Cerkak
wis nate dipacak ing untuk Jagad Jawa SOLOPOS
14 Maret 2013
Guru Les Basa Jepang
Samirana kang ora duweni wayah, isih
panggah
gendadapan ngoyak tibane gegodongan Ing pinggir-pingir dalan. Nadyan wengi mlaku
nggremet tumuju ing
punjere, nanging ayuning kartika wiwit wae jumedhul saka suwalike mega peteng.
Ragaku uga isih panggah
mengkurup saduwure
springbed jambon. Lemes tanpa daya. Mula
aku nyoba nglipur rasa kanthi ngrungokake tembang kenangan saka panjenengane
yaiku kampai(1) ing laptopku.
Aku durung
bisa ngleremake
mripatku kang wiwit sore katon bengkak
merga kakehan ngetokake luh. Sedhih amarga sesuk aku bakal ditinggal lunga
marang pawongan kang wis
nyigarake gregetku. Marang pawongan kang wis
dak anggep kangmasku, kancaku,
sedulurku, bapakku lan
dwija sejatiku.
Pak Is, mangkono
aku ngundang. Asma jangkepe
Iskandar Rahmat Basuki. Dwija les basa Jepangku.
Priyantune kalem,
ngemong, blater, lucu tur ya ora njelehi. Rikmane lurus piyak tengah. Godhege simbar rumembun. Yen aku
ngarani piyambake kaya artis Reza Rahadian.
Aku tepang marang panjenengane
wiwit limang wulan kepungkur. Wektu
Bu
Harni, dwija les basa Inggrisku madoske
dwija les basa Jepang.
Ya pak Is
iku.
Wiwit
sepisan kepanggih Pak
Is, aku ora nyana yen panjenengane duweni kapinteran kang mumpuni lan tanggap
ing sasmita.
Cara mucale uga sabar,
alon, cetha, lan
sistematik wiwit saka kognitif 1 tekan 6. Imbang ing antarane afektif lan
psikomotorike. Ora kaya guru-guru ing sekolahanku kang akeh-akehe mung teori, monoton. Iki kang ndadekake kanca-kancaku
padha ngantuk. Kanthi cara iku mau aku bisa nampa pelajaran saka Pak Is kanthi
seneng lan mudheng. Uga mangsuli pitakonan kanthi bener lan pener.
Kang dadi senengane atiku maneh, menawa
rampung ngeles mesthi dicritakake
babagan panyurung kang bisa nuwuhake greget anggonku sinau lan kepriye supayane
nglakoni urip iki kanthi milih pilihan apa wae kang wicaksana.
Sajanan ta, duweni gelar Sarjana Sastra
Jepang kang wis kawisudha rong
wulan kapungkur, nanging Pak Is uga jago
babagan basa Jawa.
Katitik, menawa
ngasta mesthi nggathuk-nggathukake basa Jawa karo basa Jepang.
Isih kelingan gamblang nalika
piyambake sepisan mucal aku.
“Dhik
Reni, Basa jepang iku ana gandheng cenenge kalawan basa Jawa, lho.”
“Napa nggih, Pak? Boten mungkin.”
Sautku nyela sajak ora percaya.”
“Ngene, basa Jawa iku duweni
unggah-ungguh, semana uga basa Jepang uga nduweni.”
“Lha pripun niku, Pak?” Aku takon maneh, merga
aku durung mudeng babagan paramasastrane Basa Jepang nadyan Sekolahku uga ing SMA
jurusan basa asing. Kang disinauni ing
kelas siji iki pelajarane isih umum, lan basa Jepang uga wiwit wae mlebu ing
materi aksara jepang, yaiku hiragana, katakana lan saperangan kanji.
“Coba saiki ditulis
dhisik dhik, Reni.”
Pak Is mbacutake katrangane, aku mbukak buku tulisku.
“Anata wa dare desuka?” Iku
tegese “Jenengmu sapa?” Menawa ing basa Jawa iku diarani basa ngoko.
Sawise rampung dak tulis, Pak Is
mbacutke maneh.
“Anata wa donata desuka? Iku tegese “Panjenengan asmane sinten?”
kanggo takon marang pawongan kang dianggep luwih sepuh lan dhuwur jabatane,
kaya ing basa krama. Bedane mung dare
lan donata “
“Banjur di jawab. Watasi wa Reni kusumawati desu(2). hehe”
“Aaa… Pak Is, saged mawon.”
Swaraku sinambi nggebuke buku indhik kanthi gemes ing lengene.
Merga Pak Is nyebut jenengku mau,
aku lan Pak Is padha gegojegan ngguyu sawetara nuli mbacutake sinau maneh. Pak
Is mbabarake siji mbaka siji tembung-tembung iku mau lan pungkasane aku nyoba
praktek pitakonan mawa basa Jepang.
Lagi sepisan wae wis katon akrab.
Seminggu ping loro anggonku dilesi Pak Is, mula jam papat sore aku mesthi wis
smadya ing ruang belajar saksisihe ruang tamu. Rasane bungah banget jroning atiku
wektu semana kaya ketiban ndaru.
Nanging, rasa bungah iku mau bakal sirna ilang kertaning batin.
Sesuk Pak Is wis ora
bisa ngelesi aku maneh. Sesuk Pak
Is kudu nglakoni pendidikan telung wulan ing Pawiyatan Lembang
Bandung, tumuli magang ing negara Jepang telung taun suwene. Dadi
wiwit sesuk aku wis ora ketemu Pak Is maneh. Kudu nunggu telung taun. Rasane
Kaya lagi gek wingine aku tepung Pak Is. Ngapa cepat banget pisahe?
