Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa Kelas 5 SD-TERLENGKAP

Pelajaran 1

Kelas 5/2
Standar kompetensi:

  1. Mendengarkan ; Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan melalui pembacaan teks cerita rakyat dan tembang macapat
  2. Berbicara; Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan, mendheskripsikan benda dan menang-gapi persoalan faktual sesuai dengan unggah-ungguh.
  3. Membaca; Mampu membaca dan memahami teks cerita anak, membaca indah dan membaca huruf Jawa
  4. Menulis; Mampu menulis laporan sederhana dalam ragam bahasa Jawa tertentu dan menulis huruf Jawa
kompetensi dasar:

  1. 1.1 Mendengar cerita rakyat
  2. 2.1 Menanggapi persoalan faktual menggunakan ragam bahasa yang santun
  3. 3.2 Membaca indah geguritan
  4. 4.1   Menulis laporan
   A. Nyemak : Nyemak Crita Sendhang Sani

1. Arti Crita Rakyat
Crita rakyat akeh tinemu ing tlatah Jawa kang kawentar wiwit jaman kuna nganti tekan seprene. Crita rakyat uga asring sinebut legenda turun tumurun. Umume sumebar lan dicritakake kanthi lesan. Ing ngisor iki ana salah asijining critarakyat saka Kabupaten Pati.

2. Tuladha Crita Rakyat
Coba salah siji maca endah kanthi intonasi kang bener! Dene siswa liyane ngrungokake.

Sendhang Sani
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine padha nuju padhepokan Sunan Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar pisan. “Kaya wis tekan Kadhipaten Pathi, sedhela maneh tekan padhepokan Muria.” Ngendikane Sunan Kalijaga marang santri-santrine.

Nalika wanci sembahyang Luhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sangisore wit gedhe, banjur mrentah Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudu. Ki Rangga lan kancane padha binggung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.

Weruh santri-santrine padha bingung, Sunan Kalijaga karo mesem ngendika, “Ki Rangga becike awake dhewe nyuwun marang Gusti. Banjur jaganen wit iku muga-muga ana sumber sing mili. Nanging, elinga kedadean apa wae ing kene, kuwi kersane Gusti Allah. Aja padha lali yen ana kedadean apa wae, enggal kabarna marang aku ing samburine grumbul iki!”

Ki Rangga lan kanca-kancane padha nunggu wit kuwi nganti keturon. Bareng tangi klambine padha teles klebes amarga panggonan mau wis kebak banyu. Saking senenge, Ki Rangga lan kanca-kanca padha adus. Sunan Kalijaga bali maneh marang papan mau. Ngerti pokale Ki Rangga, Sunan Kalijaga ketrucut ngendikan, “Ki Rangga isih eling karo welingku? Apa wae kedadean ing kene kabarna marang aku ora malah langen kaya bulus”.

Sanalika Ki Rangga lan kanca-kancane padha dadi bulus. Sunan Kalijaga ora sida wudu amarga banyune wis reged kena sisane Ki Rangga lan kanca-kancane. Mula papan mau diarani Sendhang Sani saka kedadean Sunan Kalijaga kang murungake niate wudu amarga disisani utawa didhisiki Ki Rangga. Papane kurang luwih telung kilometer sisih lor Kutha Pathi.

Tugas 
1. Apa welinge Sunan Kalijaga?
Wangsulan:
apa wae kadadeyan ing kene kabarna marang aku

2. Kena apa sendhang ing crita iku diarani Sendhang Sani?
Wangsulan:
sakla kadadeyan Sunan Kalijaga kang murungake niate wudhu amara disisani utawa didhisiki Ki Rangga

3. Ana ngendi papane Sendhang Sani?
Wangsulan:
kurang luwih 3 km sisih lor Kutha Pati

4. Sapa paraga kang diceritakake ana wacan ing ndhuwur?
Wangsulan:
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga

5. Wayah apa crita iku kedadean?
Wangsulan:
wayah sembahyang Luhur


B. Micara : Gawe Tanggepan

1. Pangertosan Tanggepan
Tanggapan iku ngetokake, ngucapake uneg-uneg marang wacan utawa kedadean. Uneg-uneg iku bisa awujud kritikan, pasetujon, dhukungan larangan, ajakan, kritik, saran lan sapanunggalane.

2. Tuladhane Kedadean lan Tanggepane

Tradhisi Saparan Yakowiyu
Tradhisi Sapar ing Tlatah Jawa Tengah saiki terus dopepetri lan dilestarekake. Pancen yen digagas tradhisi Saparan iku mung sejatine didhawuhake dening para winasis wektu semana. 

Laras karo majune jaman, tradhisi sing wis mlaku turun temurun lan atusan taun iki kanggone Pemerintah dadi aset dhaerah. Ora nggumunkae yen Tradhisi Saparan Yakowiyu iki dadi paket wisata. Apa ta Tradhisi Saparan Yakowiyu iku?

Miturut kabar kang turun temurun tradhisi iki ana gandheng cenenge karo Kyai Ageng Gribig saka Mekkah. Kang ngasta apem mung telung iji, apem iku didum marang putra wayah kanthi ngendika “Apem Yakowiyu”. 

Ya wiwit kuwi angger ngepasi tengah-tengahe wula Sapar tiba dina Jemuwah, diwiwti sedhekah gawe apem. Sawise didongani apem iki disebar rebutan ewonan warga masarakat.


Tugas 
Wenehana tanggapan marang ukara kang kapethik saka wacan ing dhuwur!
1. Ora nggumunkae yen Tradhisi Saparan Yakowiyu iki dadi paket wisata.
Wangsulan:
Miturut panemune siswa

2. Miturut kabar kang turun temurun tradhisi iki ana gandheng cenenge karo Kyai Ageng Gribig saka Mekkah.
Wangsulan:
Miturut panemune siswa

3. Tradhisi Sapar ing Tlatah Jawa Tengah saiki terus dopepetri lan dilestarekake.
Wangsulan:
Miturut panemune siswa

4. Sawise didongani apem iki disebar rebutan ewonan warga masarakat.
Wangsulan:
Miturut panemune siswa


C. Maca : Maca Indah Geguritan

1. Maca Geguritan lan Mangerteni Isine
Geguritan iku wujude kaya puisi ing basa Indonesia, nanging migunakake tetembungan basa Jawa. Geguritan iku minangka asil cipta rasa panulise kang nuwuhake kaendahan. Maca geguritan iku satemene duweni tujuan supaya wong kang krungu, ngrungokake kanthi ati kang wening supaya bisa mangerteni maknane geguritan kasebut. Mula sapa wae kang arep maca geguritan wis samesthine maknani geguritan luwih dhisik. Amarga maca geguritan tanpa mangerteni isine, anggone maca bakal sasar susur ora karuan.

Bab cak-cakane maca geguritan kang paling becik iku kanthi solah bawa/patrape dhewe-dhewe, ora niru utawa nyonto solah bawa lan patrape wong liya. Awit menawa maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa ngilangi konsentrasi.

