Soal Basa Jawa SD Kelas 3/2 (KOMPETENSI 3)


I.    Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c ,utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener!

1.    Bocah kuwi arep mancing ... .
a.    wedhus             
b.    manuk
c.    iwak                  
d.    dara        
Wangsulan : c

2.    Manuk pinter  ... . golek pangan mrana-mrene.
a.    nglangi              
b.    mabur
c.    nggremet           
d.    mencolot
Wangsulan : b

3.    Kodhok kuwi mlakune ... .
a.    nggremet           
b.    mabur
c.    mencolot           
d.    mlayu     
Wangsulan : c

4.    ... . turu aku banjur nata paturon
a.    arep                   
b.    menawa
c.    lagi                    
d.    tangi       
Wangsulan : d

5.    “Makanan pokok” bangsa Indonesia yaiku ... .
a.    gandum             
b.    beras
c.    sagu                  
d.    tales        
Wangsulan : b

6.    Pancausaha tani iku ana.... werna.
a.    5                         c.    7
b.    6                         d.   8
Wangsulan : a

7.    Rabuk kang digawe saka gegodhongan kang wis ora kanggo diarani rabuk ....
a.    kompos             
b.    kandhang          
c.    pabrik
d.    kimia
Wangsulan : a

8.    Tembung macapat cacahe ana ....
a.    9                         c.    11
b.    10                       d.   12
Wangsulan : c
9.    Guneman karo kanca kang wis padha tepung, lumrahe nganggo basa ....
a.    ngoko lugu        
b.    ngoko alus        
c.    krama lugu
d.    krama alus
Wangsulan : a

10.  Tembang pocung dumadi saka.... gatra.
a.    4                         c.    6
b.    5                         d.   7
Wangsulan : a

7.    nm  tulisan Jawa ing sisih kiwa wacane .....
a.    jaka                   
b.    nana                  
c.    mana
d.    nama
Wangsulan : d

8.    Jeneng liya geguritan yaiku .....
a.    puisi                  
b.    gancaran           
c.    prosa
d.    cerpen
Wangsulan : a

9.    Cacahing wanda saben sagatra diarani ....
a.    guru gatra
b.    guru lagu
c.    guru wilangan
d.    guru swara
Wangsulan : c

10.  Jeneng-jeneng tembang ing ngisor iki kang ora klebu tembang macapat yaiku ....
a.    Maskumambang
b.    Pocung
c.    Gambuh
d.    Jamuran
Wangsulan : d

11.  Tembung “sapa” yen ditulis jawa dadi .....
a.    ps                      c.    tn
b.    sp         d.   jp
Wangsulan : b

12.  Cacahing gatra saben sapada diarani ....
             a.    guru lagu
             b.    guru wilangan
             c.    guru gatra
             d.    guru swara
Wangsulan : c

13.  Aksara Jawa cacahe ana ....
a.    20                       c.    22
b.    21                       d.   23
Wangsulan : a

14.  Ngerti tabrakan ing dalan, iku kalebu pengalaman kang ....
a.    nyenengake       
b.    nyedhihake       
c.    sregep
d.    pinter
Wangsulan:b

15.  Menawa mertamu becike ngucapake uluk salam dhisik, kayata ....
a.    kula nyuwun
b.    kula nuwun
c.    nyuwun pamit
d.    nyuwun pangapunten
Wangsulan :

16.  Pak tani  sawahe  nraktor  ditanduri      arep   pari
           1            2           3             4             5        6     

       Tembung-tembung ing dhuwur bakal dadi ukara kang becik menawa dirakit kanthi urutan ... .
a.    1, 3, 2, 5, 4, 6    
b.    2, 1, 3, 4, 5, 6
c.    5, 4, 6, 2, 1, 5
d.   4, 2, 1, 5, 3, 6
Wangsulan : a

17.  Godhong kambil kang isih enom arane.....
a.    blarak              
b.    jompong          
c.    lembayung
d.   janur
Wangsulan :  d

18.   Tembung ing ngisor iki sing pakecapane ora padha karo tembung “ngaso” yaiku ....
a.    ayo                   
b.    kado
c.    soto                  
d.   lunga
Wangsulan :  d

19.  Negara Indonesia klebu negara agraris, kang tegese masarakate akeh kang dadi... .
a.    petani              
b.    peternak
c.    pegawai          
d.   bakul
Wangsulan : a

20.  Ing ngisor iki tembung-tembung sing ora ana sambetane karo bidhang tetanen, yaiku... .
a.    ndhaut             
b.    ani-ani             
c.    chating
d.   ndhangir
Wangsulan :  c

21.  Tembung kramane mangan yaiku ....
             a.    madhang  
             b.    dhahar
             c.    maem
             d.   nedha
Wangsulan :  b

22. mt  tulisan Jawa ing sisih kiwa wacane .....
a.    jaka                  
b.    nana                 
c.    mana
d.   mata
Wangsulan :  d

23.  Tembung-tembung ing ngisor iki kang klebu tembung krama yaiku ....
a.    seneng             
b.    kangge             
c.    lunga
d.   mangan
Wangsulan :  b
24.  Ing ngisor iki sing kalebu conto crita rakyat yaiku ... .
a.    Pangeran Diponegara       
b.    Pandhawa 5
c.    Dumadine Banyuwangi
d.   Anoman Obong    
Wangsulan :  c

25.  Yen numpak pit iku sing ....
a.    banter               c.    ngati-ati          
b.    ngebut              d.   alon
Wangsulan:c


II.   Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premati banjur wangsulana pitakon ing ngisore adhedhasar wacan!

