Soal Ulangan B. Jawa SD Kelas 4/2 (Kompetensi 4)


A.   Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing antarane a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!

1.    Wengi minggu iku padha karo ....
a.    malem senen
b.    malem setu
c.    malem minggu
d.   setu malem
Wangsulan:  a

2.    Akeh bocah kang nonton ... ana omahe Bu Salini.
a.    radhio               c.    telepon
b.    tipi                    d.   kaset
Wangsulan:  b

3.    Marsupilamine (ranggeh) adhiku.
       Tembung ing jero kurung sing bener ....
a.    ngranggeh        c.    ngranggehi
b.    meranggeh       d.   diranggeh
Wangsulan:  d. 

4.    Iki jumbuh karo tujuane koperasi.
       Tembung kang kacithak kandel tegese padha karo ....
a.    padha               c.    gathuk
b.    cocok                d.   mathuk
Wangsulan:  b.

5.    asnufin\ sk sulwesi
       Tulisan Jawa ing dhuwur iku Latine ....
a.    Hasanudin iku pahlawan
b.    Hasanudin saka Sulawesi
c.    Bandhara Hasanudin
d.   Hasanudin iku jeneng bandhara
Wangsulan:  b. 

6.    Dèwi Sartika.
       Ukara ing dhuwur yen ditulis Jawa ....
a.    fewi stik
b.    [fwi saik
c.    [fwi s/aik
d.   [fwi s]aik
Wangsulan:  c. 

7.    Prabu Puntadewa ratu ing ....
a.    Astina               c.    Madukara
b.    Amarta             d.   Mandura
Wangsulan:  b. 

8.    Pancen, Raden Arjuna kuwi duweni akeh kaluwihan, sekti mandraguna, lan kinasih para dewa. Raden Arjuna pinter tumrap olah senjata panah. Senjatane jenenge Pasopati, Pulanggeni, lan Ardadhedhali.
       Pokoking ukara ing paragraf dhuwur yaiku ....
a.    Raden Arjuna sekti mandraguna lan kinasih para dewa.
b.    Pancen, Raden Arjuna kuwi duweni akeh kaluwihan.
c.    Senjatane Raden Arjuna jenenge Pasopati, Pulanggeni, lan Ardadhedhali.
d.   Raden Arjuna pinter tumrap olah senjata panah.
Wangsulan:  b. 

9.    Dadi bocah kuwi aja sok seneng goroh.
       Dasanamane tembung goroh, yaiku ....
a.    ngapusi            c.    gumedhe
b.    dolanan            d.   kesed
Wangsulan:  a. 

10.  Narto kuwi duwe hobi nabung.
       Dasanamane tembung kang kacithak kandel ing dhuwur yaiku ....
a.    janji                   c.    pakumpulan
b.    kasenengan      d.   acara
Wangsulan:  b. 

11.  Adhiku mimisen merga awake panas.
       Tembung kang kacithak kandel tegese metu ....
a.    getihe saka irung
b.    umbele saka irung
c.    curake saka kuping
d.   banyune saka kuping
Wangsulan:  a. 

12.  Ukara ing ngisor iki kang bener yaiku ....
a.    Bu Guru didukani Agus.
b.    Bu Guru dukane Agus.
c.    Bu Guru ndukani Agus.
d.   Bu Guru dukanana Agus.
Wangsulan:  c. 

13.  Tembang Asmarandana iku saben sapada ana ... larik.
a.    5                         c.    7
b.    6                         d.   8
Wangsulan:  c. 

14.  p/t su[l nun=u
       Aksara Jawa ing dhuwur diwaca ....
a.    sule parta nunung 
b.    parta sule nunung 
c.    sarta bule kukung
d.   narta bule usung
Wangsulan:  c. 

15.  wadhah uyah, yen ditulis Jawa dadi ....
a.    wdh ayh
b.    wda\ auya\
c.    wdh auyh
d.   pdh luyh
Wangsulan:  c. 

16.  R. A. Kartini pahlawan wanita saka ....
a.    Jawa Tengah    c.    Sulawesi
b.    Jawa Timur      d.   Papua
Wangsulan:  a. 

17.  Tempene (goreng) ibu mau esuk.
       Tembung ing jero kurung sing bener ....
a.    gorengen          c.    digoreng
b.    gorengan          d.   nggoreng
Wangsulan:  c. 

18.  Pahlawan wanita saka Aceh yaiku ....
a.    Antasari           
b.    Cut Nyak Dien     
c.    Kartini
d.   Pattimura
Wangsulan:  b.

19.  Tembang Dhandhanggula ana ... gatra.
a.    7                         c.    9
b.    8                         d.   10
Wangsulan:  d. 

20.  Ibu mbopong adhiku.
       Tembung kang kacithak kandel tegese ....
a.    ngendhong dipunji ana sirah
b.    nggendhong nganggo slendhang
c.    nggendhong mburi tanpa slendhang
d.   nggendhong ngarep tanpa slendhang
Wangsulan:  d. 

