Wacanen kanthi premati!
Alas Mangrove Sabuk Gisiking Segara
Mangrove iku tetuwuhan kang uripe ana gisike samudra, uga sinebut bakau. Wit iki duwe kaluwihan bisa urip ana ing banyu laut kang asin. Oyot-oyote kuwat banget nyekethem lemahing gisik. Saperangan oyote pating grandhul ana dhuwur banyu, saperangan maneh ana njeron banyu tekan lemah. Wit bakau dhuwure bisa nganti 40 meter, nanging rata-rata 8 nganti 10 meter. Godhonge kandel bentuke oval.
Mangrove duweni piguna gedhe tumrape manungsa lan kewan. Oyote kang pating crongot iku dadi omahe kewan-kewan banyu, kaya ta: iwak, kepiting, kerang lan urang. Dene wit bakau kang godhonge ngrembuyung lemu dadi papan kang edhum tumrape mawarna-warna manuk, kaya ta elang bondhol, belibis, teruwok, lan sapanunggale. Saliyane iku, baya, ulam kethek, lan satwa liyane uga seneng manggon ing alas bakau.
Oyot-oyote mangrove kang tumanem ing lemah njerone banyu iku njalarani lendhut ing gisik dadi kuwat lan ora gampang katut iline banyu segara. Oyot mangrove uga bisa mecah ombak gedhe supaya ora nggrogoti lemahe gisik. Oyot mangrove uga bisa nyaring banyu segara kang ngandhut racun saka wutahan lenga lan limbah pabrik. Malah ana jinise wit bakau kang bisa nyaring banyu uyah dadi tawa lumantar pori-pori kang ana ing oyot, gagang lan godhonge bakau mau. Dene woh bakau bisa diolah dadi panganan, kaya ta: kripik, dhodhol, permen lan dadi bahan baku wedhak utawa pupur.
Indonesia duweni alas mangrove kang ambane 3,7 yuta hektar, nanging emane saka cacah samono mau wis dibabati nganti 1,8 yuta hektar kanggo tambak urang. Kamangka kanthi anane mangrove iku bisa dadi sabuk pengaman tumrap gisike segara, bisa nyuda anane abrasi utawa erosi gisike samudra. Malah miturut panalitene para ahli, mangrove utawa alas dharatan, gelombang tsunami bisa dipecah dhisik dening alas bakau satemah ora nganti banget-banget dhuwur lan nggegirisi.
Kajarwakake saka: Bobo, 20 Januari 2005
I. Wenehana tandha ping (X) ana aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe Wangsulan kang trep!
1. Alas bakau uga diarani alas ....
a. tropis c. mangrove
b. homogen d. heterogen
Wangsulan : (c)
2. Gunane alas bakau kaya kasebut ing ngisor iki, kang dudu gunane alas bakau yaiku ....
a. ngilangi racun limbah pabrik kang katut iline banyu segara
b. nyuda anane abrasi lemah gisike segara
c. minangka papan panguripane kewan banyu
d. nuwuhake rereged tumrape gisike segara
Wangsulan : (d)
3. Ambane alas mangrove ing nagara kita yaiku ... yuta hektar.
a. 1,8 c. 7,3
b. 3,7 d. 8.1
Wangsulan : (b)
4. Kewan laut kang biasane manggon ana ing alas mangrove yaiku ....
a. iwak, urang, kepiting, kerang
b. baya, lele, paus, lan cumi-cumi
c. iwak, urang, paus, lan cumi-cumi
d. kepiting, kerang, lumba-lumba, lan hiu
Wangsulan : (a)
5. Wohe bakau uga bisa digunakake kanggo sawernane panganan kaya kasebut ing ngisor iki,pilihen kang ora bisa dadi panganan ....
a. dhodhol c. permen
b. keripik d. roti
wangsulajn : (d)
6. “Perekonomian disusun sebagai usaha bersama berdasarkan atas asas kekeluargaan”
Pratelan kasebut minangka isine UUD 1945 pasal ....
a. 33 ayat 1 c. 31 ayat 1
b. 33 ayat 2 d. 31 ayat 2
Wangsulan : (a)
7. Sing nemtokake gedhe lan cilike iuran wajib ing koperasi yaiku ....
a. ketua c. rapat anggota
b. bendahara d. badan pemeriksa
Wangsulan : (c)
8. Pratelan-pratelan ing ngisor iki kang kalebu paedahe koperasi, nglatih siswa ....
a. gotong royong lan tanggungjawab
b. duweni ati open
c. duweni rasa srei
d. urip boros
Wangsulan : (a)
9. Mbakyu ora sekolah.
mbakyuku untune lara.