Nandur Pari
Kanggo nyukupi kabutuhan pokok pangan, para among tani padha nandur pari. Anggone nandur ing mangsa rendheng. Ing mangsa ketiga, sawah sing bisa diileni banyu uga bisa ditanduri pari, jenenge digadhu. Malah sawah ing sakiwa tengene ilen-ilen saka wadhuk bisa ditanduri pari setaun kaping telu.
Nandur pari supaya akeh wulu wetune kudu nindakake pancausaha tani, yaiku:

1.    Milih bibit unggul                                  
2.    Ngolah lemah
3.    Ngatur banyu
4.    Ngrabuk tandur
5.    Mbrastha ama

Pari sing ditandur gabahe. Carane gabah disebar dhisik ana ing pawinihan. Yen wis thukhul lan umur 25 utawa 30 dina banjur didhaut. Lemah sing arep ditanduri kudu diolah sing becik. Diluku, dipaculi, lan digaru. Manawa wis dadi ler-leran, winih sing didhaut banjur ditandur.

Menawa wis umur rong minggu banjur dirabuk. Rabuke urea dicampur TS, pamrihe lemah mau bisa ajeg ampuk. Suket sing sakiwa tengene diwatun resik. Pangrabuke yen wis umur 30 dina lan yen wis umur 40 dina.

Wangsulana  pitakon-pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur!

1.    Ing mangsa apa lumrahe para among tani padha nandur?
       Wangsulan :  Mangsa rendheng. Ing mangsa ketiga, sawah sing bisa diileni banyu uga bisa ditanduri pari  

2.    Pirang dina pari disebar ing pawinihan?
       Wangsulan :  25 utawa 30 dina  

3.    Apa tegese  ler-leran?    
       Wangsulan :  Sawah sing wis siap ditanduri.  

4.    Apa paedahe tanduran kudu dirabuk?
       Wangsulan :  Ben tandurane padha lemu-lemu.  

5.    Apa tegese pancausaha tani?
       Wangsulan :   Lima usaha kang kudu ditindakake para tani.  

III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang cumawis!

1.    Nandur pari ana ing ....
Wangsulan : sawah  

2.    Pancausaha tani kang kaping pungkasan yaiku ....
Wangsulan :  Mbrastha ama  

3.    Tuladha arane rabuk yaiku ....
Wangsulan :  urea, TS  

4.    Lemah sing wis siap ditanduri arane ....
Wangsulan :  ler-leran   

5.    Supaya asil parine mundhak salah sijine cara kanthi nindakake ....
Wangsulan :  pancausaha tani   

6.    Lumrahe para among tani nandur pari ing mangsa ....
Wangsulan :  rendheng  

7.    Pancausaha tani kang kaping pisan yaiku ....
Wangsulan :  Milih bibit unggul         

8.    Ngresiki suket sakiwa tengene tanduran jenenge ....
Wangsulan : diwatun/matun  

9.    Cisedhani, IR 64, rajalele iku arane ....
Wangsulan : pari  

10.  Sawah kang bisa ditanduri ing mangsa ketiga diarani ....   
Wangsulan :  gadhu   


IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngior iki kanthi bener!

1.    Tulisna tembung kramane tembung-tembung ing ngisor iki!
a.    Lima
b.    Lungguh    
Wangsulan :  gangsal, lenggah  

2.    Tulisna guru gatra lan wilangane tembang pocung!
Wangsulan :  12u, 6a, 8i, 12a 

3.    Gawea ukara nganggo tembung “tani’!   
Wangsulan :  Kreativitas siswa.  

4.    Tulisna tuladha tembung krama, lan ngoko kang cacahe telu!
Wangsulan :  Kreativitas siswa.      
  
5.    Urutane ukara-ukara ing ngisor isih salah, coba benerna!
       Sabun-simbah-warung-mundhut-ing
Wangsulan :  Simbah mundhut sabun ing warung.   


Perbaikan

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1.    bsjw  tulisan Jawa ing sisih kiwa diwaca ....
Wangsulan : basa Jawa  

2.    Micara karo simbahhe iku becike nganggo basa ....
Wangsulan :  krama  

3.    Durma lan Maskumambang iku klebu jinis tembang ....
Wangsulan :  macapat   

4.    wart  tulisan Jawa ing sisih kiwa diwaca ....
Wangsulan : wana rata
 
5.    Tembung wasana menawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi ....
Wangsulan :  wsn  

6.    Cacahing guru gatra tembang Dhandhanggula ana ....
Wangsulan :  10 gatra  

7.    Buah kang klebu pala gumantung yaiku ....
Wangsulan :  kates  

8.    Panulisan aksara Jawa tembung “baya sanga” yaiku ....
Wangsulan :  bysz

9.    Tibaning swara a,i,u,e,o ing pungkasaning tembang macapat diarani ....
Wangsulan :  guru lagu             
             
10.  Aksara Jawa kang durung oleh sandhangan diarani aksara ....
Wangsulan :  legena 

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal Basa Jawa SD Kelas 3/2 (KOMPETENSI 3)"

Back To Top