
5.       10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
6.        piwulang kanggo nggayuh beciking ati
7.        Tembung guna : tembung kang angsal panambang “en” tegese nandhang saking lingganipun.
Tuladha : gudigen, wudunen, singunen
Tembung adiguna : pandhapukanipun : ke + lingga + en
Tuladha : leluwihen, kedhuwuren, kebangeten
8.        A.Ora seneng nyampuri urusan liyan
B.Tumindak ora adil
C. ora antep, atine tansah molah-maleh
9.        musyawarah babagan pergelaran Pentas Seni.
10.     Kreativitas siswa












Norma Penilaian
Pillihan Ganda + Essay = Nilai 30 + 70 = 100
10 PG @3,3 x 10 = 30
10 Essay @ 7x 10 = 70
Total                        = 100











Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal-soal ULANGAN MID SEMESTER basa Jawa lengkap dengan kuncinya"

Back To Top