Pring Reketeg Gunung Gamping Ambrol


Pring
Pancen ora kaya wit liya
Ragaku lenceng tanpa cawang
Pratandha aku netepi setya
Tansah teteg lan bakuh
Dadi cagak pangukuh

Cilikanku kang bisa dijangan
Minangka tali asih lan asuh
Saiki,
sapa kang bakal ngesuh?



Reketeg
Paman, apa wartane ing dalan?
Gegodhongan padha gogrog
Kamangka ora ana wite
Banyu udan padha ngrutuki pitakonan
Nanging ora ana kang mangsuli

Apa wartane ing dalan, Paman?
Para putra padha gedandapan
ngoyak playune angin
kang nggawa hawa tegel
Esuk padha padudon 
Awan padha congkrah
Wengi malah padha nangis 
Paman, apa wartane ing dalan?   



Gunung Gamping
Endi wujudku?
Kang kawentar luhur
Dadi tilase para leluhur
Kang tansah ngabekti
Marang Gusti  lan sedulur

Delengen wujudku!
Pating growal
Cilik tur numlik
Akeh kriwikan utawa krowakan

Biyen sejatine aku garang
Nanging saiki sansaya garing
Saben-saben digagahi garong  
kang nitis ing jiwane gareng     


Ambrol
Pesti titahe Gusti
Kang ora bisa diinggati
Menungsa
Menus-menus kakehan dosa

Mula,
Tansaha eling lan meling
Marang ngilmu kautaman
Aja njegal
Lan melik darbeking liyan

Nanging,
Lakone Anoman obong
Sing ora ngobong bakal diobong
Jarene sapa?
Manungsa
Polahe kang nglantur tanpa pitutur
Nglunturake watak kang utama

Banjur,
Kelingan dolanan bocah biyen
“Pring reketeg Gunung Gamping njeblug.”  



Bisri Nuryadi



Alumnus Univet Bantara Sukoharjo

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Pring Reketeg Gunung Gamping Ambrol"

Back To Top