Menyediakan Materi, Soal & kunci jawaban Mapel Bahasa Jawa untuk Semua

Materi Basa Jawa Kelas 6/2 SD (Pelajaran 3)


SK
Mendengarkan
Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan melalui pembacaan teks pidato dan cerita wayang.
Berbicara
Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan tentang pidato dan mengapresiasi tembang macapat.
Membaca
Mampu membaca dan memahami teks pidato dan membaca huruf Jawa. 
Menulis
Mampu menulis karangan dalam berbagai bentuk dan menulis huruf Jawa.

KD
1.2   Mendengarkan cerita tokoh wayang.  
2.2   Berpidato.
3.1   Membaca teks pidato.
4.1   Menulis karangan (parafrase, dialog, narasi, dan sebagainya).


    A.     Nyemak (Nyemak Cerita Wayang)
Semaken cerita wayang kang ditindakake kancamu ing ngisor iki kanthi premati!
Nakula-Sadewa

Sawijining wengi jroning perang agung Bharatayuda Jayabinangun, para Pandhawa padha ora tentrem atine. Jalaran ana laporan saka telik sandi menawa sesuk narendra Mandaraka Prabu Salya bakal madeg Senopati Agung ing pabarisan Kurawa. Narendra sepuh saka negara Mandaraka iku kondhang kadunungan aji Candhabirawa. Menawa aji Candhabirawa iku kawateg awake Prabu Salya bisa ngetokake buta bajang kang ora bisa mati, sebab menawa mati siji dadi loro, mati loro dadi papat lan sateruse. Semono uga menawa nganti ana awake kang tugel bisa bali wutuh dene tugelan awake thukul dadi buta bajang sing wutuh. Kajaba iku, sejatine Prabu Salya iku kangmase Dewi Madrim (ibune Nakula-Sadewa). Mula para Pandhawa ora tentrem arep ngadhepi pamane dhewe. Prabu Kresna kang dadi paranpara utawa penasehat Pandhawa banjur paring dhawuh marang raden Nakula-Sadewa supaya sowan nyuwun pituduh marang Prabu Salya.
Wayah bengi ing pakuwon Cemara Sewu, kabeh para prajurit wis padha turu kepati. Nanging katon wong agung Mandaraka kang mandhegani prajurit saka pakuwon iku isih wira-wiri, ngerutake kulit ing antarane alise. Bingung anggone madeg senopati sesuk, sejatine wiwit pecahing perang mung lahire wae Prabu Salya mbelani Kurawa amarga Prabu Duryudana pambarepe Kurawa iku mantune Prabu Salya. Jroning batin sejatine Prabu Salya luwih tresna marang para Pandhawa, nanging putrane loro kabeh Raden Burisrawa lan Rukmarata wis padha gugur mbelani Kurawa ana ing perang Bharatayuda. Putu-putune sing lanang uga wis padha gugur, kaya-kaya wis kari ijen Prabu Salya urip ana ing donya. Isih mangu-mangu ana pendhapa Pakuwon Cemara Sewu dumadakan tinubruk bocah sakembaran kang padha tangisan.
Karo nangis sesenggukan ana pangkone Prabu Salya, Nakula-Sadewa matur, “Wa Prabu, mbenjang para Pandhawa sampun mesthi sami pejah mboten kuwawi nandhingi panjenengan. Pramila saderengipun kula mangke nyekseni kadang-kadang kula gugur mbenjang enjang, Wa Prabu kula nyuwun pejah.”
Prabu Salya trenyuh banget kelingan cilikane ponakane kang ditinggal seda bapak ibune lan dianggep putrane dhewe iku.  Banjur paring dhawuh, “Ngger, Kembar.... Wa Prabu ki wis tuwa. Arep taknggo apa yen isih golek menang perang? Wa Prabu wis wayahe sowan Swargaloka. Kowe mau matur kaya ngono sing akon sapa? Kresna?”
“Mboten Wa Prabu, menika kala wau saking ati kula piyambak.” Wangsulane Nakula-Sadewa nutupi bebener sing wis bisa diwaca Prabu Salya.
“Ngger Kembar.... rungokna sing tenanan, besuk menawa perang iki wis rampung negara Mandaraka pek-en kanggo ijole anggonku ora bisa ngurusi kowe nalika semana. Saiki balia mulih, matura kadang-kadangmu yen Wa Prabu banget tresna marang Pandhawa lan Wa Prabu uga bombong dene para Pandhawa nyata-nyata satria kang tansah nglungguhi tata krama. Welingku sing pungkasan, mbesuk kakangmu Puntadewa aturana nandhingi Wa Prabu amarga sing bisa ngeterake Wa Prabu menyang swargaloka iku mung jimat Kalimasada.”
Tetelune padha tangisan rerangkulan ngesok rasa kang pungkasan. 