2. Bab-Bab kang Kudu Digatekake Nalika Maca Geguritan
Cak-cakan utawa praktik maca geguritan sakora-orane nyakep patang prakara, yaiku:

a. Olah Swara (Olah Vokal)
Olah swara iki sesambungan karo kedaling lesan, tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara. Swara kang digunakake prayoga menawa swara padharan, dudu swara saka dhadha amarga yen swara dhadha kurang manteb lan napase kurang kuwat.

b. Penampilan
Maca geguritan iku kudu nggatekake solah bawa, ekspresi, lan jiwane geguritan, umpamane isine geguritan iku sedhih, pasuryane ya kudu katon nelangsa supaya sing mirengake melu sedhih. Semono uga yen isine bab semangat juang kang greget ya ekspresi pasuryane kudu katon tegas, mandhes, lan makantar-kantar.

c. Sambung (Komunikatif)
Manawa maca geguritan iku antarane kang maca lan kang ngrungokake kudu nyawiji, tegese maca tanpa ana kang ngrungokake ora guna. Semono uga kang ngrungokake yen ora ana kang maca ya ora bakal kaleksanan.

d. Sarana
Sarana yaiku apa wae kang ndhukung supaya anggone maca geguritan tambah “nges”. Sarana bisa awujud mik (pengeras suara), panggung, gendhing, lan sapanunggale.

3. Tanda-Tanda Carane Maca Geguritan
Kanggo luwih nggampangake anggone mahami lan ngrasakake isine geguritan, yaiku kanthi cara menehi tanda mandheg:
a. tandha / kanggo gantine tanda koma, karepe mandheg sedhela,
b. tanda // kanggo gantine tandha titik, karepe mandheg,
c. tanda = karepe larik siji lan sijine isih ana sesambungane utawa ora mandheg.

Tuladha ing ngisor iki setitekna
Ibu
Ibu/
Saka lemah pangumbaran kene//
anakmu kirim layang=
nyuwun donga pangestu//
Bakal methik kembang=
sesumping sotya/
bakal lungguh dhampar kencana/
linambaran babut sutra//

Ibu/
kanthi dilancang seta iki/
anakmu angrantu rawuhmu//
ngasta sasuwek pangapura/
pinangka nambal kaluputan=
anakmu/ kang wus kesupen=
sega thiwul sambel korek ndesa=
dang-dangane ibu sawengi ceput/
datan sare kanggo aku=
biyen kae//

Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK

Tugas
A. Wacanen geguritan ing ngisor iki, banjur wenehana tandha mandheg lan critakna isine kanthi ringkes!
Segara
Karya. N.N
Jembar gilar-gilar tanpa wates
Jero ngalo-alo tanpa ingukur
kuwi mono segara
segara iku ora mung sela-selaning negara
segara iku amba jembar kanggo madhahi samubarang banyu

banyu bening, banyu buthek, banyu kali
Banyu peceren, banyu kalen lan banyu udan
Godhong, plastik, kayu lan larahan liyane
Segara iku awatak sabar drana
segara iku nampa maneka warna

Tanpa pilih-pilih kabeh padha
wiwit uwuh reged apa dene sato kewan mina
kabeh tinampa dipapanake dhewe-dhewe
uwuh bakal minggir, mina bakal nengah
Dadia segara ing samubarang pengalaman

tansaya akeh pengalaman kang tinampa
bakal bisa gawe jalma manungsa diwasa
milah-milih pengalaman kang utama
sing ala kudu dipinggirna

Tugas
B.  Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar geguritan ing dhuwur!
1.   Wiwit uwuh reged apadene sato kewan mina.
      Apa tegese kewan mina?
Wangsulan:     
iwak

2.   Kepiye supaya dadi manungsa diwasa?
Wangsulan:     
dadia segara ing samubarang pangalaman, tansaya akeh pangalaman kang tinampa bakal bisa gawe jalma manungsa diwasa

3.   Uwuh bakal minggir, mina bakal nengah. Apa tegese tembung uwuh?
Wangsulan:     
sampah utawa rereget

4.   Geguritan ing dhuwur nyritakake bab apa?
Wangsulan:     
segara           

5.   Banyu apa wae kang cinampur ing segara?
Wangsulan:     
banyu bening, banyu buthek, banyu kali, banyu peceren, banyu kalen lan banyu udan


Maca Tulisan Jawa : Sandhangan Wiyanjaya
















Tugas Pribadhi

Wacanen tulisan Jawa iki kanthi bener lan banter!











A. Wacan ing dhuwur tulisen nganggo aksara latin!
Wangsulan  :
Wadhuk Gajah Mungkur

Wadhuk Gajah Mungkur ana ing kabupaten Wanagiri, wujude kedhung amba pirang-pirang hektar. Wadhuk iki dienggo ngingu iwak. Ing sapinggire sisih Kulon didadekake pariwisata. Banyune disalurake kanggo sawah pertaniyan.

























D.  Nulis : Nulis Laporan Sederhana
Laporan iku cathetan akeh ngenani apa wae sing diamati utawa diteliti. Sing diteliti iku bisa awujud kedadean, barang, utawa panggonan. Laporan mujudake bukti menawa wis nindakake pengamatan lan bisa didadekake dhata sing otentik. Wujude laporan iku ora ana sing baku.

Tugas Kelompok
Gawea laporan babagan kahanan sekolahmu ing wektu istirahat/ngaso! Garapen karo kancamu sakelompok! Manawa wis rampun banjur jlenterna karo kanca kelompokmu laporan mau ana ing ngarep kelas.
Wangsulan :
Kreativitas Siswa            

Tugas Pribadhi
Gawea laporan pengamatan kahanan ing perpustakaan ing sekolahmu! Kanthi cengkrongan ing ngisor iki!
Laporan Pengamatan
Perpustakaan SD              :   _____________________________________________________
Jenis Kegiatan                   :   _____________________________________________________
Dina, tanggal                    :   _____________________________________________________
Petugas perpustakaan      :   _____________________________________________________
Kahanan perpustakaan
a.  Ambane ruangan        :   _____________________________________________________
b.  Karesikan                     :   _____________________________________________________
c.  Panatane ruang           :   _____________________________________________________
d.  Panatane buku            :   _____________________________________________________
e.  Kahanan pengunjung :   _____________________________________________________
Saran                                 :   ______________________________________________________                                                              
Wangsulan :
Miturut panemu siswa


         Ulangan Harian

I. Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premati

Bali
Yen ana wong kandha Pulo Bali, saben wong sajabang cindhile mesthi weruh. Malah-malah tumraping bangsa manca Pulo Bali luwih moncer jenenge katimbang Negara Indonesia. Apa sebabe ? Yen mung bab kaendahaning kutha, segara, pesisir, gunung, tlaga lan sapanunggalane tanah Jawa ora kalah endah. 

Salah sijine keluwihane Bali yaiku kukuhe warga masyarakat Bali njaga adat kabudayane. Saliyane padha ndeleng kaendahane Bali, para turis uga seneng kahanan ing Bali kang isih kenthel kabudayane. Kahanan sing koyo mengkono iku ndadekake sapa wae kepingin moro menyang Bali. Saking akehe turis manca utawa turis dhomestik, mula sektor pariwisata dadi andhalane Pulo Bali.

