Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa Kelas 4 SD-TERLENGKAP

Pelajaran 1

Kelas 4 SD/Genap

Standar kompetensi:
  1. Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan tentang cerita tradisi setempat dan tembang macapat.
  2. Mampu mengemukakan perasaan dan gagasan secara lisan tentang peristiwa tertentu dan cerita tokoh wayang dengan bahasa yang santun. 
  3. Mampu membaca dan memahami teks sastra dan membaca kalimat sederhana berhuruf Jawa.
  4. Mampu menulis karangan dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah ungguh dan menulis huruf Jawa.
kompetensi dasar:
  1. 1.2. Mendengarkan tembang Gambuh.
  2. 2.2. Menceritakan tokoh wayang Puntadewa.
  3. 3.2. Membaca kata berhuruf Jawa yang menggunakan sandhangan panyigeg wanda (layar, cecak, wignyan).
  4. 4.2. Menulis kalimat sederhana berhuruf Jawa menggunakan sandhangan panyigeg wanda dan wyanjana.


Kegiatan Pembelajaran 1
A.Nyemak:
Tembang Macapat Gambuh

1. Watake Tembang Macapat
a. Mijil
Watake wetuning rasa, mituturi, prihatin. Mathuke kanggo medharake bukaning carita utawa mangayu bagya.

b. Maskumambang
Watake nelangsa, keranta-ranta, kelara-lara. Mathuke kanggo medharake rasa prihatin, utawa kanggo crita sing mung sajak sakepenake.

c. Sinom
Watake grapyak, renyah, lan semanak. Mathuke kanggo sesorah utawa pitutur.

d. Asmarandana
Watake sedih, sengsem, prihatin, amarga nandang kasmaran. Mathuke kanggo crita kang surasane nawung asmara utawa kanggo medharake rasa asmara.

e. Gambuh
Watake wani, wanuh, kulina, lan rumaket. Mathuke kanggo suka pitutur kang rada sereng amarga wis kaduga lan rumaket banget.

f. Kinanthi
Awatak seneng, tresna, lan asih. Mathuke kanggo medhar piwulang, cerita kang ngemu surasa asih tresna, asmara, gandrung-gandrung, mangayu bagya.

g. Dandhanggula
Watake kewes, luwes, lan resep. Mathuke kanggo apa wae bisa lan mathuk.

h. Durma
Watake galak, nantang, nesu, lan muntab. Mathuke kanggo medharake rasa nesu, muntab, sesorah sereng utawa crita perang.

i. Pangkur
Watake sereng kejem, greget, nantang. Mathuke kanggo suka pitutur kang sereng ngemu sugal, kanggo gandrung kapirangu, uga kena kanggo paprangan.

j. Megatruh
Watake kendho tanpa greget saut, sembrana parikena, lucu. Mathuke kanggo crita sing amung kasepenake tanpa greget.

k. Pucung
Watake kendho tanpa greget saut, sembrana parikena, lucu. Mathuke kanggo crita sing mung sakepenake, cangkriman.

2. Tembang Gambuh
Tembung gambuh iku kalebu tembang macapat kang nduweni paugeran guru lagu, guru wilangan, lang guru gatra. Tembang Gambuh watake rumaket lan kulina. 

Pratelane Tembang Gambuh yaiku:
a. Guru gatrane: 6
b. Guru wilangane: 7, 10, 12, 8, 8 
c. Guru lagune: u, u, i, u, o

Gambuh 1
Laras slendro pathet sanga

5     6           6 6 6 3 5  6
se- kar       gam-        buh       ping        ca-  tur

6 5 3 2 2 3 5 5 5  3   5 . 6
kang ci- na- tur po- lah kang ke- lan-      tur

2 1 6 2 2 2 2 2 3 1 6 5
tan-         pa tu- tur ka- tu- la- tu- la ka- ta- li

2 2 2 2 3 1 2 3
ka- da- lu- war-        sa ka- tu- tuh

3 5 6 5 3 2  3 1  2 2
ka- pa- tuh        pan        da-   di   a-       won


Gambuh 2
Laras Pelog Pathet Nem
Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung 
Pan adigang kidang adigung pan hesthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyuh


