Satlereman Crita Bathik
Kurang luwih rong minggu kepungkur, panulis ider ing pasar Gedhe, Sala. Ancase golek toples kareben kanggo wadhah kedhapan ing Riyaya samengkone. Ing salah siji toko kang ditekani kasebut, akeh bala pecah lan bala elektronik kanthi gambar bathik. Barang elektronik mau salah sijine Rice cooker, piranthi elektronik kanggo adang sega.
Bisa dimangerteni, menawa ing jaman saiki corak bathik wus ora mung manjing maneh sajroning rasukan, jarik, ukiran kayu, lan wayang. Nanging saperangan piranthi elektronik lan barang-barang liyane kang maune ora ana sangkut paute marang bathik dadi lumrah yen kasandhingake bathik.
Conto gayenge, Nalika acara PIMNAS(Pekan Ilmiah Mahasiswa Nasional) kaping 23 ing Universitas Maha Saraswati Bali, 2010. Ing acara mau, kelompok PKM(Program Kreativitas Mahasiswa) saka Universitas Muhammadiyah Malang (UMM) dadi juwara favorit kerana gawe “rasukan jeroan lanang lan wadon” kanthi bahan bathik. Kreativitas mau kaanggit amrih para turis kang plesiran ing pasisir segara bisa ngenakake rasukan jeroan bathik. Supayane bathik bisa diugemi para wisatawan manca.
Ngrembuk babagan bathik pancen ora ana gusise. Bathik wis dadi perangan urip manungsa Jawa lan saperangan bebrayan Nuswantara. Wis ping pira wae prekara iki dirembug ana ing ariwarti, kalawarti, tivi, utawa ing medhia internet. Nanging bathik isih uga dadi pirembugan kang nengsemake.
Ing kalawarti Panjebar Semangat wedharan 20 Juni 2015, salah sawijining pawarta mbabar babagan bathik, asesirah “Bathik Bengkonang”. Bengkonang mujudake aran salah siji desa ing wewengkon Kabupaten Sukoharjo. Dijlentrehake menawa Bathik Bengkonang iku wiwitane kanggo “nglawan lan mbrontak” marang paugeran lan pakem ing bathik kang wis ditetapake dening Keraton Kasunanan. Wektu semana ora saben wong kena nggawe bathik kang dadi agemane para priyayi.
Ing taun 1920 Bathik bengkonang nemahi kuncarane lan bisa luwih anjrah ing pasaran amarga larangan saka kraton Kasunanan tumrap kawula sing ora klebu priyayi luhur mau. Dadi Bathik bengkonang iki satemene wis luwih dhisik kuncarane, tinimbang bathik gaweyan Laweyan kang wiwit kuncara ing awal taun 1970-an.
Sabanjure, maneka warna corak bathik mau tetep ngrembaka nut lelakone jaman lan panjalukane pasaran. Mbuh kuwi bathik corak Pekalongan-nan, Cirebon-nan, Surakarta-nan, Ngayogyakarta-nan utawa corak bathik saka Kabupaten liyane.
Sanajan wis dadi pirembugan lan bahan panaliten, sejatine bathik iku sejarahe kang tumemen durung bisa dimangerteni. Denys Lombard, ing buku Nusa Jawa : Silang budaya kajian sejarah terpadu, Jaringan Asia II(2008), kaca 193 mratelakake, “Akhirnya di Jawa-dan hanya di Jawa saja-ditemukan teknik bathik yang anehnya sejarahnya hampir tidak diketahui”. Ana panemu yen teknik gawe bathik iku kaduga wiwitane saka negara India lan Cina. Amarga sadurunge bathik kaanggit, rong negara mau wis kenal karo malam, sawijining bahan kanggo nulis bathik.
Sebutan paling tuwa kanggo ngarani “bathik” ana ing naskah Sunda asesirah “Siksakanda Karesyan” kang ditemokake ing kidul Cirebon wedalan taun 1440 Saka/1518M. Sakjane, tembung “bathik” durung ana ing naskah mau, nanging sing ana tembung “tulis” kang nalika iku lumrah digunakake kanggo ngarani pawenehan malam sandhuwure bakal/kain. Tembung bathik wiwit kapisan, kasebut sajrone tulisan Eropa ”Daghregister” ing Batavia, kanthi pananggalan 8 April 1641.
Titi wanci pungkasan, bathik wis dadi duwekke jaman global. Dadi, sapa lan apa wae bisa ngenakake bathik. Ing jagad digital mligine animasi, wis bisa ditemoni paraga film ngenakake rasukan bathik. Contone film “Keluarga Somad”. Mesthine para kang nonton film iki padha mongkog atine, atase film animasi bisa nyengkuyung kabudhayane dhewe.
Ing wektu samangke bathik ora mung kudu dirembakakake kanggo kaperluan rasukan, gambar, pagelaran, lan barang-barang padinan. Nanging kudu tumemen didhudhah kawruhe kaajab para generasi sabanjure bisa mangerteni sejarah, karep, corak lan makna bathik mau.
Bisri Nuryadi
0 Komentar untuk "Artikel Jawa tentang Batik"