Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa Kelas 2 SD/Genap-TERLENGKAP

Pelajaran 1
Standar kompetensi:

  1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan tentang ungkapan teman dan tembang dolanan.
  2. Mampu mengungkapkan gagasan dan perasaan secara lisan tentang pengalaman dan mendeskripsikan benda di sekitarnya.
  3. Mampu membaca nyaring dengan lancar dan memahami teks sastra.
  4. Mampu mengungkapkan pikiran/perasaan secara tertulis dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh.

Kompetensi dasar:

  1. 1.1. Mendengarkan cerita teman.
  2. 2.1 Menceritakan pengalaman sendiri dengan ragam bahasa tertentu.
  3. 3.1 Membaca nyaring dan lancar teks sastra sederhana.
  4. 4.1 Menulis kegiatan sehari-hari.

A. Nyemak:
Nyemak Crita
Kancamu mirengna kanthi temen
Setitekna isine carita
Rungokna anggone kancamu macakake crita ing ngisor iki!

Sendhang Beji
Jaman biyen ana sawijining wong urip ijen
Pak dana jenenge
Dheweke manggon sacedhake alas
Alase katon ketel lan angker
Kayune gedhe-gedhe

Sawijining dina, Pak Dana golek kayu rencek
Lagi wae njupuki rencek sing pating blasah ana ngisor wit jati,
Pak Dana diweruhi kidang
Kidang dioyak

Playune kidang ora banter
Pak dana ngetutake kidang mau
Nanging ora kecekel
Amarga dioyak, Kidang kecemplung rawa

Kidang ora bisa mlayu amarga sikil lan awake mlebu lumpur
Pak Dana enggal nyekel kidang
Nanging, Pak Dana kaget
Ing kono uga ana bebek

“Lho iki kok ana bebek siji isih cilik.
Endi kancane? Wah, dak cekel lan dak peni wae,”kandhane Pak Dana
Endi kancane? Wah, dak cekel lan dak openi wae, “kandhane Pak dana.
Nalika arep dicekel, bebek mlayu banjur njegur sendhang.

Pak dana nekat nyekel
Lagi arep nyekel bebek, dheweke krungu swara, “kewan kuwiaja digawa.
Kewan iki uripe ana kene
Aja nganggu kewan sing wis mlebu panggonan kene.’

Pak Dana Dheleg-dheleg
Banjur dheweke nyuwara, “Mengko yen rejane jaman panggonan iki diarani Sendhang Beji
Saka tembung bebek siji.”
Remen Basa Jawa 2

Negesi tembung
Sendhang : tlaga, umume banyune akeh lan bening
Ijen : dhewekan
Angker : medeni
Ketel : ngrembuyung
Kayu rencek : kayu arupa pang wit kang wis garing
Pating blasah : gumlethak akeh
Dheleg-dheleg : meneng wae nanging mbatin

Tugas Mandiri
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan!
1. Sapa sing urip ijen?
Wangsulan:
Pak Dana

2. ana ngendi Pak Dana manggon?
Wangsulan:
Acedhake alas

3. kepriye kahanane alas ing kana?
Wangsulan:
Ketel akeh wit-witan

4. Ing alas, Pak Dana diweruhi apa wae?
Wangsulan:
Kidang lan bebek

5. Nalika kidang dioyak, layune menyang ngendi?
Wangsulan:
Kecemplung rawa

6. Kena ngapa Pak Dana ora nyekel bebek?
Wangsulan:
Merga krungu swara ora oleh njipuk

7. Miturut panemu, kidange kecekel apa ora?
Wangsulan:
Ora

8. Manungsa karo kewan kudu kepriye?
Wangsulan:
Ora oleh nyiksa

B. Micara:
Crita Pengalaman pribadhi

Aku Saiki Wis Kelas Loro SD
Saben dina aku diparingi ibu dhuwit kanggo sangu.
Aku diajari ibuku nyelengi dhuwit.

Dadi sangu sing diparingi ibu ora pareng takentekke kanggo jajan.
Separo dhuwit sangu kuwi mlebu celengan semar ing kamarku.
Aku duwe kesenengan nggambar.

Kanggo tuku piranti gambar, aku arang nyuwun ibu.
Aku bisa tuku piranti gambar nganggo dhuwit celenganku.
Kanthi mengkono aku bisa mbiyantu wong tuwaku.
Mula kuwi, nyelengi kalebu kasenengan kang apik banget.

