Geguritan Politik : Bensin,Kursi ,Nyoblos Presidhen,Pangarsa

Geguritan Politik : Bensin,Kursi ,Nyoblos Presidhen,Pangarsa menggambarkan tentang permasalahan dalam dunia politik. Hampir setiap saat kita mendengar atau membaca berita tentang politik yang tidak kunjung reda terhadap penanganan berbagai maslah yang dihadapi bangsa ini.

Anak-anak membutuhkan media agar bisa belajar di rumah. Salah satu pelajaran yang selalu menjadi momok adalah Bahasa jawa. Sehingga saat mempelajarinya di rumah, anak-anak bisa leluasa dan sangat mudah untuk menebak soal-soal tersebut atau mempelajari materinya. Karena semua soal yang ada dalam blog ini memiliki jawabannya sekaligus. Jadi anak-anak di rangsang dengan jawabannya.
Melalui kelasjawa.com mari kita pelajari bersama-sama Geguritan Politik : Bensin,Kursi ,Nyoblos Presidhen,Pangarsa dibawah ini.

Bensin
pitung liter bensin
nate dikanthongi
ana njero ati
kang wus ketuncep eri
iki dudu bensin subsidi
utawa non subsidi
ananging bensin swara
kang wus dicurake
ana kothak suci
kang dijaga para abdi negara
kanggo rebutan kursi pangembating praja

Nanging saiki,
pitung liter bensin wus gusis
lan eri uga kelarung
ing segara kidul
dadi amung bisa nunggu wangsit
sinambi turu njingkrung
kinemulan sarung


Kursi
Ing abad sewelas
Ratu Air Langga
lengser kursi
ngenger dadi resi
nyegur ing wana
lan nglaku nyepi

Kursi kang ilang
bisa tuwuh sepi
nanging uga bisa
thukul kawicaksanan

Emane,
ing jaman sangar iki
padha nyirik nyepi
kepara njunjung kursi

Yen wis mangkene
Manungsa ora bakal
bisa nyawang
Sejatine pribadhi


Nyoblos Presidhen

Moblonge kartika ing ratri purnama
Kalah manis karo bakal presidhen bangsa
Esemane wae bisa gawe gregeting raga
Apa maneh luhur bebudine jiwa,
Bisa gawe tratapane alam sak nagara 

Reronce rantaman nggayuh langit
Bakal mungkasi prekara kang rumit
Nata negara kanthi rapi lan mlithit,
Wus keprungu saka saindenging pencit
Gawe tentreme ati kang kecenthit
Lan nyawa kang wis kesel njerit

Visi lan misi ing pinggir dalan
Padha cumenthel nambah kaendahan
Sesandhing poto gantenge praupan
Dadi tontonan lan tuntunan
Marang warga sakabehing laladan
Ing lemah tilase krajan

Nanging iku mung gambar
Papan poto lan janji padha diumbar
Saking akehe werna kang sumebar,
Kaya-kaya wis padha ora sabar
Medhar sabda sandhuwure mimbar
Lan lungguh ing intene dampar

Pemilu 2014 aja padha golput
Milih calon aja nganti luput
Merga barang wis kebacut
Ora bisa dicabut
Apa maneh didudut

Warga kang jos gandhos
Mesthine padha nyoblos
Aja manut karo pak Bos
Yen swaramu diijoli ongkos

Mangga sareng ndonga
Kanthi pemilu ing wulan pasa
Bisa nangekake satriya
Kang wis suwe nendra,
Wis wayahe sang pinandhita
Mimpin nagara
Satriya kang wicaksana
Lan thas-thes mrantasi prekara


Pangarsa
Noblesse oblige
Iku basa Prancis
Yen dijawakake dadi “aja dumeh”
Tembung kang wis lawas
Ing lemah jawi
Tembung mau katujokake
Marang kabeh manungsa
Klebu pangarsa

Mesthine kabeh wis mangerteni
Kandhutan isi
Yen Pangarsa kudu pasa jiwa raga
Tegel marang awakke dhewe
Lan bisa ngalah ing saweneh prekara


Demikian Geguritan Politik : Bensin,Kursi ,Nyoblos Presidhen,Pangarsa yang sudah kami tuliskan dalam kelasjawa.com. Semoga bisa membantu dan bermanfaat bagi semua.  diharapkan dengan membaca, geguritan ini, para siswa akan sedikit terbantu dalam materi geguritan bahasa Jawa sewaktu di sekolah.



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Geguritan Politik : Bensin,Kursi ,Nyoblos Presidhen,Pangarsa"

Back To Top