Pamarintah dhaerah propinsi Bali temen-temen anggone ngatur lan nengenake babagan pariwisata iki. Pariwisata arupa sumber devisa utawa sumber pengasilane pemerintah lan warga masyarakat Bali. Ing saben dina pirang yuta wae dhuwit sing diblanjakake dening para turis. 

Dhuwit mau bisa ngubengake ekonomine rakyat Bali. Sing penting para warga merlokake rasa aman, ora ana ontran-ontran kaya bom Bali pirang taun kepungkur. “Manunggaling kawula lan gusti” antarane masyarakat Bali lan para pangarsane pemerintah dhaerah diperlokake supaya budaya, adat istiadat, seni, lan papan papan pariwisata tetep bisa lestari lan wisatawan tetep teka ing pulo Bali, jer iku kang dadi saka gurune ekonomi Bali.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1. Ora ana ontran-ontran kaya bom Bali
Ontran-ontran iku tegese apa?
 Wangsulan: geger

2. Apa perlune antarane masyarakat lan pamarentah nyawiji/manunggal?
Wangsulan:
supaya budaya, adat istiadat, seni, lan papan pariwisata tetep bisa lestari lan wisatwan tetep teka ing pulo bali, jer iku kang dai saka gurune ekonomi Bali.

3. Apa sebabe Bali bisa kawentar nganti tekan luar negeri?
Wangsulan:
kukuhe warga masyarakat Bali njaga adat kabudayane

4. Apa sing diarani turis manca lan turis dhomestik?
Wangsulan:
turis manca: wong mlancong saka jaba negara. turis domestik : wong mlancong saka negarane dhewe

5. Apa contone kabudayan saka Bali iku?
Wangsulan:
tari Barong, tari Pendet, tari Kecak
   

II. Wenehana tandha ping (x) ana aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe Wangsulana kang trep!

1. ..., esuk-esuk kowe wis teka. Biasane kan awan tekamu.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a. gugur gunung c. gunung guntur
b. njanur gunung d. njanur guntur
Wangsulan :  (b)

2. Contone tembung dwilingga salin swara yaiku ....
a. swara-swara c. cekikik
b. uthak-uthik d. rerembugan
Wangsulan :  (b)

3. Banyu kang mili
nanging tansah mbrojol
saka sela-selane driji
Kramane tembung driji yaiku ....
a. asta c. sampeyan
b. racikan d. panunggul
Wangsulan :  (b)

4. Wira-wiri, rana-rene, mloya-mlayu, nongas-nangis.
Tembung rangkep ing dhuwur arane ....
a. dwilingga padha swara
b. dwipurwa
c. dwilingga salin swara
d. dwiwasana
Wangsulan : (c)

5. Kang ora klebu tembang Macapat yaiku ....
a. pucung c. asmarandana
b. sinom d. wirangrong
Wangsulan :  (d)

6. Ing ngisor iki sing kalebu tembung dwilingga yaiku ....
a. cengenges c. omah-omah
b. geguyu d. tetulung
Wangsulan :  (c)

7. Tembung-tembung rangkep ing ngisor iki kang kalebu tembung rangkep dwipurwa yaiku ....
a. bola-bali, wira-wiri
b. cengengesan, cekikikan
c. anting-anting, andheng-andheng
d. tetuku, lelayu
Wangsulan :  (b)

8. Tembung dwiwasana contone....
a. bola-bali c. rereged
b. cengenges d. omah-omah
Wangsulan :  (c)
9. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ....
Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing ukara kasebut yaiku ....
a. so c. dhahar
b. leren d. ngaso
Wangsulan :  (d)

10. Segarane jembar gilar-gilar. Jembar padha tegese karo tembung  ....
a. amba c. dhuwur
b. gedhe d. jero
Wangsulan :  (a)

11. Tembung-tembung rangkep nanging kang dirangkep mung wandane sing ngarep diarani ....
a. dwipurwa c. dwijarwa
b. dwiwasana d. dwilingga
Wangsulan :  (b)

12. Saben sakpada tembang Pocung iku ana ....
a. selarik
b. rong larik
c. patang larik
d. nemlarik
Wangsulan :  (c)

13. Bali iku ibu kotane  ....
a. Mataram c. Gilimanik
b. Kupang d. Denpasar
Wangsulan : (d)

14. Wong mlancong kang asale saka wong saknegara diarani ....
a. manca c. domisili
b. domestik d. asing
Wangsulan :  (b)

15. Kang kalebu budaya Bali yaiku ....
a. kethek Ogleng c. tari Ngremo
b. tari Pendet d. Ludruk
Wangsulan :  (b)

16. Pariwisata ing Pulo Bali bisa maju amarga para warga njaga ....
a. karesikan c. kaendahan
b. kabudayan d. keamanan
Wangsulan : (b)

17. Pante kang ana ing Bali contone ....
a. Losari c. Sanur
b. Kartini d. Parangtritis
Wangsulan :  (c)

18. Geguritan iku rumpakan asil ciptane manungsa kang nuwuhake kaendahan.
Endi kang dudu titikane macapat ....
a. basane endah
b. tetembungane pilihan lan mentes
c. nganggo lelewaning basa
d. kaiket guru lagu lan guru wilangan
Wangsulan :  (d)

19. Tandha (/) ana ing geguritan nandhakake ....
a. mandheg sedhela
b. sambungane antarane larik siji lan sijine
c. pitakonan
d. mandheg
Wangsulan :  (a)

20. (1) Swarane marem saka padharan
(2) Intonasi manut karepe dhewe
(3) Jeda/pamedhote tembung pas karo karepe
(4) Guru wilangane padha
Pratelan-pratelan ing dhuwur kang kudu digatekake manawa maca geguritan yaiku ....
a. (1) – (2) c. (2) – (3)
b. (1) – (3) d. (2) – (4)
Wangsulan :  (c)

21. Nek dijak caturan mbok aja ngembang duren.
Wangsalan iku tegese ....
a. thingak-thinguk
b. kekarepane seje
c. guyup rukun nunggal karep
d. dlongap-dlongop
Wangsulan :  (d)

22. Bapake Antasena arane ....
a. Werkudara c. Baladewa
b. Basudewa d. Palasara
Wangsulan :  (a)

23. Tembung-tembung kang dirangkep mung wandane sing ngarep iku diarani tembung....
a. dwilingga c. dwipurwa
b. dwiwasana d. dwikarya
Wangsulan :  (b)

24. Werkudara iku satriya ing  ....
a. Jodhipati c. Madukara
b. Kuru setra d. Astina
Wangsulan :  (a)

25. Bocah kok mung glelang-gleleng sakarepe dhewe.
Tembung glelang-gleleng iku kalebu tembung ....
a. dwiwasana
b. dwipurwa
c. dwilingga padha swara
d. dwilingga salin swara
Wangsulan :  (d)


III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1. Wis dikandhani kok ora nggugu, mbokyo mirengke dhawuhe bapak!
Tembung dwilingga salin swara kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing ukara kasebut yaiku ....
Wangsulan :
bola-bali
2. Candhi Borobudhur iku dumunung ana ing Provinsi ....
Wangsulan :
Jawa Tengah
3. Kok njanur gunung kowe teka kene.
Tembung njanur gunung tegese ....
Wangsulan :
kadingaren
4.
tulisan Jawa ing sisih iku diwaca .......
Wangsulan : layar turah

5. “Lawang Sewu” Tembung iku yen ditulis Jawa dadine ....
Wangsulan :



6. Jembar gilar-gilar tanpa wates
Jero ngalo-alo tanpa ingukur
Bait ing geguritan iku nyritakake kahanane ....
Wangsulan :
segara
7. Kanggo ngurmati wong tuwa iku yen matur nganggo basa ....
Wangsulan :
krama
8. Mlakune ora usah mbalung asem. Mbokya rada ... wae.
Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
Wangsulan :
alon
9. Eyang badhe .... mangga dipunmirengaken rumiyin.
Wangsulan :
criyos
10. Tembung-tembung kang dirangkep mung wandane sing mburi diarani ....
Wangsulan :
dwipurwa


IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!

