kumpulan geguritan ; tentang politik dalam wayang


geguritan ini telah dimuat di jagad jawa solopos


Limbuk Lan Cangik
Nduk, kahanan sansaya ndadi
Ora selak Baratayudha bakal pecah
Mak pyar, belinge nancep ing batin
Perih           
Kaya wewengkon tilase mataram kae
Para punggawa nyangking gambar, uga bedhil
Ing ngarep salaman
Ing mburi nyanthet
Aja selak, Nduk!
Delengen kanthi jiwa kang tumata
Rasa kang sejati
Ayo, diparani!
Sanajan simbok lan gendhuk mung kaitung angka
Dudu manungsa


Bethara Guru
Lembu andini
Lembu kang suci
Dadi tumpakan ingsun
Ing duwur kayangan
Lan mudhun ing bumi
Kayanganku disangga para kawula
Dijunjung minangka luhur
Lan sinandhiku dadi pitutur
Kang wajib ditetepi
Lembu andini sing dak tumpaki
Dumadakan mati dibrakot singa
Titisan para dewa manca
Kang njilma dadi dewane nagara


Sarpakenaka
Wandaku awon
Tumindakku angkara
Kaya kangmasku Dasamuka
Nanging aku bisa njilma
Dadi putri solo  
Utawa putri Indonesia
Ayu moblong-moblong
Jumeneng kanthi unggah-ungguh
Uga ngabekti marang sapada-pada  



Sengkuni
Kojuring kojur
Duwe lakon ora tau mujur
sakjeg jumblek nemplek kelir
Kadhapuk paraga kenthir
Ingsun iki Patih ora godag nglabur
Malah agawe ajur mumur
Ing Negara sebrang
Ingsung dadi kawentar
Pendhak dina mlebu Koran
Merga kasebut ing pamarintahan  



Bisri Nuryadi
Alumnus Univet Bantara Sukoharjo
Sinau ing omah Literasi Solo


Share :

Facebook Twitter Google+
2 Komentar untuk "kumpulan geguritan ; tentang politik dalam wayang "

ijin kopas ya bray....kunjung balik http://geguritan.com/2016/03/14/geguritan-negeriku-negeri-pangimpen/

Back To Top