nulis geguritan




Playune Manuk Emprit
Menyang ngendi playumu, Prit?
Aku kangen nginjen grombolanmu
esemu ngece nalika krikilku luput
Pengin dak plintheng maneh awakmu, Prit.
Prit, Menyang ngendi playumu?
Apa merga kowe murka marang aku?
sedulurmu dak nggo lawuh saben dina?
Sepurane Prit.
Iki Prit, Aku gawa gabah satenggok
Bakal dak sebar ing pelataran ciut iki
Gek ndang mblandhang rene prit, aja mampir sawah
Merga sawahmu wis dadi aspal endah.


Lampu bangjo
Dalan-dalan katon kobong
Sumpeg tur mlepeg
     Pirang-pirang knalpot bengak-bengok
     Lampu ra gek ndang ijo
     Dawane  ngluwihi antrine E-KTP
Dak deleng wong gendhut ngguyu
Ing omah cilik apik sapinggire bangjo
Lheyeh-lheyeh nglaras kepet-kepet yatra


Aja menyang Jakarta
Penggaken yogamu
Aja gelem dijak bang Jeki
Sumuke bisa nglunturake watak
bubrah cacad bakalan prawanmu
kauntal ndhedheting kutha
Penggaken yogamu
Aja gelem dijak bang Jeki
Pendhak-pendhak ngombe peceren
Kapusan manise bratawali
Cipta manunggal mesthi pralaya
Kabeh dietung sarwa angka
2012 sasisihe kendhi


 Sing glondorke : Bisri Nuryadi 





Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "nulis geguritan "

Back To Top