Tembung panggandeng kang trep yaiku ....
a. sanajan c. amarga
b. kajaba d. nanging
Wangsulan : (c)
10. Wayang iku kalebu crita fiksi, yaiku crita kang dumadi adhedhasar ....
a. kasunyatan
b. panaliten
c. kitab suci
d. angen-angene pengarang
Wangsulan : (d)
11. Sadumuk bathuk sanyari bumi.
Ukara sesanti ing dhuwur tegese ....
a. regejegan nganti ditohi pati
b. regejegan kanggo mbelani negara
c. regejegan rebutan barang ora aji
d. regejegan nggolek benere dhewe
Wangsulan : (a)
12. Titikane teks wujud pacelathon yaiku ....
a. nggunakake tandha wacan petikan langsung (“...”)
b. isine nyritakake pangandikane wong liya
c. tembung-tembunge akeh kang wujud tembung tanduk
d. tembung-tembunge akeh kang wujud tembung tanggap
Wangsulan : (a)
13. Ing ngisor iki kalebu jinise koperasi ....
a. BPR c. Kospin
b. BTN d. BPD
Wangsulan : (c)
14. Pratelan-pratelan ing ngisor iki ngemu tembung homograf,kang dudu yaiku ....
a. Pitikku ngendhog lima netes telu.
Banyune netes saka pyan omah.
b. Yen naleni iku sing kenceng.
Yu Parni tuku dandang kenceng.
c. Sikilku rasane kemeng.
Swarane bocah kuwi kemeng.
d. Jer basuki mawa beya.
Sikilku mlonyoh amarga midak mawa.
Wangsulan : (a)
15. Saben taun rapat koperasi karo sisan andum SHU.
SHU iku cekakan saka ....
a. Simpanan Hasil Usaha
b. Sisa Hasil Usaha
c. Simpanan Hasil Urusan
d. Sisa Hasil Urunan
Wangsulan : (b)
16. Gambar ing ngisor iki kalebu sarana transportasi ....
|
a. dharat
b. gegana
c. samudra
d. bengawan
Wangsulan : (a)
17. Ratna njupukake potlot adhine sing tiba ing sangisore meja pawon.
Ukara ing dhuwur kagolong ukara ....
a. tanduk c. pakon
b. tanggap d. pitakon
Wangsulan : (c)
18. Ukara mawa tembung panggandheng kang bener yaiku ....
a. Tini bocahe apikan mangka disenengi dening kancane.
b. Mas Budi sregep sinau mula bijine tansah apik.
c. Aku lagi ndandani kompor mulane kancaku padha teka.
d. Aku tetep latihan nari dene krasa angel banget.
Wangsulan : (b)
19. Awit saking punika keparenga angrerantu rawuh panjenengan ing griya kula. Jalan Kates no. 9 Salatiga.
Tegese tembung angrerantu yaiku ....
a. ngundang
b. ngaturi
c. ngarep-arep
d. ngajak-ajak
Wangsulan : (c)
20. Pak Naryo nanggap ledhek kethek ogleng.
Ukara tanduk iku yen diowahi dadi ukara tanggap dadine ....
a. Ledhek ditanggap Pak Naryo kethek ogleng.
b. Ledhek kethek ditanggap Pak Naryo ogleng.
c. Nanggap ledhek kethek ogleng Pak Naryo.
d. Ledhek kethek ogleng ditanggap Pak Naryo
wamngsulan : (d)
21. Panggonan kanggo leren sepur uga dienggo munggah mudhune penumpang arane ....
a. stasiun c. terminal
b. bandhara d. pelabuhan
Wangsulan : (a)
22. Adhiku kepengin es krim.
Adhiku lagi lara watuk pilek.
Tembung panggandheng kang trep kanggo ukara iku ....
a. dene c. amarga
b. kamangka d. mulane
Wangsulan : (b)
23. Gambar ing ngisor iki nuduhake swasana ing ....
|
a. bandhara
b. terminal
c. stasiun
d. pelabuhan
Wangsulan : (c)
24. Ukara-ukara ing ngisor iki nggunakake tembung kang duweni teges ora sabenere (kias),kang dudu yaiku ....
a. Swarane wong iku ngabangake kuping.
b. Dadi bocah iku aja abot bokonge.
c. Paino dawa tangane mula didohi kanca-kancane.
d. Bocah iku ayu tenan, irunge mbangir, lambene tipis.
