Kumpulan Soal + Kunci Jawaban B. Jawa SD Kelas 3/2 (KOMPETENSI 2)


Kelas 3 Semester 2
I.    Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing antarane a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!

1.    Sing paling sae, nyelengi iku ana ing  ....
a.    omah
b.    warung              
c.    bank
d.    restoran
Wangsulan:

2.    Pagaweane Siti saben esuk (sapu) latar.
       Tembung ing jero kurung benere ....
a.    nyapu                
b.    disapu               
c.    disaponi
d.    nyapokake
Wangsulan: a 

3.    Tembung pacelathon padha tegese karo tembung....
             a.    guneman    
             b.    sesorah 
             c.    dhiskusi
             d.    pidhato
Wangsulan: a 

4.    Panulise ukara ing ngisor iki kang kliru yaiku ....
a.    Aku tuku buku.
b.    Simbah ngunjuk teh anget.
c.    mbak tini lagi umbah-umbah.
d.    Ing ngendi omahmu?
Wangsulan:c

5.    Banyu ing kali iku ... kinclong-kinclong.
a.    bening               
b.    buthek               
c.    banjir
d.    reged
Wangsulan: a

6.    Menawa mertamu becike ngucapake uluk salam dhisik, kayata ....
a.    kula nyuwun
b.    kula nuwun
c.    nyuwun pamit
d.    nyuwun pangapunten
Wangsulan: b 

7.    Wong srawung karo wong liya kudu nggatekake babagan ....
a.    tata krama
b.    tata panganggon
c.    tata busana
d.    tata boga
Wangsulan: a 

8.    “Dongeng Kancil lan keong” iku kalebu crita ....
a.    legenda                    
b.    mithe                 
c.    sage
d.    fabel
Wangsulan: d
 
9.    Manut dedongengan, “Kancil” iku kewan sing....
a.    bodho               
b.    manut                
c.    sregep               
d.    cerdik
 Wangsulan: d 

10.  Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong kalebu ....
a.    Pandhawa         
b.    Punakawan       
c.    Panglima
d.    Kurawa
Wangsulan: b 

11.  Yen numpak pit iku sing....
              a.     banter 
              b.     ngebut
              c.     ngati-ati
              d.    alon
Wangsulan:c 

12.  Crita ing ngisor iki kang klebu dongeng yaiku ....
a.    Madege Kraton Surakarta
b.    Sejarah Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia
c.    Madege Kraton Demak
d.    Timun Mas
Wangsulan: d 

13.  Panulisan tembung ing ngisor iki kang luput yaiku ....
             a.    lunga    
             b.    putro    
             c.    bisa
             d.    lima
Wangsulan: b 

14.  Jaka (gambar) kanggo adhine.
       Tembung ing jero kurung dadine....
a.    nggambar          
b.    nggambari         
c.    nggambarake
d.    nggambarne
Wangsulan: c 

15.  Crita Baru Klinting iku klebu donggeng. Wujude Baru Klinthing yaiku ....
a.    kebo                  
b.    kancil                
c.    ula
d.    iwak
Wangsulan: c 

16.  Tandha kanggo mungkasi ukara kang wis rampung ditulis yaiku ....
a.    koma (,)             c.    titik koma (;)
b.    titik (.)                d.   titik loro (:)
Wangsulan : b  

17.  Ing crita Brambang Bawang, kang duweni watak kang ala yaiku....
a.    Brambang
b.    Bawang
c.    Mbok Randha
d.    Pak Tani
Wangsulan : a  

18.  Sapa sing durung nggarap PR?
       Ukara ing dhuwur, klebu ukara ....
a.    pakon                
b.    pitakon              
c.    andhahan
d.    parentah
Wangsulan : b  

19.  Gambar gamelan ing sisih kiwa jenenge....
a.    kendhang          
b.    bonang              
c.    gong
d.    kempul
Wangsulan : c  

20.  Yen ibu.... iku rungokna.
       Ceceg-ceceg ing dhuwur kudune diisene tembung ....
a.    kandha               c.    prentah
b.    ngendika            d.   akon
Wangsulan : b

21.  Tembung makarya padha tegese karo tembung ....
a.    olahraga
b.    golek ilmu
c.    nyambut gawe
d.    sambatan
Wangsulan: c 

22.  Bali  sekolah Wawan  ketemu Pak Agung, Wawan uluk salam ....
a.    Hallo pak guru
b.    Sugeng siyang, Pak?
c.    Sugeng siyang, Bu?
d.    Hei  Pak Guru
Wangsulan: b 