21.  Yen dipituturi bu guru kudu mbangun miturut, ora kena ....
a.    mbalela            c.    manut
b.    mituhu             d.   sendika
Wangsulan:  a. 

22.  Sing diarani dhong-dhing ing tembang macapat iku uga diarani ....
a.    guru wilangan       c.           guru lagu
b.    guru gatra        d.   guru larik
Wangsulan:  c. 

23.  Tembang kang duwe paugeran guru lagu lan guru wilangan 12u, 6a, 8i, 12a yaiku ....
a.    Pucung             c.    Durma
b.    Gambuh           d.   Pangkur
Wangsulan:  a. 

24.  Kang ora klebu tembang macapat yaiku ....
a.    asmarandana   c.    dhandhanggula
b.    megatruh         d.   balabak
Wangsulan:  d. 

25.  Gajahe gedhe banget, dene semut ....
       Tembung kanggo ukara ing dhuwur yaiku ....
a.    menthik            c.    cilik
b.    lemu                 d.   dhuwur
Wangsulan:  c.
C.   Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1.    Barang-barange saya tambah.
       Tembung tambah kosok baline ....
Wangsulan:
kurang 

2.    p/uwksert\ yen ditulis Latin ....
Wangsulan:
Purwaka serat. 

3.    Sing njaga sekolah giliran.
       Tembung giliran pada tegese karo tembung ....
Wangsulan:
gantinan/gentenan

4.    Guru wilangan lan guru lagune tembang Gambuh gatra katelu yaiku ....
Wangsulan:
12i                  

5.    Tira ngundhuhi pelem.
       Minangka wasesane yaiku ....
Wangsulan:
ngundhuhi 

6.    Danar sinau ing njogan
       Ukara ing dhuwur miturut polane ora nganggo ....
Wangsulan:
lesan 

7.    Tembang Gambuh iku ana ... gatra.
Wangsulan:
5 (lima) 

8.    Amrih seger awake.
       Ukara ing dhuwur yen ditulis Jawa dadi ....
Wangsulan:
amrihsege/aw[kK 


9.    Godhonge wis disuweki arep kanggo gawe pincuk.
       Minangka jejer ing ukara iku yaiku ....
Wangsulan: godhonge 

10.  Kowe apa wis krungu kabar iki?
       Ukara ing dhuwur yen didadekake krama alus ....
Wangsulan:
Panjenengan punapa sampun mireng pawarta punika?


D.  Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.    Babagan tembang Gambuh, jawaben pitakonan iki!
a.    Kepiye guru lagu lan guru wilangane?
b.    Kepiye watake tembang Gambuh?
Wangsulan:
a.      7u, 10u, 12i, 8u, 8o
b.      Watake wani, wanuh, kulina, lan rumaket.

2.    Aranana guru wilangan lan guru lagune tembang Maskumambang!
a.    gatra sepisan
b.    gatra pungkasan
Wangsulan:
a.      12i                              b.      8a

3.    Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
a.    Telung dina ora ketara mrene.
b.    Dipisah dening tukang sayur.
Wangsulan:
a.     
telu=fin[aorketr[m][n
b.     
fipish[fni=tuk=syu/

4.    Tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki golekana kosok baline!
a.    Yen ngundhuh pelem pilihen sing mateng.
b.    Katese wis padha empuk.
Wangsulan:
a.      mentah
b.      atos

5.    Tulisan Jawa ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Latin!
   s/w tuku buku mev= kuq jk/t supy [ao[lh murh
Wangsulan: 
Sarwa tuku buku menyang Kutha Jakarta supaya oleh murah.

Perbaikan
Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.    mul= [boch se[kolh yen ditulis latin ....
Wangsulan:
Mulang bocah sekolah.

2.    Nabung bisa ngirit lan nglatih urip nastiti.
       Nastiti tegese ....
Wangsulan:
Weruh ing petung, ora gampang keblithuk.

3.    Bu Saroh mundhut (pangan) ana pasar.
       Tembung ing jero kurung sing bener ....
Wangsulan:
panganan 

4.    Kukune Raden Werkudara iku jenenge ....
Wangsulan:
Kuku Pancanaka

5.    Supaya aman, dhuwit iku luwih becik ... ana bank.
Wangsulan:
ditabung

6.    Puisi Jawa diarani ....
Wangsulan:
geguritan 

7.    Maca geguritan intonasi lan lafale kudu ....
Wangsulan:
cetha 

8.    Sampeyan menapa sampun mireng kabar?
       Ukara ing dhuwur menawa didadekake krama alus ....
Wangsulan:
Panjenegan punapa sampun mireng pawartanipun?

9.    Puntadewa raja ing ....
Wangsulan:
Amarta 

10.  Barang-barang ing koperasi akeh sing anyar.
       Tembung kang kacithak kandel ing dhuwur kosok baline yaiku ....
Wangsulan:                   
sithik








Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Soal Ulangan B. Jawa SD Kelas 4/2 (Kompetensi 4)"

Back To Top