geguritan bahasa jawa kisah percintaan


Geguritan ini diajukan dalam antologi 100 Penggurit untuk koruptor atau pejabat jahat.. di Banyumas...  kecuali nomer 3!!!!!!!!!!!

TIKUS GAJAH, KUCING SEMUT
Tikus clurut nggondhol dhuwit
Gek playune rikat ndelik-ndelik
Mak cegagik, Apa maneh kae
Kaya mbok-mbokan werok
Nunjang palang nyluduk aku
Tikus gedhene sak gajah?
Gek nyunggi gedhong.
Wadhuh, jenthik sikilku dicokot semut
Eh ora, iki kaya kucing
Semut kaya kucing, kucing kaya semut?
Takon marang aku
Menyang ngendi playune tikus gajah?
Dak tudhing kidul
Eh, Kucing Semut malah nggeblas ngalor
Ethok-ethok ra weruh
Piye to iki? 

Ratu idu
Iki dudu omahku
Omahku kebak adhil
Ora mung gari klungsunge
Iki dudu gubugku
Gubuku saka pring lumrah
Adoh saka barang mewah
Iki dudu swaraku
Swaraku Lenceng jujur
Ora mung muncrat idune
Iki dudu pangarsaku
Pangarsaku satriya pilih tandhing
Ora kaya indhil-indhil mledhing 
Wong cilik lungguh dhingklik
Ndepipil merga lagi paceklik
Dinggo ancik-ancik
Punggawa sing licik
Dhasare ratu obong blarak
Loap-laop car-cor  waton njeplak
Njanjeni langit segara gunung moblong
Jebul kopong mlompong kaya sapi ompong

Toga Cemeng
     Grememeng toga cemeng  
     Pratandha mongkog dhadha
     Luh ndrini ndekep wayah
     Kawisudha banyu bening saptataun
     Enggale suwe banyu sinaring       
Toga cemeng katon sumeblak nyeblak
Pandhelengku njinggleng kedhep tesmak .
Parasmu katon seje
Asmarandhana sigeg nglinthing
     Toga cemeng wus meneng
     Sira jengkar ngesthi kawruh
     Jengkar uga tresnamu
     Kasunyatan tan maido…
Pengin dak untap babad iki
Mbabat jagad anyar nir ragamu
     Toga cemeng
     Kuatna atiku


 Oleh : Bisri Nuryadi


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "geguritan bahasa jawa kisah percintaan"

Back To Top