23.  Crita pengalaman kang ora perlu ditiru yaiku ....
a.    Bal-Balan ing Dina Minggu
b.    Sinau Kelompok karo Kanca-Kanca
c.    Melu Kursus basa Inggris
d.    Ngepek Nalika Ulangan Basa Jawa
Wangsulan: d 

24.  Yen arep nonton pasar malem kudu tuku ....
a.    kartu                 
b.    buku                  
c.    kacu
d.    karcis
Wangsulan: d 

25.  Ukara ing ngisor iki kang tegese mrentah yaiku....
a.    Sapa jenenge bapakmu?
b.    Dina Setu ana ulangan basa Jawa.
c.    Jupukna piring ing meja iku!
d.    Melu upacara dina Senen.
Wangsulan: c


II.   Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premati banjur wangsulana pitakonane!

Mula Bukane Candhi Rara Jonggrang
Dhek jaman biyen, ana sawijining kraton ing Pengging. Sang raja duweni putra kang apeparab Bandung. Bandung iku pemudha prakosa, kaya dene bapake dheweke duweni saweneh elmu kasekten kang dhuwur. Malah kasektene luwih dhuwur saka bapake jalaran Bandung meguru marang pertapa sakti.

Ing Prambanan ana sawijining kraton, kanthi rajane jenenge Ratu Baka. Sang raja duweni putri kanthi paras ayu kang jenenge Rara Jonggrang.

Antarane Kraton Pengging lan Kraton Prambanan dumadi peperangan. Ing wiwitane, Raja Pengging kalah. Prajurit Pengging akeh sing mati ing medan paperangan.

Krungu kekalahan pasukane bapake, mula Bandung duweni tekad nyusul bapake. Ana ing dalan, ing tengah alas, Bandung ketemu lan padu karo raseksa kang aran Bandawasa. Nalika arep mati, Bandawasa nyusup ana rohe Bandung lan njaluk jenenge didadekake siji karo putra Raja Pengging iki kanthi jeneng Bandung Bandawasa. Akire Bandung maju perang lan bisa ngalahake lan mateni Prabu Baka.

Nalika Bandung mlebu ing kraton kaputren, dheweke weruh Rara Jonggrang kang ayu banget. Bandung langsung nandhang asmara lan pengin ngepek bojo. Ananging, Rara Jonggrang ora seneng amarga Rara Jonggrang ngerti menawa sing mateni bapake yaiku Bandung. Rara Jonggrang ora wani arep nolak, wedi dipateni dening Bandung.
 
Rara Jonggrang banjur ngejokake syarat, Rara Jonggrang gelem dipek bojo menawa Jaka Bandung saguh nggawekake 1000 candhi lan sumur loro sing jero kanthi wektu sedina sewengi.

Manut panemune Rara Jonggrang, mesthi Bandung ora mungkin bisa ngayahi panjaluke kang abot iku. Tanpa dinyana Bandawasa kang wis nyawiji ana ragane Bandung nyatakake saguh mbantu Bandung.
Bandung Bandawasa kang sekti iku njaluk bantuane lelembut. Kabeh padha nyambut gawe, nyrempeng supaya cepet rampung. Siji mbaka siji candi kang dijaluk Rara Jonggrang nyedaki rampung.

Saka kadadean iku, Rara Jonggrang gumun lan kaget amarga bangunan candhi kang akeh iku wis arep dadi. Tengah wengi nalika para lelembut nutugake gaweane kang kurang siji, Rara Jonggrang nggugahi prawan-prawan desa Prambanan supaya nutu pari sinambi nuthuk-nuthukake alu ana lesung, dirungokake rame. Pitik-pitik jago uga pada kluruk saut-sautan. Krungu swara kasebut, para lelembut age-age ngedhegake gaweane. Dikirane dina wis esuk lan srengenge arep metu.

Panjaluke Rara Jonggrang ora bisa kabul amarga isih kurang sakcandi. Bandung Bandawasa nesu, amarga ulahe Rara Jonggrang mau.

Bandung banjur nyedhaki Rara Jonggrang, prawan ayu sing disenengi iku, lan ngucap “Rara Jonggrang! Kowe ki mung golek-golek alesan. Menawa ora gelem ngomongo ora, aja coba-coba nglabuhi aku. Kowe iki atos kaya watu!”

