Artikel Bahasa Jawa tentang Pahlawan

Dipanegara Ing Wulan Pasa 

Penguasa(Eropa) di Jawa menjadi pertanda kemalangan besar bagi orang Jawa, sebab rakyat telah dijauhkan dari hukum illahi yang disampaikan oleh Nabi dan dipaksa tunduk pada hukum Eropa.” (Knoerle,’Journal’,30)

231 taun kepungkur ing wulan pasa, nalika para warga muslim nindakake saur, ing Jawa lair sawijiing paraga pahlawan nasional. Paraga mau kawentar kanthi asma Pangeran Dipanegara (sabanjure kasebut PD). Bayi mau banjur diwenehi jeneng Bendoro Raden Mas Mustahar, lan diwasane kanthi jeneng Raden Antawirya. Sabanjure Raden Antawirya nrima gelar kepangeranan minangka Bendara Pangeran Arya Dipanegara. 

Amarga PD gesang ing lingkungan islam, ndadekake sipat lan watake  minangka santri kang banget kawigatene marang bab agama. Sawijining gurune yaiku Kyai Mojo (1792-1849) kang asale saka Mojo, wetan Delanggu. Kyai iki kang ngajari PD bab agama lan uga dadi penasehat nalika perang Jawa(1825-1830). Watak tegas saka gurune, banget mangaribawani sipat lan watake sabanjure.  

Minangka santri, PD ora keri anggone maos buku-buku kang pancen akeh paedahe. Kitab islam lan kitab Jawa dadi waosan kang wigati. Ing antarane kitab mau yaiku kitab tasawuf, serat anbiya(sejarah nabi), tafsir Quran, lan kitab Tuhfah (ajaran sufisme, babagan Gusti, donya lan manungsa). PD uga ora lali sinau kitab kang dadi yasane para leluhur biyene, kayata serat Rama, Arjuna Wijaya, lan Arjuna Wiwaha. 

Bapake, Hamengku Buwana(HB.) III kang jumeneng nata mung sedhela, ing taun 1812-1814, ora ndadekake PD kudu sedhih lan nglokro anggone nglakoni urip. Saka sedane HB. III mau, sabanjure tatanan kraton dipasrahake marang putrane saka garwa padmi utawa permaisuri, sanajan lagi ngancik umur 10 taunan. Bocah mau kawisudha dadi raja minangka HB. IV. 

Taun 1822 HB. IV seda. Raja ing Kasultanan kelakon kosong. Gelem-ora gelam, putra HB. IV kang lagi umur rong taun banjur kawisudha minangka HB V.  Nalika HB. III isih gesang, Sipat lan watak tegas PD wis katon. PD asring padu marang adine, HB. III babagan pantes orane nyewakake lemah marang wong Eropa, semana uga marang patihe. Patih mau konangan nyewakake sawah kraton marang wong Inggris. PD bener-bener ngamuk, banjur nyopot sandal slop kanggo  nuthuk praupane patih mau sanajan lagi dianakake upacara Garebeg Puwasa. 

Sipat tegas PD saya suwe sansaya nggegirisi. Sistem-sistem kang diwangun para pamarintahan Walanda akeh kang nelangsakake para petani Jawa. Mula tanpa rasa wedi lan gigrig, PD ngendikan kanthi kasar marang Walanda. Sawijining pangandikan, kaya kang kaaturake ing dhuwur wiwitan tulisan. Pangandikan PD ing dhuwur kajupuk saka Buku “Takdir, Riwayat Pangeran Diponegoro, 1785-1855” dening Peter Carey(2014). 

Sabanjure ing taun 1825, Jawa bener-bener dadi wewengkon kang kebak pepaten. Ing ngendi-endi papan meruhi wong lagi tumandang perang. Ndadekake omah-omah lan tetanduran ing sawah padha rusak. PD duweni gelar nalika perang Jawa kaleksanan. Gelare yaiku “Sultan Ngabdul Chamid Herucakra Kabirul Mu’minin Sayidin Panatagama Kolifat Rasulullah”. 

Gelar mau bisa netepake wibawa lan kanggo golek kapercayan marang warga muslim ing wewengkon Jawa. Saking kawentare greget gelar mau, PD uga ngangkat lan menehi gelar marang elite-elite lokal. Contone Pangeran Serang II, kanthi gelar “Senopati Prang Sabilollah Ingkang Anetepaken Agami Islam”. PD nduweni krenteg kang gedhe kanggo ngimpun pasukan perang nglawan Walanda. 

Kabeh pasukan perang mau padha nyawiji ndukung lelabuhane PD kanggo nggayuh kamardikan lan ngusir para kompeni. Rongatus ewu warga Jawa gugur ing perang minangka kusumaning bangsa. Saka pehak Walanda kudu nggrujugake beaya perang kang akehe 25 yuta Gulden(kurang luwih 2,2 Milyar dollar AS ing wayah saiki).

Saking suwene perang, pehak Walanda migunakake akeh cara kanggo nyekel PD. Nalika wulan pasa, maret 1830, Jendral De Kock nganakake acara ramah tamah ngundang PD. Jebul Jendral mau mblenjani janjine. Ing dina minggu ngepasi warga muslim nindakake ariyaya, saknalika PD dicekel lan dibucal saka wewengkon Jawa saklawase. 

Wulan pasa lan bakda kang kudune seneng kebak kabagyan, malah dadi acara kang nggegirisi lan dramatis. Ing Manado wewengkon PD diasingake, piyambake uga isih bisa methuki wulan Pasa. Wulan pasa kanggone PD tetep wulan kang kebak berkah lan mesthine uga dadi wulan ambal warsane. Nanging ing wulan pasa uga, piyambake bisa ketangkep lan diblenjangi janji marang walanda kang dadi mungsuh sejatine. 

Bisri Nuryadi

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Artikel Bahasa Jawa tentang Pahlawan "

Back To Top