Rangkuman/Suplemen Basa Jawa SD


Ater-Ater Hanuswara
a.    Ater-ater hanuswara; an-, ang-, any-, am- (n-, ng-, ny-, m-)
Tuladha:
-      an/n- + tulis        = nulis
-      an/n- + tuding    = nuding
-      ang/ng- + gawa = nggawa
-      ang/g- + gawe          = nggawe
-      any/ny- + sapu   = nyapu
-      any/ny- + cekel = nyekel
-      am/m- + bedhil = mbedhil
-      am/m- + bedhek       = mbedhek
b.    Panambang “a”
Tuladha:
-      nulis + -a            = nulisa
-      nyapu + -a          = nyapua
-      mbedhek + -a     = mbedheka
-      nuding + -a        = nudinga
-      nggawe + -a       = nggawea
-      nyekel + -a = nyekela
-      mbedhil + -a      = mbedhila

Rangkuman
Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap
a.    Ukara tanduk, yaiku ukara kang wasesane oleh ater-ater hanuswara (an-, ang-, any-, am-).
Tuladha:
-      Tira mbuwang sampah ing bak sampah.
-      Nafi nganggo obat nyamuk.
-      Hanafi nyapu emperan.
-      Salsa nulis aksara Jawa.
b.    Ukara tanggap, yaiku ukara kang wasesane oleh ater-ater tripurusa (dak-, ko-, di-).
Tuladha:
-      Sapine diopeni bapak.
-      Ampyange dakpangan telung giling.
-      Layange wis kokwaca apa durung?.
-      Kucing digusah bapak.

Ukara ing ngisor iki kagolong ukara tanduk utawa ukara tanggap, wenehana tandha contreng () ing kolom kang cocog? Garapen karo kancamu!
No.
Ukara
Tanduk
Tanggap
1.
Laptope digawa kangmasku


2.
Kucinge wis kokpakani apa durung, Zis?


3.
Aku nyapu ing latar nganti resik.


4.
Alif mancing ing kali Ciliwung.


5.
Tase Tira isih dakgawa nganti sesuk.


6.
Saklare diganti nganggo stop kontak.


7.
Adhiku nyukurake rambute sing wis katon gondrong.


8.
Wong sing ngebom ing Solo langsung ditangkep polisi.


9.
Obat nyamuke wis koksumet apa durung, Han?


10.
Aku arep ngarit ing kebone Pakdhe Harto.




Tembung Entar lan Paribasan
1.    Tembung Entar : Tembung kang tegese ora salugune
Tuladha:
-      Abang kupinge = nesu                     -     Cilik atine                 = kuwatir, jirihan
-      Adol kringet     = nyambut gawe      -      Jembar polatane       = pinter

2.    Paribasan : Unen-unen kang ajeg panggone, mawa teges entar, lan ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
-      Nyolong pethek         = Ora cocog karo pangirane
-      Kepara-kepere          = Pangedume ora padha
-      Kepluk ora tombok   = Ngrasakake senenge ora cucul wuragad
-      Ketula-tula ketali       = Tansah nandang sengsara


Rangkuman

Ngudhal Ukara
Ngudhal ukara manut jejer, wasesa, lan lesan.
Tuladha:
-     Mbak Suci gawe kripik tempe.
       Mbak Suci        : jejer
       gawe                 : wasesa
       kripik tempe   : lesan
-     Mas Pri ngundhuh klapa.
       Mas Pri             : jejer
       ngundhuh        : wasesa
       klapa                 : lesan
-     Simbah gawe lenga goreng.
       Simbah             : jejer
       gawe                 : wasesa
       lenga goreng      : lesan

Tembung Garba
Tembung garba ana telung warna yaiku:
1.    Tembung garba sutrawam: yaiku tembung garba sing oleh aksara w.
       Tuladha:
       malbweng = malebu + ing
       munggweng = munggu + ing (tg. manggon ing)
2.    Tembung garba sutraye: yaiku tembung garba sing oleh aksara y (ya).
       Tuladhane:
       sedyarsa = sedya + arsa (tg. tujuane, karepe)
       sugyarta = sugih + arta. (tg. sugih dhuwit)
3.    Tembung garba warga ha: yaiku tembung garba sing ora kalebu ing lelorone iku.
       Tuladha:
       narenda = nara + endra. (tg. wong sing pangwasane kaya bathara endra, ratu)
       narpendah = narpa + endah (tg. ratu sing ayu)

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Rangkuman/Suplemen Basa Jawa SD"

Back To Top