C. Maca Lancar
Maca seru tegese maca kanthi swara lan irama kang cetha.
Wacanen kanthi suara kang seru lan lancar!

Pasar Johar
Pasar  iku panggonan dol tinuku barang-barang.
Dhek wingi, aku menyang Pasar Johar.
Pasar Johar kuwi ana ing Kutha Semarang.

Dodolan apa wae ana.
Sandhangan warna-warna lan apik-apik.
Regane maneka warna.

Ana sing larang, ana sing murah.
Ora mung sandhangan,
sayuran, panganan, kebutuhan pawon,

nganti piranti omah lan sekolah uga ana.
Aku seneng banget neng Pasar Johar.

Tugas Mandhiri
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur kanthi pratitis!
1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
Wangsulan: Pasar Johar

2. Apa kang diarani pasar iku?
Wangsulan:  Papan kanggo dol tinuku barang-barang.

3. Piranti kanggo sekolah iku apa wae?
Wangsulan:  Buku, potlot, setip, bolpen, garisan, lsp.

4. Pasar Johar iku mapan ing kutha ngendi?
Wangsulan:  Kutha Semarang

5. Barang apa wae sing koksenengi?
Wangsulan:  Kreativitas siswa.

Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK

D. Nulis:
Nulis Kegiyatan saben dina

Kegiyatan padinan iku bisa awujud maneka warna. Para pedagang esuk umun-umun wis mangkat menyang pasar, para tani esuk-esuk uga mangkat menyang sawahe, tukang pos esuk-esuk wis ngayahi tugase ngirimke serat-serat, lan liya-liyane. Kabeh kegiyatan iku ditindakke wiwit saka tangi turu nganti arep mapan turu maneh.

Tuladha kegiyatan ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
(Gambar bocah nyulaki meja lan kursi)

Ratna bocah sregep
Saben esuk, Ratno nyulaki meja lan kursi
Ratno uga nyapu latar
Ing dina libur, Ratno kerep mbiyantu ibune.
Ratno mbiyantu resik-resik omah, nata, lan nyirami tanduran
Remen Basa Jawi 2

Tuladha 2
Indah bocah manut
Saben dikongkon ibune mesthi gelem
ora tau nggresula
saben sore dikon nyapu latar
lan isah-isah piring
kabeh gaweyan mau dilakoni dening Indah
kanthi seneng

tuladha 3
Ari bocah resikan
Saben tangi turu mesthi nata bantal, guling lan slimut
Ora lali dheweke wisuh ing kamar mandi
Ngresikki rai lan tangan
Ora lali sikatan supaya untune resik
Sawise iku nyapu ndalan
Mulane, Ari ora tau lara
Saben dina sehat terus

Tugas Pribadhi
Tulisen nganggo aksara jejeg sambung kegiyatan ing omah wayah esuk!

  1. Tangi turu aku nata bantal, guling, lan slimut.
  2. Aku banjur senam.
  3. Aku banjur adus lan sikatan.
  4. Aku sarapan jam setengah pitu.
  5. Aku mangkat sekolah bareng kancaku.
  6. Indah bocah manut
  7. Ari bocah resikan
  8. nyapu ndalan kudu resik
  9. ayo padha seneng maca buku
  10. dadi bocah kuwi aja kesed

Ulangan Harian
I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, utawa c, kang kokanggep bener!
Wacan iki kanggo mangsuli pitakon-pitakon nomer 1-3!

Lomba Nari
Ing saben sasi Agustus ing desaku ana lomba werna-werna. Sing melu lomba akeh banget. Aku dhewe melu lomba nari. Tarian sing dilombakake yaiku tarian tradhisional. Sawise lomba, juri ngumumake hasile lomba. Aku kang dadi juwara lomba nari. Atiku seneng banget amarga aku entuk hadiah akeh. Aku pancen seneng nari. Aku wis nari wiwit sekolah TK. Saben dina Minggu aku ajar nari ing sanggar cedhak omahku. Ing sanggar kuwi aku sinau tarian tradhisional karo kreasi baru. Nganti saiki aku wis bisa maneka tarian tradhisional, kayata tari Merak, Kidang, Bondhan, Pendhet, lan liya-liyan
1. Penulis latihan nari ing .…
a. omahe dhewe
b. sekolahan
c. sanggar tari
Wangsulan: c.

