cerpen jawa yang mengiris ati ; Seminggu Ing Beijing

Seminggu Ing Beijing

Mega-mega werna santen padha sumingkir. Kekombyak pesawat Garuda Indonesia sing dak tumpaki. Atiku mak tratap nalika pramugari ngadeg nggejejer ing ngarep. Mawarakake yen seprapat jam maneh pesawat bakal mudhun ing bandara Internasional Beijing. Kanca-kancaku sak rombongan sing maune turu nglipus saiki padha tangi. Kabeh bali grememeng dhewe-dhewe. Akeh sing padha ngrembug babagan pentas ing negara kang dijuluki minangka katurunan Naga kene.

Yen kanggoku ya mung biasa. Amarga aku wis duwe pengalaman pentas ing Mancanegara, kayata Kanada, Jepang, Malaysia lan Suriname. Dadi aku luwih optimis, Pentas sendratari rombonganku bakal sukses kaya taun-taun wingi.

Sing dadi tratapanku, aku bakal kepethuk priya sing banget dak tresnani. Mas Galang, Kanca kenthelku nalika melu paguyuban tari ing Mangkunegaran, Solo. Praupane kang kaya Ariel Noah, lan dedege kang kaya Raden premadi, ndadekake atiku kesengsem. Mulane aku mung manthuk-manthuk nalika dheweke nembak aku.

Nanging sawise mas Galang lulus saka Institut Seni Indonesia(ISI), Solo, aku kudu pisahan. Dheweke kudu tranfer S2 ing Universitas Kesenian Taipei, Cina kene. Pacaran jarak jauh  dak lakoni kanthi rasa kebak kangen. Ora ngira yen ing Pagelaran Seni Budhaya Asia iki, aku nduweni kalodhangan kanggo ketemu Mas Galang.
***

Ing hotel Grand Millennium kene, aku sakrombongan bakal nginep seminggu. Ing wektu awan tekan sore dina kapisan ora ana acara, pambuka kawiwitan mengko bengi. Aku ngebel mas Galang, nanging ora diangkat. Aku wis dhong, wiwit Mas Galang pamitan nalika semana, dheweke angel dibel, merga akeh kesibukan. Aku uga nglenggana, lan ora mikir sing ora-ora.

Mula kuwi, aku banjur golek info apa kang lagi ditindakake mas Galang. Aku ngerti yen mengko bengi mas Galang bakal manggung. Merga sakdurunge mangkat, aku sakrombongan wis diwenehi jadwal rantaman adicara. Ing kono ana jeneng Galang Catur Priyambodo minangka sawijining wakil saka Universitas Kesenian Taipei. Alamate uga cetha wela-wela. Ora salah yen iku mas Galang, sempalaning igaku.

Bener, sawise aku takon karo resepsionis, jebul paraga sing mengko bengi manggung lagi padha gladhen ing sawijining ruangan hotel kene. Tanpa mikir dawa, aku banjur marani ruang kuwi mau. Ora suwe anggonku nggoleki, merga mung gari ngurutake nomer ruangan.

Ing njaba ruangan, akeh pawongan padha guneman. Kayane para mahasiswa. Akeh kang nganggo almamater. Aku nyerak lan takon.
 
Thui pu chi sensen, wo. Yao cien Galang, sie den chung Indonesia khei ma?”(1). Pitakonku marang sawijining mahasiswa mau.

Thui pu chi, siau cie. Galang tha cai sie thiau u, suoyi pu kheyi, suoyi pu khei taraw.”(2). Wangsulane kang ndadekake aku kudu nunggu ing njaba kanthi rasa pangangen-angen. Ora suwe saka kuwi, ana sawijining mahasiswa nyedhaki aku.

“Mbake, temannya Galang di Indonesia, ya?” Pitakone.
Iya, Mas. Lho.. Mase Dari Indonesia juga?”
Iya, Mbak. Banyak mahasiswa Indonesia di sini.”
Kebeneran, ana kanca crita, aku banjur kenalan karo mase mau. Jebul dheweke saka Bantul, Ngayogyakarta. Kalodhangan iki dak gunakake kanggo takon-takon babagan mas Galang, kepriye saploke kuliyah ing Cina kene. Mase mau mangsuli pirang-pirang pitakonanku kanthi greget. Dhasare wong seni, kepenak yen dijak sesrawungan. Nanging praupanku saknalika pucet, nalika mase mau njlentrehake crita babagan kekasihe mas Galang.

