kumpulan Geguritan ; lila , garis wates

Lila
Kinira uripku bakal ketekan pati
Aku lila
Kinira dalanku wus cuthel
Kepedhot pesthi
Aku uga lila
Lilaku nampa antebing gunung
Kang jugrug saka lathimu
Nemahi watu-krikil abang
Prasasat arit kang tembe dipandhe
Aku tan bakal oncat, cah ayu...
Amung madhep mantep
Netebi cuilan ati
Kang tansah nglangut rina wengi
Merga nunggu...
piwales tembungmu.



Garis Wates
Sanajan mung tletik
Ing wayah sore iki
Bisa-a nggrujug raga
Kang tansah garing tresna
Kadya pletheking siti
Ing mangsa ketiga
Semana uga aku
Sanajan mung saderma
“Bisa nyawang”
Nanging dak anggep wus sampurna
Cukup anggonku nengsemi
Manise jiwa lan ragamu
Kerana garis kang ngiris
Ing antarane aku lan sliramu
“Siswa lan Guru”


dening bisri nuryadi

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "kumpulan Geguritan ; lila , garis wates"

Back To Top