Standar kompetensi:
1. Mendengarkan
Mampu mendengarkan dan
memahami wacana lisan melalui pembacaan teks cerita rakyat dan tembang macapat
2. Berbicara
Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan
secara lisan, mendheskripsikan benda dan menang-gapi persoalan faktual sesuai
dengan unggah-ungguh.
3. Membaca
Mampu membaca dan memahami
teks cerita anak, membaca indah dan membaca huruf Jawa
4. Menulis
Mampu menulis laporan sederhana dalam ragam bahasa Jawa tertentu dan
menulis huruf Jawa
kompetensi dasar:
1.1 Mendengar cerita rakyat
2.1 Menanggapi persoalan faktual menggunakan
ragam bahasa yang santun
3.2 Membaca indah geguritan
4.1 Menulis laporan
A. Nyemak :
Nyemak Crita Sendhang Sani
1. Arti Crita Rakyat
Crita
rakyat akeh tinemu ing tlatah Jawa kang kawentar wiwit jaman kuna nganti tekan
seprene. Crita rakyat uga asring sinebut legenda turun tumurun. Umume sumebar
lan dicritakake kanthi lesan. Ing ngisor iki ana salah asijining critarakyat
saka Kabupaten Pati.
2. Tuladha Crita Rakyat
Coba salah siji maca
endah kanthi intonasi kang bener! Dene siswa liyane ngrungokake.
Sendhang
Sani
Sunan Kalijaga lan
Ki Rangga sarta para santrine padha nuju padhepokan Sunan Muria. Nadyan papan
dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar pisan. “Kaya wis
tekan Kadhipaten Pathi, sedhela maneh tekan padhepokan Muria.” Ngendikane Sunan
Kalijaga marang santri-santrine.
Nalika wanci
sembahyang Luhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sangisore wit gedhe, banjur
mrentah Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudu. Ki Rangga lan kancane padha
binggung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.
Weruh
santri-santrine padha bingung, Sunan Kalijaga karo mesem ngendika, “Ki Rangga
becike awake dhewe nyuwun marang Gusti. Banjur jaganen wit iku muga-muga ana
sumber sing mili. Nanging, elinga kedadean apa wae ing kene, kuwi kersane Gusti
Allah. Aja padha lali yen ana kedadean apa wae, enggal kabarna marang aku ing
samburine grumbul iki!”
Ki Rangga lan
kanca-kancane padha nunggu wit kuwi nganti keturon. Bareng tangi klambine padha
teles klebes amarga panggonan mau wis kebak banyu. Saking senenge, Ki Rangga
lan kanca-kanca padha adus. Sunan Kalijaga bali maneh marang papan mau. Ngerti
pokale Ki Rangga, Sunan Kalijaga ketrucut ngendikan, “Ki Rangga isih eling karo
welingku? Apa wae kedadean ing kene kabarna marang aku ora malah langen kaya
bulus”.
Sanalika Ki Rangga
lan kanca-kancane padha dadi bulus. Sunan Kalijaga ora sida wudu amarga banyune
wis reged kena sisane Ki Rangga lan kanca-kancane. Mula papan mau diarani
Sendhang Sani saka kedadean Sunan Kalijaga kang murungake niate wudu amarga
disisani utawa didhisiki Ki Rangga. Papane kurang luwih telung kilometer sisih
lor Kutha Pathi.
Tugas Kelompok
1. Apa welinge Sunan Kalijaga?
Wangsulan:
apa wae kadadeyan ing kene kabarna marang aku
2. Kena apa sendhang ing crita iku diarani
Sendhang Sani?
Wangsulan:
sakla kadadeyan Sunan Kalijaga kang murungake niate wudhu amara
disisani utawa didhisiki Ki Rangga
3. Ana ngendi papane Sendhang Sani?
Wangsulan:
kurang luwih 3
km sisih lor Kutha Pati
4. Sapa
paraga kang diceritakake ana wacan ing ndhuwur?
Wangsulan:
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga
5. Wayah apa crita iku kedadean?
Wangsulan:
wayah sembahyang Luhur
B. Micara : Gawe Tanggepan
1. Pangertosan
Tanggepan
Tanggapan iku ngetokake, ngucapake
uneg-uneg marang wacan utawa kedadean. Uneg-uneg iku bisa awujud kritikan,
pasetujon, dhukungan larangan, ajakan, kritik, saran lan sapanunggalane.
2. Tuladhane Kedadean
lan Tanggepane
Tradhisi
Saparan Yakowiyu
Tradhisi Sapar ing Tlatah Jawa Tengah
saiki terus dopepetri lan dilestarekake. Pancen yen digagas tradhisi Saparan
iku mung sejatine didhawuhake dening para winasis wektu semana. Laras karo
majune jaman, tradhisi sing wis mlaku turun temurun lan atusan taun iki
kanggone Pemerintah dadi aset dhaerah.
Ora nggumunkae yen Tradhisi Saparan
Yakowiyu iki dadi paket wisata. Apa ta Tradhisi Saparan Yakowiyu iku?
