Pelajaran 1
Standar kompetensi:
1. Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan tentang cerita tradisi setempat dan tembang macapat.
2. Mampu mengemukakan perasaan dan gagasan secara lisan tentang peristiwa tertentu dan cerita tokoh wayang dengan bahasa yang santun.
3. Mampu membaca dan memahami teks sastra dan membaca kalimat sederhana berhuruf Jawa.
4. Mampu menulis karangan dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah ungguh dan menulis huruf Jawa.
kompetensi dasar:
1.2. Mendengarkan tembang Gambuh.
2.2. Menceritakan tokoh wayang Puntadewa.
3.2. Membaca kata berhuruf Jawa yang menggunakan sandhangan panyigeg wanda (layar, cecak, wignyan).
4.2. Menulis kalimat sederhana berhuruf Jawa menggunakan sandhangan panyigeg wanda dan wyanjana.
A.Nyemak:
Tembang Macapat Gambuh
1. Watake Tembang Macapat
a. Mijil
Watake wetuning rasa, mituturi, prihatin. Mathuke kanggo medharake bukaning carita utawa mangayu bagya.
b. Maskumambang
Watake nelangsa, keranta-ranta, kelara-lara. Mathuke kanggo medharake rasa prihatin, utawa kanggo crita sing mung sajak sakepenake.
c. Sinom
Watake grapyak, renyah, lan semanak. Mathuke kanggo sesorah utawa pitutur.
d. Asmarandana
Watake sedih, sengsem, prihatin, amarga nandang kasmaran. Mathuke kanggo crita kang surasane nawung asmara utawa kanggo medharake rasa asmara.
e. Gambuh
Watake wani, wanuh, kulina, lan rumaket. Mathuke kanggo suka pitutur kang rada sereng amarga wis kaduga lan rumaket banget.
f. Kinanthi
Awatak seneng, tresna, lan asih. Mathuke kanggo medhar piwulang, cerita kang ngemu surasa asih tresna, asmara, gandrung-gandrung, mangayu bagya.
g. Dandhanggula
Watake kewes, luwes, lan resep. Mathuke kanggo apa wae bisa lan mathuk.
h. Durma
Watake galak, nantang, nesu, lan muntab. Mathuke kanggo medharake rasa nesu, muntab, sesorah sereng utawa crita perang.
i. Pangkur
Watake sereng kejem, greget, nantang. Mathuke kanggo suka pitutur kang sereng ngemu sugal, kanggo gandrung kapirangu, uga kena kanggo paprangan.
j. Megatruh
Watake kendho tanpa greget saut, sembrana parikena, lucu. Mathuke kanggo crita sing amung kasepenake tanpa greget.
k. Pucung
Watake kendho tanpa greget saut, sembrana parikena, lucu. Mathuke kanggo crita sing mung sakepenake, cangkriman.
2. Tembang Gambuh
Tembung gambuh iku kalebu tembang macapat kang nduweni paugeran guru lagu, guru wilangan, lang guru gatra. Tembang Gambuh watake rumaket lan kulina. Pratelane Tembang Gambuh yaiku:
a. Guru gatrane: 6
b. Guru wilangane: 7, 10, 12, 8, 8
c. Guru lagune: u, u, i, u, o
Gambuh 1
Laras slendro pathet sanga
5 6 6 6 6 3 5 6
se- kar gam- buh ping ca- tur
6 5 3 2 2 3 5 5 5 3 5 . 6
kang ci- na- tur po- lah kang ke- lan- tur
2 1 6 2 2 2 2 2 3 1 6 5
tan- pa tu- tur ka- tu- la- tu- la ka- ta- li
2 2 2 2 3 1 2 3
ka- da- lu- war- sa ka- tu- tuh
3 5 6 5 3 2 3 1 2 2
ka- pa- tuh pan da- di a- won
Gambuh 2
Laras Pelog Pathet Nem
Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung pan hesthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyuh
Tugas Mandhiri
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1. Kepiye guru wilangane larik kaping pindho?
Wangsulan:
10
2. Kepiye guru lagune lan guru wilangane tembang gambuh iku?
Wangsulan:
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
3. Apa isi kang kamot ing tembang Gambuh ing dhuwur?
Wangsulan:
Tembang Gambuh iku isine sing kaping papat ngrembug patrape manungsa sing nyimpang. Menawa ora dipituturi (dinasehati) bakal nuwuhake sengsara wong kang nglakoni tumindak kang nyimpang kuwi mau.
4. Ana pirang pada tembang Gambuh ing dhuwur?
Wangsulan:
sapada
5. Kepiye guru wilangan lan guru lagune larik ndhuwur dhewe?
Wangsulan:
7u
B. Micara:
Nyritakake Tokoh Wayang
Prabu Puntadewa
Gb. Saking: https://wayang.wordpress.com/2010/07/20/pandawa-1-puntadewa-samiaji-yudhistira/
Puntadewa iku putra pambarepe Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi Kunthi. Pandhu Dewanata iku raja ing Astina. Dene Dewi Kunthi iku putri raja Negara Mandura. Puntadewa duwe adhi loro tunggal bapa lan ibu yaiku Werkudara utawa Bima lan Janaka alias Harjuna. Puntadewa uga duwe adhi loro nanging beda ibu yaiku si kembar Nakula lan Sadewa. Si Kembar Nakula lan Sadewa iku anake Pandhu Dewanata karo Dewi Madrim, putri raja negara Mandaraka. Puntadewa lan adhine cacah papat iku kasebut pandhawa lima.