Garapan
Soal ing ngisor iki golekana wangsulane adhedhasar wacan ing ndhuwur!
1.   Pandhawa iku ana pira? Sebutna kanthi urut!
Wangsulan:
Ana 5, Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula lan Sadewa.
2.   Manut wacan ing ndhuwur Pandhawa padha ora tentrem atine amarga apa?
Wangsulan:
Amarga besuk Prabu Salya bakal tandhing ing palagan Bharatayuda mungsuh ponakane dhewe yaiku Nakula lan Sadewa.
3.   Nakula Sadewa iku putrane sapa?
Wangsulan:
Prabu Pandhudewanata lan Dewi Madrim.
4.   Sapa prabu Salya iku?
Wangsulan:
Kangmase Dewi Madrim utawa Wane Nakula lan Sadewa.
5.   Apa kasektene Prabu Salya?
Wangsulan :
Ngetokake buto bajang, kang ora bisa mati.

Garapan
Ringkesen cerita wayang ing dhuwur, banjur wacanen kanthi swara kang seru ana ing ngarep kelas!
Wangsulan:
Kreativitas siswa


    B.      Micara (Sesorah)
1.   Sesorah Perpisahan
Coba praktekna wacan pidhato ing ngisor iki ing sangarepe kanca-kancamu!
Wilujeng siyang para tamu sedaya.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati, rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang kanthi berkah lan rahmatipun kula dalasan panjenengan sami saged makempal wonten ing papan menika kangge ngawontenaken pepisahan.
Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, boten kantun kula minangkani wakilipun murid kelas 6 ngaturaken agunging panuwun awit saking sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah lan mulang wuruk dhumateng kula sakanca, saengga kula sakanca saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 6 taun.
Bapak/Ibu Guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula kurmati, sekedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakanca nilaraken Bapak/Ibu saha adhik-adhik kelas sedaya.
Makaten atur kula, inggih menika sepisan ngaturaken panuwun, lan ingkang kaping kalih nyuwun pamit badhe nilaraken pawiyatan.
Kula sarencang kelas 6 tansah nyenyuwun lan dedonga mugi adhik-adhik sageda kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.
Boten kantun ugi kula sakanca tansah memuji dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados Bapak/Ibu guru saha adhik-adhik pikantuk rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.
Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula pepanjang, pramila cekap semanten atur kula, bokmenawi wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami.
Nuwun, matur nuwun.
                                               (Kapethik saka Remen Basa Jawa 6 kanthi ewah-ewahan saprelunipun.)


Garapan
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi nggatekake pidhato ing dhuwur!
1.   Sesorah ing dhuwur diucapake ing acara apa?
Wangsulan:
Perpisahan
2.   Murid kelas pira sing ngucapake sesorah ing dhuwur?
Wangsulan:
Perwakilan kelas 6
3.   Tulisen pambukane sesorah iku?
Wangsulan:
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati, rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang kanthi berkah lan rahmatipun kula dalasan panjenengan sami saged makempal wonten ing papan menika kangge ngawontenaken pepisahan.
4.   Apa isine sesorah ing dhuwur?
Wangsulan:
Wakil kelas 6 ngaturake panuwun kang banget marang para warga sekolah kabeh (Kepala sekolah, guru-guru lan para kanca-kanca) lan nyuwun donga pangestu supaya enggal entuk pawiyatan kang becik.
5.   Kepiye panutupe sesorah ing dhuwur?
Wangsulan:
Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula pepanjang, pramila cekap semanten atur kula, bokmenawi wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami.
Nuwun, matur nuwun.

