Ulangan Semester 2 Basa Jawa Kelas 4/2


B.   Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing antarane a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!

1.    Yen nemu dompet ing dalan kudu .... marang sing duwe.
a.    dibuwang
b.    dipek dhewe
c.    diwenehake
d.   diselehake maneh
Wangsulan:  c

2.    Saben Minggu esuk akeh wong padha ... ana dalan.
       Tembung kang mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    nyanyi-nyanyi c.    resik-resik
b.    mlaku-mlaku  d.   nyapu-nyapu
Wangsulan:  b. 

3.    Yen arep bancakan golekna ujungan dhisik!
       Tembung kang kacithak kandel iku arane godhong ....
a.    gedhang           c.    tela
b.    jati                     d.   klapa
Wangsulan:  a. 

4.    Ana ngonceki pelem nganggo lading.
       Tembung kang kacithak kandel minangka ....
a.    jejer                   c.    lesan
b.    wasesa              d.   katrangan
Wangsulan:  d.         
                   
5.    Aja dadi bocah sing dawa tangane.
       Tembung kang kacithak kandel tegese ....
a.    clemer               c.    sabar
b.    pinter                d.   susah
Wangsulan:  a. 

6.    Maune rambute adhiku cendhak, gandheng ora tau dikethok dadi ....
a.    ketel                  c.    dawa
b.    putih                 d.   njewowok
Wangsulan:  c. 

7.    Banyu laut kang dipanasake terus bisa dadi ....
a.    uyah                  c.    krupuk urang
b.    trasi                   d.   dhendheng
Wangsulan:  a. 

8.    Gambar wayang ing sisih tengen  arane ....
a.    Bagong            
b.    Petruk              
c.    Gareng
d.   Semar
Wangsulan:  b. 

9.    Tamunipun sampun sami kesah.
       Tembung kang kacithak kandel krama aluse yaiku ....
a.    tindak               c.    lunga
b.    rawuh               d.   kondur
Wangsulan:  a. 

10.  Ki Hajar Dewantara ngedegake pawiyatan Taman Siswa.
       Tembung kang kacithak kandel tegese ....
a.    pengajian         c.    pengajaran
b.    sekolahan         d.   pamulangan
Wangsulan:  d. 

11.  Bebasan kang duweni teges prakara cilik dadi prakara gedhe yaiku ....
a.    Bathok bolu isi madu.
b.    Kutuk marani sunduk.
c.    Adol lenga kari busike.
d.   Kriwikan dadi grojogan.
Wangsulan: d. 

12.  KUD uga nangani perkreditan.
       Tembung kang kacithak kandel tegese ....
a.    golek bathi      
b.    utang piutang
c.    menehi anakan
d.   nyelengi dhuwit
Wangsulan:  b. 

13.  Aja lali ya, tukua ... satangkep!
       Tembung kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    gula pasir
b.    gula jawa
c.    pupu cakar
d.   dhadha menthok
Wangsulan:  b. 

14.  Tukua kangkung ... wae, ya!
       Tembung kang mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    satalen              c.    sabongkok
b.    satompo           d.   saunting
Wangsulan:  d. 

15.  Putri Madukara kang ayu arane ....
a.    Dewi Kunthi    c.    Wara Srikandhi
b.    Dewi Madrim  d.   Wara Sembadra
Wangsulan:  d. 

16.  Ida gawakna oleh-oleh blimbing!
       Panambang –na ing tembung kang kacithak kandel tegese ....
a.    saupama          c.    pakon
b.    sanadyan          d.   parentah
Wangsulan:  d. 

17.  Sing sabar, aja grusa-grusu.
       Tembung kang kacithak kandel tegese ....
a.    lunyu ilate      
b.    dawa ususe    
c.    cekak nalare
d.   jembar dhadhane
Wangsulan:  b. 

18.  Aku arep ngetik, komputere uripna dhisik!
Ukara ing dhuwur kalebu ukara ....
a.    tanggap           
b.    andhahan        
c.    pitakon
d.   pakon
Wangsulan:  d. 

19.  Simbah mipis jamu godhong kates mau esuk.
       Lesane ukara iki dhuwur yaiku ....
a.    Simbah            
b.    mau esuk        
c.    mipis jamu
d.   jamu godhong kates
Wangsulan:  d. 

20.  Gajah awake gedhe, dene tuma ....
       Tembung kang mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    cilik                   c.    dhuwur
b.    lemu                 d.   menthik
Wangsulan:  a. 

21.  Ukara kang bener panulise yaiku ....
a.    Tulisane cetho banget.
b.    Anita dolanan ono latar.
c.    Bocah kelas 4 padha sinau.
d.   Santi menyang nggone koncone.
Wangsulan:  c. 

22.  Ukara ing ngisor iki kang bener yaiku ....
a.    Sari ditawani bandeng.
b.    Ibu dimasak ana pawon.
c.    Sawahe wis ngluku bapak.
d.   Pupu pitik nggoreng Mbak Ari.
Wangsulan:  a. 

23.  Ibu njangan so karo kroto.
       Tembung kang kacithak kandel arane pentil ....
a.    randhu              c.    pelem
b.    mlinjo               d.   krambil
Wangsulan:  b. 

24.  Gambar wayang ing sisih duwe gaman ....
a.    Pasopati          
b.    Rujakpolo
c.    Kalimasada
d.   Nenggala
Wangsulan:  c. 

25.  wis=geni[bochsekTi
       Tulisan Jawa ing dhuwur diwaca ....
a.    wisanggeni bocah setiti
b.    wisanggeni bocah sekti
c.    wisanggeni lare ingkang sekti
d.   wisanggeni sekti piyambak
Wangsulan:  b.                            

C.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.    Tulisen nganggo aksara Jawa!
a.    emoh melu gemuyu.  
b.    ora seneng karo aku.
Wangsulan:
a.     
[a[moh[mluguyu
b.     
[aorsen_k[roaku
 
2.    Ukara-ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara latin!
a.    dl= sk kuq sl   
b.    kiaj/[fwnTr
Wangsulan:
a.      Dhalang saka Kutha Sala.
b.      Ki Hajar Dewantara.

3.    Ukara ing ngisor iki dadekna ukara kang runtut!
a.    pelabuhan-kapal-akeh-gedhe-ing-manca-saka
b.    sinau-bocah-sregep-sekolah-kudu
Wangsulan:
a.      Akeh kapal gedhe saka manca ing pelabuhan
b.      Bocah sekolah kudu sregep sinau

4.    Critakna pengalaman sing sedhih kanthi nggunakake basa krama!
Wangsulan:
Siswa gawe crita ngenani pengalaman sing sedhih kanthi basa krama

5.    Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki!
a.    nggambar 
b.    disaponi
Wangsulan:
Siswa gawe ukara nganggo tembung kang wis dicawisne kasebut (Kreativitas siswa).
Tuladha wangsulan:
Adhiku nggambar montor mabur nalika lomba 17-an dhek wingi.
Latare wis disaponi Mbak Susi.






Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Ulangan Semester 2 Basa Jawa Kelas 4/2"

Back To Top