Omongane Bandung kang sekti iku ora bisa dijabel maneh. Sanalika iku Rara Jonggrang malih dadi reca watu gedhe ing Candhi Prambanan. Semono uga prawan-prawan ing sacedhake Prambanan dikutuk dening Bandung Bandawasa kanthi disemoni “Kowe kabeh wis ngewangi Rara Jonggrang tumindak culika, mula aja nganti ana wong kang ngepek bojo sadurunge prawan-prawan ing kene tuwa.”

Candhi kang digawe dening para lelembut, sanajan jumlahe durung nganti sewu sinebut candhi sewu kang caket karo Candhi Rara Jonggrang. Reca watu malihane Rara Jonggrang mapan ana ing Candhi Prambanan. Mulane, Candhi Prambanan sinebut uga Candhi Rara Jonggrang.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.    Kepriye usahane Bandung kanggo mujudake panjaluke Rara Jonggrang?                      
Wangsulan:  Njaluk bantuane lelembut  

2.    Apa sing ditindakake Rara Jonggrang kanggo ngendheg usahane Bandung Bandawasa?    
Wangsulan:  Nggugahi prawan-prawan Desa Prambanan supaya nutu pari sinambi nuthuk-nuthukake alu ana lesung. 

3.    Kena ngapa Candhi Prambanan sinebut uga Candhi Rara Jonggrang?                            
Wangsulan: Amarga Reca watu malihane Rara Jonggrang mapan ana ing Candhi Prambanan.  

4.    Sapa sing kepengin ngepek bojo Rara Jonggrang?               
Wangsulan: Bandung Bandawasa  

5.    Apa syarat kang diajokne Rara Jonggrang?                 
Wangsulan:  Dikon nggawekake 1000 candhi lan sumur loro sing jero kanthi wektu sedina sewengi. 


C.   Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1.    Supri menyang apotek saperlu ... .
Wangsulan:  tuku obat

2.    Kajaba ing bank, nabung sing aman ana ing ....
Wangsulan:  celengan

3.    Basa kramane lara yaiku ....
Wangsulan:  gerah 

4.    Sadurunge mangkat sekolah becike ... bapak lan ibu dhisik.
Wangsulan:  pamit 

5.    Dina Pendidikan Nasional dipengeti saben ....
Wangsulan:  tanggal 2 Mei 

6.    Prastawa kang nggegirisi tuladhane ....    
Wangsulan:  kacilakan 

7.    Matur karo guru iku becike nganggo basa ....
Wangsulan: krama 

8.    Pawongan kang pagaweane ing sawah diarani ....
Wangsulan:  petani 

9.    Rukun agawe santosa, crah agawe ....
Wangsulan:  bubrah 

10.  Yen arep kirim layang menyang ....
Wangsulan:  kantor pos


D.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1.    Gawea tuladha ukara pakon loro wae!
Wangsulan:  Ayo padha sinau bebarengan! Min, dak jak menyang Pasar Legi ya!
 
2.    Tulisna prastawa kang dumadi ing dhaerahmu, telu wae!
Wangsulan:   miturut panemune saben siswa.   
 
3.    Panulisan ing ngisor iki isih salah, coba benerna!
       Ojo seneng ngapusi marang kanca.
Wangsulan:  
Aja seneng ngapusi marang kanca. 
 
4.    Aranana telu wae tuladha dongeng kang kokngerteni!            
Wangsulan:
Baru Klinting, Kancil lan Macan, Brambang Bawang, lsp.

5.    Apa tegese prastawa?
Wangsulan:         
kedadean kang wis kelakon

 

 
Perbaikan

Benerna ukara-ukara ing ngisor iki kang isih kliru!
1.    beras iku regone larang
2.    buguru tindak dateng Sekolahan.
3.    candi borobudur apik banget
4.    dolan menyang parangtritis
5.    kula nembe sakit
6.    padharanipun simbah gerah
7.    marno mangan sego
8.    aku ora bisa lungo
9.    benerno tulisanmu disik!
10.  ono bocah cacah pitu

Wangsulan:
1.    Suroto mangan sega.     
2.    Aku ora bisa lunga. 
3.    Benerna tulisanmu disik!                   
4.    Ana bocah cacah pitu.
5.    Beras iku regane larang.
6.    Bu Guru tindak dhateng Sekolahan.
7.    Candhi Roro Jonggrang apik banget.
8.    Dolan menyang Parangtritis.
9.    Kula nembe sakit.
10.  Padharanipun simbah gerah.

Share :

Facebook Twitter Google+
1 Komentar untuk "Kumpulan Soal + Kunci Jawaban B. Jawa SD Kelas 3/2 (KOMPETENSI 2)"

Back To Top