Luh mripatku
kang wis
garing, bali mbrebes mili dleweran
maneh. Tembang kampai dak sorake sithik, aku melu nembang lirih kanthi swara
pedhot-pedhot.
Na..mida...
no kotoba.. de utaitai// Ase no.. hikari o.. karada ni.. abite// Furikaerazu
ni.. sonomama.. ikeba... yoi// Kaze.. ni fukaretemo ame.. ni utaretemo//
Shinjita ai... ni o.. mukeruna ...(3)
...
***
Dina iki, mengko jam setengah
telu sore Pak Is tindak tumuju Bandung kanthi nitih Pesawat Wings Air
nomer IW-1811.
Dadi,
sawise mulih sekolah aku bisa menyang Bandara
Adi Sucipto.
Wektu semono cukup kanggo perjalanan.
Bener,
sawise bel muni ping telu. Aku metu saka lawang sekolah dhisik dhewe. Turut ndalan
mbrebesku ora uwis-uwis. Gas kendaraan metikku
dak puter maneh, 70 km/jam. Iku
wis banter amerga dalane rada macet. Saka jembatan
gandhul Janti, aku tambah ngebut ngalor.
Jam
loro punjul sepuluh
menit aku tekan Bandara.
Luhku dak ulapi. Pak is dak bel.
Tanpa antan-antan Pak Is wis ana ing ngarepku. Sajake wis ngenteni suwe. Atiku
kesendhal mayang.
“Pak Is..” Swaraku karo nubruk. Sirah lan awakku ndekep ing
dhadhane Pak Is. Luhku crocrosan.
“Pak Is pamit dhisik ya, Dhik Reni. Salam
kanggo kulawarga ing dalem.
Wis..Ora papa aja digetuni. Mengko ya mesthi dipadoske ijol guru les basa
Jepang maneh kang luwih prayoga dening Ibu. Wis gek ndang meneng. Diawasi wong
akeh, masak nganggo seragam SMA isih nangis.. apa ora isin karo adhik-adhik
kae. hehe”
Pak Is nyoba nglipur atiku.
“Ku..Kula taksih kepingin diwucal panjenengan,
Pak!” swaraku mingseg-mingseg.
Sawetara iku lengenku loro-lorone
dicekel, aku tangi saka dhadhane. Luh ku diulapi. Aku namatne praupane kang katon
sumunar.
“Dhik Reni, sapa wae kang mulang
iku padha wae. Gumantung pribadhi lan niyate kepriye? Kang luwih penting yaiku kewasisan kang kudu ajeg digladhi. Itsumo, Itsudemo, Itsu Mademo(4) lan uga aja lali marang “Saiki,
neng kene, aku gelem’’(5). Isih kelingan pesene Pak Is biyen ta?
Aku isih meneng lan ajeg namati praupane. Piyambake mbacutake pratelane.
“Oya, Sesasi
engkas semesteran ta
Dhik! Gambate kudasai(6).
Muga Gusti paring mergi. Amin.”
“Pak Is…”Sepisan
maneh aku ndhekep ing dhadhane kanthi nggeget-nggeget. Tangisku uga ora
uwis-uwis.
“ Wektune
Pak Is Budhal, Dhik
Reni.”
“Ngatos..atos..
nggih,Pak!. Swaraku lirih. Aku banjur Salaman, astane dak
sun. Aku ora bisa kumecap apa-apa maneh.
Pak Is mlaku
tumuju undhak-undhakan
awak montor mabur. Aku mung bisa ngawasi lakune. Mripatku sansaya mbrebes
mili. Kaya-kaya
atiku ora lila ditinggal Pak Is. Ora ana pawongan sing bisa ngganteni Pak Is. Aku
mung bisa dedonga, muga Pak Is tansah kaparingan bagas waras ing Negara Sakura
kana. Lan uga aku bisa kepanggih maneh mbesuke.
Montor
mabur mlaku ngulon indhik-indhik. Atiku tambah goreh. Sikilku mlaku tumuju lapangan montor mabur
iku. Lakuku
saya rikat. Aku nyoba mlayu lonjong
mimis.
Ngoyak kebat. Nangisku
uga tambah kebat.
Nanging montor mabur kepara kilat
playune. Akeh kang ngawasi lan ana uga wong loro ngoyak aku, nanging ora dak
parelu. Aku tetep mlayu ngoyak. Tetep ora
kacandhak. Montor mabur wiwit nutup roda ateges wis munggah ing akasa. Ing
tengah-tengah panasan aku mandeg. Aku isih tetep nangis ngorong-ngorong.
Dhengkulku dak dempetke ing aspal dalan landasan montor mabur. Dumadakan
tanganku dicandhak Pak Satpam.
Awakku mberat-mberat. Tanganku
nututi kaya-kaya kepengin ngranggeh montor mabur kang wis katon cilik. Swaraku mbengok sora kaya mbelah-mbelahna bumi.
“Pak Iiiiiiiiiiiss!”
Katrangan :
1)
Tembang
kang asale saka Jepang dianggit taun 1956.
2)
Tembung
kanggo mungkasi ukara ing basa Jepang.
3)
Aku
pengin nembang kanthi tembung-tembung kang kebak luh//Cahya gegayuhan kasarira ing
ragamu//Aja mlinguk
ing mburi, mlakua terus//Sajroning
derese udan lan galake angin//Aja
kok gegeri tresna kang wis diniyati.
4)
Tansah, Kapan wae, saklawase.
5)
Wejangan Ki Ageng
Soerjamentaram, bilih urip kudu pasrah, iklas kapan wae lan ing ngendi wae.
6)
Berusahalah
Thankyu..
b 15 ri
bisri.dol.birawa@gmail.com
0 Komentar untuk "Cerita guru dan siswa"