Artikel Bahasa Jawa ; Wayang Lan Politik

Wayang Lan Politik

Ora kabeh teori saka mancanagara bisa diagem kanggo mangerteni sejarah lan manungsa Karang Kedempel. Sak ora-orane ana perangan tartamtu bisa dadi gamblang menawa disandhingake karo metodhe wayang. (Emha Ainun Nadjib).

Manungsa jawa bisa diarani manungsa wayang. Amarga laku, tumindak lan kahanan, kabeh bisa di sandhingake karo wayang. Paraga-paraga kang ana ing crita wayang Mahabarata lan Ramayana pancen ora nate katon ing bebrayan agung, nanging watak paraga wayang mau sak ora-orane isih urip sak tengahe bebrayan agung saka jaman raja-raja biyen nganti tekan jaman presidhen saiki. Ora mung Jawa kang ngrasakake kabudhayan wayang, nanging wayang wis dadi gegambare urip kanggo saperangan manungsa sak laladan nuswantara. Semana uga ing ranah Politik negara kita, ora bisa dipisahake karo wayang.

Buktine, nalika ana dredah ing Partai Demokrat pirang-pirang wulan kepungkur, Anas Urbaningrum nyebut salah sawijing paraga wayang ”Sengkuni”. Wis mesthi yen kuwi mau katujokake marang pawongan kang seneng icuk-icuk lan pawongan kang dadi tuk-ing sakabehe prekara. Paraga wayang pancen bisa dadi wakil watak sakabehe para manungsa.

Ora mung saiki wayang dadi sarana kanggo nggambarake watak pawongan ing donyane poitik. Biyen nalika jamane Pak Harto utawa kang kasebut orde Baru, wayang wis mlebu ing politik. Ing kono wayang digunakake kanggo mbabar bab pembangunan negara. Para dalang dadi tangan tengene pamarintah. Ing pagelaran mau para dalang ora lali njlentrehake program-program pamarentah satengahe limbukan utawa gara-gara.

Saliyane iku, mesthine kita kang menangi jamane Pak Harto isih kelingan acara “Ria Jenaka” kang disiyarake ing TVRI. Ing kono sing dadi paragane yaiku punakawan; Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Punakawan mau mbabar bab pembangunan pamarentah ing Desa. Kanggo narik kawigaten, acara Ria Jenaka diseseli acara klenengan utawa tembang-tembang. Biyen acara iku dadi salah sawijining acara favorit pamiyarsa.

Para Pawongan kang duweni intelektual dhuwur kang ora seneng marang pamarintahan Suharto padha nyerang kanthi cara migunakake wayang uga. Ing buku Wayang Mbeling, Sastra Indonesia Menjelang Akhir Orde Baru (2008) di jlentrehake yen para intelektual mau padha nulis novel, drama lan essay kang gegayutane karo wayang. Nanging ora mung babagan crita wayang, akeh kritikan kang dilebokake ing crita wayang mau. Crita wayang mau minangka sarana ekspresi kritik sosial, politik, lan sing luwih wigati yaiku bisa endha saka sensor pamarintah.

Marshall Alexander Clark, minangka panulis buku mau kang saiki dadi dhosen ing School Of Internasional And Political Studies, Deakin University, Australia, mbabarake akeh babagan crita wayang kontemporer minangka kritik marang pamarintahan wektu iku.

Minangka conto, Soebadio sastrosatomo, pangarsa sosial ing jamane Pak Soekarno nate nulis buku Politik Dosomuko Rezim Orde Baru(1998). Ing buku mau di jlentrehake babagan dredah ing epos Ramayana antarane Dasamuka lan pasukan kethek. Nanging crita mau nduweni simbul-simbul kang katujokake marang Soeharto minangka Dasamuka lan para kethek minangka para warga Indonesia.   

Tekan titiwanci pungkasan iki wayang isih dadi gegambarane saweneh manungsa. Semana uga para paraga politik, uga ora bisa uwal saka simbuling watak sajrone wayang.  

Ing kalawarti Jayabaya nomer 40, minggu I, Juni 2014, menehi kabar ing irah-irahan “Wisanggeni Dahlan Iskan ora menangi Baratayuda”. Ing kono dijlentrehake menawa Dahlan iskan disandhingake karo paraga Wisanggeni.  Wisanggeni yaiku satriya sekti putrane Janaka saka Dewi Dersanala Putrine Bethara Brama. Saking sektine, para Dewa ing Suralaya nganti kewuhan anggone ndhapuk Wisanggeni jroning kitab Jitabsara, kang isi skenarione babagan perang Baratayuda. Amarga dimungsuhke sapa wae, Wisanggeni bakal menang. Pungkasane Wisanggeni “dipatekake” SangHyang Wenang lumantar Kresna. Wisanggeni ngadhepi patine kanthi lila legawa. 

Nasibe Dahlan Iskan sairib karo paraga wayang mau. Sanajan Dahlan Iskan menang konvensi Capres Demokrat nanging dheweke ora bisa ngajokake dadi Capres 2014, amarga Partai Demokrat sing mung entuk swara pileg 10,19% ora bisa ngusung Capres dhewe. Saengga Dahlan Iskan kudu bisa nrima kasunyata mau kanthi ikhlasing penggalih.

Ing Pilpres 9 Juli 2014 mengko, kita bakal nemoni Capres kang gunggunge mung ana 2, Yaiku Prabowo Subianto lan Joko widodo(Jokowi). Kaloron Capres mau uga bisa kita sandhingake karo paraga wayang. Prabowo Subianto kang mantune Soeharto iku bisa disandhingake karo paraga janaka, amarga wiwit mudha wis padha digladhen bab perang. Lan Jokowi kang biyene mung warga sipil lan saiki dadi “wong” bisa kita sandhingake karo paraga Karna.

Ing Epos Mahabarata dicritakake bilih Janaka lan Karna bakal nglakoni pinesthi “perang tandhing” sajrone Baratayuda Jayabinangun. Semana uga Prabowo Subianto lan Jokowi uga bakal nglakoni pinesthi “perang tandhing” sajrone Pilpres 9 Juli. Sanajan ora wujud perang raga kaya dene perange Janaka lan Karna ana ing pagelaran wayang kulit. 

Ing alam kasunyatan, crita wayang mau bisa bener lan bisa uga owah gingsir ora kaya alur critane. Nanging kang luwih wigati, sapa wae kang menang ing perang tandhing mau prayogane paraga nduweni watak satriya. Kang dimaksud watak satriya ing kene yaiku kaya dene watake telung paraga wayang kang wis nate dingendhikakake dening pujangga Sri Mangkunegara IV (1809-1881 M) ana ing serat Tripama, yaiku Bambang Sumantri, Kumbakarna lan Adipati Karna.

Dening : Bisri Nuryadi
Guru SMK Karya Nugraha Boyolali

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Artikel Bahasa Jawa ; Wayang Lan Politik"

Back To Top