Tugas 
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1. Kepiye guru wilangane larik kaping pindho?
Wangsulan: 
10

2. Kepiye guru lagune lan guru wilangane tembang gambuh iku?
Wangsulan: 
7u, 10u, 12i, 8u, 8o

3. Apa isi kang kamot ing tembang Gambuh ing dhuwur?
Wangsulan: 
Tembang Gambuh iku isine sing kaping papat ngrembug patrape manungsa sing nyimpang. Menawa ora dipituturi (dinasehati) bakal nuwuhake sengsara wong kang nglakoni tumindak kang nyimpang kuwi mau.

4. Ana pirang pada tembang Gambuh ing dhuwur?
Wangsulan: 
sapada

5. Kepiye guru wilangan lan guru lagune larik ndhuwur dhewe?
Wangsulan: 
7u


B. Micara:
Nyritakake Tokoh Wayang
Coba satitekna gambar wayang ing ngisor iki banjur wacanen tulisan sangisore!

Prabu Puntadewa

Puntadewa iku putra pambarepe Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi Kunthi. Pandhu Dewanata iku raja ing Astina. Dene Dewi Kunthi iku putri raja Negara Mandura. Puntadewa duwe adhi loro tunggal bapa lan ibu yaiku Werkudara utawa Bima lan Janaka alias Harjuna. 

Puntadewa uga duwe adhi loro nanging beda ibu yaiku si kembar Nakula lan Sadewa. Si Kembar Nakula lan Sadewa iku anake Pandhu Dewanata karo Dewi Madrim, putri raja negara Mandaraka. Puntadewa lan adhine cacah papat iku kasebut pandhawa lima. 

Puntadewa iku titisane Bathara Darma. Watake puntadewa iku sabar, ikhlas, percaya lan tansah gumantung marang kuwasane Hyang Widhi. Dheweke uga tekun ing agama, ngerti bales budi lan tansah tumindak adil sarta jujur. Puntadewa kondhang kanthi pinter sekak utawa catur.

Puntadewa lan adhi-adhine kasil mbangun negara Amarta ing Alas Mertani lan makmurake rakyate. Dadi raja Amarta, Puntadewa sinebut Prabu Darmakusuma. Puntadewa uga sinebut kanthi Prabu Yudhistira amarga ing sanjero awake manunggal arwahe Prabu Yudhistira, rajaning jin ing Alas Mertani.

Garwa prameswarine Prabu Puntadewa iku Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada ratu ing negara Pancala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Pancawala. Prabu Puntadewa iku kondhang kanthi anane ludira seta (getihe putih). Kang mengkono iku kagawa saka watake sing jujur, salawase urip ora gelem ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yen dijaluk wong liya diwenehake. Mula Puntadewa kondhang sinebut manungsa lega donya lila ing pati. 

Prabu Puntadewa duwe gaman kang diarani jimat jamus kalimasada. Dheweke uga duwe payung Kyai Tunggulnaga, tombak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong kang dayane menawa Puntadewa nesu lan astane nganti nyenggol kalung iku, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta.

Tugas Mandhiri
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!

1. Apa wae gamane Puntadewa?
Wangsulan: 
Jimat Jamus Kalimasada, payung Kyai Tunggulnaga, tombak Kyai Karawelang, lan Sangsangan Robyong.

2. Sapa rama lan ibune Puntadewa?
Wangsulan: 
Ramane Prabu Pandhu Dewanata lan Ibune Dewi Kunthi.

3 . Sapa kadange Puntadewa kang tunggal rama lan ibu!
Wangsulan: 
Werkudara (Bima) lan Janaka (Harjuna).