2. Sing dadi juwara nari yaiku ….
a. kancane panulis
b. panulis
c. sanggare panulis
Wangsulan: b.

3. Tarian sing disinaoni penulis yaiku .…
a. tradhisional lan kreasi baru
b. tradhisional
c. kreasi baru
Wangsulan: a.

4. Tarian kang dilombakake yaiku .…
a. kreasi baru
b. kreasi baru lan tradisional
c. tradisional
Wangsulan: c.

5. Tuladha tarian tradhisional yaiku ….
a. disko
b. Bondhan
c. tarian bunga
Wangsulan: b.

6. Sutanto mangan ana...?
a. apa
b. ngendi
c. pira
Wangsulan: b.

7. Basa krama numpak yaiku ….
a. nunut
b. numpak
c. nitih
Wangsulan: c.

8. Anin diceluk ibuke. Ukara iki basa kramane ….
a. Anin diundang ibuke.
b. Anin ditimbali ibuke.
c. Anin diaturi ibuke.
Wangsulan: b.

9. Bapak ... sate?
a. mundhut
b. tuku
c. tumbas
Wangsulan: a.

10. Bocah-bocah padha gladhen renang ana ing ….
a. wadhuk
b. kalen
c. kolam
Wangsulan: c.

11. Sadurunge mlebu kebon binatang bapak … karcis. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kuwi yaiku ….
a. tuku
b. mundhut
c. tumbas
Wangsulan: b.

12. Basa kramane wedhus yaiku ….
a. lembu
b. maesa
c. menda
Wangsulan: c.

13. Bapak … dhateng kantor.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kuwi yaiku ….
a. lunga
b. tindak
c. kesah
Wangsulan: b.

14. Alase katon angker.
Angker tegese ... .
a. amba
b. medeni
c. peteng
Wangsulan: b.

15. Mbak Narni lagi ….
Gambar bocah nyirami kembang 
a. ngresiki meja
b. nyirami kembang
c. maca buku
Wangsulan: b.

II. Wacan ing ngisor wangsulana kanthi patitis! Pilihen wangsulan saktengene!
Seneng Bal-Balan
Nalika srengenge mlethek, aku mancal kemul sedhela. Jenggirat tangi lan adus. Mangan nuli mangkat sekolah. Aku mangkat sekolah bareng kanca-kancaku.

Sorene sadurunge srengenge ilang, aku sakanca padha bal-balan ing lapangan mburi omah. Lapangan kuwi amba banget tur sukete akeh. Dadi yen kanggo bal-balan pas banget. Ing lapangan kuwi bocah-bocah padha mlayu rana mlayu rene ngoyak bal.

Akeh-akehe bocah lanang seneng bal-balan. Mula direwangi adus kringet. Yen kuwi pancen dadi kasenengan ora apa-apa anggere tetep bisa angon wayah wae.

A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur kanthi pratitis!
1. Sadurunge mangkat sekolah, apa kang ditindakake dening penulis?
Wangsulan:
Adus lan mangan.

2. Kapan penulis nindakake kasenengane?
Wangsulan:
Sore, sadurunge srengenge ilang.

3. Wacan kuwi irah-irahane apa?
Wangsulan:
Seneng Bal-balan

4. Kasenengane penulis kuwi apa?
Wangsulan:
Bal-balan.

5. Ing ngendi anggone penulis bal-balan?
Wangsulan:
Ing lapangan mburi omah.


III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor kanthi bener!
1. Pak Darno urip dhewekan.
Dhewekan padha karo ... .
Wangsulan:
Ora ana kancane

2. Pak Salman gawe kandhang pitik. Gawe basa kramane ....
Wangsulan:
damel

3. Pak Lurah kandha marang aku. Kandha basa kramane ....
Wangsulan:
ngendika

4. Bapak yen esuk mlaku-mlaku. Mlaku basa kramane ....
Wangsulan:
mlampah

5. ... cacahe bebek kuwi?
Wangsulan:
Werkudara

6. Yen nyelengi luwih becik ana ing ....
Wangsulan:
pira

7. Saiful lagi ... kursi.
Gambar bocah lagi nyulaki kursi
Wangsulan: nyulaki kursi

8. Jenenge liya Semar yaiku ....
Wangsulan:
Ki Badranaya, Ki Bojagati, lan  Ki Margaewuh.

9. Yen gladhen nari ana ing ....
Wangsulan:
sanggar

10. Arif menyang stasiun, amarga arep numpak ... .
Wangsulan:
sepur

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa Kelas 2 SD/Genap-TERLENGKAP"

Back To Top