Geguritan Pendidikan bocah



Geguritan Bocah 

Kembang sepatu
Hore..
Aku diparingi kembang sepatu
Dening pakdheku
Kembang sepatu isih cilik
Dak openi kanthi becik
Dak sirami esuk sore
Ben katon segere
Hore..
Kembang sepatuku wis gedhe
Dak sawang tambah nengsemake
Kanca-kancaku padha ndeleng
Kabeh ngguyu padha seneng
Maturnuwun Pakdheku
Panjenengan gawe seneng atiku

Mangkat Sekolah
Byur..byur swara banyu
Prok..prok swara sepatu
Sabubare sarapan
Ora lali aku pamitan
Salim astane tiyang sepuhku
Banjur budhal golek ngilmu
Ajar maca lan nulis
Basa Jawa utawa basa inggris
Ngitung lan logika
Ngarang utawa matematika
Dadi bocah kang pinter
Kepengin dadi pak dhokter

Klinciku
Oh klinciku …
Wernamu putih resik
Kupingmu dawa jejeg
Mripatmu abang bening
Mlakumu mencolot lucu
Oh klinciku …
Dak elus-elus pendhak dina
Dak adusi supaya wangi
Dak pakani wortel lan suket
Supaya tetep waras gembrigas
Aku sayang marang klinciku
Oh klinciku …



Esukku
Jam dekerku muni
Pratandha wayahe tangi
Ora lali kemul dak lempiti
Bantal guling dak tata rapi
Swara adzan wis krungu
Aku banjur wijik lan wudhu
Sholat subuh bareng bapak lan ibu
Amrih greged nglakoni dinaku


Dening : Bisri Nuryadi




Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Geguritan Pendidikan bocah"

Back To Top