Garapan
Wenehana tanggapan saka anggone sesorah kancamu iku kanthi lesan!
Wangsulan:
Kreativitas siswa


2.   Araning Pakaryan
Saben wong duwe pakaryan kang beda-beda. Ana kang dadi buruh, blantik, arsitek, dhalang, lan ana uga kang dadi makelar. Ing ngisor iki diandharake jinis-jinis pakaryan, kayata:
a.   Buruh              :  wong sing nyambut gawe golek opah.
b.   Blantik             :  tukang dol tinuku raja kaya.
c.   Arsitek             :  tukang ngrancang bangunan.
d.  Dhalang          :  tukang nglakokake crita wayang.
e.   Makelar           :  tukang nglantarake dol tinuku barang.
f.   Juru sungging :  tukang nggambar.
g    Jagal                 :  tukang nyembelih raja kaya.
h.  Blandhong       :  tukang negor kayu ing alas.
i.    Pandhe                        :  tukang gawe barang saka wesi.
j.    Kundhi                        :  tukang gawe barang saka inten.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.   Tukang gawe barang saka emas diarani ....
Wangsulan:
Kemasan
2.   Tukang ndandani mesin diarani ....
Wangsulan:
Montir   
3.   Tukang nggawe barang saka kayu diarani ....
Wangsulan:
Blandhong    
4.   Tukang nabuh gamelan diarani ....
Wangsulan:
Niyaga   
5.   Tukang gawe gaman diarani ....
Wangsulan:
Mranggi

Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara!
No.
Tembung
Ukara
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
Guru
Niyaga
Sindhen
Dhalang
Undhagi
Kusir
Sopir
Polisi
Pandhe besi
Tukang kayu
___________________________________________________________
___________________________________________________________
___________________________________________________________
___________________________________________________________
___________________________________________________________
___________________________________________________________
___________________________________________________________
___________________________________________________________
___________________________________________________________
___________________________________________________________

Wangsulan :
Kreativitas siswa

    C.      Maca (Maca Pidhato)
Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.
Tuladha:
Wacanen pidhato ing ngisor iki kanthi swara kang cetha ana ngarep kelas!
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati, kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji syukur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring bagas kasarasan dhumateng panjenengan dalasan kula.
Ing ngriki kula minangka wakilipun kanca-kanca kelas enem ngaturake gunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang kersa ngrawuhi pasamuan ingkang kula sakanca wontenaken.
Pasamuan punika minangka raos syukur lan perpisahan kelas enem, ingkang saweg nampi pengumuman lulusan. Puji sukur sedaya saged lulus boten wonten ingkang kecicir. Pramila ing wekdal punika kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun paring tuntunan tuwin panggulawentah wiwit kul sakanca kelas setunggal ngantos dumugi tamat punika. Mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring kawilujengan saha kanugrahan dhumateng panjenengan sedaya.
Salajengipun kula sakanca boten kesupen nyuwun pangaksami bilih wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang prayogi. Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’aliakum Wr. Wb.

Garapan
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar geguritan ing dhuwur!
1.   Sapa sing macakake pidato?
Wangsulan:       
Wakil kelas enem
2.   Apa isine pidato ?
Wangsulan:
Mratelakake panuwun marang para Guru sawise kalulusan
3.   Pidato ing dhuwur nganggo basa ?
Wangsulan:
Basa krama    
4.   Kepiye rasane pidato ing dhuwur ?
Wangsulan:       
Sedhih nanging seneng
5.   Kepriye kelulusan kelas enem?
Wangsulan:
Kabeh bisa lulus lan ora kang kacicir.

