Pasa Lan Laku Tapa
Kocaping carita ing
jagad pewayangan Jawa, ora mung satriya lan dewa wae kang nglakoni tirakat
pasa. Jin lan raseksa kang dadi mungsuhe dewa lan manungsa, uga akeh kang padha
nglakoni pasa. Adhedhasar rembugan kasebut, kasekten para jin lan raseksa mau
asring ngedab-edapi lan ing wektu tartamtu bisa luwih nggegirisi ngluwihi
kasekten para dewa.
Ya mung bedane
karo para satriya yaiku jin lan raseksa mau ngetogake kasektene mocar-macir
kanthi ngumbar hawa nepsu tanpa bisa dikendalekke. Beda karo para satriya kang
bisa njaga kateguhan kasekten kasebut. Kanthi njaga kateguhan mau, para satriya
bisa dadi pengayome wong cilik kanthi adhil lan wicaksana.
Crita ing dhuwur
nggambarake yen laku pasa ora dadi barang anyar tumrape wong Jawa. Malahan
sadurunge Islam teka ing Jawa, wong Jawa dhewe wis tepang marang pasa. Iki bisa
didelok ing lakon-lakon pewayangan sempalan saka Mahabarata utawa Ramayana.
Tumrape wong jawa, pasa mujudake laku kanggo meper hawa nepsu uga ngresikki
raga lan batin, ora mung ngampet mangan lan ngombe.
Kabeh pasa
mesthine nduweni ancas kang luhur, embuh kuwi pasa cara Islam utawa pasa cara
Jawa. Maneka warna jinising pasa mau kabeh katujukake marang Gusti ingkang
murbeng dumadi. Ing agama islam, Gusti Allah swt. Mrentahke pasa marang umate
supaya dadi wong kang takwa. Merga wong kang takwa bakal ditresnani marang Gusti lan mengkone
dilebokake menyang suwarga.
Miturut ajaran
Jawa, pasa iku mung saperangan praktek saka laku tapa. Wujude laku tapa akeh
maceme, ing antarane yaiku pasa, mlaku tanpa turu, semedi, pantang seksual, nyucekake upacara, ngorbaneke
maneka warna kewan lan isih akeh liyane. Laku tapa kang kaya ngene iki minangka
sarana kanggo nyedhakake manungsa marang Gusti, supaya apa kang dadi gegayuhane
bakal cepet kawujud. Laku tapa kanggone wong Jawa ngemu panjalukan.
Laku tapa bisa
dadi cahya kang mbangkitake panas sing ngedab-edapi. Panemu kang ngono mau bisa
dinalar merga ing wewayangan klasik sastra Jawa, tapa kang dilakoni kanthi
tumemen bakal bisa nduweni kualitas ngasilake panas ing raga. Minangka conto, Para
empu kang kawentar ing jaman biyen dipercaya bisa ngracik cuilan wesi kanthi
ukiran kang ruwet lan duweni pamor kang gedhe. Katrampilan kang mangkono mau
ora bisa uwal saka laku tapa.
Kang wigati saka
laku tapa yaiku ora mbudidaya kanggo mateni nepsu pribadhi kanthi ancas
kaendahan barang anggitane mau, nanging kanggo golek kasekten utawa kekuwatan
Ilahiah. Kanthi mangkono, para Empu bisa gawe keris kang nduweni kekuwatan
magis lan dipercaya bisa kanggo jimat sarta nambani wong sing lagi nandhang
bebaya.
Sarana kanggo nyedhak
marang Gusti iku pancen carane ora mung siji, nanging ana pirang-pirang maneka
warna maceme. Ing buku “Kuasa Kata”
anggitane Benedict R. O’G. Anderson:2000, ngandharake bilih wong Jawa jaman
semana kanggo mbudidaya nyedhakake manungsa marang Gusti iku maceme ana 2
tradhisi, yaiku tradhisi ortodoks lan tradisi heterodoks. Tradhisi ortodoks yaiku laku tapa kang melu
ukum rasa lan imbang ing antarane jiwa, raga serta alam raya. Kanthi mangkono laku
tapa dadi gegayuhane pribadhi kanggo
nyuceni jiwa lan raga.
Sing angka loro
yaiki tradhisi heterodoks. Tradhisi iki ora patut yen diterapake ing jaman
saiki, amerga tradhisi iki nglakoni laku sing beda karo ajaran agama. Yaiku
ngrusak panca indra kanthi mabuk-mabukan lan ngumbar pista seks. Nanging ancas saka tradhisi iki ora liya padha karo tradhisi
ortodoks. Cara iki nate dilakoni dening Raja Singosari ingkang pungkasan, yaiku
Raja Kertanegara.
Dadi aja kaget
yen ana tradhisi-tradhisi laku tapa kang pancen beda. Pasa mung saperangan saka
laku tapa. Kita lagi ngrembug babagan tradhisi pasa ing tanah Jawa, durung
ngrembug pasa ing tataran negara-negara liya. Mahatma Gandi saka India kang ora
klebu wong Jawa lan non muslim uga nindakake pasa. Pasa mujudake upacara
manungsa kanggo nyedhakake marang Gusti kanthi gegayuhan kepengin dadi wong
sing takwa utawa oleh kasekten. Mesthine kita bisa ngurmati tradhisi kang beda
iku mau.
Emane, akeh kang
ngaku yen pasa miturut tradhisine dhewe kang bisa ditrima dening Gusti, lan
sewalikke pasa kanthi tradhisi liya bakal ditampik dening Gusti. Iki kang
ndadekake wong padha padudon merga ora bisa ngurmati pasane agama utawa tradisi
liyane. Aja nganti mung prekara beda tradhisi ndadekake padudon kang nggegirisi
kaya dhene negara-negara ing timur tengah, kang padha gontok-gontokan, tembak-tembakan
lan bom-boman.
Kanthi ngurmati
tradhisi liyan mau, mesthine urip tentrem ayem bakal sumeblak ing negara kita.
Kridhane pamarentah kang diantu-antu dening wargane kudu bisa njaga karukunan
antar umat agama. Merga negara kita dudu negara agama kang nganut mung sak-agama,
nanging negara pancasila kanthi adhedhasar kitab sutasoma, yaiku Bhineka
Tunggal ika, tan ana dharma mangarwa.
Bisri Nuryadi
Alumnus Univet Bantara Sukoharjo
Sinau ing Bilik Literasi Solo
0 Komentar untuk "Artikel Bahasa Jawa ; Pasa Lan Laku Tapa"