Geguritan ; guritku, Guritmu

Guritku
Ing wengi sirep wong iki
Mung keprungu kekidungan montor   
Sesliweran War..wer..war..wer…
Aku lungguh kanthi horeg
Horeg, kaya mau awan
Nalika Pak Guruku ngendikan
“Ora mokal basa lan sastra Jawa nemoni pati,
Merga sithik generasi paneruse, 
Mintip-mintip kaya thonthor kentekan lenga.”   
Jiwa kanomanku krasa kesendhal 
Mak sengkring
Basa lan sastra Jawa kang kawentar luhur
Disangga simbah merga kebak pitutur
Endah, dadi tuntunan ora mung tontonan
Apa bakal ora keprungu maneh endahe?
Apa meksa mung gari tilase?                                                         
Mula, Ing wengi sirep wong iki
Dak tulis geguritan sakbisaku
Kanthi paramasastra kang prasaja
Lan unggah-ungguh kang pancen ora tepa
Nanging ora dadi ngapa
Geguritan iki minangka pratandha
Yen aku uga melu ngupaya
Ngrembakane basa lan sastra Jawa              


Guritmu
Apa kabeh iki wis dadi garising langit?
Apa merga karma kang wis ora bisa dipingit?
Ing ngendi wae mung keprungu swara jejerit.
Saka jero ati kang kecenthit.
Merga ngelih apa dene ati kang kecenthit.

Manungsa kanthi rupa celeng alas
Mlaku gagah mikul brangkas
Kang isine inten, uranium lan emas
Mung jare wae, kuwi dudu nggone dhewe
Rusak, remuk, ambyar, bubrah kahanan

mung jare.
Nanging nglakoni sidhang kang  
Apa kuwi wong waras?
Aku mung kasebut Pak Rt
Ngertine mung ngedomne raskin lan surat KTP
Ya iku amanah kang kudu dak cekel
Muga kanthi amanah

Demokrasi apa pancen kaya mangkne
Ngantem nyamplok
Apa demokrasi kudu digenti?


Dening ; Bisri Nuryadi

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Geguritan ; guritku, Guritmu"

Back To Top