“Mas Galang niku pasangane Ida ayu, Mbak. Asli wong Bali. “
“Mak kruess..”, Atiku rasane kaya kecemplung ing pinggir lahar Merapi. Panas nganggo banget. Nanging dak tahan. Aku mung mbatin, apa bener mas Galang wis nduweni wanita minangka kekasih? Lha banjur kepriye gayutane ma
rang aku? Ahh.. muga wae pawarta mau ora bener.
Pitakonanku dak buntel sawetara. Dak kuatne atiku. aku nduweni teteg ora bakal percaya sadurunge weruh dhewe. Nanging apa ya tumon, mase sing lagi wae dak kenali wis wani umuk marang aku? wewayanganku wiwit nggrundel dhewe ora karuan.

Mase mau nutukake crita maneh.
“Durung suwe niki Ida ayu mantuk ing Bali, Mbak. Malah ngejak Galang. Jare ana  acara Penyineb Odalan (3) ing Pura Dadia (4) cedhak omahe. Ya mesthine wae wong loro mau duet nari pendhet.”

Aku mung meneng. Mase mau crita ora uwis-uwis.
“Wah, wong loro kae yen nari kaya-kayaa nduweni taksu (5) mawon, Mbak. Nanging Selempod(6) kenang-kenangan saka Lurah Bali, dak jaluk lho, Mbak, hehe.”

Lambeku dak peksa mesem, sanajan omongan mau ngabangke kuping. Aku wis ora kuat ngrungokake crita mau. Mase iki ora mudheng yen wanita ing sisihe iki kekasihe mas Galang kang sejati. Kanggo ngleremke ati, aku ngalihke guneman.

“Lha mangkih ndalu acarane napa mawon, Mas?” swaraku rada serak.
“Akeh, Mbak, Ora mung tarian-tarian, nanging budhaya asli Cina liyane uga ditontonake, kayata Barongsai, Lianhuo(7) lan tatung (8).”

Aku jane durung mudheng babagan seni Lianhuo lan tatung mau, nanging kanggo wanita sing lagi nandhang wirang kaya ngene, apa ya wigati?
Sing wigati, aku kepengin cepet-cepet ketemu Mas Galang. Dak pungkasi anggonku ngrungokake crita mau. Aku nunggu kanthi gugup.

Jiwa lan ragaku sansaya gugup nalika lawang ruang gladhen di bukak. Pawongan kanthi mripat sipit lan pakulitan putih padha mbrubul metu.

“Lang, digoleki kancamu Solo.”
Mak tratap, pandhelengku tumuju swara mau lan pungkasane aku bener-bener weruh Mas Galang.
“Mas Galang...”. Swaraku lirih.
Mas Galang ngawasi aku kanthi kaget, katon praupane mbranang.
Siapa, Say?” pitakone sawijining wanita kang tangane diselipkake ing lengene mas Galang.
Ohh.. My God.. Pancen bener omongane mase mau.
“e..ee..ee, Dhek Kirana...” Swarane mas Galang nderedheg, awakke meneng mbegegeg.

Aku mung bisa gedheg-gedheg alon. Lambeku mencep. Mripatku krasa banget telese. Saknalika iku aku banjur malik awakku lan mlaku rikat. mas Galang nyeluk-nyeluk jenengku, nanging blas ora dak parelu.

Aku ora ngira bakal kedadeyan kaya mangkene. Oh.. mas Galang, geneya sliramu mblenjangi janji. Jebul sliramu ora beda karo priya liyane. Oh.. Dhasar baya lanang...
Aku kepengin, acara seminggu ing Beijing iki enggal cepet rampung. Yen bisa, aku pengin bali saiki. Mbuh, ora urusan babagan pagelaran. Aku wis ora kuat nahan bandhul wesi kang gumantung sangisore atiku. Abot nganggo banget. Bener kandane kanca-kancaku nalika semana. Yen pacaran jarak jauh iku kaya dene meme kumbahan ing mangsa rendheng. Akeh ora garinge. Ohh.. lelakon asmaraku...

 

Katrangan ;

(1) “Maaf, Mas. Saya mau ketemu dengan Galang, mahasiswa dari Indonesia, bisa?”.
(2) “Maaf, Mbak. Galangnya lagi latihan nari, jadi tidak bisa di ganggu.”
(3) Dina pungkasan minangka reroncening upacara ing Pura.
(4) Pura kaluwarga kang isih nduweni tali getih.
(5) Kekuwatan spritual kang diduweni pawongan nari.
(6) Kain kang diubetake ing weteng.
(7) Mlaku sandhuwure geni.
(8) Upacara raga supaya dileboni roh leluhur.



Bisri Nuryadi

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "cerpen jawa yang mengiris ati ; Seminggu Ing Beijing"

Back To Top