Wangsulan : (d)
25. Apa kang bisa daktindakake saiki?
Mandi surasane, ukara iku kalebu ukara ....
a. pakon
b. pitakon
c. crita
d. andhahan
Wangsulan : (b)
26. Andi : “Apa gunane areng brambut iku?”
Dika : “Kanggo nyaring banyu supaya bening lan resik.”
Andi : “Apa bahane ya mung cukup areng berambut thok, Di?”
Dika : “Ora Ndhi. Ana bahan liyane, kaya ta duk, krikil, lan batu bara. Kabeh mau duwe piguna dhewe-dhewe.”
Isine pacelathon antarane Dika karo Andi yaiku ....
a. rembugan bab tugas sekolah saka Bu Ida
b. rembugan carane nambal ban bocor supaya luwih cepet
c. rembugan bahan-bahan kanggo nyaring banyu
d. rembugan bab asile latihan Pramuka sesasi iki
Wangsulan : (c)
27. Kula ndherek ibu sowan eyang ingkang nembe gerah, nanging sapunika gerahipun eyang sampun ....
a. senggang
b. waras
c. nemen
d. mantun
Wangsulan : (d)
28. rtN numPkBis\
Tulisan Jawa ing dhuwur diwaca ....
a. ratna numpak bis
b. rada awan sithik
c. randha dhadhapan
d. rasah mrene dhisik
Wangsulan : (a)
29. Tembang kang kalebu Macapat yaiku ....
a. dolanan
b. mijil
c. campursari
d. langgam
Wangsulan : (b)
30. Awan mau Jono menek wit krambil nganti dhuwur.
Ukara ing dhuwur mawa katrangan ....
a. wektu, papan
b. cacah, papan
c. papan, piranti
d. wektu, kaanan
Wangsulan : (d)
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1. Terumbu karang iku kalebu bandha donya kang pengajine gedhe banget.
Tembung pangajine iku dumadi saka tembung lingga ....
Wangsulan :
aji
2. Rampungna sesanti ing ngisor iki!
Rukun ..., crah ....
Wangsulan :
rukun agawe sentosa, crahagawe bubrah
3. Pramuka, PMR, dhokter kecil, voli, bal-balan iku kalebu kegiatan .... ing sekolah.
Wangsulan :
Ekstrakulikuler
4. Aku didhawuhi bu guru (atur) layang kagem pak lurah.
Tembung kang trep ing njero kurung yaiku ....
Wangsulan :
ngaturaken
5. Udhete diwadhahi drum isi lendhut.
Tembung diwadhahi yen diudhari dadi ....
Wangsulan :
di+wadhah+i
6. Para warga katon gumregut ndandani dalan tengah desa.
Kosok baline tembung gumregut yaiku ....
Wangsulan :
ngenak-enak
7. numP[kDok/ Tulisan Jawa iku diwaca ....
Wangsulan :
numpak dhokar
8. Darmanto arep ngingu welut ana ing drum.
Basa kramane arep ngingu welut yaiku ....
Wangsulan :
badhe ngingah welut
9. Rawa pening iku kalebu tlatah Kutha Salatiga.
Ukara pitakon kang trep kanggo pratelan ing dhuwur yaiku ....
Wangsulan :
Rawa Pening iku ana ing tlatah ngendi
10. Udane samsaya deres, kabeh padha was ... samangsa-mangsa banjire teka.
Wangsulan :
sumelang
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Ukara ing ngisor iki tulisen mawa aksara Jawa!
a. Koprasi sekolah.
b. Bubar ujian negara
Wangsulan:
[ko pe rsi se [ko lh
bu b/ au jiynSe [ko lh
2. Goleka tuladha sesanti siji wae!
Wangsulan:
becik ketitik ala ketara
tegese: becik utawa ala bakal ketara dhewe ing tembe buri
3. Ukara kanthi aksara Jawa ing ngisor iki tulisen mawa aksara Latin!
a. [no[nTonWy= mev= alunHlun\
b. tuku jmu sk ps/ zute/
Wangsulan:
a. nonton wayang menyang alun-alun
b. tuku jamu saka pasar nguter
4. Nanging luwih saka iku,
apa sing kaya mangkono mau
ora ngosikake kita
tumrap Kaluhuraning Gusti Kang Maha Agung
kang wus mranata sakabehing mau.
Sebutna isine geguritan kasebut!
Wangsulan:
kaluhuraning Gusti
5. Gawea ukara kanthi pola ukara ing ngisor iki!
a. J – W – L b. J – W – L – K
Wangsulan:
Kabijakan guru
0 Komentar untuk "Latihan semester Bahasa Jawa SD Kelas 5/2 "