Artikel Bahasa Jawa; Ing Netrane Donya Ana Wayang


Ing Netrane Donya Ana Wayang

Petang taun kepungkur, Warseno Slenk nganakake acara ambal taun putrane;Amar, ing daleme Makam Haji, Sukoharjo. Ing acara mau ana pagelaran wayang kulit kanthi dhalang Ki Manteb Sudarsono (Dhalang kanthi sesinglon sabetan setan). Ing tengah-tengahing limbukan, Ki Manteb crita nalika tanggapan ing Amerika Serikat.

Piyambake njlentrehake yen ing negara Paman Sam kana jebul golek debog iku angel. Merga pancen ing kana tetanduran gedhang kuwi kapetung arang. Banjur kang ditindakake yaiku yen sadurunge mayang ing luar negeri, Ki Manteb sapangiring nggawa debog saka ngomah lan sabanjure debog mau ditumpakake montor mabur.

Crita ing dhuwur nggambarake menawa wayang kuwi wis lintas negara. Wayang dadi tontonan saperangan wong ing mancanegara, ora mung lokal utawa nasional. Lha terus piye basane? Gandheng wayang kuwi mawa abasa Jawa, biasane ing sisih pagelaran diwenehi layar LCD kanggo nerjemahake ukara mawa abasa Inggris. Kedadeyan iki kaya dhene kang ditindakake ki  Purbo Asmara nalika mbabar lakon ing Kraton Kasunanan Sala kang ditekani para tamu saka Mancanegara. Kanthi mangkono para turis padha mangerteni alur crita lakon wayang mau.

Wiwit jaman thukule wayang, anggone nyebar kaya dhene sakeclapan wis tekan saindenging desa-desa sak Nuswantara. Wayang dadi gegandrungane para warga nalika semana kanthi pagelaran kang agung.  Nanging emane, akeh kang nganggep yen wayang kuwi mung pagelaran. Sejatine wayang uga bisa dideleng saka saliyane pagelaran, contone ana ing maneka warna gambar dhuwit logam abad 15. 

Denys Lombard:1996, ”Nusa Jawa:Silang Budaya (Jaringan Asia) jilid 2”, mbabar babagan dhuwit nalika abad 15. Nalika kuwi dhuwit digawe saka logam putih kanthi bolongan kothak ing tengahe lan dikirim langsung saka Cina. Gandheng wayang jaman semana dadi primadona, banjur gambar-gambar dhuwit receh kang wiwitane aksara Cina diganti kanthi gambar-gambar wayang.

Kita ora nduweni referensi yen ana para Raja utawa Pangeran ing Nuswantara kang nate ngetokake mata uang kanthi nulis asmane. Ora ana bukti yen dhuwit iku digawe saka prentahe Raja/Pangeran tartamtu. Bisa wae dhuwit mau langsung dikirim saka Cina. Yen dikirim saka kana, dadi nggawene dhuwit mau uga ana kana. Yen bener mangkono, ing abad kuwi bangsa Cina wis ngerti gambar wayang. Nanging dhuwit gambar wayang mau mandheg ing pungkasane abad 15, dadi ora suwe. Tekan saiki dhuwit kuna mau isih ana, nanging akeh-akehe padha digunakake kanggo jimat utawa kanggo nambah rejeki.

Panemuan Wayang pancen panemuan kang fenomenal. Saka iringan gamelan, jogetan, sabetan lan ada-ada, wayang bisa urip. Tanpa iku, wayang dadi barang mati satengahe pagelaran. Gamelan lan jogetan dadi piranthi kang ora bisa dipisahake karo wayang. Semana uga wayang wong. Ora mung wayang kulit wae sing kondhang ing mancanegara, gamelan lan jogedan wayang wong uga  wis moncer ing mancanegara awit negara iki durung mardika.

Ing bukune Joss Wibisono:2012, kanthi sesirah “Saling silang Indonesia-Eropa”, njlentrehake pirang-pirang bab babagan kabudayan Jawa kang digawa menyang Eropa. Taun 1889 ing Paris, ana pagelaran “Gamelan Exposition Universelle”. Pameran mau dianakake kanggo mengeti 100 taun Revolusi Prancis.

Para penari saka Mangkunegaran lan gamelan Sunda “Sari Oneng” digawa menyang pameran mau. Penonton kang teka nalika kuwi luwih saka 875 ewu pengunjung. Warga donya tumplek blek ana kono saperlu mirsani endahe Jogedan Mangkunegaran lan gamelan Jawa. Iki uga kang ndadekake komponis impresionis donya, Claude Debussy(1862-1918) melu-melu nggunakake musik gamelan pentatonis lima nada (Slendro) sajrone musik anggitane.

Budaya Jawa awujud gamelan, tarian lan wayang wis dadi bumbu kanggo ngompliti kabudayan donya. Lan wis kabukti yen budaya mau adiluhung sarta nduweni seni kang misuwur. Minangka para generasi mudha, sak ora-orane kudu melu ngeluri budaya kang luhur mau. Ora kudu bisa nggamel, ndalang, lan nari. Nanging sabisane tumindak awujud ndarbeni lan hangrungkebi kanthi cara nyinau lan ndhudah kaskayane. Supayane Budayane dhewe bisa ngrasuk sajrone nurani dan bisa ndadekake karakter wong Jawa ing tembe.

Bisri Nuryadi
Guru SMK Karya Nugraha Boyolali
Bergiat di Bilik Literasi Solo







Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Artikel Bahasa Jawa; Ing Netrane Donya Ana Wayang"

Back To Top