BASA JAWA SD Mendengar dongeng binatang

Blog disempurnakan ke Website yang lebih Profesional


Untuk melanjutkan Klik Di Sini

Standar Kopetensi
1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan sederhana (dongeng) dalam ragam bahasa tertentu.
2. Mampu mengungkapkan gagasan dan perasaan secara lisan tentang nama dan fungsi anggota tubuh serta benda-benda di sekitar sesuai dengan unggah-ungguh.
3. Mampu membaca dengan lafal dan intonasi yang benar serta memahami isi teks.
4.  Mampu menulis kalimat sederhana dengan huruf lepas, sambung, dan dikte.

Kopetensi Dasar
1.2 Mendengar dongeng binatang.
2.2 Menyampaikan rasa suka dan tidak suka terhadap sesuatu atau kegiatan dengan menggunakan ragam bahasa tertentu.
3.2 Menyanyikan tembang dolanan.
4.2  Menulis kalimat yang didektekan.


A.    Materi pembelajaran

1.      Nyemak
Ngrungokake dongeng kewan
Semaken anggone gurumu macakake crita dongeng ing ngisor iki!

Dongenge Semut karo Dara
(gambar wong nembak dara)
Nalika ana angin semut kontal kabur tiba ing tlaga.
Glageban ana ing satengahe tlaga.
Dara kang lagi mlangkring wit sadhuwure tlaga
weruh lan krungu pambengoke semut.
Dara nibakake godhong ing sacedhake semut kena kanggo mrau.

Semut munggah sadhuwure godhong kagawa dening angin.
Godhonge tekan pinggiring tlaga.
Semut nuli bisa mentas.

Ganti dina meh wae dara bisa mati.
Ana grema (wong nembak) arep mbedhil si dara.
Semut sing maune ditulungi,
weruh golek akal arep males kabecikane dara.

Gegancangan nyedhaki si grema
nemplek lan nyakot sikile pas arep ngunekake bedhile.
Marga kaget krasa lara dicokot semut,
bedhil obah mimise mleset ora sida ngenani dara.
Krasa ana playune mimis dara mabur bisa keslametan.
Semono uga semut terus anjlog mlayu ora kepithes.

(Kapethik saking Trampil Basa Jawa 1)

Tugas Mandiri
Coba wacanen wacan ing ngisor iki lan wangsulana ceceg-cecege kanthi lisan!
Dara lagi(1) ... wit ing sadhuwure  tlaga. Weruh lan krungu (2) ... semut. Dara nibakake (3) ... ing sacedhake semut kena kanggo (4) .... semut banjur (5) ... sadhuwure (6) .... kagawa dening angin, godhonge tekan(7) ... tlaga semut nuli bisa (8) ....
Wangsulan:  
1. mlangkring      2. pambengoke    3. godhong         4. mrau                       
5. munggah     6. godhong          7. pinggiring            8. mentas


Tugas Kelompok
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki adhedhasar dongeng ing dhuwur! Garapen karo kancamu sabangku!
1.   Sapa sing arep nyilakani dara?  
Wangsulan:  
grema
2.   Kepriye carane dara nulungi semut?    
Wangsulan:  
nibakake godhong ing sacedhake semut kena kanggo mrau.
3.   Sapa sing kecemplung tlaga?
Wangsulan:  
semut
4.   Kepriye carane semut nulungi dara?    
Wangsulan:  
nyakot sikile grema pas arep ngunekake bedhile.
5.   Apa irah-irahan/judhule dongeng ing dhuwur?   
Wangsulan:  
Dongenge Semut karo Dara



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "BASA JAWA SD Mendengar dongeng binatang"

Back To Top