Puntadewa iku titisane Bathara Darma. Watake puntadewa iku sabar, ikhlas, percaya lan tansah gumantung marang kuwasane Hyang Widhi. Dheweke uga tekun ing agama, ngerti bales budi lan tansah tumindak adil sarta jujur. Puntadewa kondhang kanthi pinter sekak utawa catur.
Puntadewa lan adhi-adhine kasil mbangun negara Amarta ing Alas Mertani lan makmurake rakyate. Dadi raja Amarta, Puntadewa sinebut Prabu Darmakusuma. Puntadewa uga sinebut kanthi Prabu Yudhistira amarga ing sanjero awake manunggal arwahe Prabu Yudhistira, rajaning jin ing Alas Mertani.
Garwa prameswarine Prabu Puntadewa iku Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada ratu ing negara Pancala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Pancawala. Prabu Puntadewa iku kondhang kanthi anane ludira seta (getihe putih). Kang mengkono iku kagawa saka watake sing jujur, salawase urip ora gelem ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yen dijaluk wong liya diwenehake. Mula Puntadewa kondhang sinebut manungsa lega donya lila ing pati.
Prabu Puntadewa duwe gaman kang diarani jimat jamus kalimasada. Dheweke uga duwe payung Kyai Tunggulnaga, tombak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong kang dayane menawa Puntadewa nesu lan astane nganti nyenggol kalung iku, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta.
Tugas Kelompok
Golekana sepuluh jeneng wayang ing aksara-aksara kang katata ing ngisor iki! Bisa nengen bisa mudhun! Banjur aturna sacara lisan!
S | D | E | R | P | U | N | T | A | D | E | W | A | H | J |
W | E | D | E | U | Y | I | D | U | N | A | K | U | L | A |
G | T | Y | U | B | W | E | R | K | U | D | A | R | A | N |
A | S | D | E | N | I | E | L | U | S | A | D | E | W | A |
T | B | E | R | T | I | D | E | R | I | L | I | K | A | K |
O | P | E | T | R | U | K | V | C | D | A | S | R | A | A |
T | S | R | E | A | M | B | A | G | O | N | G | S | H | U |
K | W | K | A | K | R | A | S | A | N | A | T | G | J | I |
A | F | R | I | D | A | E | T | H | E | R | N | I | K | O |
C | B | A | R | U | T | A | R | U | N | A | D | G | J | H |
A | B | I | M | A | N | Y | U | W | R | E | T | E | S | E |
V | D | R | E | T | Y | N | U | G | A | R | E | N | G | I |
E | C | S | E | I | L | O | F | K | U | J | C | D | R | T |
R | K | D | E | K | R | E | S | N | A | N | G | O | P | I |
O | A | R | M | A | T | H | Y | U | D | A | J | A | R | E |
Wangsulan:
1. Puntadewa 6. Bagong
2. Nakula 7. Gatotkaca
3. Werkudara 8. Gareng
4. Sadewa 9. Janaka
5. Petruk 10. Kresna
Tugas Mandhiri
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Apa wae gamane Puntadewa?
Wangsulan:
Jimat Jamus Kalimasada, payung Kyai Tunggulnaga, tombak Kyai Karawelang, lan Sangsangan Robyong.
2. Sapa rama lan ibune Puntadewa?
Wangsulan:
Ramane Prabu Pandhu Dewanata lan Ibune Dewi Kunthi.
3 . Sapa kadange Puntadewa kang tunggal rama lan ibu!
Wangsulan:
Werkudara (Bima) lan Janaka (Harjuna).
4. Sapa garwa lan anake Puntadewa?
Wangsulan:
Garwane Dewi Drupadi lan putrine Prabu Drupada.
5. Sapa wae kang diarani Pandhawa lima iku?
Wangsulan:
Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, Sadewa.
C. Maca:
Maca Tembung Aksara Jawa
Sandhangan Panyigeg Wanda
Sandhangan panyigeging wanda, cacahe 3 (telu). Wondene ing aksara Jawa, sandhangan iku kang nggenteni pangkon “ha”, “nga”, lan “ra”
1. Wignyan
Wujude ... h kanggo nggenteni pangkon “ha” / a\. Panganggone ana ing samburine aksara kang arep didokoni wignyan.
Contone: wyh diwaca wayah syh diwaca sayah
2. Cecak
Wujude ... = kanggo nggenteni pangkon “nga” / z\. Panganggone ana ing sandhuwure aksara kang arep didokoni cecak.
Contone: wy= diwaca wayang
wl= diwaca walang
3. Layar
Wujude ... / kanggo nggenteni pangkon “ra” / r\. Panganggone ana ing sandhuwure aksara kang arep didokoni layar.
