Materi, Soal, Kunci Basa Jawa Kelas 3 SD/Gasal

Pelajaran 2
SK
  1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan tentang crita pengalaman teman dan crita wayang.
  2. Mampu mengungkapkan gagasan secara lisan mengenai urutan membuat sesuatu dan kesan crita anak dengan bahasa yang santun.
  3. Mampu membaca nyaring, lancar, memahami teks, dan membaca huruf Jawa.
  4. Mampu menulis karangan dalam berbagai ragam bahasa dan menulis huruf Jawa.

KD
1.2  Mendengarkan cerita wayang tentang tokoh Pandawa.
2.2  Menanggapi cerita anak yang dibaca/didengar.
3.3  Membaca huruf Jawa nglegena.
4.2  Menulis huruf Jawa nglegena

A. Nyemak:
Nyemak Crita Wayang

1. Pandhawa Lima
Ayo padha sinau ngrungokake bareng-bareng.
Gatekna kang premati. Gurumu arep macakake crita iki!

Pandhawa Lima
Pandhawa Lima iku cacahe ana lima. Yaiku: Yudhistira (Puntadewa), Bima (Werkudara), Arjuna (Janaka), Nakula, lan Sadewa.

Pandhawa Lima iku putrane Prabu Pandhu Dewanata kang sisihan karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim.
Prabu Pandhu karo Dewi Kunthi peputra telu, Puntadewa, Werkudara, lan Janaka. Nakula lan Sadewa putrane Prabu Pandhu sisihan karo Dewi Madrim. Ananging putra cacah lima digulawenthah dening Ibu Dewi Kunthi.

Dewi Kunthi anggone momong bocah cacah lima, sanajan sing loro dudu putrane dhewe ora dibedak-bedakake. Mula ora mokal yen pandhawa lima iku rukun banget. Paribasane dijiwit siji bocah lima padha ngrasakake larane.

Pandhawa Lima duwe kasatriyan dhewe-dhewe. Puntadewa kasatriyane ing Amarta, Werkudara ing Jodhipati, Janaka ing Madukara dene Nakula ing Bumi Ratayu lan Sadewa ing Sawojajar.

Pandhawa Lima duwe satru bebuyutan yaiku Duryudana sak adhi-adhine kang cacah satus, kerep kasebut Kurawa. Ana ing Perang Barathayudha yaiku perange Kurawa lan Pandhawa, sing unggul yudhane Pandhawa Lima.

2. Negesi Tembung
Tembung                         Tegese
sisihan               : pasangan/garwa/bojo
digulawenthah    : diopeni
satru                 : mungsuh 
unggul              : menang
yudhane            : perange

Gladhen Mandhiri
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1.  Pandhawa iku cacahe ana pira lan sapa wae?
Wangsulan : Ana lima, Yudhistira (Puntadewa), Bima (Werkudara), Arjuna (Janaka), Nakula, lan Sadewa

2.  Nakula lan Sadewa iku putrane sapa?
Wangsulan :  Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Madrim

3.  Puntadewa iku kesatriya ing ngendi?
Wangsulan :  Amarta

4.  Sapa sing dadi mungsuhe Pandhawa ing Perang Barathayudha?
Wangsulan :   Kurawa

5.  Kurawa itu cacahe ana pira?
Wangsulan :   cacahe Kurawa ana 100 

B. Micara:
Nanggapi Crita

Nanggepi Crita Bocah sing Diwaca/Dirungokake
Ayo padha sinau micara bareng-bareng.
Gatekna crita bocah sing arep diwacakake dening kancamu!


Banjir ing Desa
Ing sawijining papan panggonan, ana desa sing asri banget. Desa kuwi jenenge Desa Permai. Ing desa kuwi ora pati rame. Omah-omahe warga isih sederhana, sawah-sawah lan tegalan isih amba, manuk-manuk padha ngoceh, alas-alas isih akeh. Ing Desa Permai, para wargane akeh sing dadi petani. Saben omah mesti duwe sawah lan tegal. Para wargane uga grapyak.

Ing sawijining dina, para warga kaget. Para warga weruh ana montor apik liwat. Para warga padha takon, “Sapa kuwi? Ngapa ana neng kene?”  Ora let suwe, montor iku mandheg ing kantor desa. Tibake ana pejabat sugih. Pejabat iku pingin manggon ing desa kuwi. Pejabat iku grapyak lan seneng nulung. Para warga seneng, lan ngentukake pejabat iku manggon ing desa kuwi.