4. Sapa garwa lan anake Puntadewa?
Wangsulan: 
Garwane Dewi Drupadi lan putrine Prabu Drupada.

5. Sapa wae kang diarani Pandhawa lima iku?
Wangsulan: 
Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, Sadewa.

C. Maca:
Maca Tembung Aksara Jawa


Tugas Kelompok

Wacanen kanthi premati ing ngarep kelas wacan ing ngisor iki!


Wangsulan: 
Wayang Purwa
Aku seneng wayang purwa,
Apamaneh dhalange Purba,
Dhalang saka Kutha Sala,
Lakone Wisanggeni Lair,
Wisanggeni putrane Janaka,
Wisanggeni bocah sekti,
Kabeh kalah perang mungsuh Wisanggeni,
Ibune Wisanggeni jenenge Dresanala.







D. Nulis:
Nulis Aksara Jawa Nganggo Sandhangan Wyanjana




Tugas




















Ulangan Harian

1. Pilihen salah sijji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing antarane a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!

1. Nalika isih cilik, Raden Arjuna kuwi jenenge ....
a. Gathutkaca c. Permadi
b. Sadewa d. Nakula
Wangsulan: c. 
2. Kang dudu putrane Arjuna yaiku  ....
a. Abimanyu c. Priyambada
b. Bambang Irawan d. Lesmana
Wangsulan: d
3. Garwane Prabu Puntadewa iku ....
a. Sembadra c. Drupadi
b. Rara Ireng d. Banowati
Wangsulan: c.
4. rantas-putung-malang-malang-rawe-rawe
Tembung ing dhuwur bisa didadekake unen-unen ....
a. Rawe-rawe putung malang-malang rantas.
b. Malang-malang putung rawe-rawe rantas.
c. Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
d. Malang-malang rantas rawe-rawe putung.
Wangsulan: c. 
5. Salah sawijine hiburan saka Jawa Timur yaiku ....
a. ludruk c. wayang golek
b. kethoprak d. ondhel-ondhel
Wangsulan: a
6. Budhaya dhaerah iku mujudake ....
a. ciri khas dhaerah
b. lambang dhasaring nagara
c. sumbering kabudayan nasional
d. tandha manunggaling bangsa
Wangsulan: c. 
7. Wayang kang kaya gambar sisih ngisor arane ....


a. Dewaruci
b. Wrekudara
c. Anoman
d. Yudhistira
Wangsulan: b.
8. bodho-munggah-amarga-ora-Tira
Ukara runtut saka tembung ing dhuwur yaiku ....
a. Munggah Tira amarga ora bodho.
b. Tira ora munggah amarga bodho.
c. Tira munggah ora amarga bodho.
d. Tira ora bodho amarga munggah.
Wangsulan: b. 
9. Tembang macapat kang ora duwe watak seneng utawa bungah, yaiku ....
a. Durma c. Pocung
b. Dhandanggula d. Gambuh
Wangsulan:  c. 
10. Hiburan saka Jawa Tengah iku ....
a. tari pendet c. ludruk
b. wayang wong d. wayang golek
Wangsulan: b. 
11. Gambar wayang ing sisih ngisor iki duwe gaman kang aran ....


a. Songsong
b. Kalimasada
c. Tunggal Naga
d. Cakra Baskara
Wangsulan: b. 
12. Bukumu kok (marik) kuwi kena apa?
Tembung njero kurung sing bener yaiku ....
a. morak-marik c. orak-orak
b. marik-marik d. marik-arik
Wangsulan: a. 
13.  


yen diwaca ....


a. Prabu Danardana
b. Prabu Yudhistira
c. Prabu Puntadewa
d. Prabu Dasamuka
Wangsulan: d. 
14. Wrekudara iku ... Prabu Puntadewa.
a. kakange c. kakange
b. adhine d. eyange
Wangsulan: b. 
15. Gambar wayang ing sisih ngisor iki rane  ....