1. Apa sing diarani wangsalan?
Wangsulan:
unen-unen kaya dene cangkriman, nanging batangane wis kasebutake sandyan ora ketok melok.

2. Sebutna 4 wae tembang macapat!
Wangsulan:
Pocung, Gambuh, Sinom, Pangkur

3. Kepriye carane maca geguritan kang becik iku?
Wangsulan:
diwaca kanthi ngresep ing ati.

4. Apa sing diarani tembung rangkep dwiwasana iku?
Wangsulan:
tembung rangkep nanging sing diramgkep mung wanda ing ngarep

5. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing  ngisor iki!
a. unak-unuk
b. grusa-grusu
Wangsulan:
kabijakna guru


kegiatan pembelajaran 2
Standar Kompetensi
1. Mendengarkan
Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan melalui pembacaan teks cerita rakyat dan tembang Macapat
2. Berbicara
Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan, mendeskripsikan benda dan menanggapi persoalan faktual sesuai dengan unggah-ungguh.
3. Membaca
Mampu membaca dan memahami teks cerita anak, membaca indah dan membaca huruf Jawa
4. Menulis
Mampu menulis laporan sederhana dalam ragam bahasa Jawa tertentu dan menulis huruf Jawa


Kompetensi Dasar
1.1 Mendengar cerita rakyat
2.1 Mendheskripsikan benda sekitar
3.1 Membaca cerita anak
4.1  Menulis laporan sederhana hasil pelaksanaan tugas


Karakter yang ditanamkan : Nulung, pinter, sregep sinau, kerja bakti, percaya dhiri, premati.

     A. Nyemak : Nyemak Crita Rakyat

1. Crita Rakyat
Crita rakyat akeh tinemu ing tlatah Jawa kang kawentar wiwit jaman kuna nganti tekan seprene. Crita rakyat uga asring sinebut legenda turun tumurun. Umume sumebar lan dicritakake kanthi lesan.
Tuladha Cerita Rakyat
a. Baru Klinthing,
b. Tangkuban Prau,
c. Keong Emas,
d. Ajisaka,
e. Bandung Bandawasa,
f. Timun Emas,
g. Cindhe Laras, lan sapanunggalane.
Crita rakyat iku isine bisa kanggo patuladhan tumrap uripe manungsa. Biasane isine wulang wuruk babagan budi pekerti, tindak-tanduk, micara, unggah-ungguh lan watak kang utama.
2. Ngrungokake Crita Rakyat Aji Saka
Ajisaka
Prabu Ajisaka duweni abdi cacah papat, yaiku Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga. Abdi-abdi kuwi mau tansah ndherekake menyang ngendi wae tindake Prabu Ajisaka. Ing salah sawijine crita kasebut Si Dora lan Si Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi supaya njaga keris kagungane Prabu Ajisaka. Prabu Ajisaka meling marang abdine sakloron, “Sapa wae sing nimbali lan arep mundhut keris, aja kokwenehake, yen dudu aku dhewe kang njaluk.”
Dene abdine kang aran Duga lan Prayoga diajak ndherekake Prabu Ajisaka menyang ngendi wae tindake Sang Prabu. Bareng wis sawetara wektu, Prabu Ajisaka wis kasil dadi raja ing Medhangkamulan. Ngalahake raja kejem lan galak sing gawene mangani daging manungsa, ya saka wargane dhewe. Mulane rakyat Medhangkamulan tansah wedi lan ora bisa urip tentrem. Medhangkamulan dadi negara kang adoh saka kemakmuran.
Ajisaka bisa kasil ngalahake Raja Medhangkamulan iku. Bareng wis dadi Raja Medhangkamulan, Ajisaka kelingan marang abdine kang katinggal ing Pulo Majethi. Mula Sang Prabu utusan marang Duga lan Prayoga supaya nusul menyang Pulo Majethi nimbali Dora lan Sembada, uga njupuk keris kagungane sang Prabu.
Dora lan Sembada kang ditinggal ing Pulo Majethi saktemene wis krungu kabar manawa sang Ajisaka wis jumeneng nata ing Medhangkamulan.
Tekan Medhangkamulan si Dora matur marang Prabu Ajisaka menawa dheweke nusul dhewe awit si Sembada ora gelem dijak. Sang Prabu banget dukane lan lali marang welinge. Dora diutus bali menyang Majethi njupuk keris kagungane Sang Prabu. Manawa Sembada ora gelem menehake keris mau, kon mateni sisan.
Satekane ing Pulo Majethi, Dora kandha manawa dheweke wis ketemu klawan ratu gustine lan saiki kautus ngajak Sembada lan nggawa keris kang dadi reksane menyang Medhangkamulan. Ananging Sembada tetep ora gelem menehake keris mau amarga mbiyen Ajisaka wis nate meling menawa ora kena menehake keris marang sapa wae kajaba marang Ajisaka dhewe, kekarone banjur padha padudon, tantang-tantangan, kerengan nganti kekarone mati sampyuh.
Sampyuhe wong loro kang kabeh abdine Ajisaka iku kasebar nganti tekan Medhangkamulan. Ajisaka uga mireng anane wong loro mati sampyuh iku. Ajisaka banjur kelingan babagan piwelinge. Ajisaka banget anggone getun. Ananging kabeh mau wis kadhung kedadean. Ajisaka banjur nggawe aksara Jawa kanggo pepeling marang abdine sakloron kang mati sampyuh iku.
3. Njupuk Piwulang Crita Rakyat
Sabubare ngerteni isi crita kang wis dirungokake, banjur bisa ndudut piwulang ana ing crita kasebut. Kanthi mangkono bisa didudut simpulane menawa anggone ngrungokake kasil temenan. Ing ngisor iki minangka piwulang ana ing crita rakyat “Ajisaka“.
a. Dadi wong iku utamane dadi pemimpin yen ngendikan iku ora kena mencla-mencle.
b. Menawa dipercaya dening wong liya iku kudu bisa netepi lan ora kena nyulayani.