Pancen, sadurunge pejabat iku grapyak banget, nanging suwe-suwe, pejabat iku tumindak ala. Meksa-meksa warga menehake sawahe. Alas-alas uga dibabati, mung arep kanggo mbangun pabrik. Para warga anyel. Para warga pingin nundung pejabat kuwi. Nanging Pak Kepala Desa menggak. Yo wis, ben ngerti dhewe akibate mengko. 

Dina sesuke, udan deres. Bledheg banter banget. Udane suwe banget, kaya-kaya udan ora bisa mandheg. Banyu wis wiwit munggah sak polok. Para warga wis kuwatir lan wedi. Kabeh padha nylametake barang-barange, lan lunga ngungsi bareng Bapak Kepala Desa. Para warga ninggalake pejabat sing sugih iku. Saiki Desa Permai sepi nyenyet. 

Mung kari pejabat sugih sing neng kono. Pejabat kuwi isih bingung karo bandhane. Banyu wis mundhak dadi sakpupu. Wiwit lagi arep ngungsi, pejabat kuwi wis klelep dhisik, amarga banyu wis sakdhadha. Akhire, pejabat sugih iku seda klelep.

Gladhen Mandhiri
Supaya luwih mudheng crita ing ndhuwur. Coba wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.  Wacan mau nyritakake kahanan ing desa ngendi?
Wangsulan :   Desa Permai 
2.  Kepriye kahanane Desa Permai sakdurunge banjir?
Wangsulan :   Desane Permai sak durunge banjir isih asri banget,ora pati rame, omah-omahe warga isih sederhana, sawah-sawah lan tegalan isih amba, manuk-manuk padha ngoceh, alas-alas isih akeh. 
3.  Ngapa bisa kedadean banjir ing Desa Permai?
Wangsulan :   Ana pejabat kang tumindak ala. Meksa-meksa warga menehake sawahe. Alas-alas uga dibabati, mung arep kanggo mbangun pabrik. 
4.  Kepriyae tumindake para warga nalika banjir?
Wangsulan :   Para warga nylametake barang-barange lan lunga ngungsi bareng Bapak Kepala Desa. 
5.  Kepriye akhire pejabat sing sugih mau?
Wangsulan : Akhire pejabat kang sugih iku seda kleleb. 

C. Maca:
Maca Aksara Jawa Nglegena
Ayo padha sinau maca aksara Jawa bareng-bareng.




D. Nulis:
Nulis Aksara Jawa Nglegena
Ing wulangan wingi kowe wis ajar maca aksara Jawa.
Saiki kowe kabeh arep sinau nulis aksara Jawa.



Apalna dhisik aksara Jawa ing ndhuwur supaya luwih gampang olehmu nulis.

Gladhen Mandhiri
Tulisen tembung-tembung ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!


Ulangan 2
A. Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing antarane a, b, c, utawa d kang kaanggep paling bener!

Wacan kanggo soal nomer 1–8
Pandhawa Lima iku cacahe ana lima. Yaiku: Yudhistira (Puntadewa), Bima (Werkudara), Arjuna (Janaka), Nakula lan Sadewa.

Pandhawa Lima iku putrane Prabu Pandhu Dewanata kang sisihan karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim.
Prabu Pandhu karo Dewi Kunthi peputra telu, Puntadewa, Werkudara, lan Janaka. Nakula lan Sadewa putrane Prabu Pandhu sisihan karo Dewi Madrim.  Ananging putra cacah lima digulawenthah dening Ibu Kunthi.

Dewi Kunthi anggone momong bocah cacah lima, sanajan sing loro dudu putrane dhewe ora dibedak-bedakne. Mula ora mokal yen pandhawa lima iku rukun banget.  Paribasane dijiwit siji bocah lima padha ngrasakne larane.

Pandhawa Lima duwe kasatriyan dhewe-dhewe.  Puntadewa kasatriyane ing Amarta, Werkudara ing Jodhipati, Janaka ing Madukara, Nakula ing Bumi Rahayu lan Sadewa ing Sawojajar.

Pandhawa Lima duwe satru bebuyutan yaiku Duryudana sak adhi-adhine kang cacah satus, kerep kasebut Kurawa. Ana ing Perang Barathayudha yaiku perange Kurawa lan Pandhawa, sing unggul yudhane Pandhawa Lima.