Garapan
Gawea pidato nganggo tetembunganmu dhewe, irah-irahane mardika (bebas)! Tulisen ing buku garapanmu, banjur wacakna ana ngarep kelas!
Wangsulan :
Kreativitas siswa


   D.      Nulis (Pacelathon)
Wong urip iku mesthi mbutuhake wong liya. Ora ana wong kang bisa urip dhewe tanpa pitulungan saka wong liya. Gegayutan karo babagan iku, basa duweni paedah kang penting yaiku minangka sarana manungsa anggone gegandhengan marang lihyane (komunikasi). Kanthi komunikasi bisa ngraketake paseduluran, kekancan, lan nambahi kawruh kang mupangati.
Tuladha:
Wacanen kanthi premati!
Pendi     :  “Nuwun sewu Eyang. Menawi kepareng kula badhe nyuwun katrangan, ingkang nyebataken bilih bawang menika saged kangge jampi, menapa inggih, Eyang?”
Eyang    :  “Oo...Ngono. Lha bagean apa kang koktakokne?”
Pendi     : “Ingkang badhe kula tangletaken ngaten, Eyang. Penyakit menawa kemawon ingkang saged dipunusadani ngangge bawang menika?”
Eyang    :  “Sing tak ngerteni, bawang iku bisa kanggo ngobati disentri lan asma.”
Pendi     :  “Lajeng larah-larahipun kadospundi, lan kados pundi cara ngginakaken?”
Eyang    :  “Yen kanggo disentri, carane bawang kira kira 10 gram dionceki banjur diuleg alus, terus dikum banyu anget suwene 6 jam, lan ditambahi gula, banjur dipara dadi telung perangan, banjur diombe segelas, sedina kaping telu.”
Pendi     :  “Lha menawi kangge asma menika kados pundi?”
Eyang    :  “Kanggo ngobati asma utawa sesak napas, kanthi cara bawang 10 siung dionceki lan dikumbah resik. Bawang diiris-iris banjur digodhog nganggo banyu 2 gelas nganti sisane kari telung prapate. Banyu godhogan didhemake banjur disaring. Bisa diombe setengah gelas, saben dina ping telu.”
Pendi     :  “Oo...Ngaten nggih.”
Eyang    :  “Iya...Le. Mulane yen mung pengin ngobati penyakit apa wae kuwi sejatine ing wit-witan utawa woh-wohan ing sakiwa tengen dhewe iki jane ya wis cumawis kok, Le. Ya mung awake dhewe wae durung mangerteni.”
Pendi     :  “Gandheng sampun cekap kula badhe nyuwun pamit rumiyin, matur nuwun, Eyang.”
Eyang    :  “Lha kok kesusu...kowe ki...?”
Pendi     :  “Inggih Eyang...Kulo ajeng bal-balan, kalih rencang-rencang.”


Garapan
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur! Garapen karo kancamu sabangku!
1.   Sapa sing lagi pacelathon ing dhuwur?
Wangsulan:       
Pendi lan Eyang
2.   Ngrembug babagan apa pawongan ing dhuwur?
Wangsulan:       
Bagan obat tradisional
3.   Apa gunane bawang?
Wangsulan:       
Kanggo obat penyakit disentri lan asma
4.   Kepiye anggone migunakake bawang kanggo penyakit asma?
Wangsulan:       
Bawang 10 siung dionceki lan dikumbah resik. Bawang diiris-iris banjur digodhog nganggo banyu 2 gelas nganti sisane kari telung prapate. Banyu godhogan didhemake banjur disaring. Bisa diombe setengah gelas, saben dina ping telu.
5.   Kepiye anggone migunakake bawang kanggo penyakit disentri?
Wangsulan:       
Bawang kira kira 10 gram dionceki banjur diuleg alus, terus dikum banyu anget suwene 6 jam, lan ditambahi gula, banjur dipara dadi telung perangan, banjur diombe segelas, sedina kaping telu.

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi Basa Jawa Kelas 6/2 SD (Pelajaran 3)"

Back To Top