Materi Bahasa Jawa Pidato/Sesorah lengkap dengan pertanyaan

Blog disempurnakan ke Website yang lebih Profesional

Untuk melanjutkan Klik Di Sini

Apersepsi :
sejatining urip iku mung golek katentreman dudu kasenengan, ananging kasenengan iku ya prelu supaya uripe dadi kamulyan, bisa seneng, lan nglipur awake dhewe rikala nandhang kasusahan. Anda memberi ini +1 secara publik. UrungkaKasenengan iku uga dudu siji-sijine sumber kamulyan, nanging yen ora ana katresnan bakal nuwuhake kasangsaran. Dadi kena duwe kasenengan nanging aja nganti lena kuwajiban utama. Kasenengan nduweni maneka warna jinis, wiwit saka olahraga, ingon-ingon kewan nganti tekan munggah gunung. Kanthi kasenengan iku mau urip bisa dadi luwih endah, bisa ngadohake saka pikiran sing abot lan bisa kanggo ngaso ngleremake awak.

Cathetan
PIDHATO
-Pidhato punika medharaken gagasan wonten sangajenging tiyang kathah wonten satunggaling adicara tinemtu, amrih tiyang kathah mangertos suraosipun kanthi ancas ngajak, nakenaken, paring katrangan lan ngremenaken asanes.
-Amrih saged nampi isining pidhato ingkang kasemak, ingkang kedah katindakaken inggih punika:
            1) Nggambaraken salebeting pikiran. Kanthi nggambaraken kasebat saged ndhapuk citraan, ingkang langkung nggampilaken isining pidhato
            2) Ngempalaken katrangan. Rikala nyemak kedah ngempalaken katrangan manawi isining pidhato kalawau arupi pethilan-pethilan katrangan, arupi pambandhing katrangan ingkang beda.
           3)Ngajokaken pitakenan. Pitakenan ingkang dipun kajengaken werni kalih, inggih punika pitakenan amargi dereng cetha, ingkang kaping kalih pitakenan ingkang nuntun isining pidhato
          4)Manggihaken pola organisasi informasi. Amrih langkung gampil dipun mangertosi pola informasi punapa ingkang dipunginakaken ( deskripsi, urutan, pambandhing, sebab akibat lsp)
          5)Nyathet katrangan ingkang wigatos. Kangge nggampilaken nampi isi pidhato saged kacathet kanthi bagan, utawi cengkorongan
          6)Munjeraken kawigatosan/memusatkan perhatian.Nggatosaken salebeting nyemak pidhato kedah nyakup babagan tembung/verbal lan visualipun. solah bawa lan praupanipun ingkang pidhato supados langkung enget, pramila nilai TV langkung gampil enget tinimbang namung nyemak radhiyo.

A. Semaken pidhato  sing diwacakake lumantar audio ing kelas iki!
Tanggap Wacana Marang Kanca sing Ambal Warsa
        Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun bapak-bapak, ibu-ibu tamu undhangan siswa-siswi SMA Jaya Siswa, sarta para rawuh ingkang dahat kinurmatan. Langkung-langkung  katur sedherek  Rahma Astiti ingkang satuhu bagya mulya. Para kadang mudha - mudhi ingkang tansah tinangkeban raosing kekadangan rinaket ing kekancan. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngonjukaken puja-puji syukur dhumateng Gusti Allah sesembahaning kawula ingkang sampun kepareng paring pinten-pinten kanugrahan pramila ing dinten ambal warsanipun kadang Rahma Astiti, saged hangrawuhi saha saged makempal sesarengan  ing mriki, lan ngaturaken agunging panuwun dhumateng kadang panatacara ingkang karaya-raya sampun kepareng paring wekdal dhumateng kula.

                Para rawuh lan para lenggah sedaya ingkang winantu ing kabagyan. Minangka satunggaling rowang/kanca, mila wonten ing kalenggahan punika kula  boten saged nyaosi satunggaling bebana ingkang wonten ajinipun dhumateng kadang Rahma Astiti  rowang/mitra ingkang nedheng ambal warsa, mboten sanes namung saged ngaturaken sugeng ambal warsa ingkang kaping wolulas mugi-mugi tansah pinaringan dirgayuswa lan kathah rejeki tebih saking cecengilan. 

