Geguritan Politik

Teles
Gung liwang-liwung
toya megung
ayo ambyur
ambyur.. teles.. kebes..
mumpung udane deres
deres, kaya dhene netra
kang lagi mbrebes
netrane sapa?
yen ora netrane pakdhe tukimin
kang manggon ing gubuk
krengkat-krengket
sak-kukupan yoga lan semahe


Bensin
pitung liter bensin
nate dikanthongi
ana njero ati
kang wus ketuncep eri
iki dudu bensin subsidi
utawa non subsidi
ananging bensin swara
kang wus dicurake
ana kothak suci
kang dijaga para abdi negara
kanggo rebutan kursi pangembating praja
Nanging saiki,
pitung liter bensin wus gusis
lan eri uga kelarung
ing segara kidul
dadi amung bisa nunggu wangsit
sinambi turu njingkrung
kinemulan sarung



Kursi
Ing abad sewelas
Ratu Air Langga
lengser kursi
ngenger dadi resi
nyegur ing wana
lan nglaku nyepi
Kursi kang ilang
bisa tuwuh sepi
nanging uga bisa
thukul kawicaksanan
Emane,
ing jaman sangar iki
padha nyirik nyepi
kepara njunjung kursi
Yen wis mangkene
Manungsa ora bakal
bisa nyawang
Sejatine pribadhi




Dening : Bisri Nuryadi

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Geguritan Politik"

Back To Top