Geguritan Pendidikan





                                  Guritku
Ing wengi sirep wong iki
Mung keprungu kekidungan montor    
Sesliweran ing dalan ngarep omah     
War-wer...war-wer
Aku lungguh kanthi goreh
Goreh, kaya mau awan
Nalika pak guruku ngendikan
“Ora mokal basa lan sastra Jawa nemoni pati,
Merga sithik generasi paneruse,
Mintip-mintip kaya thonthor kentekan lenga.”   
Jiwa kanomanku krasa kecenthit
Mak sengkring
Perih
Basa lan sastra jawa kang kawentar luhur
Disangga simbah merga kebak pitutur
Endah, dadi tuntunan para leluhur
Apa bakal ora keprungu maneh endahe?
Apa meksa mung gari tilase?                                                          
Mula, Ing wengi sirep wong iki
Dak tulis geguritan sakbisaku
Kanthi paramasastra kang prasaja
Lan unggah-ungguh kang pancen ora tepa
Nanging ora dadi ngapa
Geguritan iki minangka pratandha
Yen aku melu ngupaya
Ngrembakane basa lan sastra Jawa        


 Dening :
Bisri Nuryadi
bisri.dol.birawa@gmail.com 

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Geguritan Pendidikan"

Back To Top