Garapan
A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener lan cekak!
1. Kepiye kahanane Medhangkamulan sadurunge diperintah Ajisaka?
Wangsulan:
rakyat Medhang Kamulan tansah wedi lan ora bisa urip tentrem
2. Apa piwelinge Ajisaka sadurunge ninggalake Pulo Majethi?
Wangsulan:
sapa wae sing nimbali lan arep mundhut keris, aja kokwenehake, yen dudu aku dhewe kang jaluk
3. Sapa sing ditinggal ing Pulo Majethi?
Wangsulan:
Dora lan Semabda
4. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
Wangsulan:
Ajisaka
5. Sapa wae abdine Prabu Ajisaka, apa tugase?
Wangsulan:
Dora, Sembada, Duga, Prayoga
6. Sapa kang mati sampyuh?
Wangsulan:
Dora lan Sembada
7. Kepiye Prabu Ajisaka anggone meling marang sakloron abdine?
Wangsulan:
ngripta aksara Jawa
8. Sapa sing ndherekake Prabu Ajisaka?
Wangsulan:
duga lan prayoga

B. Tatanen huruf-huruf ing ngisor iki dadi tembung kang cocog karo crita ing dhuwur banjur golekana katrangane!
Tuladha:
A - K - J - A - S - I  -  A = Aji saka

1. D - E - S - A - B - A - M=
Wangsulan :
Sembada
2. A - D - O - R =
Wangsulan :
dora
3. D - O - N - U - D - A - P =
Wangsulan :
Padudon
4. A - Y - O - G - A - R - P =
Wangsulan :
Prayoga
5. H - A - M - E - J - I - T =
Wangsulan :
Majethi
6. R - E - S - I - K=
Wangsulan :
keris
7. S - Y - U - P - M - A - H=
Wangsulan :
Sampyuh
8. U - D - A - G =
Wangsulan :
duga
9. M - U - L - A - N - H - A - M - A - N - G - A - D - E - K =
Wangsulan :
Medhang Kamulan
10. B - I - D - A =
Wangsulan :
abdi


Garapan
Tindakna kegiyatan ing ngisor iki kanthi semangat lan percaya dhiri!
1. Goleka crita rakyat kang ana ing dhaerahmu!
2. Ringkesen crita rakyat iku, banjur tulisen ing buku tugasmu!
3. Sawise kokgawe, aturna asil ringkesanmu kuwi ing ngarep kelas kanthi kendel!
Wangsulan:
Siswa golek lan gawe ringkesan crita rakyat ing dhaerahe.



    B. Micara: Dheskripsikne Sawijining Barang

1. Gawe Dheskripsi Barang ing Sakiwa Tengen
Sing diarani dheskripsi iku njlentrehake barang kanthi cetha. Nyebut warna, wujud, bentuk, bakale, gunane, lan sapiturute. Tujuane supaya uwong sing ngrungokake dheskripsi bisa mangerteni utawa paham marang barang sing digawe deskripsine.
2. Tuladha Dheskripsi Barang
Wacanen kanthi tlesih lan saksama!
Lemari
Lemari iku ana sing digawe saka kayu, alumunium, plastik, lan kaca. Lemari gunane kanggo nyimpen aneka warna barang. Ana lemari kang gunane kanggo nyimpen perabot dhapur, ana lemari kang gunane kanggo nyimpen dhokumen, buku, layang penting. Ana lemari kang gunane kanggo nyimpen pakaian. Ana lemari kang dienggo nyelehake barang dagangan lan sakpiturute.
Lemari kang dienggo nyimpen dhokumen, pakaian, lan perabot dhapur digawe saka kayu, kaca, plastik, utawa alumunium. Dene lemari kang dienggo majang barang dagangan ing toko-toko iku umume digawe saka kaca bening supaya wong-wong bisa mirsani barang sing dipajang arep didol . Lemari kang kaya mengkono iku diarani etalase.
Regane lemari macem-macem. Ana lemari kang regane satus ewu lan ana uga lemari kang regane nganti jutaan rupiah. Regane macem-macem miturut bakale, ukurane, lan kaendahane lemari iku. Menawa lemari dihiasi kanthi seni kaya ta ukir, gambar, utawa tatahan umume regane samsaya larang.
Lemari kang diparingi hiasan-hiasan iku gunane ora mung kanggo nyimpen barang-barang. Nanging uga nggawe kahanan ing sajrone omah utawa kamar samsaya endah. Saengga wong sing ana ing sajrone omah utawa kamar iku krasan ana ing sajerone.



A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener lan cekak!
1. Apa sing diarani etalase iku?
Wangsulan :
lemari kanggo majng barang dagangan
2. Apa paedahe lemari dihias?
Wangsulan :
nggawe kahanan ing sajrone omah utawa kamar samsaya endah. saengga wong sing ana ing sajrone omah utawa kamar iku krasan ana ing sajerone.
3. Lemari iku bisa digawe saka bahan apa wae?
Wangsulan :
kayu, alumunium, plastik, lan kaca
4. Hiasan apa wae kang ana ing lemari?
Wangsulan :
ukiran utawa gambar
5. Aranana telu wae gunane lemari!
Wangsulan :
kanggo nyimpen maneka werna abang, nyimpen perabot dapur, nyimpen dhokumen, buku, layang penting, kanggo nyimpen pakaian, kanggo ndelehake barang dagangan

Garapan

Tindakna kegiyatan ing ngisor iki kanthi semangat lan percaya dhiri!
1. Gawea dheskripsi saka prabot kang gambare ana ing ngisor iki!
2. Sawise kokgawe, aturna asil ringkesanmu kuwi ing ngarep kelas kanthi kendel!
Wangsulan: ()

3. Ukara Sesanti
Ukara sesanti uga diarani ukara semboyan, gunane kanggo nuwuhake semangat supaya makantar-kantar. Umpamane satengahe paprangan, para prajurit amrih tetep grengseng semangate prelu dibengoki nganggo sesanti. Ukara sesanti uga bisa dadi pepeling utawa pemut marang kang padha maca supaya tansah ngudi tumindak utama.
Tuladha:
a. Menang tanpa ngasorake.
Tegese: menang tanpa gawe wirange mungsuhe.
b. Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
Tegese: sakabehe pepalang bakal disirnakake.

Garapan
Jodhokna supaya dadi ukara sesanti kang becik!
1. Jer basuki
2. Ajining dhiri
3. Ajining raga
4. Crah agawe
5. Rukun agawe
6. Sepi ing pamrih
7. Nglurug tanpa
8. Nguyahi banyu
9. Bibit, bebet,
10. Memayu hayuning

a. Ana ing lathi
b. Bawana
c. Segara
d. Santosa
e. Bobot
f. Ana ing busana
g. Rame ing gawe
h. Bubrah
i. Bala
j. Mawa bea