a. Prabu Danardana
b. Prabu Kresna
c. Prabu Puntadewa
d. Prabu Dasamuka
Wangsulan: c. 
16. Baladewa iku jenenge godhong ....
a. randhu c. jati
b. gedhang d. krambil
Wangsulan:  d. 
17. Kang kalebu araning candhi yaiku ....
a. Mendut
b. Pahlawan
c. Jogja Kembali
d. Palagan Ambarawa
Wangsulan: a. 
18. Apa awakmu lara, wiwit mau kok mung (turu) wae?
Tembung ing jero kurung sing bener ....
a. lagi turu c. turu-terus
b. tura-turu d. turu angler
Wangsulan: c. 
19. Dhisik awakku kuru, saiki wis ....
a. lemu c. gendhut
b. mrintis d. gembrot
Wangsulan: a. 
20. kamar-adhiku-buku-maca-ana
Tembung ing dhuwur yen didhapuk ukara dadi ....
a. Adhiku buku maca ana kamar.
b. Adhiku maca buku ana kamar.
c. Adhiku kamar ana buku maca.
d. Adhiku maca ana kamar buku.
Wangsulan: b. 
21. Ditimbali (bali) kok ora krungu!
Tembung ing jero kurung kudune ....
a. bola-bali c. bebali
b. bali-bali d. babali
Wangsulan: a. 
22. Rambutku ndhisik cendhak, bareng ora tau dipotong dadi ....
a. njewowok c. ketel
b. dawa d. putih
Wangsulan: b.  
23.
yen diwaca ....


a. mangan tahu 
b. mangan tempe
c. lawuh tempe
d. lawuh tahu
Wangsulan: d. 
24.






a. bagong
b. semar
c. petruk
d. gareng
Wangsulan: b

25.




a. Werkudara
b. Puntadewa
c. Janaka
d. Nakula
Wangsulan: a

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1. Raden Werkudara satriya ing  ....
Wangsulan:  Jodhipati
2.


Wangsulan:  
Marang kakung. 

3. Ing upacara dina Senen wingi sing dadi ... Bu Weni.
Wangsulan:  
pemimpine

4.

Ukara ing dhuwur wacane ....
Wangsulan:   
Turu ing kamar

5. bocah mituhu.
Yen ditulis Jawa dadi ....
Wangsulan:  

6. Raden Puntadewa iku raja ing ....
Wangsulan:   
Ngamarta
7. Garwane Prabu Puntadewa yaiku ....
Wangsulan:  
Drupadi
8. Satrio (tuku) klambi anyar dening ibune.
Tembung ing jero kurung sing bener ....
Wangsulan:  
ditukokake
9. Anak lima lanang kabeh diarani ....
Wangsulan:  
Pandhawa
10. Kowe matura bu guru dhisik!
Tembung kang kacithak kandel oleh panambang ....
Wangsulan:
-a  



D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. Kethoprak
b. Ludruk
Wangsulan: 
a. Aku karo Mbak Dina nonton kethoprak dhek bengi.
b. Ludruk iku kesenian saka Jawa Timur.
(Kreativitas siswa)
2. Sebutna 4 wae tembang macapat?
Wangsulan: 
Megatruh, Durma, Gambuh, Pocung.
3. Sapa wae sing disebut pandhawa lima iku?
Wangsulan: 
Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, Sadewa.
4. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. tukua
b. nyangkinga
Wangsulan: 
a. Tukua sambel goreng neng nggone Tardi, Ndhuk!
b. Nyangkinga ember sisan kanggo madhahi banyu iki.
(Kreativitas siswa)
5. Tulisen nganggo aksara Jawa ukara ing ngisor iki!
a. bocah lanang.
b. lagi turu.
Wangsulan: 





Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa Kelas 4 SD-TERLENGKAP"

Back To Top