Menyediakan Materi, Soal & kunci jawaban Mapel Bahasa Jawa untuk Semua

Pasa Lan Laku Tapa

Pasa Lan Laku Tapa

Kocaping carita ing jagad pewayangan Jawa, ora mung satriya lan dewa wae kang nglakoni tirakat pasa. Jin lan raseksa kang dadi mungsuhe dewa lan manungsa, uga akeh kang padha nglakoni pasa. Adhedhasar rembugan kasebut, kasekten para jin lan raseksa mau asring ngedab-edapi lan ing wektu tartamtu bisa luwih nggegirisi ngluwihi kasekten para dewa.

Ya mung bedane karo para satriya yaiku jin lan raseksa mau ngetogake kasektene mocar-macir kanthi ngumbar hawa nepsu tanpa bisa dikendalekke. Beda karo para satriya kang bisa njaga kateguhan kasekten kasebut. Kanthi njaga kateguhan mau, para satriya bisa dadi pengayome wong cilik kanthi adhil lan wicaksana.

Crita ing dhuwur nggambarake yen laku pasa ora dadi barang anyar tumrape wong Jawa. Malahan sadurunge Islam teka ing Jawa, wong Jawa dhewe wis tepang marang pasa. Iki bisa didelok ing lakon-lakon pewayangan sempalan saka Mahabarata utawa Ramayana. Tumrape wong jawa, pasa mujudake laku kanggo meper hawa nepsu uga ngresikki raga lan batin, ora mung ngampet mangan lan ngombe.

Kabeh pasa mesthine nduweni ancas kang luhur, embuh kuwi pasa cara Islam utawa pasa cara Jawa. Maneka warna jinising pasa mau kabeh katujukake marang Gusti ingkang murbeng dumadi. Ing agama islam, Gusti Allah swt. Mrentahke pasa marang umate supaya dadi wong kang takwa. Merga wong kang takwa bakal  ditresnani marang Gusti lan mengkone dilebokake menyang suwarga.

Miturut ajaran Jawa, pasa iku mung saperangan praktek saka laku tapa. Wujude laku tapa akeh maceme, ing antarane yaiku pasa, mlaku tanpa turu, semedi, pantang seksual, nyucekake upacara, ngorbaneke maneka warna kewan lan isih akeh liyane. Laku tapa kang kaya ngene iki minangka sarana kanggo nyedhakake manungsa marang Gusti, supaya apa kang dadi gegayuhane bakal cepet kawujud. Laku tapa kanggone wong Jawa ngemu panjalukan.

Laku tapa bisa dadi cahya kang mbangkitake panas sing ngedab-edapi. Panemu kang ngono mau bisa dinalar merga ing wewayangan klasik sastra Jawa, tapa kang dilakoni kanthi tumemen bakal bisa nduweni kualitas ngasilake panas ing raga. Minangka conto, Para empu kang kawentar ing jaman biyen dipercaya bisa ngracik cuilan wesi kanthi ukiran kang ruwet lan duweni pamor kang gedhe. Katrampilan kang mangkono mau ora bisa uwal saka laku tapa.

Kang wigati saka laku tapa yaiku ora mbudidaya kanggo mateni nepsu pribadhi kanthi ancas kaendahan barang anggitane mau, nanging kanggo golek kasekten utawa kekuwatan Ilahiah. Kanthi mangkono, para Empu bisa gawe keris kang nduweni kekuwatan magis lan dipercaya bisa kanggo jimat sarta nambani wong sing lagi nandhang bebaya.

Sarana kanggo nyedhak marang Gusti iku pancen carane ora mung siji, nanging ana pirang-pirang maneka warna maceme. Ing buku “Kuasa Kata” anggitane Benedict R. O’G. Anderson:2000, ngandharake bilih wong Jawa jaman semana kanggo mbudidaya nyedhakake manungsa marang Gusti iku maceme ana 2 tradhisi, yaiku tradhisi ortodoks lan tradisi heterodoks.  Tradhisi ortodoks yaiku laku tapa kang melu ukum rasa lan imbang ing antarane jiwa, raga serta alam raya. Kanthi mangkono laku tapa dadi gegayuhane pribadhi  kanggo nyuceni jiwa lan raga.  

Sing angka loro yaiki tradhisi heterodoks. Tradhisi iki ora patut yen diterapake ing jaman saiki, amerga tradhisi iki nglakoni laku sing beda karo ajaran agama. Yaiku ngrusak panca indra kanthi mabuk-mabukan lan ngumbar pista seks. Nanging ancas saka tradhisi iki ora liya padha karo tradhisi ortodoks. Cara iki nate dilakoni dening Raja Singosari ingkang pungkasan, yaiku Raja Kertanegara.

Dadi aja kaget yen ana tradhisi-tradhisi laku tapa kang pancen beda. Pasa mung saperangan saka laku tapa. Kita lagi ngrembug babagan tradhisi pasa ing tanah Jawa, durung ngrembug pasa ing tataran negara-negara liya. Mahatma Gandi saka India kang ora klebu wong Jawa lan non muslim uga nindakake pasa. Pasa mujudake upacara manungsa kanggo nyedhakake marang Gusti kanthi gegayuhan kepengin dadi wong sing takwa utawa oleh kasekten. Mesthine kita bisa ngurmati tradhisi kang beda iku mau.

Emane, akeh kang ngaku yen pasa miturut tradhisine dhewe kang bisa ditrima dening Gusti, lan sewalikke pasa kanthi tradhisi liya bakal ditampik dening Gusti. Iki kang ndadekake wong padha padudon merga ora bisa ngurmati pasane agama utawa tradisi liyane. Aja nganti mung prekara beda tradhisi ndadekake padudon kang nggegirisi kaya dhene negara-negara ing timur tengah, kang padha gontok-gontokan, tembak-tembakan lan bom-boman.

Kanthi ngurmati tradhisi liyan mau, mesthine urip tentrem ayem bakal sumeblak ing negara kita. Kridhane pamarentah kang diantu-antu dening wargane kudu bisa njaga karukunan antar umat agama. Merga negara kita dudu negara agama kang nganut mung sak-agama, nanging negara pancasila kanthi adhedhasar kitab sutasoma, yaiku Bhineka Tunggal ika, tan ana dharma mangarwa.  


Bisri Nuryadi
Alumnus Univet Bantara Sukoharjo
Sinau ing Bilik Literasi Solo


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Pasa Lan Laku Tapa"

Back To Top