Wangsulan:
1-j, 2-a, 3-f, 4-h, 5-d, 6-g, 7-i, 8-c, 9e, 10-b


    C.  Maca:  Maca Crita Anak
Wacanen kanthi tlesih!
Iwit, Si Bajing lan Tikus Cilik
Iwit si bajing sing manggon ing wit klapa pinggir dalan gedhe sedhih atine. Geneya? Sebab dheweke durung duwe pasedhiyan pangan senajan mung sethithik. Kamangka sedhela engkas wis mangsa rendheng. Nanging apa sing dialami Iwit iki ya merga saka kesede dhewe. Kamangka, wit klapa sing dipanggoni turu wis ora woh maneh jalaran saking tuwane umure.
Sasuwene mangsa ketiga Iwit turu wae. Emoh nyambut gawe. Mulane, saiki Iwit munyeng mikirake tekane mangsa rendheng mengko, piye bisane ing mangsa iku dheweke panggah mangan kaya biasane. Ora kaliren.
Ing dhuwur wit, Iwit duwe tangga jenenge Kiki Tikus.
“Rewangana aku ya, supaya bisa golek pangan ing mangsa rendheng mengko….” kandhane Iwit marang Kiki Tikus.
“Iya, aja kuwatir,” Wangsulane Kiki.
“Carane, wiwit saiki kudu nyambut gawe sing mempeng, golek wit-wit sing nguwoh akeh. Ben bisa nglumpukake pangan.”
Krungu kandhane Kiki ngono mau, Iwit mencep. “Apa? Aku kudu nyambut gawe? Huhh… wegah…wegah..!” Iwit gebes-gebes, banjur molet lan angop. Let sedhilut wis turu nglipus. Sauntara iku kanca-kancane, kaya manuk prenjak lan dara, padha ibut nyambut gawe.
Sawijining dina, nalika lagi enak-enak turu, dumadakan Iwit krungu swara tangis. Dheweke banjur nggoleki asale swara mau. Tibake ana tikus cilik lagi nangis ing ngisor wit cemara cedhak wit klapa panggonane Iwit turu.
“Geneya kowe kok nangis?” pitakone Iwit.
Tikus cilik iku nyawang Iwit, banjur ngelapi eluhe nganggo sikil ngarep.
“Aku sumpeg, sedhilut engkas mangsa rendheng. Nanging aku ora duwe papan kanggo ngeyub. Aku bisa mati katisen yen ora nemu papan kanggo ngeyub sasuwene mangsa rendheng,” wusana kewetu sambate.
“Aku ya sumpeg…. wis meh rendheng  durung duwe pasedhiyan pangan blas. Bisa-bisa aku mati kaliren mengko,” Iwit genti sambat.
Kekarone banjur meneng. Lungguh sangga uwang, mikir nasibe dhewe-dhewe. Suwe-suwe Iwit angop amba lan turu nglepus. Dene tikus cilik, rumangsa oleh kanca senasib, marani panggonane Iwit. Banjur mlungker ing buntute Iwit sing empuk lan kandel. Tikus kuwi turu nglipus ing kono nganti Iwit nglilir.
“Buntutmu anget, kandel, lan empuk. Angler banget olehku turu ana buntutmu mau,” kandhane Kiki Tikus bareng Iwit nglilir.
“Iya ta? Nek ngono, kowe wis nemokake papan kanggo turu selawase mangsa rendheng iki.”
“Ing endi?” pitakone tikus cilik ora ngerti.
“Ing buntutku….”
“Tenan? Kowe ora kabotan?”
“He’em.”
“Matur suwun Wit, matur suwun,” kandhane si tikus cilik seneng banget. Ing batin dheweke janji arep mbales kabecikane Iwit Bajing. Lan dheweke ngerti, yen Iwit Bajing rada males nglumpukake pasedhiyan pangan.
Tikus cilik iku banjur sengkud nyambut gawe nglumpukake pasedhiyan pangan mangsa rendheng kanggo dheweke dhewe lan Iwit Bajing kancane. Kaya apa bungahe Iwit weruh gudhange wis kebak panganan. Ana cuwilan klapa, cuwilan roti, pohung, lan liya-liyane. Ateges dheweke bisa mangan wareg ing mangsa rendheg mengko.
“Kowe ora kabotan ta Kus, nggolekake pangan aku?”
“Ora. Pancen aku pengin males kabecikanmu kok.”
“Matur nuwun, matur nuwun banget. Aku….”
“Ora angel kok nglumpukake pangan kuwi, Wit. Sing penting mung gelem nyambut gawe mempeng….”
Iwit mesem isin. ”He’em, pancen kudune aku nyambut gawe mempeng kaya kowe lan kanca-kanca liyane.” Iwit banjur ngrangkul tikus cilik kancane kuwi. “Sesuk aku arep golek pangan bareng kowe, ora bakal turu wae. Matur nuwun Kus, kowe wis nyadharake aku….”
Sumber: Jayabaya.Wordpers.com
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1. Apa sebabe Iwit susah atine?
Wangsulan:
amarga pasedhian pangane wis arep entek
2. Apa panganan kang kasil diklumpukake tikus cilik ing gudhang?
Wangsulan:
ana cuwilan klapa, cuwilan roti, pohung, lan liya-liyane
3. Iwit iku kewan awujud apa?
Wangsulan:
Bajing
4. Tikus cilik iku turu ana ing ngendi?
Wangsulan:
buntute iwit
5. Iwit mapan ana ing ngendi?
Wangsulan:
klapa

Tugas Mandhri
Golekana apa wae hikmah crita ung dhuwur kang bisa dijupuk saka crita ing dhuwur iku, tulisen ana ing bukumu dhewe-dhewe banjur wacanen ana ngarep kelas !
Wangsulan:
Kreativitas siswa


    D.  Nulis: Nulis Laporan
1. Pengertosan Laporan
Laporan iku gunane kanggo menehi ngerti marang liyan utawa kanggo pengarsipan. Mulane laporan iku ditulis sawise nglakoni utawa mirsani kahanan.
2. Tuladhane Laporan
Gatekna tuladha Laporan ing ngisor iki!
Kang Nglaporake : Ilman Nafi
Papan : Latar SD N 7 Semarang
Wektu : Senin 22 Oktober 2012, Jam 7.30 WIB
Kedadean : Upacara ing SD N 7 Semarang
Katrangan :
Jam pitu esuk dina Senin ing SD N 7 Semarang dianakake upacara rutin. Para siswa lanang lan wadon padha siap wiwit bel jam pitu esuk iku. Kabeh nganggo seragam abang putih lengkap. Dhasi, topi lan sepatu ireng kaos kaki putih. Para siswa jejer kanthi rapi ana ing latar sekolahan. Siswa kelas 1 mapan ana ing barisan paling kiwa utawa sisih kidul. Dene siswa kelas enem ana ing dheretan paling tengen utawa sisih lor. Sebagian siswa kelas enem ana sing dadi petugas upacara. Bapak ibu guru ngadeg jejer kanthi rapi ana ing latar sisih kulon marep mangetan. Dene petugase upacara lan regu koor ana ing sisih lor marep mangidul.
Upacara ing dina iku kaleksanan kanthi khidmat. Wiwit ngibarake gendera nganti pamacane doa kabeh kaleksanan kanthi apik. Para siswa padha anteng wektu mirengake amanat. Ing amanat iku Pak Kepala Sekolah dhawuh supaya para siswa njaga karesikan amarga iki wis tekan mangsa rendheng. Menawa ora bisa njaga karesikan bisa-bisa kena penyakit. Lan menawa ora njaga karesikan, kaendahane sekolahan bakal ilang.


Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Kapan kedadeyane?
Wangsulan:
Senin 22 Oktober 2012 jam 07.30 WIB
2. Kepiye kahanane para siswa wektu upacara?
Wangsulan:
khidmat
3. Sapa kang gawe laporan?
Wangsulan:
ilman naïf
4. Ing ngendi kedadeyane?
Wangsulan:
Latar SD N 7 Semarang
5. Apa kang dilaporake?
Wangsulan:
upacara ing SDN 7 Semarang

Coba gawea laporan babagan kahanan ing sekolahanmu nalika wektu istirahat ! Gawenen ana ing bukumu dhewe-dhewe banjur wacanen kanthi seru ana ing ngrep kelas
Wangsulan :
Kabijakan guru


3. Tembung Lingga lan Tembung Andhahan
a. Tembung Lingga
Tembung lingga iku tembung kang durung owah saka asale. Tegese durung owah iku durung diwenehi ater-ater, seselan, panambang, lan pangrangkep.
Tuladha:

1)   tulis
2)   dolan
3)   jaluk
4)   gambar
5)   takon
6) turu
7) pacul
8) adus
9) ukur
10) padhang

b. Tembung Andhahan
Tembung andhahan iku tembung kang wis owah saka asale utawa linggane. Owahe bisa amarga diwenehi ater-ater, seselan, panambang, utawa dirangkep. Tembung lingga kang wis diowahi iku bakal malih dadi tembung andhahan.
Tuladha:
1) madhangi = m + pandhang + i
2) pitakon = pi + takon + an
3) dolanan = dolan + an
4) dijaluk = di + jaluk
5) ngadusi = ng + adus + i
6) nggoleki = ng + golek + i
7) tinulis = tulis + in
8) gegambaran = ge + gambar + an
9) macul = m + pacul
10) ngukur = ng + ukur


Gaweya ukara saka tembung lingga ing ngisor iki! Banjur aturna ana ing ngarep kelas!
1. kalah
Wangsulan:
Kabijakan guru
2. sapu
Wangsulan:
Kabijakan guru
3. menang
Wangsulan:
Kabijakan guru
4. pacul
Wangsulan:
Kabijakan guru
5. jupuk
Wangsulan:
Kabijakan guru

Garapan
Tulisen L (Lingga) utawa A (Andhahan) ana tembung-tembung ing ngisor iki!
1. kelinggis ( ......................... )
Wangsulan :
A
2. saru ( ......................... )
Wangsulan :
L
3. ambruk ( ......................... )
Wangsulan :
L
4. makani ( ......................... )
Wangsulan :
A
5. lemari ( ......................... )
Wangsulan :
L
6. disaki ( ......................... )
Wangsulan :
A
7. takjaluk ( ......................... )
Wangsulan :
A
8. tulis ( ......................... )
Wangsulan :
L
9. nembang ( ......................... )
Wangsulan :
A
10. pakaian ( ......................... )
Wangsulan :
L

Garapan
Gawea dheskripsi kanggo njlentrehake kahanan upacara ing sekolahanmu, menawa wis dadi saka dheskripsi mau gawenen laporan pengamatan kahanan upacara ing sekolahanmu, kaya tuladha nulis laporan ing ngarep!
Wangsulan : ()
Kreativitas Siswa



Uji Kompetensi
Wacanen kanthi premati!
Tindak Tanduk kang Sopan
Tata kramane yen nuju lenggah ing pasamuwan utawa ana ing kantor, mangka ana wong kang teka marani ngethungake salam, panjenengan kudu menyat ngadeg saka kursi, nampani salame wong mau. Yen nuju nonton wayang wong, bioskup utawa tontonan liyane, aja cecaturan seru-seru kang nganti ngganggu kasenengane liyan. Elinga yen wong-wong liya kang padha nonton iku padha ngematake apa kang dideleng lan kang dirungokake.
Menawa lungguh ing kursi kang jejer-jejer, mangka ana wong mentas teka liwat, panjenengan aja kabotan menehi dalan sarana narik mundur sikil panjenengan. Suwalike , yen panjenengan dhewe kang liwat, ngliwati sangarepe wong-wong kang wis lungguh dhisik, olehe mlaku kudu ngarah-arah aja nganti ngidak sikil, apa dene ora ana alane karo kandha: ”Nuwun sewu”.
Sadurunge lungguh, becike ditliti temenan dhisik, apa kursi kang arep dilungguhi iku pancen nyata dadi hake. Supaya aja nganti kleru. Awit yen nganti kleru, dudu hake dilungguhi, mengko yen dipindhah, mundhak ngisin-isini. Nonton tontonan sarana bengok-bengok utawa suwit-suwit, klebu pratingkah kang ora sopan.
Lungguh ing restoran, ora kena migatekake banget-banget (mandeng, ndeleng suwe) marang wong-wong liyane kang ana kono. Lungguh ing gerbong utawa jok bis kudu ngelingi kabutuhane penumpang liyane. Dadi panggonan lungguh kanggo wong loro aja diijeni utawa dienggo ndokok barang.
Wong kang sedhela-sedhela menyat saka papane lungguh ing papan umum, wira-wiri, sedhela-sedhela tolah-toleh ngiwa nengen utawa memburi, bisa gawe ora senenge atine liyan. Mula saka iku, ing ngendi bae, kita kudu njaga sikep lan tindak-tanduk kita, supaya aja nganti gawe seriking liyan, aja ngganggu kasenengan utawa kamardikaning liyan. Kudu tepa slira.

A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1. Apa sebabe sadurunge lungguh ing papan umum utawa pasamuan kudu ditliti dhisik?
Wangsulan:
awit yen kleru, dudu hake dilungguhi mengko yen dipindhah, mundhak ngisin-isini
2. Apa sebabe awake dhewe kudu njaga sikep lan tindak-tanduk?
Wangsulan:
supaya aja gawe seriking liyan, aja ngganggu kasenengan utawa kamardikaning liyan.
3. Kepiye unggah-ungguhe yen lagi nonton bioskup utawa nonton wayang?
Wangsulan:
aja cecaturan seru-seru kang nganti ganggu kesenengane liyan
4. Kepiye tata kramane lungguh ing restoran?
Wangsulan:
ora kena migatekake banget-banget ( mandeng, ndeleng suwe) marang wong-wong liyane kang ana kono
5. Kepiye tindak-tanduk kang sopan ana ing njero bis?
Wangsulan:
sadurungr lungguh, becike ditliti temenen dhisik, apa kursi kang arep dilungguhi iku pancen nyata dadi hake


B. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe, wangsulan kang trep!
1. Upacara ing dina iku kaleksanan kanthi khidmat.
Khidmat meh padha tegese karo ....
a. rame c. anteng
b. bener d. gojeg
Wangsulan :  (c)
2. Minangka sopan santune nalika ana ing pasamuan yaiku ....
a. lungguh ana ing tengah-tengahe tamu
b. aja nglungguhi papan lungguhe wong liya
c. lungguh ana ing tengah lawang
d. lungguh ana ing lungguhane sing duwe omah
Wangsulan :  (b)
3. Ukara sesanti Nguyahi banyu segara tegese....
a. nggawe nesune wong liya
b. nindakne pagawean kang muspra
c. nglakoni pegawean kang rekasa
d. nggawe senenge liyan
Wangsulan :  (b)
4. Sawiyah iku jeneng anak ....


