Essay/Artikel Jawa: Ana Rasa Sajrone Gendhing

Ana Rasa Sajrone Gendhing

Wolung puluh telu taun kepungkur, ana prastawa kang wigati kanggone kesenian Jawa. Prastawa iku ora liya acara Konggres Basa Jawa kang diadani ing Ngayogyakarta, 27 Maret 1927.

 Ing acara mau akeh prekara Jawa kang dirembug, klebu prekara babagan kesenian Jawa. Para pakar kabudhayan padha medhar sabda ing satengahe acara mau, klebu Suwardi Suryaningrat utawa Ki Hajar Dewantara(KHD) kang mbabar babagan tembang lan gendhing Jawa.

KHD ngandharake menawa kesenian kuwi ora bisa dilebokake ing bab pagaweyan. Amarga menawa kesenian dilebokake ing bab pagaweyan, ing sawijining dina mengkone kesenian bakal rusak dan nemahi kacilakan. 

Endha saka prekara mau, para kang ngugemi lan nglakoni kesenian ora liya para seniman uga ora bisa dipisahake karo kang jenenge kabutuhan urip, ya dhuwit mau. Kamangka menawa kepengin oleh dhuwit ya kudu nduweni pagaweyan. Dadi yen ana seniman kang diwenehi bayaran sawise tanggapan iku dadi prekara kang lumrah. Kang wigati ora ngarani. Tembung “ngarani” mangkene kang njalari kesenian bakal nemahi kacilakan kaya andharane KHD.

Gendhing kang dimainake dening piranthi gamelan, nduweni pasemon kang gedhe kanggo mbangun bebarayan agung jumbuh apa kang dikarepake dening para leluhur. Amargane Kesenian iki bisa menehi rasa ayem lan tentrem marang manungsa kang ngrungokake. Rasa iki pancen larang regane, ora kabeh pawongan bisa ngrasakake.

Tuladhane bisa ditingali ing bab politik negara kita ing wayah iki. Akeh para anggota DPR, Bupati, Gubernur, lan sabangsane ora bisa nduweni rasa ayem tentrem tumrap apa kang wis diduweni, malah anane mung sarwa kurang wae. Ora bisa nrima kahanan sanajan wis nduweni pangkat gedhe, jabatan dhuwur lan kaya kang ngedap-ngedapi.  

Rasa ayem tentrem amung bisa dirasakake ana ing jero ati. Nalika ngrungokake swara gendhing, rasa kang kagawa sajroning swara gendhing mau mlebu liwat talingan lan sabanjure mlaku tekan jero ati. Mula, akeh pawongan kang ngrungokake gendhing sabanjure awake krasa kepenak, ayem lan tentrem sanajan akeh gegayuhan kang durung bisa kecandhak. Ati minangka perangan badan kang gunane kanggo ngrasakake, dadi prekara kang wigati ngenani sawang-sinawang marang bandha, pagaweyan, lan kahanan urip.

Ing negara Manca, teori kang kaya mangkene malah didadekake ajang panaliten. Biyen bangsa Eropa padha ngendelake pikiran. Pikiran didadekake barang kang ngedap-ngedapi amarga saka pikiran mau, ewonan tekan yutanan teknologi canggih bisa karipta. 

Ananging kanyata, manungsa kang ngendelake pikiran mau padha ora bisa nduweni rasa ayem tentrem. Malah anane bisa nggiring pepinginan kang gedhe, ngluwihi wates lan mesthine kepengin luwih tinimbang liyane. Saka kahanan kang kaya mangkono, Eropa sabanjure nyinau kabudhayan timur, klebu Kesenian gendhing, tekan titiwanci iki. 

Gendhing dianggep kesenian kang nduweni kapitayan bisa mangaribawani rasa ing ati, sabanjure thukul krenteg minangka tuwuh saka rasa mau. Merga sajrone swara gendhing iku ngandhut wirama, kaendahan lan kasusilan. 

Rasa wirama ngandhut perangan babagan runtut, patut, titi, pratitis, tetep, tatag, antep lan mantep. Rasa kaendhahan ngandhut saperangan edi, peni, resik, endah, alus, luhur lan bening. Dhene rasa kasusilan ngandhut saperangan suci, lebet, santosa, jejer, gadah prabawa, mandiri, budi pekerti, raos gesang lan bebrayan. 

Kanthi ngandhut pirang-pirang rasa mau, para panaliten saka Eropa nemokake menawa gendhing bisa dadi terapi kanggo pawongan kang lagi nandhang stress.

Seratan Aris Setiawan kanthi sesirah “Gamelan Jawa dan Kemanusiaan”,  menehi pangertenan menawa durung suwe iki, saperangan pawongan Eropa mangerteni gendhing utawa gamelan kanthi tembung “Good Vibrations” utawa “Getaran gamelan”. 

Swara Gendhing didadekake terapi kanggo para nara pidana lan para kang lagi nandang lara stress ing patbelas penjara Inggris. Saka kahanan mangkono, Singapura uga malah majibake para siswa SD kanggo nyinau lan nerapake wajib nggamel kanggo mbentuk karakter lan moral generasi mudha.

Ing titiwanci pungkasan iki, akeh pawarta kang mbabar babagan kabudhayan Jawa, klebu gendhing bakal nemahi cures. Ukara kang mangkene iki bisa diarani salah kaprah. Kesenian Jawa isih urip. Para seniman kang dadi pucuking kesenian kuwi sejatine ora ngurip-nguripi kesenian, ananging nggulawentah supaya tetep, lan ajeg ngrembaka tekan generasi sabanjure. Embuh generasi negara dhewe, utawa generasine negara liya.  

Bisri Nuryadi





Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Essay/Artikel Jawa: Ana Rasa Sajrone Gendhing"

Back To Top