geguritan ; Nyoblos Presidhen

Nyoblos Presidhen

Moblonge kartika ing ratri purnama
Kalah manis karo bakal presidhen bangsa
Esemane wae bisa gawe gregeting raga
Apa maneh luhur bebudine jiwa,
Bisa gawe tratapane alam sak nagara 

Reronce rantaman nggayuh langit
Bakal mungkasi prekara kang rumit
Nata negara kanthi rapi lan mlithit,
Wus keprungu saka saindenging pencit
Gawe tentreme ati kang kecenthit
Lan nyawa kang wis kesel njerit

Visi lan misi ing pinggir dalan
Padha cumenthel nambah kaendahan
Sesandhing poto gantenge praupan
Dadi tontonan lan tuntunan
Marang warga sakabehing laladan
Ing lemah tilase krajan

Nanging iku mung gambar
Papan poto lan janji padha diumbar
Saking akehe werna kang sumebar,
Kaya-kaya wis padha ora sabar
Medhar sabda sandhuwure mimbar
Lan lungguh ing intene dampar

Pemilu 2014 aja padha golput
Milih calon aja nganti luput
Merga barang wis kebacut
Ora bisa dicabut
Apa maneh didudut

Warga kang jos gandhos
Mesthine padha nyoblos
Aja manut karo pak Bos
Yen swaramu diijoli ongkos

Mangga sareng ndonga
Kanthi pemilu ing wulan pasa
Bisa nangekake satriya
Kang wis suwe nendra,
Wis wayahe sang pinandhita
Mimpin nagara
Satriya kang wicaksana
Lan thas-thes mrantasi prekara

Dening : Bisri Nuryadi








Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "geguritan ; Nyoblos Presidhen"

Back To Top