1. Pandhawa iku cacahe ana ....
a.  loro
b.  telu
c.  papat
d.  lima
Wangsulan :   d 

2.  Puntadewa iku kasatriya ing ....
a.  Sawojajar
b.  Jodhipati
c.  Madukara
d. Amarta
Wangsulan :   a 

3. Pandhawa lima duwe satru bebuyutan yaiku ....
a. Yudhistira-Bima
b.  Duryudana sak adhi-adhine
c.  Yudhistira-Arjuna
d.  Nakula-Sadewa
Wangsulan :   b 

4. Duryudana lan sak adhi-adhine kasebut ....
a.  Pandhawa
b.  Punakawan
c.  Kurawa
d.  Kresna
Wangsulan :   c 

5.  Duryudana saadhine-adhine cacahe ana ....
a.  200
b.  100
c.  1000
d. 2000
Wangsulan :   b 

6. Digulawenthah iku tegese....
a.  menang
b.  mungsuh
c.  diperangi
d.  diopeni
Wangsulan :   d 

7.  Yudhane tegese....
a.  perange
b.  mungsuhe
c.  kancane
d. keluargane
Wangsulan :   a 

8.  Ing ngisor iki kang ora kalebu Pandhawa, yaiku ....
a.  Yudhistira
b.  Werkudara
c.  Duryudana
d. Nakula
Wangsulan :   c 

Wacan kanggo soal nomer 9–13
Aji Saka nagih janji marang Sang Patih, iket dijereng ora kemput-kemput nganti sak jembare negara Medang. Wusanane Aji Saka diangkat dadi raja ing Medang. Aji Saka banjur ngutus marang Dora supaya njupukake keris neng Kendheng. Keris ora diulungake dening Sembada amarga nuhoni dhawuhe Aji Saka, padha nuhoni dhawuh wusanane wong loro padha padu, ya amarga padha sektine wong kloron mati sampyuh.

Aji Saka nyusul, eba kagete weruh jasad loro pating glundhung. Kanggo pengeling-eling katresnane abdine Aji Saka ngrepta Aksara Jawa. Kang kasebut: ha na ca ra ka da ta sa wa la pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga. Kang tegese: hana caraka = ana utusan, data sawala = pada padudon, padha jayanya = padha sektine, maga bathanga = mati bareng/sampyuh.

9.  Aji Saka diangkat dadi raja ing ....
a.  Madukara
b.  Medhang
c.  Sawojajar
d.  Amarta
Wangsulan :   b 

10. Abdine Aji Saka iku jenenge ....
a.  Dora lan Sembada
b.  Nakula lan Sadewa
c.  Arjuna lan Werkudara
d.  Dora lan Sadewa
Wangsulan :   a    
11. “hanacaraka”, tegese ....
a.  ana utusan
b.  padha padudon
c.  padha sektine
d.  mati bareng/sampyuh
Wangsulan :   a 

12. “datasawala” tegese ....
a.  ana utusan
b.  padha padudon
c.  padha sektine
d.  mati bareng/sampyuh
Wangsulan :   b 

13. “padha jayanya”, tegese ....
a.  ana utusan
b.  padha padudon
c.  padha sektine
d.  mati bareng/sampyuh
Wangsulan :   c 


B.  Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi bener!
1.  Kedaden sing njalari kali-kali kebak uwuh lan gandane ora enak yaiku ....
Wangsulan : ngguwak uwuh ning kali 
2.  Tsunami asring kedaden ing ....
Wangsulan :   laut 
3.  Satru bisa ditegesake ...
Wangsulan :   mungsuh 
4.  Yudhistira iku kesatriya ing ....
Wangsulan :   Amarta 
5.  Pandhawa sing nomer telu yaiku ....
Wangsulan : Arjuna 
6.  Pandhawa sing kembar yaiku ....
Wangsulan :   Nakula lan Sadewa 
7.  Kurawa iku cacahe ana  ....
Wangsulan :   100 
8.  Angin topan bisa nyebabake ....
Wangsulan : omah lan wit-witan ambruk 
C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor kanthi bener!
1.  Sebutna tuladha kedaden-kedaden sing ngrugekne!
Wangsulan :   Negori wit-witan lan ora ditanduri meneh, ngguwak uwuh nig kali, ora tau ngresiki omah lan sakpiturute. 
2.  Sebutna sapa wae Pandhawa sing putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunti!
Wangsulan :   Yudhistira, Werkudara, lan Janaka.  
3.  “Suci anggone maca buku karo turon”.
Ukara ing ndhuwur mau tanggepana!
Wangsulan : Siswa nanggepi, guru maringi biji. 



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Basa Jawa Kelas 3 SD/Gasal"

Back To Top