Miturut kabar kang turun temurun
tradhisi iki ana gandheng cenenge karo Kyai Ageng Gribig saka Mekkah.
Kang
ngasta apem mung telung iji, apem iku didum marang putra wayah kanthi ngendika
“Apem Yakowiyu”. Ya wiwit kuwi angger ngepasi tengah-tengahe wula Sapar tiba
dina Jemuwah, diwiwti sedhekah gawe apem. Sawise didongani apem iki disebar
rebutan ewonan warga masarakat.
Tugas Kelompok
Wenehana tanggapan marang ukara kang kapethik saka wacan ing
dhuwur!
1. Ora nggumunkae yen Tradhisi Saparan Yakowiyu
iki dadi paket wisata.
Wangsulan:
Kabijakan guru
2. Miturut kabar kang turun temurun tradhisi iki
ana gandheng cenenge karo Kyai Ageng Gribig saka Mekkah.
Wangsulan:
Kabijakan guru
3. Tradhisi Sapar ing Tlatah Jawa Tengah saiki
terus dopepetri lan dilestarekake.
Wangsulan:
Kabijakan guru
4. Sawise didongani apem iki disebar rebutan
ewonan warga masarakat.
Wangsulan:
Kabijakan guru
C. Maca : Maca Indah Geguritan
1. Maca
Geguritan lan Mangerteni Isine
Geguritan iku wujude kaya puisi ing
basa Indonesia, nanging migunakake tetembungan basa Jawa. Geguritan iku
minangka asil cipta rasa panulise kang nuwuhake kaendahan. Maca geguritan iku
satemene duweni tujuan supaya wong kang krungu, ngrungokake kanthi ati kang
wening supaya bisa mangerteni maknane geguritan kasebut.
Mula sapa wae kang
arep maca geguritan wis samesthine maknani geguritan luwih dhisik. Amarga maca
geguritan tanpa mangerteni isine, anggone maca bakal sasar susur ora karuan.
Bab cak-cakane maca geguritan kang
paling becik iku kanthi solah bawa/patrape dhewe-dhewe, ora niru utawa nyonto
solah bawa lan patrape wong liya. Awit menawa maca kanthi tiru-tiru wong liya
bisa ngilangi konsentrasi.
2. Bab-Bab kang Kudu Digatekake Nalika Maca
Geguritan
Cak-cakan utawa praktik maca geguritan sakora-orane nyakep
patang prakara, yaiku:
a. Olah Swara (Olah
Vokal)
Olah swara iki sesambungan karo
kedaling lesan, tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara. Swara kang
digunakake prayoga menawa swara padharan, dudu swara saka dhadha amarga yen
swara dhadha kurang manteb lan napase kurang kuwat.
b. Penampilan
Maca geguritan iku kudu nggatekake
solah bawa, ekspresi, lan jiwane geguritan, umpamane isine geguritan iku
sedhih, pasuryane ya kudu katon nelangsa supaya sing mirengake melu sedhih.
Semono uga yen isine bab semangat juang kang greget ya ekspresi pasuryane kudu
katon tegas, mandhes, lan makantar-kantar.
c. Sambung (Komunikatif)
Manawa maca geguritan iku antarane
kang maca lan kang ngrungokake kudu nyawiji, tegese maca tanpa ana kang
ngrungokake ora guna. Semono uga kang ngrungokake yen ora ana kang maca ya ora
bakal kaleksanan.
d. Sarana
Sarana yaiku apa wae kang ndhukung
supaya anggone maca geguritan tambah “nges”. Sarana bisa awujud mik (pengeras
suara), panggung, gendhing, lan sapanunggale.
3. Tanda-Tanda Carane
Maca Geguritan
Kanggo luwih nggampangake anggone mahami lan ngrasakake
isine geguritan, yaiku kanthi cara menehi tanda mandheg:
a. tandha / kanggo
gantine tanda koma, karepe mandheg sedhela,
b. tanda // kanggo
gantine tandha titik, karepe mandheg,
c. tanda = karepe larik
siji lan sijine isih ana sesambungane utawa ora mandheg.
Tuladha ing ngisor iki setitekna
Ibu
Ibu/
Saka lemah pangumbaran kene//
anakmu kirim layang=
nyuwun donga pangestu//
Bakal methik kembang=
sesumping sotya/
bakal lungguh dhampar kencana/
linambaran babut sutra//
Ibu/
kanthi dilancang seta iki/
anakmu angrantu rawuhmu//
ngasta sasuwek pangapura/
pinangka nambal kaluputan=
anakmu/ kang wus kesupen=
sega thiwul sambel korek ndesa=
dang-dangane ibu sawengi ceput/
datan sare kanggo aku=
biyen kae//
Tugas Kelompok
A. Wacanen geguritan ing ngisor iki, banjur
wenehana tandha mandheg lan critakna isine kanthi ringkes!
Segara
Karya.
