Lek
Kliwon, sawijining warga ing Surakarta Hadiningrat lagi nglaras tur paneng ning
lincak ngarep omah sabubare isak. Sinambi ngeses kretek. Lagi setengah jam wae
udude wis entek telung ler. Mripate landhep kaya-kaya nrawang adoh banget, mboh
menyang donya ngendi?. Sajake ana sing lagi dipikirake. Udude disedhot dawa tur
rada suwe. “reketegreketegreketeg” swara mawa mbakone nganti krungu.
Dumadakan
swara bojone, Ngatmini nyeluki katon banter mbuyarke pandhelenge. Lek kliwon
kaget, watuk saknalika. “uhuk uhuk.”
“Pakne,
Pakne, gilo reneya, tipine apik banget. Pak Jokowi dilantik dadi Gubernur
Jakarta, lho. Wah, katon tambah ngguantheng, Pakne.”
Krungu
swara bojone, udud sing isih separo mau tumuli diceceg ning lincak kono katon
gregeten plus kemropok. Meneng
sedela, ambegan ping loro, banjur nyelathu.
“Owalah,
owalah. Jokowi maneh, Jokowi maneh. Rumangsaku ning endi-endi isine mung Jokowi
kabeh. Sedina wae ora bisa uwal saka Jokowi.”
“Mbok
aja ngono ta, Pakne.” Bojone metu, lungguh ning kursi sasisihe lincak.
“Esuk-esuk
maca Koran,“ lek Kliwon mbacutne. ”sing dipacak gedhe dhewe potone Jokowi. Lagi
thenguk-thenguk ngaso rolasan, kanca-kanca pabrik kabeh padha ngrembug Jokowi.
Sore-sore mbukak internet, sing njedhul nomer siji jenenge Jokowi. Bar magrib
nyetel tipi, mak cegagik, sing disuting gambare Jokowi maneh. Saiki, ya
beritane Jokowi maneh. Gek wingi Jokowi, gek wingine ya Jokowi, gek wingine
maneh ya Jokowi maneh. Rumangsaku, Jokowiiiiii… terus. Apa lagi munggah godhong
(diwaca : naik daun) yak e. Apa yen
ora Jokowi ki, beritane ora payu ta yaa ya…?. Wis jan.”
“Owalah,
Pakne, Pakne. Sampeyan ki kepriye ta?” Bojone mangsuli. ”Ya mbok sing bungah
kaya liya-liyane kae. Atase wong Solo bisa dadi Gubrenur, eh Gubernur, ning Ibu
kota rak ya awake dhewe kudune melu seneng ta. Ora malah kaya wong susah
ngono.”
“Ngertimu
ki apa ta nii, nii. SMA wae ora tutug no kok, ndadak melu-melu nguyahi segara.
Kowe ki ora mudheng, yen masalah-masalah ning Solo ki ora ana sak kuku irenge
Jakarta. Paribasan yen Jakarta ki buwah semangka, kutha Solo ki mung kaya buwah
klengkeng kae. Wis, bayangna dhewe!”
Ngatmini
sajake ngematke omongane bojone tenanan.
“Macet,
banjir, preman, kampung kumuh, kampung miskin, transportasi, pabrik kobong, pasar
oprokan, gunung sampah, kali buntet, dalan nggronjal, tawuran, korupsi, warga
urban, gek ndak taun sansaya nambah. Masalah apa wae ana ing Jakarta. Eh, eeh…
wis ta, pokoke komplit plit, kaya es campur Manahan kae. Ana roti, cendhol,
cincau, kolang-kaling, buwah melon, telasih, nangka, lan kates wae kelakon
ana.” Drijine karo ngitung. Lek Kliwon ngeleg idu. “Gleg.. gleg...”
kalamenjinge munggah mudhun. Rokok kretek disumet maneh. “Srupuut.” Mak buul…
“Ya
ora ngono ta Pakne, sampeyan ki mung panganane wae. Kabeh ki ya kudu di coba
dhisik. Sithik mbaka sithik dibenake sing penting ajeg. Mengko rak ya suwe-suwe
bisa dadi kutha sing tata, kaya Solo kene. Rak ngono ta, Pakne?”
“Gampangmen
ta, nii nii.” Rek jres lan rokok dikanthongi banjur lunga.
“Karepmu,
Pakne, Pakne.” Ngatmini mlebu ngomah.
***
Ning
cakruk kidul kampung katon rame. Ana kendaraan cacah papat mandeg, sajake arep padha
lelungan. Lek Kliwon nyedhaki.
“Wah,
mantep tenan ki. Program kerja 100 dinane Pak Jokowi ning Jakarta, bakal
mbenahi pendhidhikan lan kesehatan. Jos gandhos.” Gareng nrocos nganti muncrat,
mergane UI (untune inguk-inguk).
“Apa
ya kelakon tenan ta, Reng?” Lek Kliwon nyaut sak kenane. “100 dina ki cepet
lho.”
“wah
iki, teka-teka kontra.” Bejo
nyambung.
“Sek-sek,
iki arep do menyang ngendi ta? Kok padha ngetokake kendaraan.
“woo
lha kontra tenan iki, mulane
ketinggalan info penting. Ha.. ha.. ha...”
“Arep
prasmanan Lek Kliwon. Sukurane Pak Jokowi ning Loji Gandrung.”
“ngeng…
ngeng… ndet.. det.. det.. det …” Paidi boncengan karo Bakri mandheg, nanging
mesine ora dipateni. “Ayo, ngenteni sapa maneh? Selak ora kumanan mengko.”
“Ayo..
ayo.., cabut.. cabut...”
“sek,
sek. Lha Lek Kliwon piye?”
“Lha
wong Lek Kliwon kontra og!”
“Sakjane
aku ki ora kontra yaa, mung aku ki mesake
Pak Jokowi. Kakeyan gaweyan mesthi.
Ning Solo wis penak-penak ndadak nyalonke ning Jakarta.”
“Lha
saiki melu makan-makan gratis ora, Lek?
Yen ora tak tinggal, wetengku selak kroncongan ki.”
“Saiki?
Wah yen saiki aku dijak makan-makan
gratis.., ya.. ya.. mathuk thok no.”
“Ayo,
gek ndang nggonceng.”
“
woke, lest go… ngeng.. ngeng.. ngeeng…”
“Madhang
mbokdhee. Ha.. ha.. ha…”
“
Sugeng makarya in the Jakarta, Mr. Jokowi. Good Luck …”
By : Bisri Nuryadi 2012ing sandhinge kendhi
0 Komentar untuk "Cerkak Jokowi-cerkak lucu "