Materi SD Kelas 1 tembang dolanan

Blog disempurnakan ke Website yang lebih Profesional

Untuk melanjutkan Klik Di Sini



1.    Maca
Tembang Dolanan
Wong Jawa iku pancen pinter gawe tembang. Ana tembang macapat kang cacahe ana 11, uga ana tembang dolanan. Jenenge tembang dolanan, mesthi wae dianggo nalika bocah-bocah padha dolanan. Tuladhane tembang dolanan yaiku Gajah-gajah, Cublak-cublak Suweng, Jamuran, Jaranan lan isih akeh liyane.

Wacanen tembang dolanan ing ngisor iki kanthi premati!
Cublak-Cublak Suweng
Cublak-Cublak Suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak empong lera lere
Sapa ngguyu ndhelekake
Sir…sir…sirpong dhele gosong
Sir…sir…sripong dhele gosong

Tugas Mandiri
Tembang “Cublak Cublak Suweng” ing dhuwur tembangna kanthi bener! Menawa durung bisa, nyuwuna pirsa marang gurumu!  
Wangsulan : siswa nindakake prentah. guru maringi biji.  

Tugas Kelompok      
Ayo padha dibuktekake yen kowe wis padha apal! tanpa ngingeti wacan ing dhuwur, ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana kanthi baner!
Cublak-Cublak ...
Suwenge ting ...
Mambu   ...   gudel
Pak ...  lera lere 
Sapa ngguyu ...
Sir…sir…sirpong dhele ...
Sir…sir…sripong ... gosong


Wangsulan : Siswa nindakake prentah. guru maringi biji.

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi SD Kelas 1 tembang dolanan"

Back To Top