Contone: sum/ diwaca sumar
lt/ diwaca latar
Tugas Kelompok
Wacanen kanthi premati ing ngarep kelas wacan ing ngisor iki!
?wy=pu/w.
?akusen_wy=pu/w,
apm[nhdl=[zpu/b,
dl=skkuqsl,
l[ko[nNwis= genila/i,
wis=geniput][njnk,
wis=geni[bochsekTi,
k[bhklhper=mu=suhwis=geni,
aibu[nwis=genijen_[zf}snl.
Wangsulan:
Wayang Purwa
Aku seneng wayang purwa,
Apamaneh dhalange Purba,
Dhalang saka Kutha Sala,
Lakone Wisanggeni Lair,
Wisanggeni putrane Janaka,
Wisanggeni bocah sekti,
Kabeh kalah perang mungsuh Wisanggeni,
Ibune Wisanggeni jenenge Dresanala.
Tugas Kelompok
A. Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar tulisan Jawa ing dhuwur!
1. Sapa ibune Wisanggeni?
Wangsulan:
Dresanala
2. Apa buktine Wisanggeni iku bocah sekti?
Wangsulan:
Kabeh mungsuh kalah perang karo Wisanggeni.
3. Dhalang Purba iku saka tlatah ngendi?
Wangsulan:
Kutha Sala
4. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
Wangsulan:
Wayang Purwa
5. Sapa ramane Wisanggeni?
Wangsulan:
Janaka
Tugas Mandhiri
B. Ukara nganggo akasara Jawa iki coba tulisen latine!
1. wy=pu/wai=surk/t
Wangsulan:
Wayang purwa ing Surakarta.
2. lgu[pocu=telu=pf
Wangsulan:
Lagu pocung telung pada.
3. sen_sen_ [mlu pmn\
Wangsulan:
Seneng-seneng melu paman.
4. lufu]kJwtimu/
Wangsulan:
Ludruk Jawa Timur.
5. aj sen_ zpusi
Wangsulan:
Aja seneng ngapusi.
6. ffi([fokTe/
Wangsulan:
Dadi dhokter.
7. ke[qop]kSkjw
Wangsulan:
Kethoprak saka Jawa.
8. an[a/o[ks\
Wangsulan:
Ana orkes.
9. mcptccasewels\
Wangsulan:
Macapat cacah sewelas.
10. vvi lgu mcpt\
Wangsulan:
Nyanyi lagu macapat.
D. Nulis:
Nulis Aksara Jawa Nganggo Sandhangan Wyanjana
Nulis Jawa Nganggo Sandhangan Wyanjana
Sandhangan Wiyanjana utawa sandhangan pambukaning wanda.
1. Pengkal
Wujude: - dene panganggone ditulis ana ing saktengene aksara.
Tuladha: geb-h diwaca “gebyah”
2. Cakra
Wujude: ] dene panganggone ditulis saka tengene aksara mangisor.
Tuladha: m]n diwaca “mrana”
3. Keret
Wujude: } iki gabungane cakra karo pepet. Dene panganggone ditulis saka tengene aksara mangisor.
Tuladha: p}mti diwaca “premati”
A. Jodhokna tulisan Jawa karo latine!
wy= pu/w | Setyaboma | |||
w}kufr | Wrekudara | |||
a/y set-ki | Dhewatacengkar | |||
set-[bom | Wayang purwa | |||
bufy pnrg | Sekar Pocung | |||
[dwt ce=k/ | Budaya Panaraga | |||
sek/ [pocu= | Paring pitulung | |||
fiaibu/ lgu lgu | Godhane gedhe | |||
pri= pitul=u | Dihibur lagu-lagu | |||
[god[n ge[d | Harya Setyaki |
Wangsulan:
1. Wayang purwa 6. Dhewata Cengkar
2. Wrekudara 7. Sekar Pocung
3. Harya Setyaki 8. Dihibur lagu-lagu
4. Setyaboma 9. Paring pitulung
5. Budaya Panaraga 10. Godhane gedhe
Tugas Kelompok
Ukara iki tulisen nganggo aksara Jawa bebarengn karo kanca samejamu!
1. Krasa ngilu balunge.
2. Kurawa gawe kisruh.
3. Nrajang pucuke cemara.
4. Dongeng kupu putih.
5. Gumebyare wayah sore.
6. Rasane pyar-pyar.
7. Kroto diwadhahi karung.
8. Paring kabar eyang.
9. Layang ping selikur.
10. Wayang Prabu Dasamuka
Wangsulan:
1. k]szilublu=[z 6. rs[np-/p-/
2. kurwg[wkis(h 7. [k]o[tofiwdhaikru=
3. n]j=pucu[kKcemr 8. pri=kb/[ay=
4. [fo[z=kupuputih 9. ly=pi=seliku/
5. gumeb-/[rwyh[so[r 10. wy=p]bufsmuk
0 Komentar untuk "Materi B. Jawa SD Kelas 4/2 (Pelajaran 1)"