Ingkang wigatos tansah tambah pinter punapa kemawon kalebet pinter kekadangan, tambah diwasa anggen sesrawungan, mirah rejeki, salajengipun kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng kadang Rahma Astiti, ingkang sampun kanthi longgaring penggalih paring uleman utawi paring kabar supados ndherek mangayubagya wonten ing dinten ambal warsanipun, ateges kadang Rahma Astiti  taksih kengetan dhumateng kula lan kanca-kanca sarta  ngakeni bilih kula punika taksih kalebet sumitranipun, semanten ugi kula mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksami, awit wonten ing wekdal ingkang sae punika kula mboten saged ngaturaken tetalining sih ingkang aji.

Bapak-bapak . Ibu-ibu lan para tamu undangan sedaya ingkang satuhu kinurmatan. Hambok manawi namung cekap semanten ingkang dados atur kula, sepisan malih sugeng ambal warsa mugi-mugi tansah pinaringan dirgayuswa lan saya tambah kreatif, lan dadosna piwucal tahun-tahun ingkang sampun kalampahan, lelampahan ingkang kirang prayogi ingkang sampun kalampahan  kaanggepa minangka pengalaman ingkang pahit, nanging kadadosna minangka pamecuting gegayuhan.

 Mekaten atur saklimah saking kula minangka sulihipun kadang-kadang siswa-siswi SMA Jaya Siswa. Nyuwun agunging pangapunten manawi wonten lepating atur kula, kiranging suba sita miwah tumpang suhing basa lan sastra, kula lan nyenyadhong agunging samodra pangaksami  Wr. Wb.

Bausastra Climen:
-Tanggap wacana: pidhato: sesorah                         -Ambal warsa: Ulang taun            -dahat: banget
-Bagya : seneng                                                                                -tuwin: lan : karo              -nedheng: ngepasi
-uleman: undangan                                                        -sumitranipun; sedherekipun
-tetalining sih: tandha tresna                                      - Suba sita: tatakrama

B.     Ganepana ceceg-ceceg ing ngisor iki amrih mathuk karo isine tanggap wacana kasebut !

Ana ing tanggap wacana kasebut, sing dikarepake tanggap wacana iku padha karo (1) . . . . Anggone tanggap wacana kawiwitan (2) . . .                      yaiku assalamu’alaikum wr. wb. Sabanjure ana ing perangan pambuka nyakup (3) . . .             marang bapak-bapak, ibu-ibu tamu sing rawuh. Dene sing ambal warsa yaiku (4) . . .                        diaturi pakurmatan bagya mulya. Ora lali sing rawuh didherekake (5) . . .                               marang Gusti Allah, jalaran wis paring (6) . . .                               kanthi mangkono bisa ngrawuhi adicara mau. Sing tanggap wacana atur panuwun marang (7) . . .              sing maringi wektu.
Dene perangan isi sing tanggap wacana, matur manawa ora bisa (8) . . .                  barang kang aji marang sing ambal warsa. Bisane amung ngaturake (9) . . . sing kaping wolulas muga-muga (10) . . . lan akeh rejeki. Kajaba iku atur panuwun awit sing ambal warsa paring (11) . . .                          supaya melu mangayubagya  dina (12) . . .                            sing ateges isih (13) . . .                   minangka kanca.
Perangan panutup sing tanggap wacana matur (14) . . .                  ature lan mbaleni ringkese atur, ora lali (15) . . .                         amarga kaluputane atur, banjur dipungkasi salam panutup.

C.          Tulisen kanthi ringkes isine tanggap wacana kasebut !

  1. Perangan pambuka
a)      ........................................................................................................................
b)      ........................................................................................................................
c)       ........................................................................................................................

  1. Perangan isi

d)      ........................................................................................................................
e)      ........................................................................................................................
  1. Perangan panutup
a)      ........................................................................................................................
b)      ........................................................................................................................
c)       ........................................................................................................................

D.  Critakna ringkesaning tanggap wacana kasebut ana ing ngarep kelas, nganggo basa ngoko (basamu dhewe) dadi sepuluh ukara bae, prayogane korantam ana ing ngisor iki!

.......................................................................................................................................................

.....

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi Bahasa Jawa Pidato/Sesorah lengkap dengan pertanyaan"

Back To Top