N.N
Jembar gilar-gilar
tanpa wates
Jero ngalo-alo tanpa
ingukur
kuwi mono segara
segara iku ora mung
sela-selaning negara
segara iku amba
jembar kanggo madhahi samubarang banyu
banyu bening, banyu
buthek, banyu kali
Banyu peceren, banyu
kalen lan banyu udan
Godhong, plastik,
kayu lan larahan liyane
Segara iku awatak
sabar drana
segara iku nampa
maneka warna
Tanpa pilih-pilih
kabeh padha
wiwit uwuh reged apa
dene sato kewan mina
kabeh tinampa
dipapanake dhewe-dhewe
uwuh bakal minggir,
mina bakal nengah
Dadia segara ing
samubarang pengalaman
tansaya akeh
pengalaman kang tinampa
bakal bisa gawe jalma
manungsa diwasa
milah-milih
pengalaman kang utama
sing ala kudu
dipinggirna
B. Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor
iki kanthi pratitis adhedhasar geguritan ing dhuwur!
1. Wiwit uwuh reged apadene
sato kewan mina.
Apa
tegese kewan mina?
Wangsulan:
iwak
2. Kepiye supaya dadi manungsa diwasa?
Wangsulan:
dadia segara ing samubarang pangalaman, tansaya akeh
pangalaman kang tinampa bakal bisa gawe jalma manungsa diwasa
3. Uwuh bakal minggir, mina bakal nengah. Apa
tegese tembung uwuh?
Wangsulan:
sampah utawa rereget
4. Geguritan ing dhuwur nyritakake bab apa?
Wangsulan:
segara
5. Banyu apa wae kang
cinampur ing segara?
Wangsulan:
banyu bening, banyu buthek, banyu kali, banyu peceren,
banyu kalen lan banyu udan
Tugas Pribadhi
Wacanen
tulisan Jawa iki kanthi bener lan banter!
wdukGjhmu=ku/
?wdukGjhmu=ku/anai=kbup[tnWngiri,
wuju[fkedu=amBpir=pir=[akT/,
wdukHikufia_[gozizuaiwk\
ai=spi=gi/[rsisihku[lonFif[fkK[kpriwist,
bvu[nfislu/[kk=[goswhpe/tniyn\,
A. Wacan ing dhuwur
tulisen nganggo aksara latin!
Wangsulan :
Wadhuk Gajah Mungkur
Wadhuk Gajah Mungkur ana ing kabupaten Wanagiri, wujude kedhung
amba pirang-pirang hektar. Wadhuk iki dienggo ngingu iwak. Ing sapinggire sisih
Kulon didadekake pariwisata. Banyune disalurake kanggo sawah pertaniyan.
B. Jodhokna tulisan Jawa
karo latine!
1.
|
pelbuhan\
|
○
|
○
|
a.
Kirab budaya
|
2.
|
tmnPinT/
|
○
|
○
|
b.
Pelabuhan
|
3.
|
pr=ti]tis\
|
○
|
○
|
c.
Taman jurug
|
4.
|
tmnJ|ru g\
|
○
|
○
|
d.
Kraton Sala
|
5.
|
k][tonSl
|
○
|
○
|
e.
Sekaten
|
6.
|
sek[tn\
|
○
|
○
|
f.
Pasar malem
|
7.
|
kuqkuq
|
○
|
○
|
g.
Taman pintar
|
8.
|
[ao[tl\
|
○
|
○
|
h.
Kutha-kutha
|
9.
|
ps/mXm\
|
○
|
○
|
i.
Parang tritis
|
10.
|
kirbB|fy
|
○
|
○
|
j.
Hotel
|
Wangsulan :
1-b, 2-g, 3- i, 4- c, 5- d, 6-e, 7- h, 8- j, 9- f, 10- a
D. Nulis : Nulis Laporan
Sederhana
Laporan iku cathetan akeh ngenani apa wae sing diamati utawa
diteliti. Sing diteliti iku bisa awujud kedadean, barang, utawa panggonan.
Laporan mujudake bukti menawa wis nindakake pengamatan lan bisa didadekake
dhata sing otentik. Wujude laporan iku ora ana sing baku.
Tugas Pribadhi
Gawea laporan pengamatan kahanan ing perpustakaan ing
sekolahmu! Kanthi cengkrongan ing ngisor iki!
Laporan
Pengamatan
Perpustakaan
SD : _____________________________________________________
Jenis
Kegiatan : _____________________________________________________
Dina,
tanggal : _____________________________________________________
Petugas
perpustakaan : _____________________________________________________
Kahanan
perpustakaan
a. Ambane
ruangan : _____________________________________________________
b. Karesikan : _____________________________________________________
c. Panatane
ruang : _____________________________________________________
d. Panatane
buku : _____________________________________________________
e. Kahanan
pengunjung : _____________________________________________________
Saran : ______________________________________________________
0 Komentar untuk "Bahasa Jawa SD Kelas 5/2 (Pelajaran 1)"