Wangsulan :  (a)



5. Menawa liwat ing ngarepe wong kang padha lungguhan becike ngucap ....
a. matur nuwun c. pinarak
b. nyuwun sewu d. mangke rumiyin
Wangsulan :  (b)
6. Bapak bali saka kantor nggawa buku.
Basa kramane yaiku ....
a. Bapak bali saking kantor mbeta buku.
b. Bapak balik saka kantor ngasta buku.
c. Bapak kondur saking kantor ngastabuku.
d. Bapak kondur saking kantor mbeta buku.
Wangsulan :  (c)
7. Gamane Ajisaka kang ditinggal ing Pulo Majethi awujud ....
a. pedhang c. gada
b. tumbak d. keris
Wangsulan :  (d)
8. Kanggo pepeling tumrap lelakone Dora lan Sembada, Ajisaka banjur nganggit aksara Jawa kang cacahe ana ...
a. 10 c. 30
b. 20 d. 28
Wangsulan :  (b)
9. Tembung ing ngisor iki kang kalebu budi pekerti sing becik yaiku ....
a. clingus c. nurut
b. panepson d. galak
Wangsulan :  (c)
10. Crah agawe bubrah.
Tegese pratelan iku yaiku ....
a. ana kang gawe bubrah
b. padudon ndadekake pedhote kekancan
c. ana wang kang gawe seneng
d. aja pernah gawe susah
Wangsulan :  (b
11. Budi pekerti kang ora becik contone ....
a. ngucap “matur nuwun” yen diparingi
b. mangan karo ngadeg
c. mangan karo lungguh
d. mangan nganggo tangan tengen
Wangsulan :  (b)
12. Ing ngisor iki kang kagolong cerita rakyat saka Jawa Barat yaiku ....
a. Naruto c. Malin Kundang
b. Sangkuriang d. Rara Jonggrang
Wangsulan :  (b)
13. Bakale saka kayu utawa wesi. Gunane kanggo lungguh.
Dheskripsi iku njabarake  ....
a. tas c. kursi
b. meja d. lemari
Wangsulan :  (c)
14. Crita rakyat sing nyritakake kedadeane Candhi Prambanan yaiku ....
a. Malin Kundang c. Baru Klinting
b. Sangkuriang d. Rara Jonggrang
Wangsulan :  (d)
15. Manggone ana ing kamar. Bakale saka kain. Mesthi dienggo menawa hawane adem.
Ukara kasebut dheskripsi saka ....
a. kasur c. guling
b. bantal d. slimut
Wangsulan :  (d)
16. Crita rakyat kang nyritakake durakane anak marang biyunge yaiku ....
a. Malin Kundang c. Baru Klinting
b. Sangkuriang d. Rara Jonggrang
Wangsulan :  (a)
17. Ngubak-ubak banyu ....
Tembung kang trep kanggo ngganepi pratelan ing dhuwur yaiku ....
a. tawa c. segara
b. bening d. kali
Wangsulan :  (b)
18. Prabu Ajisaka duweni abdi cacah papat.
Tembung abdi tegese ....
a. bendara c. batur
b. juragan d. piyayi
Wangsulan :  (c)
19. Kanggo pepiling marang sakloron abdine kang mati sampyuh iku.
Sampyuh tegese ....
a. mati tanpa lara
b. mati bareng
c. mati dhewe
d. dipateni mungsuhe
Wangsulan :  (b)
20. Gemah ripah loh ....
a. bener c. kembroh
b. blonyoh d. jinawi
Wangsulan :  (d)
21. (1) mangan (3)  mori
(2) matun (4)  mateng
Tembung ing dhuwur kang kalebu tembung andhahan yaiku ....
a. (1) – (2) c. (2) – (3)
b. (1) – (4) d. (2) – (4 )
Wangsulan :  (a)
22. Pratelan ing ngisor iki kang kleru yaiku ....
a. mangani = mangan + i
b. ndhudhuki = ndhudhuk + i
c. ditindhii= di + tindhih + i
d. ngukurake = ngukura + ke
Wangsulan :  (c)
23. Tembung linggane maculake yaiku ....
a. culake c. macul
b. pacul d. wacul
Wangsulan :  (b)
24. Tembung-tembung andhahan iki kang nggunakake ater-ater yaiku ....
a. nulis, nggambar, ngirim
b. lelayu, cengegesan, kemekelen
c. ginawa, gumuyu, linambaran
d. kukuren, paculen, muliha
Wangsulan :  (a)
25. (1) Ajisaka
(2) Laire Gathutkaca
(3) Sangkuriang
(4) Jagal bilawa
Pratelan-pratelan ing dhuwur kang mujudake crita rakyat utawa dongeng yaiku ....
a. (1) – (3) c. (2) – (1)
b. (1) – (4) d. (2) – (4)
Wangsulan :  (a)

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1. diwaca, dijupuk, dicekel, dimamah
Tembung-tembung ing dhuwur oleh atar-ater ....
Wangsulan :
di- (anuswara)
2. Aja seneng gawe nesune kanca. Amarga padudon iku ndadekake ora becik. Ukara iku jumbuh karo sesanti ....
Wangsulan :
crah agawe bubrah
3. Ajisaka iku crita rakyat kang ngemot crita dumadine ....
Wangsulan :
aksara Jawa
4. Sakabehe gegayuhan iku mbutuhake ragad, jumbuh karo sesanti, jer basuki ....
Wangsulan :
mawa bea
5. Tira nggawekake layangan adhine.
Tembung nggawekake iku dumadi saka tembung lingga ....
Wangsulan :
Gawe
6. Anggah-ungguhe yen mlaku nglewati wong lungguh becike ngucap ....
Wangsulan :
nuwun sewu
7. Adus, resik, waca, lan sapanunggale iku kalebu tembung ....
Wangsulan :
Lingga
8. Budi pekerti sing apik tumrape bocah marang wong tuwane, yen matur nganggo basa ....
Wangsulan :
krama
9. Yen nuju nonton wayang wong, bioskup utawa tontonan liyane, aja cecaturan ....
Wangsulan :
cecaturan seru-seru kang nganti nganggu kasenenagne liyan
10. Wong kang ora duwe anggah-ungguh iku mujudake budi pekertine ....
Wangsulan :
ala

D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara Latin!

Wangsulan:
sepi ing pamrih rame ing nggawe

2. Ukara ing ngisor iki owahono dadi krama alus!
Bu, aku njaluk pamit arep mangkat sekolah dhisik!
Wangsulan :
Bu, kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah rumiyin.
3. Wenehana tuladha (3) budi pekerti sing becik tumrape bocah sekolah marang gurune!
Wangsulan:
matur nagnggo basa krama, yen doprentah nurut, ora pernah mbantah
4. Gaweya ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. nemokake
b. ngurmati
Wangsulan:
Kabijakan guru
5. Kalebu tembung lingga apa andhahan, tembung-tembung ing ngisor iki?
a. ngglindhing c. nembang
b. tuku d. tangi
Wangsulan:
a. andhahan, b. lingga, c. andhahan, d. lingga





Maaf blog belum sempurna, masih dalam proses pengerjaan.

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa Kelas 5 SD-TERLENGKAP"

Back To Top