Mobah Mosiking Sastra Jawa
Kita mesthi wis padha mangerteni menawa Prof. Dr. P.J. Zoetmulder nate nyerat “kalangwan, Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang” ing taun 1974. Buku kang migunakake basa asli Inggris iku banjur dicetak maneh kanthi basa Indonesia ing taun 1983.
Buku kasebut mratelakake pirang-pirang serat sastra Jawa kuna, kayata Adiparwa, Wirataparwa, Bhismaparwa, Asmarawasaparwa, Mosalaparwa lan isih akeh liya-liyane. Saliyane iku, panaliten-panaliten piyambake kang sambetane karo sastra Jawa kuna uga disuntakake ana ing buku kanthi gunggung 648 kaca iku.
Salahsawijining kawruh kang diandharake ing buku mau yaiku babagan kritiks teks. Zoetmulder ngandharake, ora gampang yen arep mindah teks sastra jawa kuna ana ing teks basa Jawa saiki. Pakaryan kuwi mau pancen abot. Ora mung mbutuhake pawongan Sarjana kang dhuwur, ananging pawongan kang bener-bener nduweni ilmu kang mumpuni babagan karya sastra Jawa kuno.
Budidaya kuwi mau ditindakake supaya tulisan sastrane ora uwal saka asline. Amarga ing kono ana sambetane karo basa kang wis mati. Saliyane iku, anane basa mung ing karya sastra mau kang digawe pirang-pirang abad kepungkur.
Kayane saben pawongan ing Jawa wis padha mudheng, menawa Sastra Jawa iku klebu karya sastra kang njlimet. Apa saking njlimete mau, saperangan bebrayan agung Jawa pungkasan iki wis padha ora preduli marang karya sastra Jawa kang sejatine nduweni tradhisi sing wis tuwa.
Ing wektu-wektu iki, saperangan pawongan kang seneng marang karya sastra Jawa mesthi kepengin mbukak maneh buku-buku babagan karya sastra Jawa mau. Amarga ana pawarta kang sambetane karo karya sastra, sanajan tekane saka sastra Indhonesia.
Kembali ke Daftar isi Artikel dan Resensi Jawa.
Kembali ke Daftar isi Artikel dan Resensi Jawa.
Solopos (senin, legi 6/2/13) ing rubrik Ragam mawarakake menawa kasusastran Indonesia durung suwe iki ngetokake buku kanthi irah-irahan “33 tokoh sastra Indonesia paling berpengaruh”, Ing Tangerang. Ing buku mau, ana sawijining jeneng konsultan politik, Denny J.A.
Jeneng mau dadi panyeruwe dening pirang-pirang sastrawan Indonesia. Panyeruwe mau disebabake dening Ahmadun yosi Herfanda, minangka sastrawan uga dhosen luar biasa Universitas Multimedia Nusantara. Ahmadun nate ngandharake ing Facebook, yen piyambake diwenehi dhuwit 10 yuta dening Denny J.A kanggo nulis puisi essay.
Sing wigati ing kene dudu kang mbayar utawa dibayar 10 yuta mau, ananging paraga-paraga sastra kang jare mangribawani donya sastra Indhonesia. Menawa ana paraga kang mumpuni ing bab karya sastra Indhonesia, banjur sapa wae paraga kang mumpuni ing bab karya sastra Jawa?
Ing titiwanci pungkasan iki akeh pawongan kang kepengin ngonceki maneh anane sastra Jawa. Ana kang nduweni panemu yen sawise kapujanggan Ranggawarsita iku sastra jawa wis cures. Panemu kang mangkono pancen ana benere, nanging cara mbandingake kang kesusu mau sing kudune diteliti maneh.
Sawise kapujanggan cuthel, sastra Jawa isih tetep urip. Sastra Jawa ditulis dening panulis sanjabane krajan. kayata Padmasusastra, Hardjawiraga, Any Asmara, Esmiet, Tamsir AS, Suparto Brata lan akeh maneh liya-liyane.
Menawa karya sastra Indonesia bisa moncer tekan saiki, kena ngapa sastra Jawa ora bisa moncer kaya dhene sastra Indhonesia?
Wis ora jamane maneh, menawa ana panemu yen panggonan sastra jawa iku mung kanggo wong ndesa lan sastra Indhonesia yaiku sastrane wong kutha. Utawa sastra jawa kagolong sastra kelas ngisoran lan sastra Indhonesia minangka sastra kelas dhuwur.
Kanggo mangerteni maneka warna panemu mau, kita bisa maca buku “Wawasan sastra Jawa modern” (1988) kang dianggit dening Poer Adhie Prawoto. Buku tipis iku ngamot pirang-pirang seratan babagan sastra Jawa.
Salah sijine yaiku seratan kanthi irah-irahan “Dinamika sastra Jawa” dening Trias Yusuf Prasetyo utomo. Trias ngandharake menawa karya sastra Jawa iku nglakoni owah-owahan. Wiwit Saka karya sastra Jawa kuna (lX – Xl Masehi), Sastra Jawa patengahan (XII – XV) lan sastra Jawa gagrag anyar(XV-saiki). Akeh bab kang kudu dilakoni sastra Jawa saka wiwit mijil tekan sakyahmene kanggo ngancani mlakune wong Jawa.
Bab mau bisa dideleng ing kasunyatan kang ana ing karya sastra Jawa. Sanajan luwih ajeg keprungu swara kang awon, yen sastra Jawa iku kaya dhene geni sing mintip-mintip kentekan lenga. Ananging tekan saiki tetep wae sastra Jawa bisa mlaku kanthi teteg sajroning nemtokake kahanane.
Ing wektu sumpah pemuda 1928 tekan saiki, bahasa Jawa dadi perangan saka basa nasional. Tekan sakyahmene uga Sastra Jawa isih ajeg nurut nut marang rile dhewe. Sanajan migunakake piranthi sastra lan basa Jawa kang kalah adoh yen dibandingake karo jaman kapujanggan.
Buktine, ing saben majalah Jawa kayata Panjebar Semangat, Jayabaya lan Joko lodhang njedhul, ing kono isih bisa ditemoni karya sastra awujud cerkak utawa geguritan. Semana uga koran kang nyisihake saklembar utawa ronglembar kanggo nguri-nguri kabudayan Jawa, kayata Solopos kemis lan Kedaulatan Rakyat ing dina minggu.
Bisri Nuryadi
0 Komentar untuk "Essay/Artikel Jawa: Mobah Mosiking Sastra Jawa"